Tiga dokumen di atas membahas tentang kehidupan santri, sejarah Kota Demak, dan pesan-pesan untuk keluarga. Dokumen pertama menggambarkan aktivitas santri yang rajin belajar agama. Dokumen kedua menjelaskan sejarah berdirinya Kota Demak sebagai pusat penyebaran agama Islam di Jawa. Dokumen ketiga berisi nasihat untuk anggota keluarga untuk saling menguatkan dan mendukung.
Topik 1 - Pengenalan Penghayatan Etika dan Peradaban Acuan Malaysia.pptx
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
1. Santri
Ngaji dadi kegiatan saben dinamu
Esok,awan, sore, bengi tanpa leren
Adoh saka keluarga wis dadi resikomu
Kadang tangis amarga kelingan wong tuamu
Dadi santri kudu siap mental
Siap disiplin
Kudu rajin
Tanpa mikir rekasane awakmu
Siap ngudi ilmu, siap nerima perintahe pak kyai
Kerja bhakti menyang sawah wis dadi kebiasaan
Kabeh mau ananging luru ridhone kyai
Berkah manfaat ilmu duniane lan akhirate
2. Demak
Kutha kenangan, kampung halaman
Kutha kang nduweni sejarah kerajaan
Senajan nganthi saiki para sejarawan kebingungan
Ngabuktiake tetinggalan kerajaan
Kasebut kutha wali
Amarga ana salah sawijining wali sanga
Kang anyebar agama ana ing daerah iki
Sunan Kalijaga alias Raden Said asmane
Kutha kang dadi pusat penyebaran agama islam
Ing tanah Jawa iki
Kapimpin dening Sultan Demak
Raden Fattah
Raden patiunus
Sultan Trenggana
Pejuang penegak agama islam
3. SalamkagemAyah
Saben rina saben wengi aku kelingan sliramu
Pandongaku terus kamucur(mboh b.jawane opo, tercurahkan) kagem sliramu
Wacanan qur’an, dzikir, tahlil ora lali tak kirim kagem sliramu
Dadi bukti tresnaku marang sliramu
Semangsa esih gesang
Sliramu ora mandhek-mandhek ngandani aku
Ora kesel-kesel ngajari aku
Bukti tresnamu marang aku
Marang kang mas ku
Lan adik-adik ku
Yaa Allah titip salam kangenku, tresnaku marang Ayah
Paringi kajembaran kuburipun
Paringi padhang kuburipun
Paringi keselametan ing kuburipun
Paring punapa mawon ingkang dipun butuhaken
Yaa Rohiim YaaGhoffaar . . . .
4. SemangatkangMas
Sliramu saiki wis nambah gedhe
Semestine ya nambah tanggung jawab
Tanggung jawab dadi pangupa jiwane keluarga
Aku ngerti iki angel bagimu kang mas
Wis ora ana pilihan liyane
Wis ora bisa nyalahke kersane Gusti
Mung nerima lan nglakoni apa kang dadi kahendake Gusti
Kang mas,
Olehe nyambut gawe disregepi yaa
Adik-adikmu esih butuh bantuanmu
Esih butuh perlindunganmu
Esih butuh ragat kanggo pendidikan
Kanggo sangu masa depan
Kang mas,
Aku namung bisa paring doa
Kanggo kewarasanmu
Kanggo kesuksesanmu
Kanggo bahagiane Ibu, Adik-adik lan aku
5. Adik-adikkuSayang
Ujine Gusti kudu disabari
Kudu diikhlasi
Kabeh mau mesti ana dalan keluare
Mbuh secara langsung utawa ora
Ditelateni olehe sinau
Ditelateni olehe ngaji
Kanggo sangu masa depanmu
Ati-ati olehe kekancan
Aja nganti kekancankaro wong sing ora bener
Yen kepaksa kekancansih ora apa-apa
Namung aja diikuti perkara alane
Digawe tuladha, apa iku pantes ditiru apa ora
Aja lali saben rampung sholat
Kirim donga kanggo wong tua
Kanggo sedulur-sedulur
Supayane urip tentrem
Berkah umure ing dunya lan akhirate
Aamiin