1. Wulangan4
KEHIDUPANSEHARI-
HARI
Kemampuan Bersastra :
Mendengarkan Cerita Pendek
Mementaskan Naskah Drama
Membaca Naskah Pariwara
Menulis Silsilah Keluarga
Kemampuan Berbahasa :
Mendengarkan Pidato
Berpidato dalam Berbagai Peristiwa
Membaca Teks Berhuruf Jawa
Menulis Tembang Dolanan
Kebahasaan : Menyusun Paragraf
3. A. MENDENGARKAN PIDATO
Rungokno pidhato di diwacakake dening gurumu !
Para sadulur sing banget daktresnani
Sajroning managsa rendheng iki, wis akeh kadadean sing banget
nggegirisi lemah longsor ing tlatah Jember. Mangkono uga ing tlatah
Banjar mangu Kabupaten Banjarnegara .Ora etungan kurban sing tiwas.
Banjir ing tlatah Semarang, Jakarta, lan liya-liyane.
Kabeh iku awit saka polahe manungsa sing ora duwe tanggung
jawab. Alas alas padha dibabati. Mbuwang wuh sakepenake dhewe.
Mula adhedhasar kaddean iku aku nyuwun kanthi banget supaya padha
taberi resik resik. Embuh iku resik resik ing sajroning omahe dewe utawa
ng saindenging omah. Aja mbuwang wuh sak enggon-enggon. Kejaba
marakake banjir uga lelara. Pungkasane awake dhwe sing rugi.Lha kok
ora? Sakawit waras wiris,dumadakan lara. Ndadak tuku obat, yen ora
mari mesthi kudu menyang dokter ,yen lelarane saya ndadra, kepeksa.
Apa ora tambah pikiran,wektu,tenaga,dhuwit,lsn liya liyane ? Kasarasan
iku larang regane . Elinga lara yan kowe lagi waras. Elinga waras
nalika kowe nandhang lara.
4. Para sedhulur,
Ana unen-unen “pupur sadurunge benjut”,ayo padha njaga
karesikan dhewe dhwe.Wis akeh kurban ,oja nambahi kurban
maneh.Elinga sesanti basa moncere,”kebersihan adalah pangkal
kesehatan”.
Cukup samene lan sepisan maneh aku njalok kawigatene
babagan karesikan. Nuwun.
Gladhen 1
1. Wangsulana pitakon pitakon iki..
a. Catheten pokok-pokok isi pidato dhuwur iki?
b. Gawe pitakon sing gegayutan karo isi pidato dhuwur iku?ijolno
marang konco mu ,mankunu jaloka tanggapan utawa komentar
saka kanca-kancamu?
2. Pupur sadurunge benjut.Apa tegese? Yen ing basa indonesia kepriye
unine? Goleka unen unen liyane lima bae,banjur tegesana?
3. Kebersihan adalah pangkal kesehatan.Apa bener? Jlentrehana?
5. B. BERPIDATO DALAM BERBGAI PERISTIWA
Tuladha 1, candraning panganten panggih.
Saraning pradongo munya hangrangin, kadi asung pepuji mring
pinanganten kekalih meurih kang kaesthi dafdi, kang sinedya teka. Saya
caket anggenya sami lumaksana panganten kekalihipun sampun sami
pagut tinggal. Temuking pandhulu catur nedya mahanani rasa geter ing
sanubari ,manunggaling rasa tresna lan asih sinulung kasmaran ing
panggalih, marmane datan bisa cinitra ing ukara. Panganten kakung
putri tumuten sami balang balangan gantal, ingkang dumadi sajroning
edhah temu rose kalinting tinangsulan lawe wenang, gantal kang
kabalangaken panganten kakung winastan godhang tutur.
Prapteng papaning panggih wus kacawisaken lara wening
munggawing bokor sinebaran puspa triwarna ,sekar mawar,sekar melati,
miwah sekar kanthil, mujudaken sutunggaling sasmita menggahing
panganten sekaliyan ingkang sampun pinasti jinodho.
Awit saking karsaning gusti ,lamun winawar ing tembung manis
saking kadaling lathi mahanani kumanthil kanthil beblesing ati.
6. Tuladha 2, aturipun pambiwara bilih upacara panggih sampun
rampung kalajengaken upacara krobomngan.
Para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring bidi.
saparipurnaning upacara panggih punika badhe kalajengaken upacara
krobomngan,antawisipun timbangan,tandur,kacar kucur,ngunjuk toya
wening dalah dhahar kebul dulang dinulang.
Katur dumateng ibu indah tyasingrum kersaa hamratitisaken.
Wekdal kula sumanggakaken.Nuwun.
Tuladha 3, aturipun pambiwara bilih besan sampun rawuh, temanten
lajengaken upacara sungkeman.
Para tamu ingkang winastu ingkaraharjan.
Kawistara besanipun bapak siswara inggih panjenenganipun
bapak sampurna sekaliyan garwa kanthi raharja manjing sasane
pawiwahan, sasmpunipun ingkang sami mangun bebasanan sami tangkep
asta pratanda sampun suka pababagya, nunten kadherekaken lenggah ing
palenggahan secelakipun panganten, ingkang seperlu nampi atur
pangabekti saking purtra panganten.Kaleksananing upacara sungkeman
kula aturaken panjenenganipun ibu endah tyasingrum kabiyantu
panjenenganipun ibu triasih ingkang badhe nglolos duwung panganten
kakung.
7. Gladhen 2
Wangsulan pitakon pitakon ngisor iki!
– Golekna tembung tembung sing angel,banjur tegesana ngangg bausastra
jawa?
– apa sing diarani prabnatacara iku?
– Apa sing kudu digatekake dening pranata cara?
– kepriye basa sing digunakake dening pranata cara?
– Arana urut urutane upacara panggih?
8. C. Membaca Teks Berhuruf Jawa
Wacanen teks aksara Jawa sesirah Lenga Patra” ngisor iki kanthi kedal
kang mathis! “
9.
10.
11.
12. Gladhen 3
1. Apa topike wacan ing dhuwur iku?
2. Apa pokok –pokok isi wacan ing dhuwur?
3. Wangsulana phitakon-phitakon ing ngisor iki!
4. Apa kang diarani lenga patra iku?
5. Saka tembung apa?
6. Asal-asale lenga patra iku saka apa?
7. Kena apa lenga patra karo banyu ora bisa nyampur?
8. Kepriye carane golek lengo patra iku?
9. Pirang meter sajroning bumi iku ana lenga patrane?
10. Aranana Negara endi bae kang ngasilake lenga patra manut wacan iku?
11. Aranana Negara kang ngasilake lenga patra saliyane dhuwur iku?
12. Apa alangane nalika golek sumbere lenga patra?
13. Kepriye carane mrantasi?
13. D. Menulis Tembang Dolanan
Tembang dolanan mono tembnag kanggo bocah-bocah kang duwe ancas
nglipur ati cikben padha seneng lan keslamur atine supaya ngimbangi antarane
“kegiatan” lahir lan batine. Kajaba iku ugo sajrone pagelaran wayang, embuh iku
wayang kulit utawa wayang wong, asring keprungu tembang-tembang dolanan.
Luwih-luwih pas nalika gara-gara, para punakawan, gareng, petruk, lan bagong
padha gegojegan lan tetembangan.
15. A. Mendengarkan Cerita Pendek
Crita cekak (cerkak) iku karangan gancaran kang cekak, ora
luwih saka 10.000 tembung. Kira-kira 3 nganti 10 kaca.
Bab-bab sing kudu dimengerteni kanggo nyinau crita cerkak ana
sawatara.
– Gagasan penting (tema)
Tema iku kang dadi underaning rembug, upamane keimanan, kasarasan,
karesikan, katresnan, kaamanan, kabudayan, kesenian, lan sapanunggalane.
– Alur crita
Alur crita yaiku urutaning crita wiwit lekas nganti pungkas. Lumrahe
urutane crita mangkene:
• Pengenalan.
• Konflik utawa tuwuh gasehing panemu.
• Klimaks utawa pol-polane prakara.
• Sumbere gesih wiwit mendha, mudhun, oleh dalan.
• Rampunging prakara.
– Paraga
Sajroning cerkak ana paraga pokok lan paraga tambahan. Saka para
paraga iki bisa dingerteni bab watak, bleger, lan gagasane.
– Setting utawa latar
Setting utawa latar yaiku papan, swana, lan wektu dumadine crita,
umpamane jaman perang, jaman pailit, banjir bndang bengawan solo, lan
sapanunggalane.
16. Sumilaking Mendhung
Dening Sukarni
Swasana wengi iku pancen sepi. Tan ana swaranw satokewan wengi kang
ngumandangake kidung kaedahan. Sepining wengi tambah sansaya sepi kanthi
tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg. Hawane sansaya kekes.
Ora maido yen sato kewan wengi sarto janma manungsa luwih seneng ana wismane
dhewe-dhewe ngumbar pangangen-angen. Tan prabeda karo ningrum. Kenya lencir
kuning iku lungguh ijen ana ruang tamu. Atine Ningrum lagi kasaput mendhung.
Pikirane ngulandara mecaki lelakon sing wis kawuri. Lelakon kang nyebabake
dheweke kudu ninggalake wong tuwanw sing wis ngukir jiwa ragane.
“Nyuwun pangapunten, Bu, kula boten saged nglampahi, ”ngono
wangsalane Ningrum nalika ibune ngandhakake yen dheweke kudu omah-omah
karo Darsono. Ora mung lagi sepisan iku ibune njaluk supaya dheweke gelem
omah-omah karo Darsono, priya sing dadi pilihane ibune.
“Ora bisa pie? Kowe kudu gelem dadi bojone Nak Darsono! Dheweke
iku sugih! Kowe kepingin opo bae bakal keturutan! Uripmu bakal mulya!”
17. Nanging bu, kula boten tresna piyambakipun, punapa kalih Mas Darsono punika
kawentar remen mabuk-mabukan.
“Kowe ora usah ngelek-ngelek Mas Darsono!”
“Nyatanipun ngeh mekaten. Kejawi punika kula taksih kepengen sekolah.
Kula kepengen nyambut damel rumiyen, pados pengalaman nambe mbangun
bebrayan,”wangsulane Nungrum khanti sareh.
“Pokoke kowe kudu nurut karo ibu! Ora usah sekolah dhuwur-dhuwur!
SMU bae wis cukup! Coba delengen kanca-kancamu kae ora ana sing sekolah
nganti SMU lan wis padha nggendong anak!” Ningrum bingng. Judheg . kepriye
carane aweh pangerten marang ibune? Jaman wes owah gingsir. Wis ora ana
jamane maneh yen wanita kudu marem ana ing buri bar lan ora kena sekolah
dhuwur.
“Sepisan maleh kula nyuwun pangapunten, Bu! Kula terpeksa mboten
saged nuruti kersanipun Ibu. Saestu Bu, Kula suwun ibu kersa menggalih malih
bebangan punika,” pangrimuke Ningrum.
“Wis, saiki ngrnr bae. Kowe pilih dadi bojone Darsono apa lungga saka
omah kene! Ibu ora apa-apa kelangan endhong siji,” ngendika ngono karo
ninggalke Ningrum.
“Nanging Bu,”
18. Ningrum binggung. Dheleg-dheleg. Dheweke ora ngerti apa sing kudu ditindakake.
Tekade atine pranyata luwih gedhe. Kanthi lon-lonan lan ngawa ati remuk,
Ningrum ninggalake omah lan wong tuwane. Lakune kesandhung-sandhung. Luh
kang dleweran ing pipine ora didape. Mlaku terus mlaku nasak petenging wengi lan
deresing udan. Ing pangangen-angene mung siji ,nyuwun pangayoman marang
budhene ing semarang.
“Bude Ningrum bidhal kuliah rumiyin lan mangke langsung dhateng
toko,”pamite Ningrum marang budhene.
“Iya,sing ngati-ati! Lha mengko mulihe numpak angkutan apa dipapag
Gun?
“Numpak angkutan kemawon ,Budhe, melas Dhik Gun tasik sayah.
Assalamu’alaikum.
“Waallaikumsalam.”
Ningrum ninggalake budhene sing nguntabake lakune tekan emperan
omah. Ningrum rumangsa begja banget awit salungane saka omah, dheweke ora
ketula-tula. Budhene wis kersa paring pitulung ngentasake panandhange , malah
pagruktine marang dheweke kaya dene marang putrane dhewe . ora emban cindhe
emban silandan marang Ningrum apa dene Gunawan sing dadi putrane dhewe .
kebegjan mau tambah di rasa Ningrum dheweke diidini neruske kuliyah. Dheweke
kuliah ana sawijining Perguruan Tinggi Negri ing Semarang sinambi nyambut
gawe ana sawijining toko kanggo ngragati kuliyahe. Sakiki kuliyahe wis meh
rampung , kari sekripsi.
19. Ningrum sejatine ora bisa ngilangake wewayangane Ibune, Bapake, lan
sadulur-sadulure. Dheweke wis nyoba bali menyang sala, sowan wong tuwane.
Nangging, dukane ibune pranyata urung sirna. Tangkebe ibune durung bisa
nampaNingrum. Ibune ora gelem nemoni. Wis dicoba bola-bali nyedhaki lan
ngrimuk nangging upayane ora kasil. Ningrum mung bisa ndonga rina wengi
enggala bisa lumer panggalihe.
Wulan Juli Ningrum nampa SK CPNS. Dheweke ditugasake ana SLTP ing
wewengkon pekalongan. Bungahe Ningrum tan bisa nginambarake. Dheweke
rumangsa nemu cepaka sewakul, kadya kajugrungan gunung menyan. Ningrum
tansah nguturake puji syukur.
Wiwit nampa Skiku, dheweke kudu pisah karo budhene lan Gunawan
kanggo ngayahi tugas luhure, dadi guru sing bisa digugu lan ditiru temenan.
Senadyan mangkono, yen wektu lodhang dheweke mesthi sowan budhene. Theng ,
theng , jam ing tembok nuduhake tabuh wengi. Ningrum njenggirat. Angen-angene
buyar. Dheweke enggal-enggal mapan turu maneh golek endahing pangimpen
supaya sesuke ora telat menyang sekolahan.
20. “Bu, Ningrum,”
“Ningrum ngendhegake lakune. Katon Pak Asrofi gupuh-gupuh marani
Bu Ningrum karo ngawa layang.
“Ana apa, pak?”
“Punika wonten serat kagem Ibu.” Sambi ngelungke layang.
Ningrum nampani layang banjur diiling-ilingi. Ningrum kaget. Prayata saka sala.
“Matur nuwun, Pak.”
“Saking rakanipung inggih Bu?” godhane Pak Asrofi karo mesam-mesem.
“dudu kok, Pak , saka Bapakku ing sala.”
“Bapak punapa bapak.”
Ningrum mung mesem digodha ngono iku. Pak Asrofi banjur bakal
mbacutke resik-resik taman.
Ing ruang guru Ningrum mbukak layang sing lagi bae ditampa. Diwaca
alon-alon. Isine layang, Ningrum dijaluk enggal bali menyang Sala amarga ibune
gerah opname ing rumah sakit Oen.
Ningrum tekan Sala nalika srengenge wes angslup, langsung njujug
rumah sakit Oen. Awit pitulungane perawat ,Ningrum kanthi gampang nemokake
kamare Ibune. Alon-alon lawang dibukak. Ibune lagi sare. Pasuryane katon pucet
abang ndluwang lan kari lumangit. Alon-alon ibune dicedhaki.
“Ibu, Ningrum sampun dugi bu,” karo nggengem tangane ibune.
Ana swara kang mlebu talingane, ibune wungu. Katon ora percaya yen
ana ngarepe iku anake wedok sing wis suwe dirantau tekane.
21. “Ibu, kula Ningrum.”
“Oh,ngger,anakku.”
Wong loro padha rangkulan lan tangisan. Ningrum diarasi , dirangkul
kenceng kaya-kaya aja nganti ucul maneh.
”Ibu, kulo nyuwun pangapunten awit,”
“Ora nduk, ora. Ibu sing luput dudu kowe. Ibu sing kudune njaluk
ngapura. Kowe bener, Nduk. Ibu ketutupan bandha donya nganti Ibu ora ngerti
sapa sejatine Darsono iku!”pamunggele ibune.
“Sampun bu, sampun dipunpenggalih babagan punika, ingkang wigatos
ibu enggala dangan.”
Wong loro padha ngesoake rasa kangen sing wes sue sumimpen ing jero
atine. Tekane Ningrum pranyata dadi obat kang mujarab. Ora gantalan wektu
ibune wis waras.
Saka Bapake, Ningrum lagi ngerti yen Darsono sing dadi pilihane ibune,
sakiki ndhekem ana sel amarga kasangkut prakara narkoba.
“Matur nuwun Gusti, Panjenegan sampun midhangetaken donga
kawula.” Pamuji syukure Ningrum lirih.
Mendhung kang tansah ngetutake lakune Ningrum sakiki wes sumilak.
Pandhang njingglang.
Kapetik saka Kumpulan Naskah Juara Lomba Mengarang/Penulisan
Cerita cerkak berbahasa jawa.
22. B. Mementaskan Naskah Drama
Apal na naskah drama asesirah “kewirangan” ngisor iki kanthi
pratitis! Banjur paragakna bareng kanca-kanca mu ing ngarep kelas!
Panggung :digawe kaya dene sajroning bis kang lagi lumaku. Dalane
kala-kala alus,kala-kala gronjal-gronjal. Mula para paraga, Marsini lan
Nugroho sok pepet-pepetan,sok senggol-senggolan. Ora disengaja.
Marsini :“mas nu” “mas nugroho!”
Nugroho:“punapa, mbak?”
Marsini :“njenenan niku kula wastani rak sampun sepuh!”
Nugroho:“mbenjang nggih sepuh,yen sak niki sih enu,ha...ha...ha...!njenengan
punika dalemipun pundi ta?
Marsini :“kula sragen,mas! Nanging dhusunipun, saking khita Sragen tasih
tigang kilo arah ngilen.”
Nugroho:“kula pitados yen sampeyan niku saka desa, ketara ayu.”
Marsini :“alah, ampun nganten,mas! Wong kaya ngene kok diarai ayu. Terus
seng elek kaya ngapa?”
(bocah putri iku malah guyu alon)
Nugroho:“bares bae,mbak,sampeyan kok wis ngerti aku ki seng ngandhani
apa?”
(nugroho sok-sok ora bas)
23. Marsini :“lho,jenengan niki rak orang terkenal, mahasiswa berprestasi. Mula kula
arep maos profil panjenengan ning majalah. Njenengan rak mas
Nugroho saking sala ta?”
Nugroho :“leres, ha ning wong juara harapan dua bae kok.”
Marsini :“juara harapan, ning rak juara! Tinimbang kula,mboten entuk juara
blas! Wongsal-wangsul tumut lomba ngarang, keyok terus.”
Nugroho :“sampeyan dhek lomba kae ya melu ta?”
Marsini :“nggih tumut, mongsok nek boten melu ok ngeri juarane.”
Nugraha :(ngulungake tangan minangka perkenalan) “lali durung kenalan, kenalan
sik, mbak!”
Marsini :“marsini. Nek njenengan Mas Nugroho ,rak mboten kleru ta?”
Nugroho :(Nugroho mung mesem, ora wangsulan. Mung atinerada gemes. Mula
sadurunge ngeclake tangane,apek-apek Marsini di ithik-ithik.)
Marsini :“njenengan kuw lho, salaman bae ndadak karo ngithik-thik!”
Nugroho :“hallah, mung ngono bae kok keri!”
Marsini :“bocah wedok ki keren kok!”
(marsini banjur menehi kartu nama marang nugroho lan suwalike)
24. Nugroho :“lho, mbak isih kuliah apa sekolah?”
Marsini :“ngece, mas nu ki. Wes gedhe ngene kok diarani sekolah!”
(mangsli kaya mangkono,marsini karo rada judhes)
Nugroho :“lha wong takon kok malah disrengeni, piye ta?”
Marsini :“nggih mas, taksih kuliah, nanging sampun nyambut damel!”
Nugroho :“lha kok bisa? Trus mbagi waktne piye?”
Marsini :“adhuh, Mas Nugroho ki,ketoke pinter,ning kok ya pinter olehe takon!
Ngaten nggih mas, kula nyambut damel ngelesi lare-lare SMP lan SMA.
Dados bab wekdal, bebas!”
Nugroho :“o, wah iku becik banget!”
Marsini :“lumayan, mas, kena kanggo mbayar uang kuliah.”
(lakune bis ora dipaelu, ngerti-ngerti wis nyedaki terminal pilangsari)
Nugroho :“blarak di samperake, omah cedha apa ya ora ngampirake?”
Marsini :“lho, yen kersa mampir, silahkan! Nginep ya kena, bolah-boleh saja, ha
ha ha!”
Nugroho :“matur nuwun, jane ya kepinigin mampir, ning kok kwatir yen
dicemburoni pacare. Mengko di kira arep ngrebut.”
(marsini nyiwel lengene nugroho, nugroho pringas-pringis)
25. Marsini :“aku apa Mas Nugroho! Aku ki isih dhewekan, mas,percaya karepmu,ora
percaya ya mangga! Aja-aja njenengan sing wedi mampir, jalaran yen
konangan pacare. Yo ora?”
Nugroho :(mung nyengenges)
Masini :(karo mudun bis, ninggal weling) “njenengan wis takcaosi karu nama,
suk kirim layang lho mas!”
Nugroho :“iya,ya!”
Marsini :(banjur ndha-dha, karo mbengok-mbengok) “wis ya mas, selamat jalan.”
Nugroho :(ganti bales saka jendhela bis)
(tekan umah, Nugroho klintar-klinter ing ruwang tamu. Bingung. Nglayangi apa
ora marang Marsini. Pungkasane, Nugroho nulis layang marang Marsini. Let
seasar layang balesan teka, awujud undhangan manten. Undhangan di bukak lan di
waca. Nugroho kaget banget semu ora percaya.)
“we, lha dalah, suk minggu ngarep? Marsini kawin? Adhuh aku kewirangan!
Ke....wi....rang.....an!”
Sumber cerkak “kewirangan” panjebar semangat 51/2005 kanthi owah-
owahan sawatara.
26. D. Menulis Silsilah Keluarga
1. Aran lan Urutane Anak
• Pambarep (pambayun) : Anak angka siji
• Panenggak (panggulu) : Anak angka loro
• Pandhadha (panengah,pamadya) : Anak angka telu
• Sumendhi ( kakang wuragil ) : Anak angka papat
• Wuragil (waruju) : Anak angka lima utawa kang kari
dhewe
Kanthi urutan kasebut ing dhuwur iku,cetha menawa wong
Jawa sejatine wis duwe sasmita apeputra paling akeh lima. Ya mung
merga owah-owahahaning jaman,pamarentah matesi anak loro supaya
ing tembe ora gawe cingkrang sajroning kulawargane.
2. Aran lan Alurane Sadulur
• Sadulur kringkel : tunggal guwa garba utawa tunggal bapa
biyung
• Sadulur asu : tunggal biyung
• Sadulur sarilak : tunggal suson (sadulur palihan)
27. • Sadulur kwalon : sadulur karo wong liya amarga wong tuwane
nglalp bojo karo wong tuwone wong liyo
mau
• Anak : anake bapa/biyung
• Putu : anake anak
• Buyut : anake putu utawa embahe bapa biyung
• Canggah : anake buyut utawa buyute bapa/byung
• Wareng : anake caggah utawa buyute bapa/biyung
• Udheg-udheg : anake wareng,utawa warenge bapa/biyung
• Gantung siwur : anake udheg-udhege, utawa udhg-uddhege
bapa/biyung
29. Wacane kanthi pratitis
Lumrahe masarakat indonesia iku ramah. Meh sadhengan wong gelem
nulung marang sapa bae seng butuh pitulungan. Tamu manca seng njaluk
katrangan tumrap apa bae bakal di biyantu kanthi senenging ati. Ketemu sapa bae
ing dalan di sapa kanthi andhap asor. Dheweke ora tau mrengut utawa mbesengut
ngadhepi tamu-tamune. Mangkono uga, yen ngladeni tamu temtu kanthi alus lan
esem manis.
Yen katiti priksa, paragraf dhuwur iku kaleb dhedhuksi, awit ukara
pokoke mapan ing wiwitan. Ukara liyane minangka ukara penerang. Paragraf iku
arupa pepanthaning pikiran/idhe kang awujud perangan peprincenig tema
karangan. Miturut wujude , paragraf iku arupa ukara utawa kumpulaning ukara
kang kayulis dadi sapantha, anangin mujudake giliging pikiran utawa idhe.
Kanthi paragraf iku sapa bae bisa mangerteni perangan-perangan utawa
idhe iku mapan ing wiwitan lan pungkasan. Kajaba iku, uga bisa nata ritme maca,
peragan-perangan endi pamaca iku mandheg,perangan-perangan ndi pamaca iku
njingglengi isi, lan mangerteni apa seng di amanahake. Mula saka iku, paragraf
kudu di tata kanthi apik amrih bisa mbiyantu pamaca sajrone mangerteni idhe
kanthi pratitis.
30. Carane ngembangake paragraf
Paragraf iku di kembangake nganggo rong cara,yaiku dedhuksi lan
indhuksi. Dene yen katiti kanthi dasar papan,sipat lan ancas, paragrafiku di beda
ake dadi telung perangan,yaiku: Paragraf pambuka, Paragraf isi lan Paragraf
panutup.
Bausastra Cilik
Ancas :enering sedya, sing di niati(dituju); tujuwan
Benjut :menyonyo ing sirah marga tiba, diantem
Candra :crita kaananing maujud sarana pepindhan
Cinitra :dikarang,ditulis,ipetha,diwangun
Gantal :lintingan suruh (lumrahe kanggo sajen utawa sarat panganten)
Pagut :tempuk,pethuk,tempuh
Panggih :temu
Pradangga :gamelan
Raharja :rahayu:slamet,begja,luput ing kacilikan utawa kasangsaran
Rendhang :mangsa udan
Taberi :sregep satra tlaten
Tlatah :wewengkon dhaerah