Dokumen tersebut menjelaskan tentang upacara tradisional bernama "Cowongan" di desa-desa di Banyumas, Jawa Tengah. Cowongan dilakukan oleh wanita-wanita suci untuk meminta hujan saat musim kemarau dengan menggunakan boneka yang dihias seperti dewi hujan. Dokumen juga menjelaskan asal usul dan tahapan pelaksanaan upacara Cowongan beserta mantra dan lagu yang dinyanyikan selama upacara.
2. APA COWONGAN KUWE?
Cowongan sekang jeneng “cowong” karo akhiran “an sing nang basa
Banyumase perong, cemong lan therok utawa rai sing belepotan utawa
cemong sing dimaksud kuwe rai irus sing didandani mirip golek.
Cowongan kuwe upacara njaluk udan sing dilakoni wong wadon sing suci
karo nembang mantra sinambi nganggo irus sing wis didandani mirip
golek.
Cowongan dilakokake mung angger ana kemarau dawa sing biasane akhir
Mangsa Kapat utawa sekitar wulan September dina malam Jum’at Kliwon.
Cowongan kuwe dilaksanakna nganggo itungan ganjil misal kaping siji
urung udan, mula dilakoni ping telu, lan seteruse. Daerah sing esih
nglestarina cowongan yaiku nang Desa Plana, Kecamatan Somagedhe lan
Dewa Rawalo, Kecamatan Rawalo, Banyumas.
3. ASAL USULE KEPRIWE?
Sedurunge Islam mlebu Jawa, wong-song esih percaya karo dewa-dewi sing
dijaluki pitulungan. Mbiyen, nang pedukuhan sing jenenge Dukuh Dadapan,
urip randa sing jenenge Ni Randa Dadapan. Dheweke sederhana lan
dianggep warga dadi ahli tapa. Uripe warga Dadapan digantungna marang
kasil pertanian sing dienggo nggo panguripan. Nanging, liyan dina teka
musim kemarau dawa sing gawe sengsara warga Dadapan.
Ni Randa Dadapan nduweni niat nggo nglakokna ritual, tapa lan ngapalna
mantra donga nggo dewi udan supaya udan. Dheweke nggoleti piranti irus
sing didandani mirip bidadari yang dipercaya dewi udan. Mula Ni Randa
Dadapan ngumpulna tanggane 5 wong wadon sing suci supaya bareng-
bareng nglakokna ritual. Mula ritual kue di jenengi “COWONGAN”.
4. KEPRIWE UPACARA COWONGAN
DILAKONI?
Tahap Persiapane :
1. Nyolong irus sekang umah sing nduwe llawang nang ngisur bubungan
sing dipercaya dewi udan teka nuruna udan.
2. Irus sing wis dicolong ditancepna meng gedebogan gedhang Raja 7
dina 7 wengi.
3. Rialat calon peraga ngalakokna ngurangi mangan lan turu suwene 3
dina.
4. Peraga kudu suci.
5. Ndandani irus supaya mirip golek wadon sing arep didadikna piranti.
6. Klambi sing nggo cowongan ora ditentukna.
5. Tahap Pelaksanaane:
1. Peraga cowongan mung dilakoni wong wadon.
2. Dilakoni mung nalika musin kemarau dawa.
3. Nyediakna sesaji.
4. Peraga cowongan nyekel golek dhewek-dhewek karo nembang mantra
lan doa-doa.
Tahap sewise upacara yaiku ngadakna slametan karo nglarung piranti
6. MANTRA UTAWA DONGANE?
Kie salah sijine mantra utawa dongane :
Sangkama dupa, sangkama dadi ismu kuning apa rupane,
Sang kaleno jati araning menyan
Sang subyar kuning urubing menyan
Sang hang kasireng arening menyan
Sang lenggang jati lakuning menyan…
7. TEMBANGANE?
Tembang-tembang sing dinyanyikna karo nyekel golek cowongan kuwe
salah sijine:
Sulasih sulanjana kukus menyan ngundang dewa
Ana dewa ndaning sukma wiradadari tumuruna
Runtung-runtung kesanga sing mburi karia lima…
Sewise nembang, olek kuwe obah-obah merga digerakna nang makhluk
alus (sing sedurunge bathok sing wis didandani disogna nang kuburan 3
dina 3 wengi). Mantra tembang kuwe nduweni makna asih manungsa
marang alam, sepada karo Gusti.