Dokumen ini membahas tentang seorang pria bernama Pak Wiryono yang diajak oleh anaknya untuk berkonsultasi dengan seorang dukun bernama Mbah Kyai Dadi alias Mbah Jenggot mengenai masalah ekonominya. Pak Wiryono awalnya tidak percaya dengan dukun, namun setuju untuk berkunjung atas desakan anaknya. Saat bertemu, Mbah Kyai Dadi ternyata mengetahui latar belakang Pak Wiryono meski belum
INDIKATOR DAN SUB INDIKATOR MCP PELAYANAN PUBLIK.pdf
Dhukun Bisa Baca Pikiran
1. Dhukun
Kanggone wong sing urip kecukupan (layak), jaman saiki kuwi diunekake murah
sandhang murah pangan, mbahku sing wis umur pitung puluh lima tahun ya ngendika ngono.
Nalika jaman simbahku cilik biyen, jaman Negara kita iki dijajah Walanda, sing jeneng
pangan kuwi larang. Tur maneh, winates pangan sing asale ya saka kiwa tengene dhewe,
upamane saka jagung bisa digawe sega jagung, blendhung sing olehe mangan nganggo
parutan krambil lan uyah. Njur saka tela kaspa, iki bisa digawe panganan sing luwih akeh
wernane. Bangsane pala kependhem : kimpul, uwi, midra, nggarut, tela pendhem, gadhung
lan isih akeh tunggale.
Jare simbah, roti kuwi sing mangan mung landa lan sinyo utawa nonike. Wong Jawa,
ora ana sing bisa gawe roti, apa maneh kabisan kudu mung winates tumrap wong pribumi.
Sekolah angger wis bisa maca lan ngerti angka ya uwis. Kuwi wae pilih-pilih wong, paling
ora anak perangkat desa. Beda karo jaman saiki. Lanang wadon, janji nduwe ragad bisa
sekolah dhuwur mencit nganti entuk gelar. Roti-roti, saiki dudu panganan mewah, angger
wong sasat bisa gawe roti, malah jare wis padha jeleh. Yen mertamu suguhane pepak, sing
dijupuk mesthi pangan sing tradhisionil, ya kuwi sing jeneng obah-owahing jaman. Olehe
padha ngarani? Nut jaman kelakone? utawa manut jantraning jaman.
Bali uripku sing tak alami wektu iki. Aku ya wis ngecake programe pemerintah, urip
bebrayan catur warga. Sing ateges aku lan bojoku karo anak loro. Ning nganti seprene, aku
kayane kok kurang ngrasakke bahagia sejahtera. Uripku isih tetep rekasa, kanggo cukup aku
isih kudu mbanting tulang kerja keras? ngonoa ya isih kudu utang-utang. Anakku sing gedhe
ana SMA klas telu, adhine neng SMP ya klas telu. Manganku sak brayat ya prasaja hariane
tahu, tempe, krupuk, dene sayur mung trima sak-sake. Pakaryanku sing tetep minangka
pamong / guru / SD lulusan SPG taun sing keri dhewe, njur gugur bunga kae (alias S.P.G
ditiadakan). Dene bojoku dodol sayuran neng pasar. Jare jaman biyen, wong bisa mangan
warek wae atine wis tentrem. Ning aku kok ora, yen kakehan pikiran sing njur marahi kuwur,
senajan awak kesel lan wetenge ngelih, arepa ana lan weruh pangan ya ora selera. Ta rakya
bedane akeh ta simbah biyen karo aku saiki?. Sing banget marahi banter mikir kuwi yen
bocah-bocah diaba S.P.P lan kebutuhan sekolahe sing kudu enggal diwujudi. Mangka yen
disawang satleraman pancen kurang pas. Kayata, ngapa bocah S.M.P kok ndadak kudu wisata
neng Bali sing wragade ora sithik. Jare bocah ben ngerti budaya lan tradhisi Bali sing
kawentar kuwi. Ning guru rak ora ngerti lan ora mikir, piye status ekonomine wong tuwane
murid?. Gandheng iki kudu, senajan sirah pusing tujuh keliling, ya kudu wong tuwa nabrak-
nabrak kareben entuk dhuwit kanggo cukupe anak.
Kahanan sing bangsane kaya ngene iki, sing aku karo bojoku yen omong-omongan
bengi nganti njur angel turu. Pas dina libur aku ana ngomah, bali saka pasar bojoku kusung-
kusung ngedhaki aku karo kandha, “Pak, tak kandhani ya, jare desa Losari ya tangga desane
dhewe kuwi ana dhukun anyaran sing pinter, bisa dijaluki tulung apa wae.? Aku mangsuli
ngglayem : ?Ora, bune, ngertimu kuwi saka ngendi?, kathik saiki ngerti dhukun barang. Njur
nek kaya awake dhewe kuwi arep nambakke apa, wong awake dhewe ya waras wiris ngene.?
Kandhane nyaiku nrocos : ?Pak, dhukun kuwi ora ngemungna nambani wong lara, ning ya
bisa madhangke atine wong sing lagi kepetengan, dijaluki pelarisan, lan isih akeh maneh,
pakne.? Aku meneng manthuk-manthuk ngrungokke critane nyaiku. Ngerti aku nggatekke,
2. nyaiku neruske guneme : ?Pak, mbok coba, sampeyan mara, sapa ngerti mengko uripe dhewe
njur bisa entheng. Apa ta salahe wong usaha, wong syarate ya mung entheng. Jare mung
padha nggawa gula teh karo rokok, ? bojoku nerangke. ?Ora, bune, nek kaya aku kuwi tekan
kana njur arep jawab nyuwun apa??
?Walah, pakne, sampeyan kuwi kok ya kebangeten. Rak ya bisa ta nyuwun ben uripe dhewe
kuwi entheng, diparingi murah rejeki, lan ya apa wae sing marahi urip kuwi bisa tentrem.?
?Yoh ? sesuk-sesuk kono, bune, tak pikire dhisik,? wangsulanku sareh.
?Kathik ndadak nganggo dipikir ta, pakne, mbok ya gecos kapan lehe arep rana, mengko gula
teh aku sing nyiapke,? kandhane nyaiku getol.
?Yoh wis bune, sesuk sore aku tak rana, dhasar dinane pas malem jum?at kliwon. O iya
kyaine kuwi jenenge sapa bune?? aku nanjih.
?Anu, pak, asmane ki kyai ?. Ah kyai sapa ya aku kok rada lali.?
?Kuwi, hla wong jenenge wae lali, kok selak olehe nyurung-nyurung kon mara, njur olehku
arep takon piye?, aku nggrundel.
?Oh ? oh ?. Kelingan aku pakne, nek dha ngundang muni mbah kyai Dadi alias Mbah Jenggot
ngono. Neng kana kuwi jare tamu-tamune disuguh jamu, ora wedang ya karo cemilan
barang.?
?Wah-wah ? kok njur tekan suguhan barang. Apa mrana kuwi mung arep golek suguhan
pa??,kandhaku munggel gunem.
Dina candhake ngepasi malem jum?at kliwon, aku sida sowan pak kyai kaya pakone nyaiku.
Sejatine wiwit biyen mula, aku kuwi blas ora percaya karo modhel perdhukunan kuwi. Dadi
gelemku kuwi ya mung dhapur ngelegani bojo, ning jroning atiku ora greget babar pisan. Tak
anggep wae, nek iki idhep-idhep nggo pengalaman urip. Tekan desa pernah lor desaku,
sawise takon-takon sawetara, cepet wae ketemu omahe pak kyai Dadi alias mbah Jenggot.
Aku teka ngepasi surup. Tekan clongopan desa aku gumun, jebul tamune akeh, malah tak
delok ana mobil telu sing parker neng lurung, mergo latare sing mung ciyut kuwi wis kebak
motor. Sawise njagrakke motor sing wis jejer-jejer kuwi, aku mlebu tanpa uluk salam kaya
tamu-tamu liyane sing wis teka keri kaya aku. Neng kono wis digelari klasa plastik, tamu
sing teka ya njur lungguh kono kuwi. Let sedhela ana nom-nomman loro sing ngladekke
gelas kothong, karo gendul loro isi kebak. Sijine tulisane kunir asem, sijine beras kencur. Uga
ana stoples isi emping lan roti kering. Aku mbatin, jebul bener kandhane nyaiku, suguhane
dudu wedang, ning jamu. Tak delok, tamu-tamu kuwi ya njur dha ngiling dhewe terus
diombe, tanpa ana sing nawakke.
3. Tak sawang, wong-wong kuwi padha antri mlebu omah mburi mbaka siji. Jare ya neng
ngomah mburi kuwi Pak Kyai paring wejangan. Dene tas-tas kresek, oleh-olehe para tamu
padha diseleh meja sing wis disadhiyakake, sing ngisore padha kanggo lungguhan tamu kuwi.
Mesthi wae, wektune saya wengi, tamune ya saya nipis merga sawise dilayani ya njur dha
pamit mulih. Sidane mung keri aku sing mau tekane pancen keri dhewe. Tekan giliranku
mlebu omah mburi, aku gumun dene Pak Kyai sing tak arani olehe mejang ana kamar utawa
senthong kuwi kleru. Pak Kyai lenggahing amben gedhe, kiwa tengen ya ora ana apa-apane.
Bareng weruh aku teka, pak Kyai sing wonge isih enom ya sabarakanku kuwi, ngingetke
semu mencereng tumuli keprungu ngendikane : ?Nek ora kleru iki ya rak pak Wiryono ta??.
Aku kaget semu gumun, mergo aku durung tau sowan mrene kok wis pirsa jenengku. Gage
aku mangsuli : ?Inggih, Pak Kyai, kula ingkang sowan.? Aku nyedhak njur lungguh anteng
ing ngarepe, kanthi ora ngetarani aku nyolong-nyolong ngematke rupane. Wonge nganggo
sarung lan surjan, blangkone gondosuli nganggo mondholan modhel yogya. Alise ketel putih
lan jenggote dawa uga putih. Sak tleraman wonge pancen bagus, wong untune ya isih katon
wutuh. Karo nata lungguhku ben katon trapsila, aku nyoba ngeling-eling, ketoke aku wis tau
weruh rerupan sing kaya ngene iki, ning neng ngendi?, aku lali. Bareng lungguhku wis
mapan Pak Kyai ndangu : ?Rak ya dha slamet ta Mas Yono??, pitakone. ?Inggih wilujeng,
Pak Kyai,? wangsulanku saya gumun, denea nimbali aku kok nyebut mas. ?Saiki daleme
neng ngendi, Mas??, pitakone maneh. ?Wonten Sambilegi dhusun kidul punika, Pak Kyai,
katut babon,? wangsulanku blaka nek ngetutke bojoku. ?Hla njur omahmu sing Ndurensawit
kae sapa sing ngenggoni??. Aku jan kaget tenan, denea wong iki ngerti asal usulku dhek cilik.
Wah nek ngono waskitha tenan wong iki. Ngono batinku. Gumunku durung ilang, Pak Kyai
wis ndangu maneh : ?Mas Yono, aku tak takon, wangsulana kanthi jujur ya?? ?Kowe tekan
kene iki saka karepmu dhewe?? ana sing akon, utawa apa ana sing ngajak?. Wangsulanmu
kudu jujur hlo, Mas!? Aku saya kaget banget nampa pitakon sing ora ndak nyana iku. Aku
bingung ? bingung tenan lan judheg. Ngerti kewuhan anggonku rep mangsuli, kyai Jengggot
njur ngendika : ? Mas Yono, aku kuwi ngerti,nek sejatine karo dhukun kowe kuwi ora
ngandel, rak iya ta ?? Adhuh ?, lumraha mono aku isa mati kaku, merga jroning atiku wis
kewaca kabeh. Jan hebat tenan dhukun siji iki, ngono batinku. Kanthi ati dheg-dheggan aku
mangsuli apa anane : ?Ing ? inggih ?. Pak Kyai ?, kula namung nuruti kanca estri, kapurih
sowan mriki nyuwun berkah Pak Kyai, supados gesang kula entheng,? kandhaku jujur.
Pak dhukun mung manthuk-manthuk karo ngguyu nggleges, aku dadi saya kisinan. Sawise
sawetara Pak Kyai mung meneng wae lan namatke aku, njur mbaleni ndangu : ?Mas Yono,
desane omahmu mau Sambilegi?, gandheng sing arep ndak kandhakake kuwi wewadining
urip, mula kowe ora tak kandhani neng kene, ning suk malem jemuah kliwon, ganti aku sing
teka ing omahmu, kanthi syarat : mung kowe karo aku, anak bojomu lungakna, embuh piye
lan apa alasanmu. Sing cetha aku lan kowe bebas rerembugan. Dene jame kira-kira jam
sewelas mungggah.? Ngono dhawuhe Pak Kyai. Wis ora ana pilihan liya, bisaku mung
sendika dhawuh. Bareng wis cetha apa sing didhawuhake, aku njur nyuwun pamit. Aku
gumun, dene anggone nyalami aku nalika tak pamiti kenceng banget, kaya konco lawas sing
wis suwe ora ketemu. Nalika aku tekan ngomah, bojoku ora sranta gage nyedhaki terus takon
: ?Diparingi srana apa, Pak, karo mbah dhukun?? Bareng aku wis lerem lagi tak kandhani.
4. ?Ngene ibune : Kandhamu kae kabeh bener, apa sing ana jroning atiku kuwi dheweke ngerti
kabeh. Wiwit jenengku, asalku dhek cilik, nganti tekan olehku ora percaya neng dhukun,
dheweke kuwi ngerti. Mula baliku ora digawani srana apa-apa munggahe diwejang, ning Pak
Kyai malah arep rawuh neng omahe dhewe suk dina malem jemuah kliwon, wektune bengi
nek wis jam sewelas munggah. Dene syarate ibune, Pak Kyai mung butuh ketemu aku thok,
kowe lan bocah-bocah kudu ora ana ngomah dhisik.?
?Hla aku karo bocah-bocah kon ning ngendi Pakne??, takone nyaiku.
?Gampang, diajak tilik mbokdhene neng ndesa rak bisa, mangkat sore mulih esuk, witikna
piye wong Pak Kyai karepe ngono. Mangka iki rakya karepmu ta bune?? Wangsulanku
mojokke. ?Hiya-iya pakne, aku ya seneng kok dene sampeyan kok entuk tanggapan
mirunggan saka Pak Kyai.? Dina Kemis malem jemuah kliwon, ibune bocah-bocah masak
lawuh lan nyiapke suguhan kanggo mengko bengi. Mesthi wae istimewa timbang saben
dinane. Sawise kabeh cumawis, banjur budhal menyang ndesa karo anak-anake sengadi tilik
budhene. Saungkure bojone, Maryono mung mikir bengine mengko, gek njur apa sing arep
dikandhakake dhukune bab wewadining urip kuwi. Jeneng wong ngenteni ngono kae jan ?.
njelehi banget, rasane kaya suwe banget. Jam sewelas wis keprungu cumengkleng saka jam
tembok. Atine wiwit nitir. Temenan, ora let suwe ana wong nothok lawang, gage olehe
menyat mbukakake. Plong atine, bareng ngerti yen sing teka mbah dhukun tumenan. Sing
teko semono uga, bareng lawang dibukak gage olehe ngrangkul kenceng.
Bareng wis satata lungguh, dhukun mau lingak-linguk terus takon : ?Anak bojomu neng
ngendi, Mas??. ?Neng ndesa tilik budhene,? wangsulanku kendhel. Wusana dhukun mau
takon maneh : ?Apa kowe kuwi ya pangling tenan ta, Mas??. Ditakoni ngono aku bingung
karo ngeling-eling ? ning blas ? aku lali. Wusana kanthi tenang neng ngarepku, mbah dhukun
mau nguculi blangkon, jenggot lan alise sing memplak kuwi. Sakala aku ora pangling yen
Sudadi, kanca tangga cedhak dhek jaman cilikanku biyen, ya kanca dolan lan sekolah sing
saben dina ulang ? uleng. Layak yen ngerti kahananku kabeh. Sanalika tak ruket ning karo
tak ingel-ingel sirahe, tutukku nrocos tembung pamisuh metu : ?O dhukun edan, dhukun
sableng!, wiwit dhek kapan kowe madeg dadi dhukun?. Ya angger wae dudu dhukun gejos,
dhukun porno, sing ngrampeti prawan sing mara merdhukun, ? kandhaku saenake.
?Mas Yono, kowe ki aja ngawur mas, aku dadi dhukun kuwi merga kepojok, kaya dene
dikudokake aku kudu tumindak ngono. Ning neng atiku aku ora gawe wisuna, ora arep apus-
apus, gedhene nyengsarakake wong cilik, milik kanthi niat meres kanggo pribadiku, ora, mas,
ora tenan.?
?Aiyah wong kebukten ngono kok selak. Nek wong mara semana akehe saben dina dha
nggawa gula teh kae mbok nggo apa?, mangka aku ya weruh dhewe.?
?Ya bener, mas, ning kae rak karepe dhewe aku ora njaluk, wong sebagian ya tak balekke
kanggo nyuguh. Beras kencur, kunir asem, gula jawa kae bahane rak ya tuku ta, mas ?, tur
mesthi diombe wong aku kandha syarat. Ning nek wedang durung karuwan diombe. Sakjane
5. sing dha goblok, kelinger lan ora ngutek kuwi ya sing dha teka neng nggonaku. Hla piye, aku
nek mejang ya sing apik-apik merga, nek tumindak ala kuwi larangane sing gawe urip, kerep-
kerepe ora bakal di idini. Bar ngono njur tak wenehi banyu putih sing ora ana apa-apane. Tak
kon ndonga sing akeh manut piyandele, nyuwun apa sing dikarepake. Dadi nek kabul
penyuwune kuwi dudu saka aku mas, ning ya merga lehe ndedonga kuwi.? Kandane Dadi
wijang lan serius.
?Ora Di, kowe mau kandha nek dipojokake, lehmu dadi dhukun kepeksa kuwi sejatine piye,
aku rak during mudheng? aku manjih. ?Ngene ya, Mas, sampeyan ngerti, dadi guru kuwi
bayare dipangan sesasi tekan ngendi?, mangka dhek semana, aku reka-reka ngontrak omah
karo ajar bebakulan (blantik pit). Ning mas, usahaku bangkrut. Aku reka-reka utang rentenir
Cina, sing lumayan akehe, sirku ya arep tak nggo nerusake usahaku, ning aku lali yen kuwi
dhuwit anakan sing kudu tak bayar saben Minggu. Adhuh, mas, dhuwitku entek kecurat-
kecurut nganti aku ora bisa mbayar anakan. Cina kuwi bola-bali mara, ning aku wis ra iso
setor. Wusana sawijining wengi, Cina kuwi teka nggawa wong loro, mas, bareng aku kandha
yen ora bisa setor, langsung wae wonge kuwi dikon ngajar aku nganti lempe-lempe. Aku wis
pasrah karo sing gawe urip, yen kepepete mati aku ya wis gelem. Wektu kuwi anak bojoku
ngepasi tilik mbahe. Barang Cina kuwi ngerti aku wis ora bisa gemlawat, mas, aku njur
ditinggal lunga. Karo bojoku aku ya mung kandha yen awakku lara.? Dadi leren lehe crita,
aku takon : ?Hla apa hubungane karo olehmu dadi dukun?? ?Tak terusake ya, mas,?
kandhane Dadi bareng wis ngeling-eling sedhela. ?Let setengah sasi saka kedadeyan kuwi,
keluargane Cina kuwi teka maneh, ning aneh. Tekane kanthi polatan padhang kepara sopan
sing keladuk, gek oleh-olehe werna-werna akeh. Intine njaluk ngapura lehe wis ngajar aku,
lan saiki dheweke lara nemen. Dokter ora nemokake lelarane. Mula njur dha teka mara njaluk
ngapura lan njaluk tamba, rupa apa wae arep, waton diwenehi. Aku kandha yen wis tak
apura, ning nek tamba aku ora bisa nambani, selagi dokter wae ora bisa. Ning keluargane
Cina mau meksa, pokoke diwenehi jamu apa wae gelem. Rehne bisaku mung menehi banyu
putih, ya kuwi sing tak wenehke. Tak weling, tak kon nyuwun mari lan nyuwun pangapura
karo sing Maha Kuwasa. Ya wis mas mung ngono kuwi welingku karo keluargane.
E let seminggu Cinane kuwi kok teka numpak mobil, bareng mudhun didhabyang anak
bojone neng omahku. Mara kejaba mbaleni njaluk ngapura, ya matur nuwun lehe wis mari.
Ya ampun mas, oleh-oleh rupa bahan makanan dhus-dhusan pirang-pirang, ngerti nek aku
wong kurang.? Bareng bali ninggali dhuwit sagebog, kena nggo tuku pit montor siji gres, isih
karo kandha : ?Sesuk nek arep ajar blantikan maneh pak,ora usah utang tak pawiti sacukupe.?
Ning tan kocapa mas, bar kuwi njur akeh Cina dha mara mrene, mangka aku wis bola-bali
kandha nek aku kuwi ora bisa apa-apa, ning dha meksa jare saran lan banyu putihku kuwi
mujarab. Mula ya njur tak wenehi ngono wae. Ora ngertiya mas, njur wong jawa barang saka
bakul pecel, perangkat desa, pejabat kok dha teka mrene, klebu kowe, mas. Hara nek ngono
kuwi sapa sing goblok?, mangka karo sapa wae aku kuwi mesthi kandha apa anane.? Dadi
mono wiwit cilik jujur, mula aku ya ngandel karo kabeh kandhane, sabanjure aku takon. ?Di,
njur karepmu kowe mrene kuwi, aku arep mbok wejang apa??, wangsulane sengol : ?Wejang
dhengkulmu amoh kuwi pa, mas. Olehku mrene wayah bengi tur emoh ketemu anak bojomu
6. kuwi , aku arep njaluk saran, piye carane nguwisi anggonku dadi dhukun sing ora kajarag
iki??
?Kowe wis mantep dadi guru thok tanpa nyambi dadi dhukun??, pitakonku hodhi atine.
?Uwis mas, dhasare depositoku wis kena yen kanggo pawitan urip.? Wangsulane mantep.
?Gampang Di umumna, (iklana wae neng surat kabar, loro utawa telu edisi, ping telu utawa
luwih, kandhakna, nek mbah Didi utawa Kyai Jenggot wis ora bisa dijaluki tulung merga
wahyune wis oncat, wis bali kaya wong lumrah maneh.? Ngono pratikelku. ?Wah lega, mas,
aku saiki. Ora ilang anggonku keraya-raya bengi mrene. Tenan mas, kowe mono mitraku
sejati wiwit cilik tekan saiki. Ora luwih tak trima banget, keparenga saiki aku nyuwun pamit.
Minangka bebungah ? yoh iki kanggo jajan bocah-bocah. Aku digegemi dhuwit lumayan
akehe. Wiwit sesuk lawangku ngarepan arep tak tutup lan tak cantheli tulisan sing unine :
Sementara Mbah Jenggot tidak menerima tamu karena baru maneges (meditasi). Mengko let
pirang ndina wara-wara saka iklan surat kabar metu, wong-wong rak njur ngandel. Wis ya
mas ?. Aku bali.? Tak untapke mulihe tekan latar, ora lali bareng wis tak salami kenceng
banjur tak jenggung sirahe. Ora lali neng njero mau blangkon, alis lan jenggot dipasang
maneh.
?
? TAMAT ?