SlideShare a Scribd company logo
1 of 25
PETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
PEPADANG BAKAL TUMEKA
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang …..
jakarta wanci adven minggu kaping kalih warsa 2009
maymintaraga :
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***
LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
SEDYAKU
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
PEPADANG BAKAL TUMEKA
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang
KEKUDANGANKU
o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya
yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling
o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***
kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara
UDAN WAYAH SORE
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***
NALIKA SEPI ….
pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi
tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut *
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang: Budhi setyawan
LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.
KAWULA NASIBMU
Apa durung cukup Gusti paring bebendu
;segara disuntak mbludag
Lemah amblas bengkah
Banjir bandhang banjir lendhut
Banjir maut
Nelangsa papa citraka wis ora krasa apa-apa
Amarga wis kulina
Ngayut tuwuh dadi pilihan ampuh
Tinimbang didawa-dawa tan oleh pedah lan guna
Oh... nasibmu kawula.....
Sikil kelangan pidakan
Awak kelangan wewayangan
Dina sesuk kelangan tanggal
Dicolong dirampok kecu lan brandal
Brandal ora ngerti bebendu
Kecu ora ngerti kleru
Brandal tata jaman lumrah
Nguntal bumi ngaluamah
Kecu badan alus nggetih biru
Ngganyang uripe kawula-kolu
Oh.... kawula nasibmu...
GANDRUNG
Rambut acak-acakan
kaos kumel awut-awutan
ora kenal tembang
jare : luwis seneng disco-disconan
supaya ora diarani kampungan
ngisin-isini
Nanging gandrung ya gandrug
Aja kedlarung, dadi kedlurung
Apa wis ngerti
Tegese racun
Senajan ora mateni
Nanging bisa gawe getun
Jare: jaman moderen
Nanging kok kereb senewen
Ngambah alam globalisasi
Kudu tansah ngati-ati
Senajan ndhelika
Ditututi.
NEGERI PARA BAKUL
Negeri para bakul
Dol tinuku datan mligi barang dagangan
Narapidana barter ing pakunjaran
Barter kasus wis dudu wewadi
Yen refan wis sarujuk disepakati
Negeri para bakul
Para politisi uga duwe pasar mligi
Dol tinuku polecy kebijakan
Maja kursi papan kaculikan
Api-api regejekan jebul laku sandhiwara
Negeri para bakul
Konglomerat lan birokrat gamban olah siasat
Dol tinuku kajulingan ngliyer aturan
Layak pajekg dadi bancakan
Negeri para bakul
Dol tinuku jabatan anjrah ing ngendi-endi papan
Bandrol reregan wis cetha nadyan datan kabiwarakake
Yayah kangsen ing papan palanyahan
Negeri para bakul
Kebak tembung lelamisan
Kebohongan kemunafikan kadidenen sega jangan
Nora kawaca bongkot – puncuk
Kabeg-kabeh mubeng seser pindha lingkaran setan.
KIDUNG SAKA WUKIR DANARAJA
Mirengna ujaring kandha
Jamane sekar sinengkar ing pringitan
Dhusun kencana ijo royo elok nyata
Rinengga taneman meneka warna
Tanjung kenanga mawar regula
Gandasuli mlati lan soka
Tlatah reja mekar ngrembaka
Kaserat abyor kuncara
Kang ngayomi wong agung linangkung
Wanodya kebak pangalembana
Kanjeng ibu kang asmanya arum ing rat
Ibu Agung sakaring pamuji
Wis dadi Kersaning Gusti
Sang endah jumeneng dadi oboring jaman
Kang nyimak sasmitaning ngaurip
Antuk berkah trus jumeneng ing uripe
Wruh ing rasa kang satuhu
Sang lukita maraga sekar bawana
Kikisa ong tutur ala
Lestari ing sejarahe
Agung arum ati suci
Danaraja wis dikunci
Anane mung enget negeri
Ing tlatah lor pasir dadi mlati
SADAWANE DALAN PUTIH
Dalan putih sing mendhak medhukul
Dawane tanpa wates, tanpa wates
Apa sliramu ngerti, sakiwa tengene akeh dajjal
Tawa woh-wohan seger lan manis?
Iki jagad tontonan
Papan kiprahe para paraga
Menganggo sandhangan kebak gebyar
Pasuryan didandani maneka rupa
Kabeh sarwa cakrak diputih sarwa ngresepi
(kari milih sapa jumangkah premati
Endi sing rewa-rewa endi sing sejati)
Sadawane dalan putih
Kita kabeh mung kari milih
Lan bisa ngrasakake legine bratawali
Kalamun wis manggon ing wetenge bumi.
LAWU HARGA KANG RUBEDA
Dak sawang pucuking cemara lawu harga
Nora ana rubeda
Panyuwaraning peksi-peksi
Branjangan NlikaHyang Praptanggawatti jumedhul
Ing tanceping tawang sisih wetan Karring aris sumilaking samirana
Uga gumuyune prawan-prawan sunthi
Kang runtung-runtung ngindhit klenthing
Gujeng sendhang kang bening
Aku mesem
Dene isih ana kaendahan ing bawana
Kang kebask pokal dursila
Pokal bejat manungsa nora wedi laknat
Mega ngluru pangan saemplokan
Direwangi pecialan
Panyawangku tumuju maneh marang lawu harga
Dak sawang, wusana rubeda
Ora ana maneh panyuwaraning peksi-peksi
Uga gumuyue prawan-prawan sunthi
Kahanan sepi nyenyet nggegirisi
Ah, during ana sakedhepan anggonku alihan
Lawu harga katon rubeda
Edi endah kang mau tak sawang
Apa aku mung ngimpi?????
Merga sakupengku kebak pedhut leliwengan?
UDAN WAYAH SORE
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
DALAN OMBAK
Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
SEDYAKU
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
CRITA SAKA MANCA
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
BABAD WEDHI PESISIR
Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
AMBEGAN SEGA KULUBAN
Ambengan sega kuluban dieler ing tampah
diladekake ing pasamunan
direncah bebarengan, kroyokan, rebutan
ambengan sega kuluban
oora ana sing ngerti duweke sapa
kejaba dadi pangane wayang , para dhalang
sing lagi lungguh methingkring
(kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)
ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
mung kari tampah ngganda amis, angganda amis
banjur kanggoo bal-balan para buta!
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
Segara Ayu
(Hisyam Z)
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)
Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut
Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake
Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu
Kitir
(Sumono Sandy Asmon)
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat
Gegayuhanku
Dening: Nuryanto (Nurgud)
Ketiga dawa kang tak rasa
Bisa Gawe geringing nala
Urip Ijen tanpa Kenya
Kang bisa gawe alusing rasa
Udan kang tak gandhang ing sasi iki
Jebul ra tiba ana bumi
Rasaning ati kang tansah sepi
Ngarep-arep tuwuhing wiji
Wiji katresnan kang sejati
Kang tuwuh seger yen ana banyu
Rinten lan dalu tansah memuji
Muga enggal kasil gegayuhanku
Gegayuhan kang luluh tumrap agami
Pala krama urip nyawiji
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
Segara Ayu
(Hisyam Z)
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)
Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut
Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake
Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu
Kitir
(Sumono Sandy Asmon)
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat
Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani
Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara
Lumantar iki....
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

More Related Content

What's hot

Pidato bahasa jawa perpisahan sekolah
Pidato bahasa jawa perpisahan sekolahPidato bahasa jawa perpisahan sekolah
Pidato bahasa jawa perpisahan sekolahPurnomo Wahyu
 
Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah
Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah
Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah LBB. Mr. Q
 
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDAKUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDASyifa Sahaliya
 
PPT Penyembelihan Hewan Qurban dan Aqiqah
PPT Penyembelihan Hewan Qurban dan AqiqahPPT Penyembelihan Hewan Qurban dan Aqiqah
PPT Penyembelihan Hewan Qurban dan AqiqahEvaariva
 
Ppt tekpen dzikir dan doa
Ppt tekpen dzikir dan doaPpt tekpen dzikir dan doa
Ppt tekpen dzikir dan doaasni furoida
 
PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...
PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...
PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...Risal Fadhil Rahardiansyah
 
BAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptx
BAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptxBAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptx
BAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptxIsmayantiYanti
 
Rukun dan Syarat Nikah
Rukun dan Syarat NikahRukun dan Syarat Nikah
Rukun dan Syarat Nikahshafirahany22
 
PPT Penyembelihan Hewan Qurban
PPT Penyembelihan Hewan QurbanPPT Penyembelihan Hewan Qurban
PPT Penyembelihan Hewan QurbanVienna_Maulee
 
Materi kajian keputrian
Materi kajian keputrianMateri kajian keputrian
Materi kajian keputrianSiti Permana
 
Macam tepuk dan lagu santri tpa
Macam tepuk dan lagu santri tpaMacam tepuk dan lagu santri tpa
Macam tepuk dan lagu santri tpaSukiman Sukiman
 
Naskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-Biru
Naskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-BiruNaskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-Biru
Naskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-BiruAlfian Isnan
 
Problematika remaja -lds
Problematika remaja  -ldsProblematika remaja  -lds
Problematika remaja -ldsRizal Safrudin
 
Wanita yang dirindukan Surga
Wanita yang dirindukan SurgaWanita yang dirindukan Surga
Wanita yang dirindukan Surgasknramadhaniah
 

What's hot (20)

Yel yel pramuka
Yel yel pramukaYel yel pramuka
Yel yel pramuka
 
Pidato bahasa jawa perpisahan sekolah
Pidato bahasa jawa perpisahan sekolahPidato bahasa jawa perpisahan sekolah
Pidato bahasa jawa perpisahan sekolah
 
Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah
Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah
Tabligh Dalam Al-Quran dan Al-Sunnah
 
Birrul walidain
Birrul walidainBirrul walidain
Birrul walidain
 
Remaja Smart with Islam
Remaja Smart with IslamRemaja Smart with Islam
Remaja Smart with Islam
 
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDAKUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
 
PPT Penyembelihan Hewan Qurban dan Aqiqah
PPT Penyembelihan Hewan Qurban dan AqiqahPPT Penyembelihan Hewan Qurban dan Aqiqah
PPT Penyembelihan Hewan Qurban dan Aqiqah
 
Aqiqah kurban
Aqiqah kurbanAqiqah kurban
Aqiqah kurban
 
Ppt tekpen dzikir dan doa
Ppt tekpen dzikir dan doaPpt tekpen dzikir dan doa
Ppt tekpen dzikir dan doa
 
PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...
PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...
PPT Akhlak dalam Menggunakan Media Sosial, Etika dalam Islam - Risal Fadhil R...
 
BAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptx
BAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptxBAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptx
BAB 6 Pernikahan dalam Islam.pptx
 
Rukun dan Syarat Nikah
Rukun dan Syarat NikahRukun dan Syarat Nikah
Rukun dan Syarat Nikah
 
PPT Penyembelihan Hewan Qurban
PPT Penyembelihan Hewan QurbanPPT Penyembelihan Hewan Qurban
PPT Penyembelihan Hewan Qurban
 
Materi kajian keputrian
Materi kajian keputrianMateri kajian keputrian
Materi kajian keputrian
 
Skema qiyadah fikriyah fil islam
Skema qiyadah fikriyah fil islamSkema qiyadah fikriyah fil islam
Skema qiyadah fikriyah fil islam
 
Macam tepuk dan lagu santri tpa
Macam tepuk dan lagu santri tpaMacam tepuk dan lagu santri tpa
Macam tepuk dan lagu santri tpa
 
Naskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-Biru
Naskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-BiruNaskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-Biru
Naskah Kabaret - Dibalik Merah-Putih-Biru
 
AKHLAK
AKHLAKAKHLAK
AKHLAK
 
Problematika remaja -lds
Problematika remaja  -ldsProblematika remaja  -lds
Problematika remaja -lds
 
Wanita yang dirindukan Surga
Wanita yang dirindukan SurgaWanita yang dirindukan Surga
Wanita yang dirindukan Surga
 

Viewers also liked

Viewers also liked (18)

Contoh Geguritan "Batik"
Contoh Geguritan "Batik"Contoh Geguritan "Batik"
Contoh Geguritan "Batik"
 
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa JawaContoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
 
PUISI R.A KARTINI
PUISI R.A KARTINIPUISI R.A KARTINI
PUISI R.A KARTINI
 
Kumpulan puisi dan unsur intrinsiknya
Kumpulan puisi dan unsur intrinsiknyaKumpulan puisi dan unsur intrinsiknya
Kumpulan puisi dan unsur intrinsiknya
 
Geguritan
GeguritanGeguritan
Geguritan
 
Puisi Jawa/Geguritan
Puisi Jawa/Geguritan Puisi Jawa/Geguritan
Puisi Jawa/Geguritan
 
Geguritan
GeguritanGeguritan
Geguritan
 
Karya geguritan jawa
Karya geguritan jawaKarya geguritan jawa
Karya geguritan jawa
 
Maca geguritan
Maca  geguritanMaca  geguritan
Maca geguritan
 
Puisi ppkn
Puisi ppknPuisi ppkn
Puisi ppkn
 
Kumpulan Puisi Sekolahku
Kumpulan Puisi SekolahkuKumpulan Puisi Sekolahku
Kumpulan Puisi Sekolahku
 
Ajeng dwi r
Ajeng dwi rAjeng dwi r
Ajeng dwi r
 
Kumpulan puisi nedi suryadi
Kumpulan puisi nedi suryadiKumpulan puisi nedi suryadi
Kumpulan puisi nedi suryadi
 
Puisi aditya 01_mia 4
Puisi aditya 01_mia 4Puisi aditya 01_mia 4
Puisi aditya 01_mia 4
 
Puisi Kelinci
Puisi KelinciPuisi Kelinci
Puisi Kelinci
 
Puisi nasihat sahabat
Puisi nasihat sahabatPuisi nasihat sahabat
Puisi nasihat sahabat
 
1000 puisi kehidupan
1000 puisi kehidupan1000 puisi kehidupan
1000 puisi kehidupan
 
Menulis Surat Pribadi
Menulis Surat PribadiMenulis Surat Pribadi
Menulis Surat Pribadi
 

Geguritan

  • 1. PETENGING WENGI sumribit angin ngelus langit sore manuk sriti bali ing pucuking cemara nganti tekaning wengi sing nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu gawe tambah kekesing angin sore tumlawung rasa kang ngulandara wengi bakal tumeka maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebaki impen petenging wengi lumaku turut petenging lurung bakal gawang-gawang campur mega-mega apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? PEPADANG BAKAL TUMEKA angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun bumi kang kapidak kebak sinengker anggawa ganda bacin manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore peteng kang gemuleng ing angganing manungsa wus sinerat ana ing kitab duk ing uni pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah kanggo kita sami jalma manungsa kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun amadhangi sakendhenging jagat raya mara gage kita sami tumenga ing angkasa mangayubagya rawuhipun sang pepadhang kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga mangestu nampi pepadhang ….. jakarta wanci adven minggu kaping kalih warsa 2009 maymintaraga :
  • 2. WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene saklawase ora nate ketemu saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur ana cerita rinajut endah dik, kala kala sliramu isih dadi impenku pirsanana ana nduwur kae ana teja manther ing sela-selaning gegodongan lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen simpenen kangenmu ana impen *** LINTANG-LINTANG lintang-lintang abyor ing tawang cumlorot sliweran nalika alihan kumleyang mencok ing socamu asihku cahyane gumebyar sunare gilar-gilar ing telenge atimu sliramu tansah dakantu lintang-lintang alihan cumlorot telu ana pundhakku kawitan lintang abang lintang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
  • 3. SEDYAKU Wis, Jeng… Aku sumeleh nyelehake pangarep-arepku marang katresnan lan kawigatenmu sing semu yen nyatane amung semene cunthele lelakonku… Pepenginku tansah sumandhing lan nresnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengestumu wae tansah mili kanggo aku Wis, Jeng aku pamit becik njembarake pikir nggayuh kabegjan mring ati lan katresnan satuhu tan ora binagi ing liyan sempurna ing guritan siji… PEPADANG BAKAL TUMEKA angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun bumi kang kapidak kebak sinengker anggawa ganda bacin manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore peteng kang gemuleng ing angganing manungsa wus sinerat ana ing kitab duk ing uni pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah kanggo kita sami jalma manungsa kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun amadhangi sakendhenging jagat raya mara gage kita sami tumenga ing angkasa mangayubagya rawuhipun sang pepadhang kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga mangestu nampi pepadhang
  • 4. KEKUDANGANKU o, ngger sang ponang jabang bayi bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi sira wus lahir kanthi slamet nyawang gumelaring jagat raya yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi kapurih sira bisa turu kanthi tentrem yen sira mesem tak kudang tak liling o, ngger sang ponang jabang bayi tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe *** kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara UDAN WAYAH SORE udan riwis-riwis nggawa angin gumanti ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu *** NALIKA SEPI …. pasuryanmu sing bening tumiba ing banyu mili turut pletheking surya saya suwe tansaya adoh ninggalake sepi tan ana sabawa gumrisiking alang alang aku mung bisa nyawang pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali nganti datan katon kasaput pedut * RON GARING
  • 5. Wengi sansaya atis nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan kang digawa dening angin prasasat tan kendhat anggonku kulak warta adol prungu ananging isih mamring aku wis pingin cecaketan obormu kang makantar-kantar madhangi jangkah lan jagatku ana ngendi papanmu lelana tapa brata tanpa pawarta tanpa swara aku kadya ron garing kumleyang kabur kanginan ing jagat peteng lelimengan krasa luwih abot anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep mlakuku ora mantep kagubet ribet lan ruwet adoh saka cahyamu pedhut ing sakindering pandulu panjenengan guruku, sihku, oborku kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati. Pengarang: Budhi setyawan
  • 6. LUMUNTURING BUDAYA Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku Amersani jaman saiki Tumpraping polah tingkahing putra lan putri Kang wis ninggalake subasita Nerak angger-anggering budaya Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa Kabeh rumangsa nistha Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa Sanadyan jaman wis maju Aja banjur dadi kleru Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah Busana owah samesthine Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe? Apa budaya kita wis ora ana ajine? Apa budaya kita wis kedaluwarsa? Apa budaya kita wis luntur? Pemuda pemudi jaman saiki Unggah ungguh basa wis dilirwakake Tata krama wis ditinggalna Tata wicara wis ninggalake subasita Apa sing salah sekolah? Apa sing salah ibu bapak? Apa kabeh salah? Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.
  • 7. KAWULA NASIBMU Apa durung cukup Gusti paring bebendu ;segara disuntak mbludag Lemah amblas bengkah Banjir bandhang banjir lendhut Banjir maut Nelangsa papa citraka wis ora krasa apa-apa Amarga wis kulina Ngayut tuwuh dadi pilihan ampuh Tinimbang didawa-dawa tan oleh pedah lan guna Oh... nasibmu kawula..... Sikil kelangan pidakan Awak kelangan wewayangan Dina sesuk kelangan tanggal Dicolong dirampok kecu lan brandal Brandal ora ngerti bebendu Kecu ora ngerti kleru Brandal tata jaman lumrah Nguntal bumi ngaluamah Kecu badan alus nggetih biru Ngganyang uripe kawula-kolu Oh.... kawula nasibmu...
  • 8. GANDRUNG Rambut acak-acakan kaos kumel awut-awutan ora kenal tembang jare : luwis seneng disco-disconan supaya ora diarani kampungan ngisin-isini Nanging gandrung ya gandrug Aja kedlarung, dadi kedlurung Apa wis ngerti Tegese racun Senajan ora mateni Nanging bisa gawe getun Jare: jaman moderen Nanging kok kereb senewen Ngambah alam globalisasi Kudu tansah ngati-ati Senajan ndhelika Ditututi.
  • 9. NEGERI PARA BAKUL Negeri para bakul Dol tinuku datan mligi barang dagangan Narapidana barter ing pakunjaran Barter kasus wis dudu wewadi Yen refan wis sarujuk disepakati Negeri para bakul Para politisi uga duwe pasar mligi Dol tinuku polecy kebijakan Maja kursi papan kaculikan Api-api regejekan jebul laku sandhiwara Negeri para bakul Konglomerat lan birokrat gamban olah siasat Dol tinuku kajulingan ngliyer aturan Layak pajekg dadi bancakan Negeri para bakul Dol tinuku jabatan anjrah ing ngendi-endi papan Bandrol reregan wis cetha nadyan datan kabiwarakake Yayah kangsen ing papan palanyahan Negeri para bakul Kebak tembung lelamisan Kebohongan kemunafikan kadidenen sega jangan Nora kawaca bongkot – puncuk Kabeg-kabeh mubeng seser pindha lingkaran setan.
  • 10. KIDUNG SAKA WUKIR DANARAJA Mirengna ujaring kandha Jamane sekar sinengkar ing pringitan Dhusun kencana ijo royo elok nyata Rinengga taneman meneka warna Tanjung kenanga mawar regula Gandasuli mlati lan soka Tlatah reja mekar ngrembaka Kaserat abyor kuncara Kang ngayomi wong agung linangkung Wanodya kebak pangalembana Kanjeng ibu kang asmanya arum ing rat Ibu Agung sakaring pamuji Wis dadi Kersaning Gusti Sang endah jumeneng dadi oboring jaman Kang nyimak sasmitaning ngaurip Antuk berkah trus jumeneng ing uripe Wruh ing rasa kang satuhu Sang lukita maraga sekar bawana Kikisa ong tutur ala Lestari ing sejarahe Agung arum ati suci Danaraja wis dikunci Anane mung enget negeri Ing tlatah lor pasir dadi mlati
  • 11. SADAWANE DALAN PUTIH Dalan putih sing mendhak medhukul Dawane tanpa wates, tanpa wates Apa sliramu ngerti, sakiwa tengene akeh dajjal Tawa woh-wohan seger lan manis? Iki jagad tontonan Papan kiprahe para paraga Menganggo sandhangan kebak gebyar Pasuryan didandani maneka rupa Kabeh sarwa cakrak diputih sarwa ngresepi (kari milih sapa jumangkah premati Endi sing rewa-rewa endi sing sejati) Sadawane dalan putih Kita kabeh mung kari milih Lan bisa ngrasakake legine bratawali Kalamun wis manggon ing wetenge bumi.
  • 12. LAWU HARGA KANG RUBEDA Dak sawang pucuking cemara lawu harga Nora ana rubeda Panyuwaraning peksi-peksi Branjangan NlikaHyang Praptanggawatti jumedhul Ing tanceping tawang sisih wetan Karring aris sumilaking samirana Uga gumuyune prawan-prawan sunthi Kang runtung-runtung ngindhit klenthing Gujeng sendhang kang bening Aku mesem Dene isih ana kaendahan ing bawana Kang kebask pokal dursila Pokal bejat manungsa nora wedi laknat Mega ngluru pangan saemplokan Direwangi pecialan Panyawangku tumuju maneh marang lawu harga Dak sawang, wusana rubeda Ora ana maneh panyuwaraning peksi-peksi Uga gumuyue prawan-prawan sunthi Kahanan sepi nyenyet nggegirisi Ah, during ana sakedhepan anggonku alihan Lawu harga katon rubeda Edi endah kang mau tak sawang Apa aku mung ngimpi????? Merga sakupengku kebak pedhut leliwengan?
  • 13. UDAN WAYAH SORE udan riwis-riwis nggawa angin gumanti ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu DALAN OMBAK Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
  • 14. SEDYAKU Wis, Jeng… Aku sumeleh nyelehake pangarep-arepku marang katresnan lan kawigatenmu sing semu yen nyatane amung semene cunthele lelakonku… Pepenginku tansah sumandhing lan nresnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengestumu wae tansah mili kanggo aku Wis, Jeng aku pamit becik njembarake pikir nggayuh kabegjan mring ati lan katresnan satuhu tan ora binagi ing liyan sempurna ing guritan siji… CRITA SAKA MANCA ing papan sarwa salju, aku ngangen-angen lawang gubug binuka ana bedhiyang lan lincak nanging wis kebacut dadi salju guritan apadene kekarepan nglinthing bareng tumiyupe angin nunjem-nunjem dom periih sadawane wengi kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi sing durung kober kababar unine prasasti
  • 15. BABAD WEDHI PESISIR Sorene sore jingga wengine wengi biru kembang pandhan mesem marang mbulan tangane ngawe-awe sajak kemayu apa hiya iki dayane layang atimu sing jare bakal ditulis kalane ijen lan sendhang mung amping-ampingann jendhela sing wengi iki isih panggah binuka? biyen aku nate apal gojegmu kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan ing lemah suwung pinggire taman ora ketang mbalang liring sambi mungkur nyamudana wingkis sakehing kekarepan nutup kudhuping kekembangan iki babad wedhi pasir pinaes ganda aruming mawar rarasing riris dhadha kumesar AMBEGAN SEGA KULUBAN Ambengan sega kuluban dieler ing tampah diladekake ing pasamunan direncah bebarengan, kroyokan, rebutan ambengan sega kuluban oora ana sing ngerti duweke sapa kejaba dadi pangane wayang , para dhalang sing lagi lungguh methingkring (kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu) ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta mung kari tampah ngganda amis, angganda amis banjur kanggoo bal-balan para buta!
  • 16. Pahlawanku (R. Tantiningsih) Pahlawanku Wutahing ludirmu Nyiram ibu pertiwi Nadyan sang ibu Kudu muwun sedhih Karajang-rajang manahe Karujit-rujit rasa pangrasane Pahlawanku Mugya Gusti paring nugraha Semana gedhene bektimu Jiwa raga, bandha donya Tanpa sisa Amung siji pangajabmu Merdika
  • 17. Segara Ayu (Hisyam Z) Bener, pener, yekti Sliramu dadi seksi Seksi pahlawan sejati Pahlawan mulih aran awit bekti Awit mangku jejibahan Tugas luhur, jujur ing palagan Ngemban amanat Trikora ayahan Segara Aru biru lugu blak-blakan Ngemu madu Maduning bangsa satuhu Kang Asma Yos Sudarso iku Korban jiwa raga ing Segara Aru Ludira kang wekasan Kanggo nebus Irian Yos Sudarso gugur kalayan Asmanya misuwur ing bebrayan Sliramu Aru Seksi lugu Seksi bisu Satuhu baku
  • 18. Merapi (Puthu Aryana) Merapi... Saka kadohan katon gagah Asep putih ndedel ing awiyat Tilas dalan lahar katon cetha Kena sunare Hyang Bagaskara Merapi... Saumpama kowe bisa crita Kabeh kadadean ing tanah Jawa Wiwit jaman Mataram Kuna Nganti madege Kraton Ngayogyakarta Merapi... Sliramu anyekseni kridhaning bangsa Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda Jaman mardika jaman Soekarno Nganti jaman Soeharto Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo Merapi dadi saksi Kembang Mlathi (R. Widiyati) Daksebar kembang mlathi Ing Taman Makam Pahlawan Kusuma Bangsa kang sejati Luhku tumetes... tes... netesi bumi Aku rumangsa dosa Durung bisa melu labuh negara Amung sekar mlathi iki Tandha setya lan janji Bakal melu napak suci Labuh nagri alelandhesan ati suci Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
  • 19. Api Abadi Mrapen (R. Tantiningsih) Latu kuwi, tansah murub Ora nggubris kiwa tengene Nadyan digrujug tirta Nadyan maruta padha teka Nanging latu kuwi ora surut Latu kuwi, tansah murub Kaya latu kang ana jero ati Angel dipateni lan angel diadhemake Latu kuwi, tansah murub Ing mrapen dununge Ninggal sejarah Kanggo anak putu Kitir (Sumono Sandy Asmon) Kitir iki Isi panantangku marang wengi Sing kebacut anggone nguja sepi Dolanan swarane asu baung nggeririsi Kitir iki Wujud pangundhamanaku marang awang-awang Sing kebacut brangasan Ngrentengi lintang, nguntal rembulan Kitir iki Srana gugatku marang isen-isening jagad Sing pijer royokan brekat Tan keguh njaluk ruwat
  • 20. Gegayuhanku Dening: Nuryanto (Nurgud) Ketiga dawa kang tak rasa Bisa Gawe geringing nala Urip Ijen tanpa Kenya Kang bisa gawe alusing rasa Udan kang tak gandhang ing sasi iki Jebul ra tiba ana bumi Rasaning ati kang tansah sepi Ngarep-arep tuwuhing wiji Wiji katresnan kang sejati Kang tuwuh seger yen ana banyu Rinten lan dalu tansah memuji Muga enggal kasil gegayuhanku Gegayuhan kang luluh tumrap agami Pala krama urip nyawiji
  • 21. Pahlawanku (R. Tantiningsih) Pahlawanku Wutahing ludirmu Nyiram ibu pertiwi Nadyan sang ibu Kudu muwun sedhih Karajang-rajang manahe Karujit-rujit rasa pangrasane Pahlawanku Mugya Gusti paring nugraha Semana gedhene bektimu Jiwa raga, bandha donya Tanpa sisa Amung siji pangajabmu Merdika
  • 22. Segara Ayu (Hisyam Z) Bener, pener, yekti Sliramu dadi seksi Seksi pahlawan sejati Pahlawan mulih aran awit bekti Awit mangku jejibahan Tugas luhur, jujur ing palagan Ngemban amanat Trikora ayahan Segara Aru biru lugu blak-blakan Ngemu madu Maduning bangsa satuhu Kang Asma Yos Sudarso iku Korban jiwa raga ing Segara Aru Ludira kang wekasan Kanggo nebus Irian Yos Sudarso gugur kalayan Asmanya misuwur ing bebrayan Sliramu Aru Seksi lugu Seksi bisu Satuhu baku
  • 23. Merapi (Puthu Aryana) Merapi... Saka kadohan katon gagah Asep putih ndedel ing awiyat Tilas dalan lahar katon cetha Kena sunare Hyang Bagaskara Merapi... Saumpama kowe bisa crita Kabeh kadadean ing tanah Jawa Wiwit jaman Mataram Kuna Nganti madege Kraton Ngayogyakarta Merapi... Sliramu anyekseni kridhaning bangsa Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda Jaman mardika jaman Soekarno Nganti jaman Soeharto Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo Merapi dadi saksi Kembang Mlathi (R. Widiyati) Daksebar kembang mlathi Ing Taman Makam Pahlawan Kusuma Bangsa kang sejati Luhku tumetes... tes... netesi bumi Aku rumangsa dosa Durung bisa melu labuh negara Amung sekar mlathi iki Tandha setya lan janji Bakal melu napak suci Labuh nagri alelandhesan ati suci Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
  • 24. Api Abadi Mrapen (R. Tantiningsih) Latu kuwi, tansah murub Ora nggubris kiwa tengene Nadyan digrujug tirta Nadyan maruta padha teka Nanging latu kuwi ora surut Latu kuwi, tansah murub Kaya latu kang ana jero ati Angel dipateni lan angel diadhemake Latu kuwi, tansah murub Ing mrapen dununge Ninggal sejarah Kanggo anak putu Kitir (Sumono Sandy Asmon) Kitir iki Isi panantangku marang wengi Sing kebacut anggone nguja sepi Dolanan swarane asu baung nggeririsi Kitir iki Wujud pangundhamanaku marang awang-awang Sing kebacut brangasan Ngrentengi lintang, nguntal rembulan Kitir iki Srana gugatku marang isen-isening jagad Sing pijer royokan brekat Tan keguh njaluk ruwat
  • 25. Wutah Getihku (Mahardono Wuryantoro) Gumelar jembar bumi asri Sumunar sumringah sunare bagaskara Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara Bumi pusaka wus kawentar Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani Wutah getihku daktresnani Kawulamu.... Guyub rukun anambut kardi Jeroning swasana tentrem lan mardika Gilig ing tekad manunggal Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun Aku lila.... Korban jiwa raga kanggo bumiku Nadyan awak ajur dadi sawur Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi Labet raharjaning nagara Lumantar iki.... Isining atiku ginurit Prasetyaku thukul saka ati kang tulus Njaga langgenging kamardikan Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku