2. BEBUKANING ATUR
Puji syukur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad,amargi saged
ngrampungaken tugas makalah niki tanpa wonten alangan menapa menapa.Pramila saking punika
pangripta ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhahan dhumateng bapak Hanarko
ingkang sampun mangertosi urut urutan upacara menika.Mugi mugi pitulingan penjenenganipun niku
angsal limpahan rahmat saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Aamiin.Kula lan rencang rencang
ngajengaken upacara adat Mantenan menika saged dilestarekaken.
Ing makalah punika dipunandharaken pengertian lan tata cara upacara adat Mantenan
Jawa.Mugi mugi makalah punka saged dipunpigunakaken kangge ngleluri serta nglestarekaken
upacara adat Mantenan Jawa.
Mbok bilih wonten kakirangan,kula ngaturaken nyuwun ngapunten.Kritik saran ingkang
ngebangun sanget kita ajeg ajeg kangge kesempurnaanipun karya tulis niki.Mugi mugi makalah niki
saged migunani kagem pemaos sedaya .
Trenggalek,16 September 2018
Pagripta
3. DAFTAR ISI
BEBUKANING ATUR...................................................................................................................... 1
DAFTAR ISI................................................................................................................................... 2
PENGERTIAN MANTENAN ADAT JAWA....................................................................................... 3
SUSUNAN ACARA...................................................................................................................... 3
PIRANTI LAN UBORAMPE UPACARA MANTENAN ........................................................................ 4
PARAGA SAJRONING UPACARA ADAT JAWA MANTENAN ............................................................ 5
INGKANGBEDHAKAKEN MANTENAN WONTEN TRENGGALEKKALIAN MANTENAN WONTEN
DAERAH LINTUNIPUN................................................................................................................ 5
FOTO UPACARA ADAT MANTENAN ............................................................................................ 6
PENUTUP..................................................................................................................................... 8
4. PENGERTIAN MANTENAN ADAT JAWA
Mantenan adat jawa yaiku salah sijining upacara sakral adat jawa sing nduweni rangkeyan
rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem.Upacara penganten iki nglambangake
pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung wonten suasana sing khusus lan
dilambangake dadi pasangan raja lan ratu. Rangkeyan inti upacara umume dislenggaraake
neng daleme pengantin putri.
SUSUNAN ACARA
1. Lamaran
Ing Trenggalek upacara lamaran iku upacara kanggo nrima keluarga calon pengatin
putri wontendaleme pengantin kakung.Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa
keluargamantenputri setujuyenputrine dedadekakepasnganuripcalonpenganten
kakung.
2. Sisetan
Yaiku upacara kanggo nrima keluarga calon pengantin kakung wonten daleme
pengantin putri.ing upacara iki biasane wonten piantun ingkang dianggep piantun
sepuh ( dongke) ingkang saged nemtoken dinten ingkang sahe damel acara
mantenanniku.Wontenprosesniki biasane keluargacalonpengantinkakung ngasta
tetel atawajadah kanggo simbol supados calon manten kekaleh saged kelet kados
tetel utai jadah niku wau.Wonten acara niki biasane wonten tradisi moderen
ingkang dilebetaken yaiku tukar cicin.
3. Akad / Ijab Kabul
Ijab kabul yaiku nikah ing nggarepe penghulu.
4. Jemuk / upacara Panggih (ing daleme keluarga pengentin perempuan)
Pengantin kakung ditemokake kalian pengantin putri kanthi diiringi
besan.Sakdurunge jemuk,dalune parasesepuh ndamel kembar mayang.ugi wonten
acara nebuskembarmayang (wongtuwaingkangbadhe manthu sing diarani netepi
darmane kasepuh andhaupaken nyuwun ngapuro kanthi adat widi widada).
Rangkeyane jemuk yaiku:
a. Pengantin putri medal saka omah kalian diiringi kembar mayang lan
pengantin kakung mlebu kalian didiringi kembar mayang.
b. Tempuh Catur Netro
Penganten kakung lan putri adhep adhepan.
c. Upacara mbalang suruh/gantal
Upacara mbalang suruh minongko perlambang sih katrsnan lan kasetiaan
antarane pengantin kakung lan putri.
d. Pengantin kakung lan putri salaman lan didongakake dining dongke /
piantunsepuh/pujangga.Sakwise salaman kembar mayang kakung lan putri
diijolne.Dilanjutne pengantin kakung lan putri mlaku ngubengi bokor.
e. Upacara wiji dadi
Pengantenkakungngidak endog pitik nganti pecah,banjur penganten putri
ngumbah/ngresiki ampeyanipun penganten kakung nganggo banyu
kembang.Upacaraiki minongkoperlambangsawijining kepala keluarga sing
tanggung jawab marang keluarga.
f. Sunduran/Krubungan
Penganten kakung lan putri lumampah alon alon digendong bapak saking
penganten putri saka ngarep (Ing ngarsa sung tuladha) kalian nyampirake
kainsindur(kainabritlanpethak) landiiringi sakamburi (tutwui handayani)
ibusakngpengantenputri,minongkotandapinangatenkekalih wis tinompo
dadi kulowargo.
5. g. Bobot timbang
Pengantenkakunglanputri lunggungwontenpangkonanebapakpenganten
putri,minongko perlambang sih katresnan wong tuwo marang anak lan
mantu soho besan.Penganten kakung lungguh ing sisih tengen ;an
penganten putri lungguh ing sisih kiwa.
h. Tanem jeru
Pengantin kakung lan putri dilungguhkake ing kursi pelaminan
i. Kacar kucur
Kacar kucur wujud dhuwit logam,beras lan uborampe liyane sing dadi sing
di kucurake ing pangkuane penganten putri minongko perlambang paweh
nafkah.
j. Dahar Klimah/Kembul bujonondro wino
Pengantenkakunglan putri dhahar dulang dulangan minongko perlambang
pinanganten kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
k. Sungkeman
Pinanganten kekalih sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwo.
l. Kenduren /Resepsi
Resepsi sejatine kegiatan kang nduweni makan upacara slametan,selamet
mergainti acarane yaikuijabkabul wisrampungdiselenggarakake. Ing acara
iki pasangan penganten nrima ucapan selamat saka kerabat,kanca uga
kabeh sing hadir ing acara iki.
5. Sepasaran Manten
Manten kakung lan putri tindak dhateng daleme keluarga pengantin kakung kalian
diiring besan
a) Pianganten kekalih didulang sego punar kalian ibu penganten kakung
b) Keluarga penganten putri nyerahkake penganten putri ing keluarga
penganten kakung.
6. Dolakne Manten
Let seminggu utawa sepuluh dina keluarga penganten kakung tindhak dateng
daleme keluarga penganten putri kalian ngasta punten minongko perlambang
nyuwun ngapunten.
Piranthi lan ubarampe sajroning upacara adat jawa
Piranthi :
1. Bokor
2. Siwur
3. Pelaminan
4. Nampan (talam)
5. Gelas
6. Piring
7. Sendok
8. Sapu tangan
9. Kembang mayang
10. Janur
11. Gedang
12. Godhong ringin
13. Terup
Ubarampe :
1.Jadah / tetel yaku ubarampe kang kudu dgawa nalika lamaran,kang nduweni makna supaya
calon temanten kakung lan putri tansah kelet kayadene jadah kasebut
6. 2.Beras,sayur,pitik,jajan pasar lan liyo liyane
Paraga Sajroning Upacara Adat Jawa Nenikahan
1. Pranata adicara
2. Perias lan asisten
3. Ibu lan bapak penganten putri
4. Ibu lan bapak penganten kakung
5. Manggala yudha ( 2 jejaka)
6. Putri domas ( 2 gadis)
7. Manten putri
8. Manten kakung
9. Cucuk Lampah
10. Tamu pangiring
11. Pager ayu
12. Pager bagus
INGKANG BEDHAKAKEN MANTENAN WONTEN TRENGGALEK KALIAN
MANTENAN WONTEN DAERAH LINTUNIPUN
Ingkang bedhakake mantenan wonten trenggalek kalian mantenan wonten daerah lintunipun yaiku
acara lamarane.Ing nggalek ingkang nglamar pihak manten putri,benten kaliyan daerah lintunipun
ingkang nglamar pihak manten kakung.
7. PENUTUP
Cekap semanten anggen kawula matur menawi wonten kalepatan kula sakanca nyuwun
ngapunten ingkang sak ageng agengipun.