1. KARYA : IFA AULIA CAHYANI
Saben dina lan saben wektu...
Ketresnanmu marang sliraku, mesti kelingan ing ati...
Atiku kecantol marang tresnamu Kangmas...
Tresnamu sing ora bisa diarani sakpiro gedhene...
Esemmu sing manis...
Agawe aku kangen saben wektu...
Cahyane saka pasuryanmu,
Mesti sumorot sampek ing ati...
Atiku ayem yen bisa bebarengan marang sliramu...
Suwaramu sing ngombak banyu,
Agawe atiku gumeter seneng...
Kangmas...
Tak enteni kapan anggonmu bali marang
sliraku...
Aku kangen mas...
Mugi-mugi Gusti Alloh maringi kasetyanan marang
sliraku lan sliramu...