Dokumen tersebut membahas tentang geguritan, yaitu susastra lisan Jawa yang bersifat spontan, bebas dan tidak terikat aturan. Terdiri dari 3 bagian utama yaitu pengertian dan asal geguritan, unsur-unsur geguritan, dan cara menulis geguritan.
Modul Ajar Bahasa Inggris - HOME SWEET HOME (Chapter 3) - Fase D.pdf
Puisi Jawa/Geguritan
1.
2. HOME PANGERTEN UNSUR
GURIT
CARANE
NGANGGIT
TULADHA QUIS
PANGERTEN
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes
lan endah.
Geguritan asale saka tembung “gurit” kang ateges
kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Geguritan iku
kalebu puisi Jawa modhern, amarga ora kaiket ing aturan
kayadene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham
utawa inspirasi (angen-angen).
Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula
geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda.
3. HOME PANGERTEN UNSUR
GURIT
CARANE
NGANGGIT
TULADHA QUIS
UNSUR-UNSUR GEGURITAN :
Tema
tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi,
utawa gagasan pokok kang dikarepake penulis/ penyair.
Rasa-Pangrasa
tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni
teges lan fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa.
Nada/ lagu
tegese patrap/ sikap sing digunakake ana sajroning geguritan.
Suasana
tegese kahanane bathin/ jiwa pamaos sawise maca geguritan.
Amanat kang dumunung ana geguritan.
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/ panulis marang
pamaos.
4. HOME PANGERTEN UNSUR
GURIT
CARANE
NGANGGIT
TULADHA QUIS
CARA NGANGGIT/ NULIS GEGURITAN
1. Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema) kang
arep dirembug
2. Yen underan gagasan wis ditemtokake banjur dimligekake
(spesifikasi)
3. Tema kang wis dimligi mau gawea cengkorongane
(kerangka)
4. Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung
lan tatanen ing larik-larik
5. Kanggo nambahi endahe, gunakna purwakanthi, baliswara,
pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing kamus
5. HOME PANGERTEN UNSUR
GURIT
CARANE
NGANGGIT
TULADHA QUIS
Bakat Aja Dadi Karat
Dening : Aning Asmara
Bakat mujudake kewasisan
Bakat mujudake kasenengan
Wasis… seneng…
Kabeh mau pakulinan
Pakulinan kang kudu diupakara
Bakat bisa dadi pakaryan
Bakat bisa kanggo ngoyak jagad…
Drajat…lan pangkat…
Sanadyan tanpa ragad
Olah raga bisa ngundang donya
Beksa ngleluri kabudayan Jawa
6. HOME PANGERTEN UNSUR
GURIT
CARANE
NGANGGIT
TULADHA QUIS
QUIS
Ayo padha gladhen supaya pinter…
Golekana tegese tembung ing ngisor iki :
1. Wasis
2. Pakulinan
3. Diupakara
4. Pakaryan
5. Ragat
6. Beksa
7. Ngleluri
Golekana unsur-unsur geguritan mau, banjur wacanen ing
ngarep kelas.