Geguritan adalah syair tradisional dalam bahasa Jawa yang berkembang menjadi dua jenis, yaitu geguritan tradisional dan modern. Geguritan tradisional memiliki aturan yang ketat dalam struktur sajak dan isinya sering berupa nasihat, sedangkan geguritan modern lebih bebas dan beragam dalam bentuk dan isinya. Pentingnya penampilan yang tepat saat membacakan geguritan agar dapat menyampaikan makna dan pes
3. Wus dadi kodrate
Manungsa mono tan bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane
Mula, urip gotong royong kang pinatri ing
telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki
4. Kabeh pakaryan linakwan
Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau suku, penggalihan, apadene redana
Kanthi dhasar karukunan
Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta
raharja
(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)
5.
6. • Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair
• Syair Jawa gagrag anyar
• Tembung geguritan asale saka tembung gurita ,
tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita.
Tembung gerita linggane Gita, tegese tembang utawa
syair.
• Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu
dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi
kang warna-warna wujuding dhapukane
(Subalidinata, 1994 : 45)
7. Kapirid saka wujud lan isine, geguritan
iku bisa kaperang dadi loro, yaiku
geguritan gagrag lawas utawa
geguritan tradhisional lan geguritan
gagrag anyar utawa geguritan modern.
8. 1) Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe
paugeran mangkene:
Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana
patang gatra.
Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo
purwakanthi guru swara (kaya syair ing Kasusastram
Indinesia.
Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun
anggurit.
Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab
tatakrama
9. Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa
10. • Wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas
• luwih mardika
• ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag
lawas
• wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran
Indonesia
• geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”
• owah-owahan saka geguritan gagrag lawas
tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses.
• Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku
R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.
11. • Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa
padinan.
• Tetembungane pilihan, tegese ora mung
waton nggunakake tembung.
• Sajak pungkasan mardika/bebas
• Isine mentes.
• Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya
bahasa
12. Wicara = Pocapan/lafal
Nalika maca geguritan pocapan kudu
cetha, ora groyok, blero utawa mangu-
mangu. Kudu bisa ngucapake aksara
kanthi bener tuladhane mbedakake
aksara a/o, t/th, d/dh, e taling (tempe)/
e pepet (seger) utawa e ing tembung
krempeng, lsp.
13. Iramaning wong maca geguritan bisa
pinangka pandudut (daya tarik) wong
kang ngrungokake. Sora utawa lirih
iramane kalarasake karo isining
geguritan. Geguritan kanthi tema
perjuangan mesthi wae beda karo maca
geguritan kang isi kasmaran utawa
kasusahan.
14. Tegese isi Geguritan, cocok/penere
anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika
maca kudu kaetrepken karo isining
geguritan umpamane : nesu, gumbira,
sedhih, sereng, wibawa, getun, lan
sapanunggalane.
15. Yaiku cocok/jumbuhing solah bawa
obahing badan, polatan, rasa. Obahing
badan lan polatan (mimik) kudu luwes
(ora kaku), prasaja lan ora katon lamun
digawe-gawe.