Pranatacara : Asring dipun sebat Master Of Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata titi laksana, Pranata Laksitaning Adicara: Paraga ingkeng tinanggenah nata cara utawi acara,
Amrih Dados Pranatacara Saged Lumampah Sae ingkang kedah dipunwigatosaken inggih menika :
2. Pranatacara : Asring dipun sebat Master Of
Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata titi
laksana, Pranata Laksitaning Adicara: Paraga ingkeng
tinanggenah nata cara utawi acara,
bakuning ayahan ipun inglantaraken cakcakaning
acara utawi adicara wonten ing pepanggihan,
pasamuwan ingkang sampun rinantam.
3. Pranatacara nyepeng ayahan ingkeng ageng,
dados punjering kawigatosan, amargi regeng,
rancag, nges lan mbotenipun satunggaling
adicara saperengan ageng dados tanggel
jawabipun pranatacara.
Soksintena kemawon para paraga ingkeng
magepokan kaliyan lampahing adicara utawi
pawiwahan boten saged tumindak piyambak-piyambak
menawi dereng wonten atur saking
pranatacara.
4. Sejatosipun pakaryan pranatacara mekaten sanes
setunggiling pakaryan ingkeng awrat, awit saksintena
kemawon priyantun ingkang mboten nandang tuna wicara
utawi ingkeng kedaling lesan mboten cetha, tamtu saget
nindakaken pakaryan pranatacara kasebut. Ananging
ingkeng kathan sami ajrih dhumateng tuna dungkaping
basa. Ananging babagan menika mboten ndadosaken
pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget
pocapanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun
saged ngginakaken basa ingkeng pundi kemawon, jer leres
pikajenganipun cak cakanipun, saha gampil kasuraos
deneng saksintena ingkeng midangetaken.
6. Sakderengipun dados pranatacara , swanten kedah dipungladhi kanthi saestu
saha ajeg menawi perlu swanten dipun rekam rumiyin lajeng dipun pirengaken
Piyambak amrih dipunmangertosi kados pundi swantenipun piyambak sampun
sae napa dereng, swanten ingkang sae sakmbotenipun inggih menika
Kung (gandem –marem
Boten Ngelik
Membat-mentul ( mboten monoton)
sanes swanten lugas (mlaha) nanging nggih mboten dipun damel-damel
Mboten katah pedhotan
swanten mboten bindheng
boten grothal-grathul
irama swanten kedah trep kalian kewontenan adicara
7. Ambegan boten mengap-mengap
boten nyebul mikrophon utawi dpunthuthuk-thutuk
mikrophon dipuncepeng asta tengen ,asta kiwa pas
ngandhap dhadha
menawi mikrophon dipunpasang wonten cagak asta
saged ngapurancang mboten metenteng
anggenipun jumeneng ingkang tegap,jejeg janggut
dipuntarik sekedik mboten katah obah,
boten ndumuki rasukan /boten mbnak
mbenakakaken bebet
Boten nyowang –nyeweng rasukanipun piyambak
8. mboten gugup utawi kagetan
boten wigah-wigih
boten gemeter
kedah sumeh
Solah bawa ingkang kirang mranani :
Jumenang kanthi lelendehan papn wicara
Jumeneng kanthi lelambahan setunggal suku
Salira ngewah-ewahi
mbesengut
asring ngebahaken satunggal peranganing badan sarira
ngelebetaken asta wonten ing sak celana
boten nggatosaken ingkang midangetaken asring ningali
nginggil
9. Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi
kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda
saged kalaksanakaken kanthi sae
Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhaken kaliyan
keperluanipun wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun ayahi.
Jejering pranatacara saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng
menawi rinengga ing swanten, raga lan busana ingkeng pantes.
Pangudining busana saged ngetrapaken kaliyan rupi utawi wernining
busana kaliyan kulit, ugi make up, saengga katingal pantes kaliyan
papan panggenan , boten nyolok tuwin samadya kemawon
10. Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku
tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas utawi
jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda
Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning
sastra ingkeng leres. Pamilihing tembung, ingkeng lajeng
dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana
sekeca kamirengaken ing asanes.
Kanthi pangertosan pranatacara saha pamedhar sabda
saged ndapuk mocap, tembung, ukara saha wacana kanthi
leres tuwun laras.
11. Laras tegesipun pranatacara sahapamedhar sabda
saged ngrantam saha mbabar titilaksana trep
kaliyan kawontenan saha swasana
Leres tegeipun pranatacara saha pamedhar sabda
saged ngginakaken basa ingkeng trep kaliyan
paramasastranipun.
Ingkeng menika pranatacara saha pamedhar sabda
saget lumebet ing pawiyatan utawi saged maos
piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh
paramasastra kasebat.
12. Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal
Jumeneng kanthi suku sakelengkung rapet
Jumeneng kanthu suku sakelangkung mekar
Jumeneng kanthi loyo/ boten wonten semangat
Jumeneng kirang imbang
Jumeneng kanthi lelendhetan papan wicara
Ngewah-ewah sarira
Jumeneng boten jenjem
Jumeneng kaku
Jumeneng mboten nggatosaken papan panggenan