Ruangkuman dokumen tentang ruwatan:
1. Ruwatan adalah upacara adat Jawa untuk membersihkan manusia dari gangguan batin dengan menggunakan upacara wayang dan cerita Murwakala.
2. Tujuan ruwatan adalah untuk melindungi manusia dari bahaya dengan berdoa kepada Tuhan serta memohon ampunan dosa yang dapat menyebabkan bencana.
3. Asal usul ruwatan berasal dari cerita wayang purwa Murw
BAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptx
Ruwatan
1. RUWATAN
Nama Anggota :
1. Alwan Arib Rahmat
2. Bayu Elang Hermawan
3. Jeffry Abdullah
4. Kevin Arik Rayhan
5. Nur Huda
Oleh : Kelompok 3
2. PENGERTEN RUWATAN
Ruwatan iku saka tembung “ngruwat” sing artine ngopeni. Dene
upacara ruwatan iku ndueni teges ngresiki lan nyuciake
menungsa saka kesusahan batin kanthi ngenengake upacara
kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa
Kala”.
3. TUJUANE RUWATAN
Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing
tujuane kanggo mbebasake manungsa saka
ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine
ndonga marang Gusti Allah, nyuwun perlindungan
saka ancaman bahaya, umpamane bencana alam,
uga ndonga nyuwun pangampunan dosa-dosa lan
kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing isa
nyebabake bencana utawa bakal nuwuhake sial.
Upacara ruwatan iku sejatine isa dianggep kanggo
tolak bala utawa buang sial.
4. ASAL USUL RUWATAN
Upacara Ruwatan iku sejatine asale
saka cerita wayang purwa, yaiku
sinebut Murwakala utawa Purwakala.
Purwa ateges asal utawa pembuka,
Kala artine bencana. Dadi, Purwakala
tegese asal saka bencana. Crita kui
nyritaake babagan asal usul lahire
raseksa jenenge Kala.
5. JENIS – JENISE RUWATAN
Ruwatan kanggo awake dewe
Ruwatan kanggo awake dewe kui nduweni tujuan kanggo ngresiki
salahsiji uwong sing dianggep bakal sial, utawa wis gawe dosa. Biasane
mung ditebus nganggo mertapa, poso, utawa nganaake slametan.
Ruwatan sing kanggo lingkungan, upamane omah.Tujuane :
1. Nguwenehi pager ghoib kanggo nahan, nolak, lan mindahake apa wae
sing asipat negatif sing ono ning omah kui, utawa sing arep mlebu ning
moah sing diruwat. Biasane nganggo tumbal (sesaji) sing diperloake.
2. Nguwenehi pager ghoib, supaya uwong sing nduweni niat ala ora iso
mlebu ning omah kui.
3. Nguwenehi pager ghoib kanggo nggurung utawa nolak setan.
6. LANJUTAN…..
Ruwatan kanggo daerah
Ruwatan Daerah iku kanggo nolak bencana utawa bahaya ning
daerah. Biasane nanggap wayang purwa sing dilakoni wayah
bengi.Tujuan liyane yaiku dedonga supaya daerah kang diruwat
kui makmur, ayem, lan tentrem.
7.
8. Ontang-Anting, yaiku anak tunggal lanang
utawa wedhok.
Uger-Uger Lawang, yaiku anak loro lanang
kabeh.
Sendhang kapit Pancuran, yaiku anak 3 sing
mbarep lan ragil lanang lan anak sing kaping
loro wedhok.
Pancuran Kapit Sendhang, yaiku anak 3, sing
mbarep lan ragil wedhok lan anak sing nomer
loro lanang.
Anak Bungkus, yaiku anak sing lahir
kebungkus karo placenta.
Anak Kembar, yaiku anak loro sing lair
bareng, lanang utawa wadon kabeh, utawa
“kembar dampit” yaiku kembar siji lanang siji
wedhok.
Kembang Sepasang, yaiku anak loro wedhok
kabeh.
Kedhana-Kedhini, yaiku anak loro, siji
lanang siji wedhok.
Saramba, yaiku anak lanang kabeh, cacahe 4.
Srimpi, yaiku anak wedhok kabeh, cacahe 4
Mancalaputra atau Pandawa, yaiku anak 5
lanang kabeh.
Mancalaputri, yaiku anak 5 wedhok kabeh.
Pipilan, yaiku anak 5, sing 4 wedhok, lan sing
siji lanang.
Padangan, yaiku anak 5, sing 4 lanang, lan
siji wedhok.
Julung Pujud, yaiku anak sing lair pas
matahari angslep.
JulungWangi, yaiku anak sing lair pas
matahari njedul.
Julung Sungsang, yaiku anak sing lair pas jam
12 awan.
Tiba Ungker, yaiku anak sing lair, terus mati.
Jempina, yaiku anak sing mati pas umur 7
sasi ning weteng.
Tiba Sampir, yaiku anak sing lair kalungan
usus.
Margana, yaiku anak sing lair pas perjalanan.
Wahana, yaiku anak sing lair ning ngarep
omah utawa ning latar ngomah.
9. PIWULANG NING UPACARA
RUWATAN
Upacara Ruwatan kuwi nduweni piwulang :
Menawa didelok syarat-syarate ruwatan, mesti ameh kabeh
menungsa kuwi kudu diruwat. Kuwi nuduhake rasa pepeling
supaya menungsa kereb sedekah kanggo kaslametan kita.
Sakbenere kuwi ora kudhu ngganggo upacara ruwatan amarga
ruwatan kuwi karana katentreman ing jero ati.
Ruwatan mesti enek kaitane karo Batara Kala. Sakbenere, Kala
kuwi artine wektu. Nduweni ateges supaya menungsa bisa
ngurmati wektu, uga wedi karo wektu.Tuladhane, mbesok
saben menungsa bakal meruhi mati.
Ruwatan kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya
kita tansah tumindak sing apik, lan ngedohi tuindak sing ala,
sing bisa ndadeake uripe menungsa ora tentrem.