SlideShare a Scribd company logo
1 of 12
Tugas Basa Jawa 
(Pawarta) 
Nama kelompok : 
Gunawan Yusuf (15) 
Hasthin Fitriana Dewi (16) 
XII IPA 1
Pawarta 
Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi 
pangerten ngenani sawijining kahanan 
Wujud pawarta : lesan lan tulisan 
-Lesan :bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa 
diwaca lugas. 
-Tulisan : lumrahe kapacak ana ing ariwarti, 
kalawarti, lsp.
Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. 
Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan. 
Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake 
dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar 
swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana 
ariwarti, kalawarti.
Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku 
1. Aktualitas 
2. Sesambungan karo papan kedadean 
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing 
sakjrone kedadean 
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ 
pamiyarsa 
5. Ganepe Pawarta.
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya 
mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke. 
Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa 
mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang 
ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika 
ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku: 
a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake 
b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting 
c. nyathet informasi sing bener lan premathi
Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab 
para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang 
disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka 
loro utawa luwih pernyataan kang handuweni 
hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi 
pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika 
menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju 
utawa ora setuju marang pawarta kang nembe 
dirungokake.
Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku: 
1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang 
cekak, padhat lan disusun kanthi apik. 
2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha 
3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang 
dingerteni utawa dipahami 
4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga 
ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan) 
Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese 
menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa 
anane.
Maca Pawarta 
Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun 
pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang 
sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” 
tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / 
pawarta. 
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika : 
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan. 
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling 
swara / nada.
3.Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun 
mirengaken saha leres tumraping pangagem basa. 
4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas 
prabawa, kanthi pandulu jejeg 
5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Supaya apa kang arep dikabarake marang wong liya ora 
salah kedaden, kang kudu digatekake yaiku : 
• Sumber informasi kudu cetha 
• Kudu ngerti isine 
• Informasine kudu anyar, actual lan bisa dipercaya 
• Kanggo sapa kabar mau 
• Kabar mau ora kena ditambah-tambahi utawa dikurangi 
• Tujuane menehi kabar marang wong liya 
• Paedahe informasi mau kanggo wong liya
Tuladha: 
Dina selasa nganti tekan jemuwah, tanggal 15 - 18 November 2011,l 
Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko Sala nggelar adicara 
pameran naskah kuno, buku kuno, lan peta kuno. Miturut pawarta 
kang ditampa Espos saka Pengelola Balai Soedjatmoko Sala, 
Yunanto Sutyastomo, sasuwene iki naskah kuno amung disinau 
kanggo panaliten utawa bahan gawe disertasi, kamangka kasugihan 
budaya iki aweh gambaran akeh ngenani sujarah, piwulang lan 
tradhisi bangsa iki. Pameran kang diadani dening Perpustakaan 
Nasional lan Balai Soedjatmoko iki bebas ditekani dening sapa bae, 
wiwit jam 09.00 nganti 21.00 WIB. Perpustakaan Nasional bakal 
mamerake naskah kuno, buku kuna, lan peta kuna.
Matur Nuwun

More Related Content

Viewers also liked (11)

Pranatacara
PranatacaraPranatacara
Pranatacara
 
Kisi us xii.bj
Kisi us xii.bjKisi us xii.bj
Kisi us xii.bj
 
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 YogyakartaPranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
 
Bahasa Jawa
Bahasa JawaBahasa Jawa
Bahasa Jawa
 
Maca geguritan
Maca  geguritanMaca  geguritan
Maca geguritan
 
Media Pembelajaran
Media PembelajaranMedia Pembelajaran
Media Pembelajaran
 
Geguritan
GeguritanGeguritan
Geguritan
 
B. jawa macapat
B. jawa   macapatB. jawa   macapat
B. jawa macapat
 
pernikahan adat jawa
pernikahan adat jawapernikahan adat jawa
pernikahan adat jawa
 
Rpp 1 dan 2 krtg b jawa
Rpp 1 dan 2 krtg b jawaRpp 1 dan 2 krtg b jawa
Rpp 1 dan 2 krtg b jawa
 
PPT Media Pembelajaran
PPT Media Pembelajaran PPT Media Pembelajaran
PPT Media Pembelajaran
 

Pawarta

  • 1. Tugas Basa Jawa (Pawarta) Nama kelompok : Gunawan Yusuf (15) Hasthin Fitriana Dewi (16) XII IPA 1
  • 2. Pawarta Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan Wujud pawarta : lesan lan tulisan -Lesan :bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas. -Tulisan : lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.
  • 3. Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti.
  • 4. Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku 1. Aktualitas 2. Sesambungan karo papan kedadean 3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean 4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa 5. Ganepe Pawarta.
  • 5. Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke. Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku: a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting c. nyathet informasi sing bener lan premathi
  • 6. Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.
  • 7. Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku: 1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik. 2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha 3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami 4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan) Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.
  • 8. Maca Pawarta Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta. Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika : 1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan. 2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
  • 9. 3.Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa. 4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg 5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
  • 10. Supaya apa kang arep dikabarake marang wong liya ora salah kedaden, kang kudu digatekake yaiku : • Sumber informasi kudu cetha • Kudu ngerti isine • Informasine kudu anyar, actual lan bisa dipercaya • Kanggo sapa kabar mau • Kabar mau ora kena ditambah-tambahi utawa dikurangi • Tujuane menehi kabar marang wong liya • Paedahe informasi mau kanggo wong liya
  • 11. Tuladha: Dina selasa nganti tekan jemuwah, tanggal 15 - 18 November 2011,l Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko Sala nggelar adicara pameran naskah kuno, buku kuno, lan peta kuno. Miturut pawarta kang ditampa Espos saka Pengelola Balai Soedjatmoko Sala, Yunanto Sutyastomo, sasuwene iki naskah kuno amung disinau kanggo panaliten utawa bahan gawe disertasi, kamangka kasugihan budaya iki aweh gambaran akeh ngenani sujarah, piwulang lan tradhisi bangsa iki. Pameran kang diadani dening Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko iki bebas ditekani dening sapa bae, wiwit jam 09.00 nganti 21.00 WIB. Perpustakaan Nasional bakal mamerake naskah kuno, buku kuna, lan peta kuna.