SlideShare a Scribd company logo
1 of 35
FAVORITA KURWIDARIA, S.S, M.Hum
WIDYA TEMBUNG
(MORFOLOGI BASA JAWA)
Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum
Pokok Materi Pembahasan
WidyaTembung
I. Tegese Widya
Tembung
II. Wujud Tembung
III. Padhapukin
Tembung
III. Jinising Tembung
Widyatembung kadhapuk saka tembung ‘widya’ lan ‘tembung’. Widya
asale saka basa Jawa Kuna kang ateges ‘ilmu’. Tembung duwe teges
rerangkening swara kang kawedhar saka tutuk kang ngemu teges, lan
kasumurupan surasane. Dene widyatembung ngemu teges ‘ilmu bab
tembung’.
Adhedhasar panjlentrehan iku, bisa kajupuk dududan dene
widyatembung iku ngrembug bab tembung, dumadine tembung, sarta owahe
sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan (afiksasi),
karangkep (pengulangan), lan kagabung/kacambor (pemajemukan).
I. Teges Widyatembung
Tembung ing basa
Jawa
A. Adhedhasar
Wujud
B. Adhedhasar
Jinis
1. Tembung Lingga
2. Tembung andhahan
3. Tembung rangkep
4. Tembung camboran
1. Tembung aran
2. Tembung kahanan
3. Tembung kriya
4. Tembung katerangan
5. Tembung wilangan
6. Tembung sesulih, lsp
• Tembung kang isih wutuh, durung rinaketan
imbuhan apa-apa
Tembung Lingga
(kata dasar)
• Tembung kang wus owah saka linggane amarga
antuk wuwuhan yaiku : ater-ater, seselan,
panambang, lan imbuhan bebarengan
Tembung andhahan
(kata jadian)
• Tembung kang dumadine srana dirangkep, ana
kang dirangkep linggane lan ana kang
dirangkep wandane.
Tembung rangkep
(kata ulang)
Tembung camboran
(kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih kang
kagandheng/kagabung dadi siji lan tembung
mau ana kang tegese dadi anyar.
II. WUJUDE TEMBUNG
A. Tembung Lingga
Tembung lingga uga lumrah kasebut kata asal/kata dasar
yaiku tembung kang durung owah saka asale (Subalidinata,
1994: 1). Durung owah saka asale ateges isih wutuh durung
r i n a k e t a n w u w u h a n a p a - a p a .
Tembung Lingga
sawanda
Tembung Lingga
rong wanda
Tembung
Lingga telung
wanda
Tembung
Lingga patang
wanda
Dom,leng, gong,
tuk, sing, yen,
lan
jampi, ati, ili, ilu
gendul, pari, jarik,
resik, Lunga, adus,
tuku, nyanyi, nglangi,
gawa, amba, jembar,
patrap
lestari,
mustaka,
waspada
piranti
manungsa
sengkuyung
Sitoresmi
Murakabi
adangiyah
mutawatir
Tuladha tembung lingga basa Jawa
Saliyane tembung lingga, ana tembung kang saemper wujude kaya
tembung lingga ananging luwih tuwa, yaiku tembung wod. Wod tegese oyod,
wujude mung sakecap. Satemah tembung wod (akar kata) yaiku tembung
kang mung sakecap ananging bisa digoleki tegese (sasangka, 2011: 40).
Tuladha:
Lur  alur, ulur, mulur (tegese dawa)
Sup  susup, angslup, tlusup (tegese mlebu)
Sor  asor, ngisor, dlosor (ngemu teges endhek)
Tembung Wod
Video Babagan Tuladhaning Tembung Lingga
Babagan tuladha tembung lingga kang ana ing sajroning konteks wacana, dakaturi
maspadhakake tuladha cakepan saka lagu langgam Jawa kang irah-irahane Ibu Pertiwi,
panembang Waljinah.
Tuladha: https://www.youtube.com/watch?v=-ormiuihJWk
Saka Cakepaning lagu Ibu Pertiwi ing ndhuwur iku, bisa dipirsani dene meh
kabeh tetembungan kang ana ing lagu kasebut nggunakake tembung lingga,
kajaba tembung ‘sesami’ ing tembung ‘sih sulistya mring sesami’ lan ‘luhuring’
ing ukara ‘kang asih luhuring budi’. Tembung iku kalebu tembung andhahan.
Tembung sesami dumadi saka tembung sami kang karangkep wanda wiwitane
dadi sasami utawa sesami (dwipurwa). Sarta tembung luhuring kang dumadi
saka tembung luhur lan /-ing/.
Tembung Andhahan yaiku tembung kang wus owah saka asale. Tembung
andhahan kadadeyan saka tembung lingga oleh ater-ater, seselan,
panambang utawa dirangkep (Subalidinata, 1994: 2). Tembung andhahan
dumadi saka rerangkening morfem bebas lan morfem terikat.
Ana uga kang ngandharake dene tembung andhahan iku tembung lingga
kang wus dirimbag. Dene pangrimbage tembung bisa kanthi:
1. Muwuhake imbuhan ing ngarep (ater-ater/prefiks), tuladha: nulis
2. Muwuhake imbuhan ing tengah (seselan/infiks), tuladha: tinulis
3. Muwuhake imbuhan ing buri (panambang/sufiks), tuladha: tulisan
4. Muwuhake imbuhan imbuhan bebarengan, tuladha: nulisake
(Sasangka, 2011: 41)
.
B. Tembung Andhahan
C. Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku tembung kang dumadine srana dirangkep.
Rerangkeping tembung iki ana loro, yaiku ana kang dirangkep linggane lan
ana kang dirangkep wandane. Tuladha ne tembung rangkep yaiku :
01
02
Tembung kang dirangkep linggane :
Mlaku  mlaku-mlaku ‘tanpa owah-owahan swara’
Bali  bola-bali ‘srana owah-owahan swara’
Tembung kang dirangkep wandane :
tetenger  tenger ‘kang dirangkep wanda ngarep’
ndhepipis  dhepis ‘kang dirangkep wanda mburine’
D. Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang
kagandheng/kagabung dadi siji lan tembung mau ana kang tegese dadi anyar.
Tembung camboran kabadum dadi loro yaiku :
01
02
Tembung Camboran wutuh, yaiku :
Meja tulis  ‘Soko tembung meja lan tulis’
Lemari kaca  ‘Soko tembung lemari lan kaca’
Tembung Camboran wancah :
Bangjo  ‘kadhapuk soko tembung abang lan ijo’
Bulik  ‘kadhapuk soko tembung ibu lan cilik’
III. Pandhapuking Tembung Basa Jawa
(Proses Morfologis)
Tembung kang wus owah saka linggane iku ngalami proses yaiku proses
morfologis. Proses morfologis yaiku proses owah-owahaning tembung lingga (monomorfem)
dadi tembung liya kang asipat polimorfem. Proses morfologis bisa kabagi dadi telu, yaiku:
(1) Rumaketing wuwuhan (Afiksasi)
(2) Karangkep (Reduplikasi), lan
(3) Kacambor Komposisi (Subroto, 1991).
Satemah bisa kasebutake dene proses owah-owahaning tembung saka tembung
lingga dadi tembung liya, iku bisa karana:
(1) kawuwuhan,
(2) karangkep, lan
(3) kacambor.
Proses morfologis bisa ndayani sawijining tembung dadi
owah:
(1) wujud,
(2) jinise sarta
(3) makna/tegese.
Tuladha: “Kinasih nyapu latar” .
Tembung nyapu kang asale saka tembung sapu, menawa
dijingglengi kanthi premati ngalami owah-owahan, yaiku:
Pandhapuking Tembung Basa Jawa
(Proses Morfologis)
Sapu  ny- + sapu  Nyapu
Tembung Lingga  Tembung Andhahan
Owahe WUJUD, tuladha :
A
Sapu  ny- + sapu  Nyapu
Tembung Aran  Tembung Kriya
Owahe JINIS, tuladha :
B
Sapu  ny- + sapu  Nyapu
Piranti kanggo reresik  Nindakaken pakaryan nganggo ‘sapu’
Owahe MAKNA/TEGES, tuladha :
C
Pandhapuking Tembung Basa Jawa
A. Rumaketing Wuwuhan (Afiksasi)
Wujud Afiksasi
Afiksasi
04
ImbuhanBebarengan
03
Panambang
02
Seselan
01
Ater-Ater
1. Ater-ater Basa Jawa
Wujud Tuladha Fungsi Teges
Hanuswara
{N-}
{ny- + sawang} = nyawang
{ng- + arit} = ngarit
{m- + watu} = matu
{n- + tulis} = nulis
{Hanuswara- + t.lingga sawanda}
{N- + cet} = ngecet
(1) Ndhapuk tembung
kriya
(2) Ndhapuk tembung
kahanan
(1) Nindakake pakaryan
kang kesebut linggane.
(2) Ngandhakake
kahanan/wakat kaya
<lingga>
{a-} {a- + klambi] = aklambi Ndhapuk tembung
kriya
(1) nganggo <lingga>,
(2) nduwe <lingga>
{ma-}/
{mer-}
{ma- + guru] = maguru
{mer- + tamba} = mertamba
Ndhapuk tembung
kriya
Nindakake pakaryan kang
kasebut linggane.
{ka-} {ka- + tulis] = katulis Ndhapuk tembung
kriya tanggap
Nindakake pakaryan kanthi
disengaja
{ke-} {ke- + dudul} = kedudul Ndhapuk tembung
kriya tanggap
Ora sengaja N-<lingga>
{maN-} {maN- + sembah} = manembah Ndhapuk tembung
kriya
Nindakake pakaryan kang
kasebut linggane.
Wujud
Ater-ater
Tuladha Fungsi Teges
{paN-} {paN- + priksa} = pamriksa
{paN- + eling} = pangeling
Ndhapuk tembung
aran
(1) wong kang <lingga>,
(2) piranti kanggo <lingga>,
(3) bab <lingga>
{sa-} {sa- + ember} = saember
{sa- + gajah} = sagajah
{sa- + sekolah} = sasekolah
Ndhapuk tembung
wilangan (numeralia)
(1) siji <lingga>,
(2) padha (karo) <lingga>,
(3) kabeh sing ana ing
<lingga>
{pi-} {pi- + awon] = piawon Ndhapuk tembung
aran
Sing di- <lingga>-ake
{tar-} {tar- + waca] = tarwaca Ndhapuk tembung
kriya lan katerangan
Nelakake katerangan kaya
kang kasebut linggane
{pra-} {pra- + tandha] =
pratandha
Ndhapuk tembung
aran
Sing dadi <lingga>
{pri-} {pri- + kanca] = prikanca Ndhapuk tembung
aran
Nerangake bab kaya kang
kasebut linggane
{kuma-}
{kami-}
{kapi-}
{kuma- + wani}=kumawani
{kami- + seseg}=kamiseseg
{kapi- + lare} = kapilare
Ndhapuk tembung
kahanan/sifat
Duwe sifat banget kaya kang
kasebut <lingga>
2. Seselan Basa Jawa
Wujud
Seselan
Tuladha Fungsi Teges
{–um-} {singkir + -um-} = sumingkir
{ulih + -um-} = mulih
{gedhe + -um-} = gumedhe
 gemedhe
{cawis + -um-} = cumawis 
cemawis
(1) Ndhapuk
tembung kriya
(2) Ndhapuk
tembung
kahanan
(1) Nindakake pakaryan
(2) Ngandhakake
kahanan kaya kang
kasebut linggane
{-in-} {tulis + -in-} = tinulis
{kasih + -in-} = kinasih
{aran + -in-} = ingaran
{apit + -in-} = ingapit
(1) Ndhapuk
tembung kriya
tanggap
(2) Ndhapuk
tembung
kahanan
(1) Nindakake pakaryan
N-<lingga>
(2) Ngandhakake
kahanan kaya kang
kasebut linggane
{-er-}/
{-el-}
{gandhul + -er-} = gerandhul
{kepyur+ -el-} = kelepyur
Ndhapuk tembung
kahanan
(1) pating <lingga>
(2) Tegese mbangetake .
3. Panambang Basa Jawa
Wujud
Panam-
bang
Tuladha Fungsi Teges
{-i} {cekel + -i} = cekeli Ndhapuk tembung
kriya
Pakon utawa akon supaya
N- <lingga>
{-a} {lunga + -a} = lungaa Ndhapuk tembung
kriya
Pakon utawa akon supaya
<lingga>
{-e}/
{-ne}
{lungguh + -e}=
lungguhe
{kanca + -e} = kancane
Ndhapuk tembung
aran
(1) Nelakake pandarbe
(2) Nelakake anggone
<lingga>
{-ane} {jiwit + -ane} = jiwitane Ndhapuk tembung
aran
Nelakake anggone N-<lingga>
{-ke/
-ake/
-aken}
{jawil + -ake} =
jawilake/jawilke
{caos + -aken} =
caosaken
ndhapuk tembung
kriya tanduk mawa
lesan
Pakon utawa parintah
{-ana} / {-
nana}
{tali + -ana} = talenana
{ampir + -ana} =
ampirana
Ndhapuk tembung
kriya tanggap
(1) Pakon
(2) Nadyan di- <lingga> -i
Wujud
Panam-
bang
Tuladha Fungsi Teges
{-an} {timbang + -an} =
timbangan
{kopiah+ -an} = kopiahan
{garap + -an} = garapan
{bathi + -an) = bathen
{mutung + -an} = mutungan
{tutup + -an} = tutupan
Ndhapuk tembung
kriya, aran, kahanan
(1) Piranti kanggo
(2) nganggo
(3) sing di- <lingga>,
(4) asil,
(5) gampang
(6) Ngandhakake kahanan
{-en}/
{-nen}
{kumbah + -en} =
kumbahen
{panu + -en} = panunen
(1) Ndhapuk
tembung kriya
(2) Ndhapuk
tembung kahanan
(1) Pakon utawa akon
supaya
(2) Nandang kahanan
{-na/-kna} [kirim + -na} = kirimna
{buka + -na] = bukakna
Ndhapuk tembung
kriya pasif
Pakon utawa akon supaya
<lingga>
3. Panambang Basa Jawa
4. Imbuhan Bebarengan
a. Imbuhan Bebarengan Rumaket (Konfiks)
Wujud Tuladhas Fungsi Teges
{ka- + -an} {ka- + lurah + -an} =
kalurahan
{ka + lumpat + -an} =
kalumpatan  kelumpatan
{ka + sudira + -an} =
kasudiran
(1) Ndhapuk tembung
kriya
(2) Ndhapuk tembung
aran
(1) kena/kapatrapan
pakaryan kang ora disengaja
utawa di- <lingga>-i,
(2) ngandhakake panggonan
<lingga>,
(3) bab <lingga>
{keN- + -en} {ke- + pinggir + -en} =
keminggiren
Ndhapuk tembung
kahanan
banget <lingga> -e
{paN-+-an} {pa- + suket + -an} =
pasuketan
{pan- + dhelik +-an} =
pandhelikan
{pany- + celup +-an} =
panyelupan
Ndhapuk tembung
aran
(1) Ngandhakake papan
panggonan,
(2) Ngandhakake
piranti/alat kanggo
<kaya kang kasebut
linggane>
{pra- + -an} {pra- + janji + -an} =
prajanjian  prajanjen
Ndhapuk tembung
aran
(1) papan panggonan,
(2) bab <lingga>
(3) padha<lingga>.
4. Imbuhan Bebarengan
b. Imbuhan Bebarengan Renggang
Wujud Tuladhas Fungsi Teges
{N- + -i} {ng + paring + -i} = maringi
Simbah maringi adhik roti
Ndhapuk
tembung
kriya
nindakake pakaryan, utawa nindakake
pakaryan kanthi wola-wali (repetitif)
{N- + -
ake/aken}
{ny- + celup + -ake} =
nyelupake
{m- + pireng + -aken} =
mirengaken
Ndhapuk
tembung
kriya tanduk
(1) kausatif (nganggo/ ndadekake/
njalari sawijining bab kaya kang
kasebut ing linggane.
(2) benefaktif (nindakake pakaryan
kaya kang kasebut ing linggane
kanggo wong liya)
{N- + -a} {ny- + coba + -a} = nyobaa
{ny- + silih + -a} = nyiliha
{m- + wetu +-a} = metua
{ng-+ alem+ -a} = ngalema
Ndhapuk
tembung
kriya
(1) pakon utawa akon supaya N-
<lingga> (imperatif),
(2) sanadyan N-<lingga> (kontradiktif)
{N- + -ana} {m- + buka + -ana} =
mbukakana
Ndhapuk
tembung
kriya
(1) akon supaya nindakake pakaryan
kaya kang kasebut linggane
(2) sanadyan di-<lingga>
{N- + -e} {m- + pethik + -e} = methike ndhapuk
tembung
aran
anggone kaya kang kasebut linggane
b. Imbuhan Bebarengan Renggang
Wujud Tuladhas Fungsi Teges
{di- + -i/ni} {di- + jiwit + -i} = dijiwiti
{di- + takon + -i} = ditakoni
Ndhapuk tembung
kriya tanggap
nindakake pakaryan kaya kang
kasebut ing linggane nganti
makaping-kaping
{di- + -a} {di- + celuk + -a} =
diceluka
Ndhapuk tembung
kriya tanggap
(1) sanadyan (pertentangan)
(2) sanadyan nindakake pakaryan
kaya kang kasebut linggane
{di- + -ana} {di- + kandha + -ana} =
dikandhanana
Ndhapuk tembung
kriya tanggap
(1) sanadyan di- <lingga> -i
(pertentangan)
(2) sanadyan nindakake pakaryan
kaya kang kasebut linggane
kanthi wola-wali
{di- + (-ke/-
ake}
{di- + bali + -ake} =
dibaliake  dibalekake
Ndhapuk tembung
kriya tanggap
wong liya nindakake pakaryan
kanggo awake dhewe
b. Imbuhan Bebarengan Renggang
Wujud Tuladhas Fungsi Teges
{in- + -an}
{in- + -ake/ke}
{in- + -ana}
{tulis + -in- + -an} =
tinulisan ‘ditulisi’
{lebu + -in- + -ake} =
linebokake ‘dilebokake’
{lambar + -in- + -ana}=
linambarana ‘dilambarana’
Ndhapuk tembung
kriya tanggap
(kata kerja pasif)
nduwe teges kang padha karo
paganggone ater-ater {–di} lan
panambang {–an /-ake/-ana}
{-um + -a } {lebu + -um- + -a} =
lumebua
Ndhapuk tembung
kriya tanduk (kata
kerja aktif)
pakon (akan supaya nindakake
pakaryan kaya kang kasebut ing
linggane)
{sa- + -e} {sa- + teka + -e} =
satekane
{sa- + kancane + -e} =
sajempole
{sa- + pundhak + -e} =
sapundhake
Ndhapuk tembung
kriya tanggap
(1) ngati <lingga>,
(2) karo/lan <lingga> -e,
(3) padha karo <lingga> -e
B. Rerangkeping Tembung (Reduplikasi)
Reduplikasi yaiku proses rerangkeping tembung lingga (Mulyana, 2007: 42).
Tembung kang dirangkep iku bakal malih dadi tembung rangkep. Tembung
rangkep ing basa Jawa ana loro, yaiku tembung kang dumadine srana
dirangkep linggane, lan ana kang dirangkep wandane (Subalidinata, 1994:88).
Linggane
• Dwilingga wantah (murni)
• Dwilingga salin swara
Wandane
• Dwipurwa
• Dwiwasana
Jinise tembung rangkep
Dwilingga wantah (murni) yaiku tembung lingga kang karangkep utuh, ora
ngalami owah-owahan swara. Tembung lingga kang dirangkep iki, padatan ngemu
teges: akeh (pluralitas), mbangetake surasa, sanadyan, tansah utawa bola-bali.
Tuladha:
(1) Sithik-sithik wae anggonmu madhang, supaya ora keselak
Sithik-sithik tegese tansah sithik
(2) Bocah kae cilik-cilik nanging rak pinter
cilik-cilik ngemu teges sanadyan
1. Dwilingga wantah (murni)
Menu
2. Dwilingga salin swara
Dwilingga salin swara yaiku tembung lingga kang karangkep mawa owah-owahan
swara. Tembung lingga kang kadhapuk dadi dwilingga salin swara ngemu teges:
(a) akeh (pluralitas) , (b) bola-bali <lingga>, (c) tansah <lingga>
Tuladha:
(1) Kowe kok mung ida-idu wae
ida-idu tegese bola-bali idu
(2) Dheweke kuwi senang-seneng wae yen diajak dolan
senang-seneng tegese tansah
Dwipurwa yaiku tembung lingga kang wanda wiwitane dirangkep. Dwipurwa
duwe kabisan ndhapuk tembung dadi tembung aran utawa tembung kriya, sarta
ngemu teges terus-terusan anggone <lingga>, utawa bab <lingga> .
Tuladha:
(1) Lara  lelara ‘bab lara’
(2) resik  reresik ‘terus-terusan anggone ngresiki’
3. Dwipurwa
Jinise tembung rangkep
Menu
4. Dwiwasana
Dwiwasana yaiku tembung lingga kang karangkep wanda wekasane. Tembung
lingga kang dirangkep wandane dadi dwiwasana bisa ngemu teges ambal-ambalan.
Tuladha:
(1) Cengenges linggane cenges
(2) Cekakak linggane cekak
(3) Pethentheng linggane pentheng
(4) Jegeges linggane jeges
Tembung rangkep uga bisa diwenehi ater-ater, seselan, sarta panambang.
Kaya tuladha ing ngisor iki.
(1) Diremet-remet (4) Udan-udanan
(2) Dilelara (5) Lelungan
(3) Tulis tinulis (6) Bebungahe
5. Tembung Rangkep Mawa Imbuhan
Menu
Tembung rangkep kang ana ing konteks wacana lagu.
Lagu langgam Jawa, Yen Ing Tawang Ana Lintang
https://www.youtube.com/watch?v=W1REZwCVqas
Jinise tembung rangkep
C. KACAMBORING TEMBUNG (KOMPOSITUM)
Owah-owahaning tembung dadi tembung liya uga bisa karana kacambor,
yaiku tembung loro utawa luwih kang kagandheng/kagabung dadi siji lan
dadi tembung anyar. Saliyane iku tembung mau uga ana kang duwe teges
melu anyar. Tembung iku ingaran tembung camboran. Tembung
Camboran ana loro yaiku: Camboran wutuh lan tugel
• Tembung Camboran kang Tegese Owah Kabeh.
Tuladha: randha royal (tape goreng)
• Tembung Camboran kang Tegese Spesifik.
Tuladha: wedhus kacang (wedhus kang ora bisa
gedhe),
• Tembung Camboran Tegese Mbangetake.
Tuladha: ireng thuntheng (ireng banget)
• Tembung Camboran Tegese Sanepan (Kiasan) .
Tuladha: rai gedheg (ora duwe isin)
TEMBUNG
CAMBORAN
WUTUH
• panastis {panas + atis}
• ginastel {legi + panas + kenthel}
TEMBUNG
CAMBORAN TUGEL
IV. Jinising Tembung Basa Jawa
JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA
1. Tembung Aran Tembung kang mratelakake
jenenge barang utawa apa wae
kang kaanggep barang (Sasangka,
2011: 108)
a. Tembung aran katon
kalung, dalan, kalpika
b. Tembung aran tan katon
Suwarga,
2. Tembung Kriya Tembung kang mratelakake solah
bawa utawa tandang gawe utawa
nelakake lumakuning kahanan
(Sasangka, 2011: 110).
a. Kriya tanduk
(1) Mawa lisan
nggawa, ndulangake,
ngajari
(2) Tanpa lisan
adus, tiba, lunga
b. Kriya tanggap
dicekel, cinekel, kacekel
3. Tembung
Kahanan
Tembung kang bisa mratelakake
kaanan utawa watak sawijining
barang utawa bab (Sasangka,
2011: 114)
a. Tembung watak
dahwen, clingus, blater,
loma
b. Tembung Kahanan
bungah, susah, sepi,
rame,
IV. Jinising Tembung Basa Jawa
JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA
4. Tembung
Katerangan
Tembung kang aweh katerangan
tumrap tembung liya
arep, durung, uwis, lagi, ora,
dudu, meh, rada, wae.
5. Tembung Sesulih Tembung sesulih yaiku tembung
kang digunakake minangka
sesulihing uwong, barang, utawa
apa wae kang dianggep barang
(Sasangka, 2011: 119)
a. Sesulih Purusa
aku, kowe, dheweke
b. Sesulih pandarbe
-ku, -mu, -ne/-e
c. Sesulih panuduh,
iki, kae, kono
d. Sesulih panyilah
Kang, sing, ingkang
e. Sesulih pitakon
Apa, sapa, endi,
f. Sesulih sadhengah
Apa-apa, sapa wae,
IV. Jinising Tembung Basa Jawa
JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA
6. Tembung
Wilangan
Tembung kang nuduhake
sawijining jumlah, tingkatan,
utawa urutan menawa tinulis
kanthi grafis bisa nggunakake
angka (Pedjosoedarmo, 1979:
144)
a. Wilangan babon. Tuladha:
siji, loro, sewelas, sedaya
b. Wilangan susun. Tuladha:
kapisan, kapindho, katelu,
kaping sekawan
c. Wilangan pecahan.
Tuladha: seprapat,
telungprapat, karotengah.
7. Tembung
Panggandheng
Tembung kang gunane kanggo
nggandhengake ukara siji lan
ukara liyane murih ukara dadi
tambah dawa (Sasangka, 2011:
133)
Lan, sarta, dalah, miwah,
Jalaran, yen, karana, banjur
IV. Jinising Tembung Basa Jawa
JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA
8. Tembung Ancer-Ancer Tembung kang nuduhake
sawijining jumlah, tingkatan,
utawa urutan menawa tinulis
kanthi grafis bisa nggunakake
angka (Pedjosoedarmo,
1979: 144)
ing, saka, dhateng, menyang,
marang, nganti, saking
9. Tembung Panyilah Tembung kang gunane
kanggo nyilahake patrap,
barang, utawa sawijining bab
(Sasangka, 2011: 137)
si, sang, kang, ingkang, para,
sing
10. Tembung Panyeru Tembung kang nggambarake
wedharing rasa seneng,
kaget, kuciwa, susah, gumun
(Sasangka, 2011: 137)
adhuh, ah, eh, nah, wah,
iyung, oalah.
Rangkuman
Widyatembung yaiku salah sawijining perangan saka paramasastra kang nyinau bab
tembung, dumadine tembung, sarta owah-owahaning sawijining tembung dadi
tembung liya. Owah-owahaning tembung dadi tembung liya iku bisa karana
kawuwuhan, kacambor utawa kagabung. Owah-owahan sawijining tembung kang
asipat monomorfem dadi tembung liya kang asipat polimorfem kaaran proses
morfologis. Proses morfologis bisa kabedakake dadi telung jinis, yaiku: (1)
rumaketing wuwuhan (afiksasi), (2), rerangkeping tembung (Reduplikasi), (3)
kacamboring tembung (komposisi). Dene tembung ing basa Jawa adhedhasar jinise
bisa kabedakake dadi sepuluh, yaiku: (1) tembung aran (kata benda/nomina), (2)
tembung kriya (kata kerja/verba), (3) tembung kahanan (kata sipat/adjektiva), (4)
tembung katerangan (kata keterangan/aderbia), (5) tembung sesulih (kata
ganti/pronomina), (6) Tembung wilangan (kata bilangan/numeralia), (7) Tembung
panggandheng (kata penghubung/konjungsi), (8) tembung ancer- ancer (kata
depan/preposisi), (9) tembung panyilah (kata sandang), (10) tembung panyeru
(kata seru/interjeksi).
Daftar Pustaka
Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa (Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa).
Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Poedjosoedarmo, Soepomo. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud
Poerwadarminto. W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Djakarta: J.B. Wolters Uitgevers
Maatshappij NV.
Putrayasa, Ida Bagus. 2010. Kajian Morfologi. Bandung: Rafika Aditama
Sasangka. Sry Satria Tjatur Wisnu. 2011. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan
Paramalingua.
Subalidinata. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogykarta: Yayasan Pustaka
Nusatama
Subroto, Edi.D. 1991. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud.
Sutarjo, Imam. 2008. Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi. Surakarta: Jurusan
Sastra Daerah FSSR UNS.
Wedhowati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius.

More Related Content

What's hot

Cara pembentukan fonem bahasa indonesia
Cara pembentukan fonem bahasa indonesia Cara pembentukan fonem bahasa indonesia
Cara pembentukan fonem bahasa indonesia illaaaaaa
 
PPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdf
PPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdfPPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdf
PPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdfgamauipondoklabu
 
Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7
Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7
Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7Isnaini Shaleh
 
Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...
Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...
Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...Muhammad Iqbal
 
instrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilan
instrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilaninstrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilan
instrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilanSurya Eka
 
Contoh rpp kurikulum 2013
Contoh rpp kurikulum 2013Contoh rpp kurikulum 2013
Contoh rpp kurikulum 2013Nia Piliang
 
BAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYAS
BAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYASBAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYAS
BAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYASprimagraphology consulting
 
Pendekatan dalam manajemen kelas
Pendekatan dalam manajemen kelasPendekatan dalam manajemen kelas
Pendekatan dalam manajemen kelasSofia Mafaza
 
Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...
Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...
Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...Titin Agustini
 
ppt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Kata
ppt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Katappt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Kata
ppt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Katadinitsyh
 
Ppt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII Introduction
Ppt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII IntroductionPpt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII Introduction
Ppt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII IntroductionSiti Purwaningsih
 
[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdf
[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdf[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdf
[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdfYusufIsmail34
 
Format dan scoring rubric penilaian
Format dan scoring rubric penilaianFormat dan scoring rubric penilaian
Format dan scoring rubric penilaianRia Dwi Pratiwi
 
proposal skripsi kualitatif deskriptif
proposal skripsi kualitatif deskriptifproposal skripsi kualitatif deskriptif
proposal skripsi kualitatif deskriptifWahyu Hidayat
 
Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4
Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4
Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4Modul Guruku
 
contoh penilaian autentik
contoh penilaian autentikcontoh penilaian autentik
contoh penilaian autentikTuti Lestari
 
Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)
Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)
Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)AnitaRohimah
 
Pemetaan bahasa inggris kelas ii
Pemetaan bahasa inggris kelas iiPemetaan bahasa inggris kelas ii
Pemetaan bahasa inggris kelas iiAcci Sanaky
 

What's hot (20)

Pedoman penskoran
Pedoman penskoranPedoman penskoran
Pedoman penskoran
 
Cara pembentukan fonem bahasa indonesia
Cara pembentukan fonem bahasa indonesia Cara pembentukan fonem bahasa indonesia
Cara pembentukan fonem bahasa indonesia
 
PPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdf
PPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdfPPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdf
PPT Bahasa Inggris Conditional Sentence.pdf
 
Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7
Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7
Contoh rpp teks deskripsi smp kelas 7
 
Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...
Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...
Modul Ajar Bahasa Indonesia Fase A Kelas 1 SD Materi Elemen Teks Narasi Bunyi...
 
instrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilan
instrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilaninstrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilan
instrumen penilaian sikap pengetahuan dan ketrampilan
 
Contoh rpp kurikulum 2013
Contoh rpp kurikulum 2013Contoh rpp kurikulum 2013
Contoh rpp kurikulum 2013
 
BAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYAS
BAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYASBAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYAS
BAHASA INDONESIA UNTUK SD & MI KELAS 5 -- SRI MURNI & AMBAR WIDIANINGTYAS
 
Makalah Ragam Bahasa Indonesia
Makalah Ragam Bahasa IndonesiaMakalah Ragam Bahasa Indonesia
Makalah Ragam Bahasa Indonesia
 
Pendekatan dalam manajemen kelas
Pendekatan dalam manajemen kelasPendekatan dalam manajemen kelas
Pendekatan dalam manajemen kelas
 
Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...
Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...
Upaya Meningkatkan Kemampuan Peserta Didik Menulis Teks Report Mata Pelajaran...
 
ppt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Kata
ppt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Katappt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Kata
ppt Kata, Jenis Kata, dan Pembentukkan Kata
 
Ppt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII Introduction
Ppt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII IntroductionPpt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII Introduction
Ppt materi Bahasa Inggris SMP Kelas VII Introduction
 
[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdf
[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdf[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdf
[BOLD] Kisi-Kisi US Bahasa Inggris SMA 2023.pdf
 
Format dan scoring rubric penilaian
Format dan scoring rubric penilaianFormat dan scoring rubric penilaian
Format dan scoring rubric penilaian
 
proposal skripsi kualitatif deskriptif
proposal skripsi kualitatif deskriptifproposal skripsi kualitatif deskriptif
proposal skripsi kualitatif deskriptif
 
Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4
Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4
Modul Ajar Bahasa Inggris Kelas 7 SMP Fase D Chapter 4
 
contoh penilaian autentik
contoh penilaian autentikcontoh penilaian autentik
contoh penilaian autentik
 
Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)
Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)
Pembelajaran bahasa inggris kelas 2 (anggota tubuh)
 
Pemetaan bahasa inggris kelas ii
Pemetaan bahasa inggris kelas iiPemetaan bahasa inggris kelas ii
Pemetaan bahasa inggris kelas ii
 

Similar to Tembung Jawa

Asep sutarya smk terpadulampang
Asep sutarya smk terpadulampangAsep sutarya smk terpadulampang
Asep sutarya smk terpadulampangNie Andini
 
Mofologi BAHASA MELAYU
Mofologi BAHASA MELAYUMofologi BAHASA MELAYU
Mofologi BAHASA MELAYU@f!Q@H @F!N@
 
Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]
Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]
Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]Yunus Thariq
 
Tembung lingga lan tembung wod
Tembung lingga lan tembung wodTembung lingga lan tembung wod
Tembung lingga lan tembung wodFitriHastuti2
 
Bahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa Jawa
Bahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa JawaBahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa Jawa
Bahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa JawaSMP Negeri 1 Karanganyar
 
Kata ganda
Kata ganda Kata ganda
Kata ganda firo HAR
 
Makalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan Berbahasa
Makalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan BerbahasaMakalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan Berbahasa
Makalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan BerbahasaDewi Puspitasari
 
Parts of speech
Parts of speechParts of speech
Parts of speechwiratra
 
Tugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa Indonesia
Tugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa IndonesiaTugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa Indonesia
Tugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa IndonesiaDwi Permadi
 
Concept meaning in trans suhridin
Concept meaning in trans suhridinConcept meaning in trans suhridin
Concept meaning in trans suhridinKhuzain Terate
 

Similar to Tembung Jawa (20)

Asep sutarya smk terpadulampang
Asep sutarya smk terpadulampangAsep sutarya smk terpadulampang
Asep sutarya smk terpadulampang
 
Mofologi BAHASA MELAYU
Mofologi BAHASA MELAYUMofologi BAHASA MELAYU
Mofologi BAHASA MELAYU
 
Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]
Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]
Tata Bahasa Indonesia [Mindmapping dan Landasan Teori]
 
Tembung lingga lan tembung wod
Tembung lingga lan tembung wodTembung lingga lan tembung wod
Tembung lingga lan tembung wod
 
Bahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa Jawa
Bahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa JawaBahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa Jawa
Bahasa Jawa_Parama Sastra lan Kagunan Basa Jawa
 
Frasa
FrasaFrasa
Frasa
 
B.indonesia kata ulang
B.indonesia   kata ulangB.indonesia   kata ulang
B.indonesia kata ulang
 
Kata ganda
Kata ganda Kata ganda
Kata ganda
 
Parts of Speech
Parts of SpeechParts of Speech
Parts of Speech
 
Makalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan Berbahasa
Makalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan BerbahasaMakalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan Berbahasa
Makalah Kebahasaan, Kesusastraan, Periodeisasi dan Keterampilan Berbahasa
 
Tugas fitri
Tugas fitriTugas fitri
Tugas fitri
 
Tugas fitri
Tugas fitriTugas fitri
Tugas fitri
 
Frasa 2010
Frasa 2010 Frasa 2010
Frasa 2010
 
Parts of speech
Parts of speechParts of speech
Parts of speech
 
Materi b ing fisip
Materi b ing fisipMateri b ing fisip
Materi b ing fisip
 
Morfologi
MorfologiMorfologi
Morfologi
 
Tugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa Indonesia
Tugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa IndonesiaTugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa Indonesia
Tugas presentasi bahasa indonesia tentang kata dalam bahasa Indonesia
 
VERB.pptx
VERB.pptxVERB.pptx
VERB.pptx
 
Concept meaning in trans suhridin
Concept meaning in trans suhridinConcept meaning in trans suhridin
Concept meaning in trans suhridin
 
Concept meaning in trans suhridin
Concept meaning in trans suhridinConcept meaning in trans suhridin
Concept meaning in trans suhridin
 

More from SPADAIndonesia

Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWAPpt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWASPADAIndonesia
 
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARIM5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARISPADAIndonesia
 
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWAM5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWASPADAIndonesia
 
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATM4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANSPADAIndonesia
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANSPADAIndonesia
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANM3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANSPADAIndonesia
 
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKM3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKSPADAIndonesia
 
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWAM3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWASPADAIndonesia
 
M2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUSM2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUSSPADAIndonesia
 
M2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUSM2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUSSPADAIndonesia
 

More from SPADAIndonesia (20)

Ppt m5 kb 2 SESORAH
Ppt m5 kb 2 SESORAHPpt m5 kb 2 SESORAH
Ppt m5 kb 2 SESORAH
 
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWAPpt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
 
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARIM5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
 
M5 kb 3 BUSANA JAWA
M5 kb 3 BUSANA JAWAM5 kb 3 BUSANA JAWA
M5 kb 3 BUSANA JAWA
 
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWAM5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
 
M5 kb 2 SESORAH
M5 kb 2 SESORAHM5 kb 2 SESORAH
M5 kb 2 SESORAH
 
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATM4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
 
M6 kb1
M6 kb1M6 kb1
M6 kb1
 
M4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARANM4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARAN
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
 
M4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARANM4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARAN
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
 
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANM3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
 
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKM3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
 
M3 kb 1 AKSARA JAWA
M3 kb 1 AKSARA JAWAM3 kb 1 AKSARA JAWA
M3 kb 1 AKSARA JAWA
 
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWAM3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
 
M2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUSM2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUS
 
M2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUSM2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUS
 

Recently uploaded

Materi Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptx
Materi Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptxMateri Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptx
Materi Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptxRezaWahyuni6
 
BAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptx
BAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptxBAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptx
BAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptxJamhuriIshak
 
KONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptx
KONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptxKONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptx
KONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptxawaldarmawan3
 
Lembar Observasi Pembelajaran di Kelas.docx
Lembar Observasi Pembelajaran di  Kelas.docxLembar Observasi Pembelajaran di  Kelas.docx
Lembar Observasi Pembelajaran di Kelas.docxbkandrisaputra
 
Lembar Catatan Percakapan Pasca observasidocx
Lembar Catatan Percakapan Pasca observasidocxLembar Catatan Percakapan Pasca observasidocx
Lembar Catatan Percakapan Pasca observasidocxbkandrisaputra
 
421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptx
421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptx421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptx
421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptxGiftaJewela
 
Dinamika Hidrosfer geografi kelas X genap
Dinamika Hidrosfer geografi kelas X genapDinamika Hidrosfer geografi kelas X genap
Dinamika Hidrosfer geografi kelas X genapsefrida3
 
Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)
Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)
Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)3HerisaSintia
 
PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...
PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...
PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...Kanaidi ken
 
AKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptx
AKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptxAKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptx
AKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptxWirionSembiring2
 
REFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdf
REFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdfREFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdf
REFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdfirwanabidin08
 
Modul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdf
Modul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdfModul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdf
Modul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdfSitiJulaeha820399
 
Wawasan Nusantara sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...
Wawasan Nusantara  sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...Wawasan Nusantara  sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...
Wawasan Nusantara sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...MarwanAnugrah
 
Aksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdf
Aksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdfAksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdf
Aksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdfDimanWr1
 
Kelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdf
Kelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdfKelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdf
Kelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdftsaniasalftn18
 
DESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptx
DESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptxDESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptx
DESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptxFuzaAnggriana
 
Laporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMM
Laporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMMLaporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMM
Laporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMMmulyadia43
 
Aksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru Penggerak
Aksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru PenggerakAksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru Penggerak
Aksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru Penggeraksupriadi611
 
JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5
JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5
JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5ssuserd52993
 
TUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdf
TUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdfTUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdf
TUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdfElaAditya
 

Recently uploaded (20)

Materi Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptx
Materi Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptxMateri Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptx
Materi Pertemuan Materi Pertemuan 7.pptx
 
BAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptx
BAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptxBAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptx
BAHAN SOSIALISASI PPDB SMA-SMK NEGERI DISDIKSU TP. 2024-2025 REVISI.pptx
 
KONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptx
KONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptxKONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptx
KONSEP KEBUTUHAN AKTIVITAS DAN LATIHAN.pptx
 
Lembar Observasi Pembelajaran di Kelas.docx
Lembar Observasi Pembelajaran di  Kelas.docxLembar Observasi Pembelajaran di  Kelas.docx
Lembar Observasi Pembelajaran di Kelas.docx
 
Lembar Catatan Percakapan Pasca observasidocx
Lembar Catatan Percakapan Pasca observasidocxLembar Catatan Percakapan Pasca observasidocx
Lembar Catatan Percakapan Pasca observasidocx
 
421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptx
421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptx421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptx
421783639-ppt-overdosis-dan-keracunan-pptx.pptx
 
Dinamika Hidrosfer geografi kelas X genap
Dinamika Hidrosfer geografi kelas X genapDinamika Hidrosfer geografi kelas X genap
Dinamika Hidrosfer geografi kelas X genap
 
Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)
Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)
Karakteristik Negara Mesir (Geografi Regional Dunia)
 
PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...
PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...
PELAKSANAAN + Link2 Materi Pelatihan "Teknik Perhitungan & Verifikasi TKDN & ...
 
AKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptx
AKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptxAKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptx
AKSI NYATA MODUL 1.2-1 untuk pendidikan guru penggerak.pptx
 
REFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdf
REFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdfREFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdf
REFLEKSI MANDIRI_Prakarsa Perubahan BAGJA Modul 1.3.pdf
 
Modul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdf
Modul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdfModul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdf
Modul 1.2.a.8 Koneksi antar materi 1.2.pdf
 
Wawasan Nusantara sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...
Wawasan Nusantara  sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...Wawasan Nusantara  sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...
Wawasan Nusantara sebagai satu kesatuan, politik, ekonomi, sosial, budaya, d...
 
Aksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdf
Aksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdfAksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdf
Aksi nyata disiplin positif Hj. Hasnani (1).pdf
 
Kelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdf
Kelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdfKelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdf
Kelompok 2 Karakteristik Negara Nigeria.pdf
 
DESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptx
DESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptxDESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptx
DESAIN MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA BERBASIS DIGITAL.pptx
 
Laporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMM
Laporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMMLaporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMM
Laporan Guru Piket untuk Pengisian RHK Guru Pengelolaan KInerja Guru di PMM
 
Aksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru Penggerak
Aksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru PenggerakAksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru Penggerak
Aksi Nyata Modul 1.1 Calon Guru Penggerak
 
JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5
JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5
JAWAPAN BAB 1 DAN BAB 2 SAINS TINGKATAN 5
 
TUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdf
TUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdfTUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdf
TUGAS GURU PENGGERAK Aksi Nyata Modul 1.1.pdf
 

Tembung Jawa

  • 1. FAVORITA KURWIDARIA, S.S, M.Hum WIDYA TEMBUNG (MORFOLOGI BASA JAWA) Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum
  • 2. Pokok Materi Pembahasan WidyaTembung I. Tegese Widya Tembung II. Wujud Tembung III. Padhapukin Tembung III. Jinising Tembung
  • 3. Widyatembung kadhapuk saka tembung ‘widya’ lan ‘tembung’. Widya asale saka basa Jawa Kuna kang ateges ‘ilmu’. Tembung duwe teges rerangkening swara kang kawedhar saka tutuk kang ngemu teges, lan kasumurupan surasane. Dene widyatembung ngemu teges ‘ilmu bab tembung’. Adhedhasar panjlentrehan iku, bisa kajupuk dududan dene widyatembung iku ngrembug bab tembung, dumadine tembung, sarta owahe sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan (afiksasi), karangkep (pengulangan), lan kagabung/kacambor (pemajemukan). I. Teges Widyatembung
  • 4. Tembung ing basa Jawa A. Adhedhasar Wujud B. Adhedhasar Jinis 1. Tembung Lingga 2. Tembung andhahan 3. Tembung rangkep 4. Tembung camboran 1. Tembung aran 2. Tembung kahanan 3. Tembung kriya 4. Tembung katerangan 5. Tembung wilangan 6. Tembung sesulih, lsp
  • 5. • Tembung kang isih wutuh, durung rinaketan imbuhan apa-apa Tembung Lingga (kata dasar) • Tembung kang wus owah saka linggane amarga antuk wuwuhan yaiku : ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan Tembung andhahan (kata jadian) • Tembung kang dumadine srana dirangkep, ana kang dirangkep linggane lan ana kang dirangkep wandane. Tembung rangkep (kata ulang) Tembung camboran (kata majemuk) Tembung loro utawa luwih kang kagandheng/kagabung dadi siji lan tembung mau ana kang tegese dadi anyar. II. WUJUDE TEMBUNG
  • 6. A. Tembung Lingga Tembung lingga uga lumrah kasebut kata asal/kata dasar yaiku tembung kang durung owah saka asale (Subalidinata, 1994: 1). Durung owah saka asale ateges isih wutuh durung r i n a k e t a n w u w u h a n a p a - a p a . Tembung Lingga sawanda Tembung Lingga rong wanda Tembung Lingga telung wanda Tembung Lingga patang wanda Dom,leng, gong, tuk, sing, yen, lan jampi, ati, ili, ilu gendul, pari, jarik, resik, Lunga, adus, tuku, nyanyi, nglangi, gawa, amba, jembar, patrap lestari, mustaka, waspada piranti manungsa sengkuyung Sitoresmi Murakabi adangiyah mutawatir Tuladha tembung lingga basa Jawa
  • 7. Saliyane tembung lingga, ana tembung kang saemper wujude kaya tembung lingga ananging luwih tuwa, yaiku tembung wod. Wod tegese oyod, wujude mung sakecap. Satemah tembung wod (akar kata) yaiku tembung kang mung sakecap ananging bisa digoleki tegese (sasangka, 2011: 40). Tuladha: Lur  alur, ulur, mulur (tegese dawa) Sup  susup, angslup, tlusup (tegese mlebu) Sor  asor, ngisor, dlosor (ngemu teges endhek) Tembung Wod
  • 8. Video Babagan Tuladhaning Tembung Lingga Babagan tuladha tembung lingga kang ana ing sajroning konteks wacana, dakaturi maspadhakake tuladha cakepan saka lagu langgam Jawa kang irah-irahane Ibu Pertiwi, panembang Waljinah. Tuladha: https://www.youtube.com/watch?v=-ormiuihJWk Saka Cakepaning lagu Ibu Pertiwi ing ndhuwur iku, bisa dipirsani dene meh kabeh tetembungan kang ana ing lagu kasebut nggunakake tembung lingga, kajaba tembung ‘sesami’ ing tembung ‘sih sulistya mring sesami’ lan ‘luhuring’ ing ukara ‘kang asih luhuring budi’. Tembung iku kalebu tembung andhahan. Tembung sesami dumadi saka tembung sami kang karangkep wanda wiwitane dadi sasami utawa sesami (dwipurwa). Sarta tembung luhuring kang dumadi saka tembung luhur lan /-ing/.
  • 9. Tembung Andhahan yaiku tembung kang wus owah saka asale. Tembung andhahan kadadeyan saka tembung lingga oleh ater-ater, seselan, panambang utawa dirangkep (Subalidinata, 1994: 2). Tembung andhahan dumadi saka rerangkening morfem bebas lan morfem terikat. Ana uga kang ngandharake dene tembung andhahan iku tembung lingga kang wus dirimbag. Dene pangrimbage tembung bisa kanthi: 1. Muwuhake imbuhan ing ngarep (ater-ater/prefiks), tuladha: nulis 2. Muwuhake imbuhan ing tengah (seselan/infiks), tuladha: tinulis 3. Muwuhake imbuhan ing buri (panambang/sufiks), tuladha: tulisan 4. Muwuhake imbuhan imbuhan bebarengan, tuladha: nulisake (Sasangka, 2011: 41) . B. Tembung Andhahan
  • 10. C. Tembung Rangkep Tembung rangkep yaiku tembung kang dumadine srana dirangkep. Rerangkeping tembung iki ana loro, yaiku ana kang dirangkep linggane lan ana kang dirangkep wandane. Tuladha ne tembung rangkep yaiku : 01 02 Tembung kang dirangkep linggane : Mlaku  mlaku-mlaku ‘tanpa owah-owahan swara’ Bali  bola-bali ‘srana owah-owahan swara’ Tembung kang dirangkep wandane : tetenger  tenger ‘kang dirangkep wanda ngarep’ ndhepipis  dhepis ‘kang dirangkep wanda mburine’
  • 11. D. Tembung Camboran Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang kagandheng/kagabung dadi siji lan tembung mau ana kang tegese dadi anyar. Tembung camboran kabadum dadi loro yaiku : 01 02 Tembung Camboran wutuh, yaiku : Meja tulis  ‘Soko tembung meja lan tulis’ Lemari kaca  ‘Soko tembung lemari lan kaca’ Tembung Camboran wancah : Bangjo  ‘kadhapuk soko tembung abang lan ijo’ Bulik  ‘kadhapuk soko tembung ibu lan cilik’
  • 12. III. Pandhapuking Tembung Basa Jawa (Proses Morfologis) Tembung kang wus owah saka linggane iku ngalami proses yaiku proses morfologis. Proses morfologis yaiku proses owah-owahaning tembung lingga (monomorfem) dadi tembung liya kang asipat polimorfem. Proses morfologis bisa kabagi dadi telu, yaiku: (1) Rumaketing wuwuhan (Afiksasi) (2) Karangkep (Reduplikasi), lan (3) Kacambor Komposisi (Subroto, 1991). Satemah bisa kasebutake dene proses owah-owahaning tembung saka tembung lingga dadi tembung liya, iku bisa karana: (1) kawuwuhan, (2) karangkep, lan (3) kacambor.
  • 13. Proses morfologis bisa ndayani sawijining tembung dadi owah: (1) wujud, (2) jinise sarta (3) makna/tegese. Tuladha: “Kinasih nyapu latar” . Tembung nyapu kang asale saka tembung sapu, menawa dijingglengi kanthi premati ngalami owah-owahan, yaiku:
  • 14. Pandhapuking Tembung Basa Jawa (Proses Morfologis) Sapu  ny- + sapu  Nyapu Tembung Lingga  Tembung Andhahan Owahe WUJUD, tuladha : A Sapu  ny- + sapu  Nyapu Tembung Aran  Tembung Kriya Owahe JINIS, tuladha : B Sapu  ny- + sapu  Nyapu Piranti kanggo reresik  Nindakaken pakaryan nganggo ‘sapu’ Owahe MAKNA/TEGES, tuladha : C
  • 15. Pandhapuking Tembung Basa Jawa A. Rumaketing Wuwuhan (Afiksasi) Wujud Afiksasi Afiksasi 04 ImbuhanBebarengan 03 Panambang 02 Seselan 01 Ater-Ater
  • 16. 1. Ater-ater Basa Jawa Wujud Tuladha Fungsi Teges Hanuswara {N-} {ny- + sawang} = nyawang {ng- + arit} = ngarit {m- + watu} = matu {n- + tulis} = nulis {Hanuswara- + t.lingga sawanda} {N- + cet} = ngecet (1) Ndhapuk tembung kriya (2) Ndhapuk tembung kahanan (1) Nindakake pakaryan kang kesebut linggane. (2) Ngandhakake kahanan/wakat kaya <lingga> {a-} {a- + klambi] = aklambi Ndhapuk tembung kriya (1) nganggo <lingga>, (2) nduwe <lingga> {ma-}/ {mer-} {ma- + guru] = maguru {mer- + tamba} = mertamba Ndhapuk tembung kriya Nindakake pakaryan kang kasebut linggane. {ka-} {ka- + tulis] = katulis Ndhapuk tembung kriya tanggap Nindakake pakaryan kanthi disengaja {ke-} {ke- + dudul} = kedudul Ndhapuk tembung kriya tanggap Ora sengaja N-<lingga> {maN-} {maN- + sembah} = manembah Ndhapuk tembung kriya Nindakake pakaryan kang kasebut linggane.
  • 17. Wujud Ater-ater Tuladha Fungsi Teges {paN-} {paN- + priksa} = pamriksa {paN- + eling} = pangeling Ndhapuk tembung aran (1) wong kang <lingga>, (2) piranti kanggo <lingga>, (3) bab <lingga> {sa-} {sa- + ember} = saember {sa- + gajah} = sagajah {sa- + sekolah} = sasekolah Ndhapuk tembung wilangan (numeralia) (1) siji <lingga>, (2) padha (karo) <lingga>, (3) kabeh sing ana ing <lingga> {pi-} {pi- + awon] = piawon Ndhapuk tembung aran Sing di- <lingga>-ake {tar-} {tar- + waca] = tarwaca Ndhapuk tembung kriya lan katerangan Nelakake katerangan kaya kang kasebut linggane {pra-} {pra- + tandha] = pratandha Ndhapuk tembung aran Sing dadi <lingga> {pri-} {pri- + kanca] = prikanca Ndhapuk tembung aran Nerangake bab kaya kang kasebut linggane {kuma-} {kami-} {kapi-} {kuma- + wani}=kumawani {kami- + seseg}=kamiseseg {kapi- + lare} = kapilare Ndhapuk tembung kahanan/sifat Duwe sifat banget kaya kang kasebut <lingga>
  • 18. 2. Seselan Basa Jawa Wujud Seselan Tuladha Fungsi Teges {–um-} {singkir + -um-} = sumingkir {ulih + -um-} = mulih {gedhe + -um-} = gumedhe  gemedhe {cawis + -um-} = cumawis  cemawis (1) Ndhapuk tembung kriya (2) Ndhapuk tembung kahanan (1) Nindakake pakaryan (2) Ngandhakake kahanan kaya kang kasebut linggane {-in-} {tulis + -in-} = tinulis {kasih + -in-} = kinasih {aran + -in-} = ingaran {apit + -in-} = ingapit (1) Ndhapuk tembung kriya tanggap (2) Ndhapuk tembung kahanan (1) Nindakake pakaryan N-<lingga> (2) Ngandhakake kahanan kaya kang kasebut linggane {-er-}/ {-el-} {gandhul + -er-} = gerandhul {kepyur+ -el-} = kelepyur Ndhapuk tembung kahanan (1) pating <lingga> (2) Tegese mbangetake .
  • 19. 3. Panambang Basa Jawa Wujud Panam- bang Tuladha Fungsi Teges {-i} {cekel + -i} = cekeli Ndhapuk tembung kriya Pakon utawa akon supaya N- <lingga> {-a} {lunga + -a} = lungaa Ndhapuk tembung kriya Pakon utawa akon supaya <lingga> {-e}/ {-ne} {lungguh + -e}= lungguhe {kanca + -e} = kancane Ndhapuk tembung aran (1) Nelakake pandarbe (2) Nelakake anggone <lingga> {-ane} {jiwit + -ane} = jiwitane Ndhapuk tembung aran Nelakake anggone N-<lingga> {-ke/ -ake/ -aken} {jawil + -ake} = jawilake/jawilke {caos + -aken} = caosaken ndhapuk tembung kriya tanduk mawa lesan Pakon utawa parintah {-ana} / {- nana} {tali + -ana} = talenana {ampir + -ana} = ampirana Ndhapuk tembung kriya tanggap (1) Pakon (2) Nadyan di- <lingga> -i
  • 20. Wujud Panam- bang Tuladha Fungsi Teges {-an} {timbang + -an} = timbangan {kopiah+ -an} = kopiahan {garap + -an} = garapan {bathi + -an) = bathen {mutung + -an} = mutungan {tutup + -an} = tutupan Ndhapuk tembung kriya, aran, kahanan (1) Piranti kanggo (2) nganggo (3) sing di- <lingga>, (4) asil, (5) gampang (6) Ngandhakake kahanan {-en}/ {-nen} {kumbah + -en} = kumbahen {panu + -en} = panunen (1) Ndhapuk tembung kriya (2) Ndhapuk tembung kahanan (1) Pakon utawa akon supaya (2) Nandang kahanan {-na/-kna} [kirim + -na} = kirimna {buka + -na] = bukakna Ndhapuk tembung kriya pasif Pakon utawa akon supaya <lingga> 3. Panambang Basa Jawa
  • 21. 4. Imbuhan Bebarengan a. Imbuhan Bebarengan Rumaket (Konfiks) Wujud Tuladhas Fungsi Teges {ka- + -an} {ka- + lurah + -an} = kalurahan {ka + lumpat + -an} = kalumpatan  kelumpatan {ka + sudira + -an} = kasudiran (1) Ndhapuk tembung kriya (2) Ndhapuk tembung aran (1) kena/kapatrapan pakaryan kang ora disengaja utawa di- <lingga>-i, (2) ngandhakake panggonan <lingga>, (3) bab <lingga> {keN- + -en} {ke- + pinggir + -en} = keminggiren Ndhapuk tembung kahanan banget <lingga> -e {paN-+-an} {pa- + suket + -an} = pasuketan {pan- + dhelik +-an} = pandhelikan {pany- + celup +-an} = panyelupan Ndhapuk tembung aran (1) Ngandhakake papan panggonan, (2) Ngandhakake piranti/alat kanggo <kaya kang kasebut linggane> {pra- + -an} {pra- + janji + -an} = prajanjian  prajanjen Ndhapuk tembung aran (1) papan panggonan, (2) bab <lingga> (3) padha<lingga>.
  • 22. 4. Imbuhan Bebarengan b. Imbuhan Bebarengan Renggang Wujud Tuladhas Fungsi Teges {N- + -i} {ng + paring + -i} = maringi Simbah maringi adhik roti Ndhapuk tembung kriya nindakake pakaryan, utawa nindakake pakaryan kanthi wola-wali (repetitif) {N- + - ake/aken} {ny- + celup + -ake} = nyelupake {m- + pireng + -aken} = mirengaken Ndhapuk tembung kriya tanduk (1) kausatif (nganggo/ ndadekake/ njalari sawijining bab kaya kang kasebut ing linggane. (2) benefaktif (nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane kanggo wong liya) {N- + -a} {ny- + coba + -a} = nyobaa {ny- + silih + -a} = nyiliha {m- + wetu +-a} = metua {ng-+ alem+ -a} = ngalema Ndhapuk tembung kriya (1) pakon utawa akon supaya N- <lingga> (imperatif), (2) sanadyan N-<lingga> (kontradiktif) {N- + -ana} {m- + buka + -ana} = mbukakana Ndhapuk tembung kriya (1) akon supaya nindakake pakaryan kaya kang kasebut linggane (2) sanadyan di-<lingga> {N- + -e} {m- + pethik + -e} = methike ndhapuk tembung aran anggone kaya kang kasebut linggane
  • 23. b. Imbuhan Bebarengan Renggang Wujud Tuladhas Fungsi Teges {di- + -i/ni} {di- + jiwit + -i} = dijiwiti {di- + takon + -i} = ditakoni Ndhapuk tembung kriya tanggap nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane nganti makaping-kaping {di- + -a} {di- + celuk + -a} = diceluka Ndhapuk tembung kriya tanggap (1) sanadyan (pertentangan) (2) sanadyan nindakake pakaryan kaya kang kasebut linggane {di- + -ana} {di- + kandha + -ana} = dikandhanana Ndhapuk tembung kriya tanggap (1) sanadyan di- <lingga> -i (pertentangan) (2) sanadyan nindakake pakaryan kaya kang kasebut linggane kanthi wola-wali {di- + (-ke/- ake} {di- + bali + -ake} = dibaliake  dibalekake Ndhapuk tembung kriya tanggap wong liya nindakake pakaryan kanggo awake dhewe
  • 24. b. Imbuhan Bebarengan Renggang Wujud Tuladhas Fungsi Teges {in- + -an} {in- + -ake/ke} {in- + -ana} {tulis + -in- + -an} = tinulisan ‘ditulisi’ {lebu + -in- + -ake} = linebokake ‘dilebokake’ {lambar + -in- + -ana}= linambarana ‘dilambarana’ Ndhapuk tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) nduwe teges kang padha karo paganggone ater-ater {–di} lan panambang {–an /-ake/-ana} {-um + -a } {lebu + -um- + -a} = lumebua Ndhapuk tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) pakon (akan supaya nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane) {sa- + -e} {sa- + teka + -e} = satekane {sa- + kancane + -e} = sajempole {sa- + pundhak + -e} = sapundhake Ndhapuk tembung kriya tanggap (1) ngati <lingga>, (2) karo/lan <lingga> -e, (3) padha karo <lingga> -e
  • 25. B. Rerangkeping Tembung (Reduplikasi) Reduplikasi yaiku proses rerangkeping tembung lingga (Mulyana, 2007: 42). Tembung kang dirangkep iku bakal malih dadi tembung rangkep. Tembung rangkep ing basa Jawa ana loro, yaiku tembung kang dumadine srana dirangkep linggane, lan ana kang dirangkep wandane (Subalidinata, 1994:88). Linggane • Dwilingga wantah (murni) • Dwilingga salin swara Wandane • Dwipurwa • Dwiwasana
  • 26. Jinise tembung rangkep Dwilingga wantah (murni) yaiku tembung lingga kang karangkep utuh, ora ngalami owah-owahan swara. Tembung lingga kang dirangkep iki, padatan ngemu teges: akeh (pluralitas), mbangetake surasa, sanadyan, tansah utawa bola-bali. Tuladha: (1) Sithik-sithik wae anggonmu madhang, supaya ora keselak Sithik-sithik tegese tansah sithik (2) Bocah kae cilik-cilik nanging rak pinter cilik-cilik ngemu teges sanadyan 1. Dwilingga wantah (murni) Menu 2. Dwilingga salin swara Dwilingga salin swara yaiku tembung lingga kang karangkep mawa owah-owahan swara. Tembung lingga kang kadhapuk dadi dwilingga salin swara ngemu teges: (a) akeh (pluralitas) , (b) bola-bali <lingga>, (c) tansah <lingga> Tuladha: (1) Kowe kok mung ida-idu wae ida-idu tegese bola-bali idu (2) Dheweke kuwi senang-seneng wae yen diajak dolan senang-seneng tegese tansah
  • 27. Dwipurwa yaiku tembung lingga kang wanda wiwitane dirangkep. Dwipurwa duwe kabisan ndhapuk tembung dadi tembung aran utawa tembung kriya, sarta ngemu teges terus-terusan anggone <lingga>, utawa bab <lingga> . Tuladha: (1) Lara  lelara ‘bab lara’ (2) resik  reresik ‘terus-terusan anggone ngresiki’ 3. Dwipurwa Jinise tembung rangkep Menu 4. Dwiwasana Dwiwasana yaiku tembung lingga kang karangkep wanda wekasane. Tembung lingga kang dirangkep wandane dadi dwiwasana bisa ngemu teges ambal-ambalan. Tuladha: (1) Cengenges linggane cenges (2) Cekakak linggane cekak (3) Pethentheng linggane pentheng (4) Jegeges linggane jeges
  • 28. Tembung rangkep uga bisa diwenehi ater-ater, seselan, sarta panambang. Kaya tuladha ing ngisor iki. (1) Diremet-remet (4) Udan-udanan (2) Dilelara (5) Lelungan (3) Tulis tinulis (6) Bebungahe 5. Tembung Rangkep Mawa Imbuhan Menu Tembung rangkep kang ana ing konteks wacana lagu. Lagu langgam Jawa, Yen Ing Tawang Ana Lintang https://www.youtube.com/watch?v=W1REZwCVqas Jinise tembung rangkep
  • 29. C. KACAMBORING TEMBUNG (KOMPOSITUM) Owah-owahaning tembung dadi tembung liya uga bisa karana kacambor, yaiku tembung loro utawa luwih kang kagandheng/kagabung dadi siji lan dadi tembung anyar. Saliyane iku tembung mau uga ana kang duwe teges melu anyar. Tembung iku ingaran tembung camboran. Tembung Camboran ana loro yaiku: Camboran wutuh lan tugel • Tembung Camboran kang Tegese Owah Kabeh. Tuladha: randha royal (tape goreng) • Tembung Camboran kang Tegese Spesifik. Tuladha: wedhus kacang (wedhus kang ora bisa gedhe), • Tembung Camboran Tegese Mbangetake. Tuladha: ireng thuntheng (ireng banget) • Tembung Camboran Tegese Sanepan (Kiasan) . Tuladha: rai gedheg (ora duwe isin) TEMBUNG CAMBORAN WUTUH • panastis {panas + atis} • ginastel {legi + panas + kenthel} TEMBUNG CAMBORAN TUGEL
  • 30. IV. Jinising Tembung Basa Jawa JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA 1. Tembung Aran Tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang kaanggep barang (Sasangka, 2011: 108) a. Tembung aran katon kalung, dalan, kalpika b. Tembung aran tan katon Suwarga, 2. Tembung Kriya Tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe utawa nelakake lumakuning kahanan (Sasangka, 2011: 110). a. Kriya tanduk (1) Mawa lisan nggawa, ndulangake, ngajari (2) Tanpa lisan adus, tiba, lunga b. Kriya tanggap dicekel, cinekel, kacekel 3. Tembung Kahanan Tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab (Sasangka, 2011: 114) a. Tembung watak dahwen, clingus, blater, loma b. Tembung Kahanan bungah, susah, sepi, rame,
  • 31. IV. Jinising Tembung Basa Jawa JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA 4. Tembung Katerangan Tembung kang aweh katerangan tumrap tembung liya arep, durung, uwis, lagi, ora, dudu, meh, rada, wae. 5. Tembung Sesulih Tembung sesulih yaiku tembung kang digunakake minangka sesulihing uwong, barang, utawa apa wae kang dianggep barang (Sasangka, 2011: 119) a. Sesulih Purusa aku, kowe, dheweke b. Sesulih pandarbe -ku, -mu, -ne/-e c. Sesulih panuduh, iki, kae, kono d. Sesulih panyilah Kang, sing, ingkang e. Sesulih pitakon Apa, sapa, endi, f. Sesulih sadhengah Apa-apa, sapa wae,
  • 32. IV. Jinising Tembung Basa Jawa JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA 6. Tembung Wilangan Tembung kang nuduhake sawijining jumlah, tingkatan, utawa urutan menawa tinulis kanthi grafis bisa nggunakake angka (Pedjosoedarmo, 1979: 144) a. Wilangan babon. Tuladha: siji, loro, sewelas, sedaya b. Wilangan susun. Tuladha: kapisan, kapindho, katelu, kaping sekawan c. Wilangan pecahan. Tuladha: seprapat, telungprapat, karotengah. 7. Tembung Panggandheng Tembung kang gunane kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa (Sasangka, 2011: 133) Lan, sarta, dalah, miwah, Jalaran, yen, karana, banjur
  • 33. IV. Jinising Tembung Basa Jawa JINISING TEMBUNG TEGES TULADHA 8. Tembung Ancer-Ancer Tembung kang nuduhake sawijining jumlah, tingkatan, utawa urutan menawa tinulis kanthi grafis bisa nggunakake angka (Pedjosoedarmo, 1979: 144) ing, saka, dhateng, menyang, marang, nganti, saking 9. Tembung Panyilah Tembung kang gunane kanggo nyilahake patrap, barang, utawa sawijining bab (Sasangka, 2011: 137) si, sang, kang, ingkang, para, sing 10. Tembung Panyeru Tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, susah, gumun (Sasangka, 2011: 137) adhuh, ah, eh, nah, wah, iyung, oalah.
  • 34. Rangkuman Widyatembung yaiku salah sawijining perangan saka paramasastra kang nyinau bab tembung, dumadine tembung, sarta owah-owahaning sawijining tembung dadi tembung liya. Owah-owahaning tembung dadi tembung liya iku bisa karana kawuwuhan, kacambor utawa kagabung. Owah-owahan sawijining tembung kang asipat monomorfem dadi tembung liya kang asipat polimorfem kaaran proses morfologis. Proses morfologis bisa kabedakake dadi telung jinis, yaiku: (1) rumaketing wuwuhan (afiksasi), (2), rerangkeping tembung (Reduplikasi), (3) kacamboring tembung (komposisi). Dene tembung ing basa Jawa adhedhasar jinise bisa kabedakake dadi sepuluh, yaiku: (1) tembung aran (kata benda/nomina), (2) tembung kriya (kata kerja/verba), (3) tembung kahanan (kata sipat/adjektiva), (4) tembung katerangan (kata keterangan/aderbia), (5) tembung sesulih (kata ganti/pronomina), (6) Tembung wilangan (kata bilangan/numeralia), (7) Tembung panggandheng (kata penghubung/konjungsi), (8) tembung ancer- ancer (kata depan/preposisi), (9) tembung panyilah (kata sandang), (10) tembung panyeru (kata seru/interjeksi).
  • 35. Daftar Pustaka Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa (Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa). Yogyakarta: Kanwa Publisher. Poedjosoedarmo, Soepomo. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud Poerwadarminto. W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Djakarta: J.B. Wolters Uitgevers Maatshappij NV. Putrayasa, Ida Bagus. 2010. Kajian Morfologi. Bandung: Rafika Aditama Sasangka. Sry Satria Tjatur Wisnu. 2011. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua. Subalidinata. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogykarta: Yayasan Pustaka Nusatama Subroto, Edi.D. 1991. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud. Sutarjo, Imam. 2008. Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS. Wedhowati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius.