Dokumen tersebut berisi daftar nama kelompok dan deskripsi singkat tentang berbagai upacara adat yang dilakukan dalam pernikahan tradisional di Sokaraja, seperti pemasangan hiasan, siraman, ngerik, ijab qobul, begalan, balang-balangan, dan sungkeman.
Tugas 1 ABK di SD prodi pendidikan guru sekolah dasar.docx
Tradisi Pengantenan di Desa
1. Kelompok :
1. Injuli Amaliyah Utami (12)
2. Lia Letifah (14)
3. Meris Tri Lestari (16)
4. Rainy Ristia Asmara K. (24)
5. Siti Rokhimah (27)
6. Ulfi Haniah (28)
SMA NEGERI 1 SOKARAJA
TAUN 2015/2016
2. Masang bleketepe sing dilakokake dening tiyang sepuh penganten yaiku awale
masang tarub. Bleketepe kuwe godhong kelapa utawa klaras sing esih ijo sing
dianyam (50 cm x 200 cm). Bleketepe dipasang nang Tarub karo muteri area
sing nggo pengantenan, mujudaken panggonan pensucian nang khayangan
para dewa yaiku Bale Katapi (bale = panggonan, tapi = nyucina nggo dibuang).
Makna masang bleketepe yaiku:
a. Kanggo ajakan Bapak/Ibu lan calon penganten marang kabeh wong sing
ana wonten upacara hajatan supaya bebarengan nyucina ati.
b. Sapa bae sing teka, mlebu maring panggonan sing diputeri ng bleketepe
supaya bersih lair lan batine.
c. Supaya wong sing melu upacara pengantenan mancarake nur sing
disimbolake karo masang janur ng kabeh area upacara.
d. Kanggo tolak Bala utawa donga permohonan supaya kang awal nganti
akhir upacara pengantenan kuwe kehindar saking mara bahaya lan
kabeh sing jahat, sing keton utawa sing ora.
e. Uga ana kelengkapan-kelengkapan liyane sing nyimbolna pangarep-arep
sing intine nggwa kabahagiaan lan kemulyaan kanggo pengantene.
1. Pasang Bleketepe
4. Gerbang tarub nyimbolna lawang kanggo mlebu donya anyar, donya urip
nang rumah tangga sing ng njerone akeh hal sing anyar, alangan lan
godaan sing kabehan kudu diatasi supaya nuju kemenangan lan kesucian.
Dipasang nang daleme tinyang sepuh estri sing isine wit gedhang,
gedhang, kelapa lan godong ringin ngglambangake supaya penganten urip
sing begya lan apik ng ngendi bae, pada-pada tresnane lan bisa ngrawat.
Dekorasi liyane ana kembang mayang, yaiku karangan kembang sekang
batang wit gedhang lan godhong wit klapa.Rong tundhun gedhang raja
nang tengen kiwe gapuran, nyimbolaken pangarep-arep supaya penganten
nduweni kaluhuran kaya raja lan ratu, omongane ora olih menla-mencle.
2. Gapuran Tarub
5.
Klapa gadhing dipasang nang tengen kiwe gapuran nyimbolaken pangarep-
arep sepaya penganten mengkone ngrasakaken endahing urip kaliyan
sabar lan rela berkorban nggo padha.
Rong batang tebu wulung (warna keunguan, gedhe, lurus), nyimbolaken
pangarep supaya penganten berwibawa lan nduweni pribadi sing lurus ora
neka-neka.Pari nang tengen kiwe gapuran, nyimbolaken pangarep
penganten ngalami kemakmuran han sejahtera lair batine.
Godhong apa-apa lan gpdhong alang-alang, nglambangake pangarep
supaya ora ana apa-apa sing ngganggu kelancaran upacara pengantenan.
Godhong kara, nglambangake pangarep ilang dan kasinggir kabeh aral
melintang. Godhong ringin, simbol kaagungan, lan godhong liyane.
6.
Siraman ( siram = adus), yaiku upacara ngadusna calon penganten sing
nyimbolaken kanggo mbersihaken awak supaya suci lan murni.
Bahan-bahan upacra siraman, yaiku:
a. Kembang setaman
(kantil,kenanga,cempaka,mawar,mlati,menur,arum ndalu)
b. 5 macem konyoh panca warna sekang beras kencur sing dinei
pewarna
c. 2 kelapa ijo sing tua sing esih ana sabut
d. Kendi utawa klenting
e. Tiker ½ meter persegi
f. Mori putih ½ meter persegi
g. Godhong-godhong: kluwih, koro, awar-awar, turi, dadap srep, alang-
alang
h. Dlingo bengle.
i. 5 macem bangun tulak utawa kain putih sing pinggire diwarnai biru,
lan akeh liyane.
3. Siraman
7.
Pas upacara siraman diawali karo pesen utawa nasehat kaliyan pangarep-
arep sing disimbolake sekang:
a. Tumpeng robyong
b. Tumpeng gundul
c. Sega asrep-asrepan
d. Jajan pasar, gedhang raja 1 sisir, gedhang pulut 1 sisir, 7 macem
jenang, lan akeh liyane.
Kanggo njaga kesehatan calon penganten supaya ora keademen, mulane
mung 7 wong sing olih ngadusi. Pitu wong = pitulung. Upacara diakhiri
nang juru rias kaliyan mecah kendi sekang tanah liat.
9. Ngerik, yaiku ngerik rambut-rambut lembut nang rai calon penganten estri
nang pemaes. Rambut penganten estri diasepi karo ratus/dupa wangi lan
dirias nang pamaes matuk karo pola upacara sing wis ditentukake.
Wengi kuwe, bapak lan ibu calon penganten estri wenehi suapan terakhir
marang putrine, amarga mulai ngesuk wis dadi tanggung jawabe bojone.
Sesaji sing nggo ngerik padha bae sesaji siraman.
4. Ngerik
10. Maknane menawi wis berumah tangga diparingi rejeki sing melimpah lan
ana manfaat kanggo urip rumah tangga.
5. Dodol Dawet
11.
Upacara midodareni dilaksanakake wekdal ndalu sadurunge ijab lan
temu manten/panggih ngesuke.Ing upacara midodareni kang kadaden
ing wanci ndalu sedurunge Ijab lan Temu Manten/Panggih nang dinten
ngenjing, wong tua calon penganten jaler kalihan calon penganten
jaler, dianterna nang keluarga caket dhateng marang daleme wong tua
calon penganten estri. Calon penganten estri sawise dirias nang kamar
penganten, keton ayu sanget kaya widodari, bidadari, dewi sekang
kahyangan.
6. Midodareni
12.
Manut kepercayaan kuno, ndalu iku penganten estri dikancani dening
dewi-dewi ayu sekang kahyangan. Wengi kue penganten estri kudu
netep ing kamar lan ora olih turu awit jam 6/enem sore nganti tengah
wengi. Tiyang sepuh wonten ingkang ngancani lan menehi nasehat-
nasehat.
Keluarga calon penganten jaler ingkang estri, kang dhateng nang
malem midodareni, angsal mriksani calon penganten estri ingkang
sampun dirias kanti ayu, siap kanggo ijab wekdal ngenjing. Manut
karo adat, ing kamar penganten wonten sesaji khusus kanggo upacara
midodareni, wonten sewelas werna panganan lan barang, seliane
kuwe wonten 7/pitu werna barang liane.
13.
Ijab utawa ijab kabul yaiku pengesahan pengantenan miturut
agama pasangan penganten. Manut tradisi ing upacara iki keluarga
penganten estri menehna/mantenaken putrine marang penganten
jaler, lan keluarga penganten jaler nerima penganten estri lan
dibarengi karo seserahan emas kawin kanggo penganten estri.
Upacara iki disaksikaken dening pejabat pemerintah utawa petugas
catatan sipil sing arep nyatet pengantenan kuwi nang catetan
pemerintah.
7. Ijab Qobul
15. Begalan yaiku tradisi sing asale saking Banyumas, tradisi tarian
tujuane kanggo ngaweh penjelasan urut-urutane pengantenan.
Dilakokake ng halamane penganten estri sing rombongan penganten
jaler teka meng halamane penganten esti. Lan alat-alat ing digunakna
yaiku alat dapur sing diarani brenong kepang, yaiku diantarane ana:
a. Iyan
Nduweni makna gumelaring jadag sing sekang padon 4 : ginapet wolu,
pinali rolas, sinunduk pitu, rirangkep lima.
b. Ilir
Nduweni filosofi supaya dhewek kudu padha-padha nyilikna masalah
gedhe supaya nuju harmin nang keluarga..
8. Begalan
16.
c. Pari
Nduweni makna tata cara urip esih enom nggolet ilmu lan angger wis
tua kudu mikir akhirat
d. Kuwali lan tutup (kekep lan cemplon”
Anggone mbangen keluarga kudu padha-[adha nutupi aib utawa
keburutan suami istri kaya kekep lan cemplon).
e. Siwur
Nduweni filosofi angger wis dadi keluarga ora olih ngawur.
f. Liyane yaiku ana sorok, muthu lan cir, sapu, kukusan, centhong,
tampah, iruslan kendhil.
18.
Penganten loro temon lan adhep-adhepan langsung jarake 2 utawa 3
meter. Lorone mandheg lan balang-balangan iket godhong sirih (isine
kapur sirih) sing ditali benang.
Penganten loro mesem lan diiringi kabeh pihak Miturut kepercayaan
kuno, godhong sirih nduweni daya nggo ngusir roh jahat mula
penganten loro wis bener-bener penganten sejati.
9. Balang-balangan
Suruh
20.
Upacara ngidak endhog diawali neng juru paes jukut endhog kang
njero bokor, lan diuspake nang dahine penganten jaler lan jaluk
supaya penganten jaler ngidhak endhog.
Ngidak endhog nduweni makna penganten loro wis pecah pamore.
10. Ngidak Endhog
21.
Penganten jaler ngidhek endhong ayam kampung ngasi pecah nganggo
telapak sikil temgen, lan sikile dibasuh dening pnganten
estringganggo banyu kembang.
Iki nglambangake rumah tanga sing dipimpin garwa jaler sing
tanggung jawab maring garwa estri sing apik, mula bisa ngasilake
sing apik uga anak keturunane.
11. Miji Dadi
23.
Upacara timbangan biasane dilakokake sedurunge penganten loro
lenggah nang pelaminan. Bapak penganten estri lenggah nang tengah-
tengah penganten loro, penganten jaler sisi tengen, penganten estri
sisi kiwe lan ngrangkul lorone. Lan bapake ngendika lorone seimbang.
Makna upacara timbangan yaiku pangarep penganten loro bisa ajeng
utawa seimbang anggone rasa, cipta lan karsa.
12. Timbangan
24.
Penganten jaler nuangake raja kaya sekang kantong kain (sing isine
dhuwit recehan, beras kuning, kacang kawak, dhele kawak, kara,
bunga telon: mawar, melathi, kenanga uawa kanthil) meng kain sindur
sing dipangku nang penganten estri.
Maknane kacar kucur yaiku nandakake penganten jaler arep
tanggungjawab nggolet nafkah kangge keluargane. Raja kaya sing
dituangna aja ngasi ana sing tiba, maknane supaya penganten estri
diarepake nduweni sifat gemi, nastiti, surtini, lan ati-ati anggone
ngatur rejeki sing wis diwenehi nang garwane.
13. Kacar-kucur
26.
Disaksikake tiyang sepuh penganten estri dan kerabate, sapasang
penganten dulang-dulangan. Penganten jaler nggawe 3 kepel sega
kuning, lauke endhog goreng, tempe, kedele abon lan ati ayam. Ugi
penganten estri ndulang penganten jaler lan diakhiri nginum the
manis bareng-bareng. Iki nglambangake mulai saiki lorone arep
migunakake dan nikmati bareng apa sing dheweke nduweni.
14. Dulang-dulangan
28.
Pedot panggang yaiku nandakake penghasilan suami istri, nalika
garwa jaler olih panggang sing gedhe mula dheweke ugi nduweni
penghasilan sing gedhe, ugi garwa estri.
15. Pedot Panggang
29.
Sungkeman yaiku upacara sing dilakokake karo cara penganten loro
lenggah jengkeng, nyekel dan nyium lutut keloro tiyang sepuh,
penganten jaler ugi penganten estri. Makna upacara sungkeman yaiku
simbol perwujudan rasa hormatank marang tiyang sepuhe.
16. Sungkeman