1. 25
KEGIATAN BELAJAR 2
WIDYA TEMBUNG
PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat
Widya tembung minangka salah sawijining perangan paramasastra kang
wajib disinau dening para mahasiswa Program Pendidikan Basa Jawa lan
calon guru basa Jawa. Sapa wae kang kepingin sinau bab tata basa Jawa
prelu ngerti bab tata pangrakiting tembung luwih dhisik, wiwit saka
bentuk/wujud tembung, owah-owahaning tembung, pangrimbage tembung,
sarta owah-owahan jinis lan maknane tembung iku sawise dirimbag. Materi
paramasastra Jawa widya tembung iki kasusun kanggo njangkepi materi
pasinaon para pesarta didik, mligine ing Program Profesi Guru mata
pelajaran Basa Jawa. Materi kang ana ing modhul iki ngrembug babagan:
(1) wujuding tembung, (2) proses morfologis (proses pandhapuking
tembung), sarta (3) jinising tembung. Sawise para mahasiswa sinau bab
widya tembung, kaajab bisa luwih wasis bab teori paramasastra sarta bisa
nganalisis lan ngembangake tuladha-tuladha liya, satemah bisa
nyengkuyung kompetensi keterampilan basa Jawane dalah ketrampilan
anggone gawe materi pasinaon basa Jawa.
B. Petunjuk Belajar
Modhul iki ngrembug materi widya tembung kang kaperang dadi telu,
yaiku: wujud tembung, cara pandhapuking tembung sarta jinising tembung.
Saben sub materi kaandharake teori sarta tuladha kang bisa nggampilake
pamaos anggone sinau. Ana uga tuladha kang kacawisake awujud video,
kang bisa kaakses lumantar youtube. Kanggo perangan teori lan tuladha,
dakaturi maos lan maspadakake kanthi teliti. Sabanjure ana tugas sarta test
formatif. Dakaturi nggarap soal-soal kang sumadya kanthi tliti. Biji KKM
saora-orane 76. Menawa bijine kurang saka 76 ateges durung bisa lulus lan
durung bisa nerusake sinau kegiatan pasinaon 3. Menawa wis kasil, kaajab
2. 26
bisa sinau maneh bab-bab sing bisa nambah kawruh babagan paramasastra,
kayata maca buku, artikel jurnal, artikel kang ana ing internet, kalawarti
utawa ariwarti. Kajaba iku mahasiswa uga bisa ndherek sarasehan/seminar-
seminar kang ana gegayutane karo pasinaon iki. Dene menawa durung kasil,
dakaturi sinau maneh materi iki kanthi tliti lan premati, diskusi, lan tumut
remidi.
3. 27
INTI
A. Capaian Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Sub Capaian Pembelajaran
Mahasiswa mampu
menganalisis prinsip
materi kebahasaan Jawa
dan aplikasinya dalam
pembelajaran bahasa
Jawa.
1.1. Mahasiswa bisa ngandharake tegese
widya tembung, sarta wujuding
tembung basa Jawa.
1.2. Mahasiswa bisa ngandharake lan
nganalisis cara pandhapuking
tembung (proses morfologis) basa
Jawa,
1.3. Mahasiswa bisa ngandharake jinising
tembung basa Jawa.
B. Pokok-Pokok Materi
Gambar. 1.1. Pokok-pokok materi widya tembung
C. Uraian Materi
1. Tegese Widya tembung
Widya tembung kadhapuk saka lan . Widya asale
saka basa Jawa Kuna kang ateges ilmu Tembung tegese rerangkening
swara kang kawedhar saka tutuk kang nduwe teges, lan bisa dingerteni
Putrayasa (2010: 3) widya tembung yaiku perangan saka ilmu basa kang
mratelakake utawa nyinau bab tembung, pandhapuking tembung, sarta
owah-owahaning tembung kang bisa ndayani owahing jinis lan tegese
Widya
tembung
Tegese Widya
tembung
Wujud
Tembung
Pandhapuking
Tembung
Jinis
Tembung
4. 28
tembung mau. Sasangka (2011:38) ngandharake panjlentrehan bab widya
tembung yaiku:
Sempalaning paramasastra ingkang nyinau lan ngrembug bab tembung,
dumadine tembung, sarta owahe sawijining tembung dadi tembung
liya karana kawuwuhan imbuhan (afiksasi), karangkep
(pengulangan), lan kagabung/kacambor (pemajemukan)
2. Wujuding Tembung Basa Jawa
a. Tembung Lingga
Tembung lingga (morfem bebas) uga lumrah kasebut kata asal/kata
dasar yaiku tembung kang durung owah saka asale (Subalidinata, 1994:
1). Tembung lingga ana kang dumadi saka sawanda, rong wanda, telung
wanda, lan patang wanda. Tuladha: duk, ta-li, sa-reh-ne, si-to-res-mi.
Wanda basa Jawa bisa kabedakake dadi loro, yaiku wanda menga lan
wanda sigeg. Tembung jampi dumadi saka rong wanda yaiku jam- lan pi-.
Wanda kapisan sinebut wanda sigeg, amarga pungkasaning fonem awujud
fonem konsonan /m/, lan wanda kapindho sinebut wanda menga amarga
fonem pungkasan awujud fonem vokal /i/.
Babagan tuladha tembung lingga kang ana ing sajroning konteks
wacana, dakaturi maspadakake tuladha cakepan saka langgam kang irah-
mbang Waljinah.
.
Saka Cakepaning lagu Ibu Pertiwi, bisa dipirsani dene meh kabeh
sesami
luhuring Tembung sesami
dumadi saka tembung sami kang karangkep wanda wiwitane dadi sasami
utawa sesami (dwipurwa). Sarta tembung luhuring kang dumadi saka
tembung luhur lan /-ing/.
Tuladha: https://www.youtube.com/watch?v=-ormiuihJWk
5. 29
Saliyane tembung lingga, ana uga tembung kang saemper wujude
kaya tembung lingga ananging luwih tuwa, yaiku tembung wod. Wod
tegese oyod, wujude mung sakecap. Saengga tembung wod (akar kata)
yaiku tembung kang mung sakecap ananging bisa digoleki tegese
(sasangka, 2011: 40). Tuladha:
a. Lur alur, ulur, mulur (tegese dawa)
b. Sup susup, angslup, tlusup (tegese mlebu)
c. Sor asor, ngisor, dlosor (ngemu teges endhek)
b. Tembung Andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung kang wus owah saka asale.
Tembung andhahan kadadeyan saka tembung lingga oleh ater-ater,
seselan, panambang utawa dirangkep (Subalidinata, 1994: 2). Ana uga
kang ngandharake dene tembung andhahan iku tembung lingga kang wus
dirimbag. Dene pangrimbage tembung bisa kanthi muwuhake imbuhan
kang dumunung ana ing ngarep (ater-ater/prefiks), ing tengah
(seselan/infiks), ing buri (panambang/sufiks), lan imbuhan bebarengan
(Sasangka, 2011: 41). Tuladha: nulis, keli, kelingan, mbeta, lsp. Babagan
proses pandhapuking tembung andhahan, bakal karembag mirunggan ana
ing subbab sabanjure.
c. Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku tembung kang dumadine srana dirangkep.
Rerangkeping tembung iki ana loro, yaiku ana kang dirangkep linggane lan
ana kang dirangkep wandane. Tuladha:
1) Tembung kang dirangkep linggane
(1) mlaku mlaku-mlaku -
(2) bali bola-bali -
2) Tembung kang dirangkep wandane
(1) tetenger tenger
6. 30
(2) ndhepipis dhepis
d. Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang
kagandheng/kagabung dadi siji lan tembung mau ana kang tegese dadi
anyar. Dene tuladha tembung camboran yaiku rondha royal tegese tape
goreng. Parembugan bab tembung rangkep lan tembung camboran bakal
kaandharake ing sub bab sabanjure.
3. Pandhapuking Tembung Basa Jawa (Proses morfologis)
Tembung kang wus owah saka linggane iku ngalami proses yaiku proses
morfologis. Proses morfologis bisa ndayani sawijining tembung dadi owah
wujud, jinis sarta makna/tegese. Ing ngisor bakal kaandharake bentuk-
bentuk kang njalari owah-owahaning tembung lingga dadi tembung liya, sarta
tuladha-tuladhane.
a. Rumaketing Wuwuhan (Afiksasi)
Tembung lingga kang malih dadi tembung andhahan, bisa karana
rumaketing wuwuhan. Rumaketing wuwuhan ing sajroning tembung lingga
uga kaaran proses afiksasi utawa proses pengimbuhan (Mulyana, 2007: 17).
Rumaketing wuwuhan bisa ana ngarep, tengah, lan buri.
1) Ater-ater (Prefiks)
Ater-ater utawa prefiks yaiku wuwuhan/imbuhan kang mapan ing
sangarepe tembung lingga. Kang kalebu ater-ater yaiku.
a) Ater-ater hanuswara {N-}
Ater-ater hanuswara duwe alomorf (maneka warna wujud morfem
adhedhasar tembung kang diraketi) kang cacahe papat, yaiku: {m-, n-, ny-,
ng}. Rimbage diarani rimbag tanduk, amarga bisa ndhapuk tembung
lingga dadi tembung kriya tanduk lan tembung kahanan.
Ater-ater hanuswara {N-} bakal malih dadi {nge-} menawa tumempel
7. 31
ing tembung lingga kang wandane amung sakecap. Tuladha: {N- + cet} =
ngecet. Dene ater-ater hanuswara kang tumempel ing tembung lingga bisa
ngemu teges: (a) nindakake pakaryan kaya kang kasebut linggane, sarta (b)
ngandhakake kahanan/watak sawijining bab kaya kang kasebut linggane.
Tuladha:
(1) Simbok marut
(2) Es iku wus mbanyu {m-
Ing sajroning ragam kasusastran kang kerep nggunakake basa
rinengga (basa kang dipacak/dihias supaya endah), ater-ater iki
kalamangsa bisa dadi {am/ham-, an/han-, any/hany-, ang/hang-}.
Tuladhane: (3) Mangesti luhur hambangun nagari. Hambangun {N- +
bangun}.
b) Ater-ater {a- }
Ater-ater iki uga sinebut rimbag bawa ha-. Ing basa Indonesia ater-
ater iki padha karo awalan {ber-}. Ater-ater iki bisa ndhapuk tembung
lingga dadi tembung kriya, lan ngemu teges: (1) nganggo <lingga>, utawa
nduwe <lingga>. Tuladha: abasa
c) Ater-ater {ma-} utawa {mer-}
Ater-ater {ma-} utawa {mer-} uga sinebut rimbag bawa ha. Ing basa
Indonesia ater-ater iki padha karo awalan ber-. Tuladha:
maguru {ma- + guru}, ngemu teges nindakake pakaryan.
mertamba {mer- + tamba}, ngemu teges nindakake pakaryan golek tamba.
d) Ater-ater {maN-} utawa {ma- hanuswara}
Ater-ater {maN-} bisa malih dadi {man-, mam-, many-, mang-},
8. 32
gumantung aksara wiwitaning tembung. Ater-ater iki bisa ndhapuk
tembung dadi tembung kriya, lan ngemu teges menyang <lingga>, sarta
nindakake pakaryan <lingga>. Tuladha: mangetan = {mang- + wetan},
ngemu teges menyang ngetan.
e) Ater-Ater {di-/dipun-}
Tembung lingga kang kawuwuhan ater-ater {di-}bakal malih dadi
ladha: ditulis {di- + tulis}, ngemu teges nindakake pakaryan.
Ater-ater {di-} bakal malih dadi {dipun-} menawa didadekake bentuk
krama.
f) Ater-ater {ka- }
Ater-ater {ka-} uga sinebut bawa ka- utawa tanggap ka-, amarga bisa
ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif).
Ana ing basa Indonesia ater-ater iki padha karo awalan {di-}, lan ngemu
-+utus}
ngemu teges nindakake pakaryan kanthi disengaja.
g) Ater-ater {ke- }
Ater-ater {ke-} ndhapuk sawijining tembung lingga dadi tembung kriya
tanggap (kata kerja pasif) ananging sipate ora disengaja.
Tuladha: kepidak = {ke-
h) Ater-ater {paN- } utawa {pa- hanuswara}
Ater-ater {paN-} rimbage diarani kriya wacaka (Antunsuhono, 1953: 69).
Ater-ater iki bisa malih dadi {pany-, pang-, pam-, pan-} gumantung
wiwitaning tembung kang kagabung. Ater-ater iki bisa ndhapuk tembung
9. 33
dadi tembung aran, lan ngemu teges (1) wong kang <lingga>, (2) piranti
<lingga>, (3) bab <lingga>. Tuladha: panabuh = {pa- + tabuh}, ngemu
i) Ater-ater {sa- } utawa {se-} utawa {sak-}
Ater-ater {sa-} bisa malih dadi {se-} utawa {sak-}. Ater-ater iki bisa
ndhapuk sawijining tembung dadi tembung wilangan (numeralia), lan
duwe teges: (1) siji <lingga>, (2) padha (karo) <lingga>, (3) kabeh sing
ana ing <lingga>. Tuladha: Aku nggawa kripik mlinjo, ananging mung
satoples. Pandhapuking tembung satoples yaiku {sa + toples}, ngemu
teges siji toples.
j) Ater-ater {pi- }
Ater-ater pi bisa ndhapuk sawijining tembung lingga dadi tembung aran,
lan duwe teges sing di- <lingga>-ake.
Tuladha: piwales {pi-
k) Ater-ater {tar-}
Ater-ater {tar-} bisa ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya lan
tembung katerangan. Ing basa Indonesia ater-ater iki kaya dene awalan
ter-. Ater-ater {tar-} uga bisa malih dadi {ter-}.
Tuladha: tarkadhang terkadhang = {tar- + kadhang}
l) Ater-ater {pri- }
Ater-ater {pri-} bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran.
Tembung lingga kang sumambung ater-ater {pri-} winates cacahe.
Tuladha: priangga {pri- + angga}, prikanca {pri- + kanca}, pribumi {pri- +
bumi}. Dene tetembungan kaya priyayi, pribadhi, lan priksa iku kalebu
10. 34
tembung lingga.
m)Ater-ater {pra- }
Ater-ater {pra-} bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran.
Tuladha: pralambang = {pra- + lambang}.
n) Ater-ater {kuma-, kami-, kapi- }
Ater-ater {kuma-, kami-, kapi-} rimbage diarani rimbag bawa kuma-.
Ater-ater iki bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung
- + seseg(en) = kamiseseg(en)}, {kapi- +
(1) Aja pijer kumawani melu investasi kang ora jelas
Kumawani = {kuma-
2) Seselan (infiks)
a) Seselan { um-}
Seselan { um-} uga bisa sinebut rimbag bawa ma, amarga seselan
{ um-} menawa kaseselake ana ing tembung lingga kang apurwa vokal,
seselan iku malih dadi {m-} lan manggone ana ngarep.
Tuladha: (1) {esem + -um-} = mesem, (2) {ambu + -um-} = mambu
Tembung lingga kang antuk seselan { um-} bisa dadi tembung kriya
tanpa lisan, uga bisa dadi tembung kahanan (sifat). Tuladha:
(3) {singkir + -um-
Seselan { um-} bisa uga malih dadi { em-}. Tuladha
(4) {centhel + -um-} = cumenthel cementhel, ngemu teges
11. 35
b) Seselan {-in-}
Seselan { in-} bisa ndhapuk tembung dadi tembung kriya tanggap
(kata kerja pasif) lan bisa uga kahanan. Seselan {-in-} menawa
kasisipake ing tembung lingga kang apurwa vokal, bakal malih dadi
{ing-} lan manggone ana ngarep tembung. Tuladha:{incim + -in-} =
ingincim. Ananging menawa seselan {-in-} sumambung ing tembung
lingga kang apurwa konsonan, bentuke tetep ora owah. Tuladha:
(1) {tulis + -in-} = tinulis ngemu teges nindakake pakaryan nulis.
c) Seselan { er-} lan {-el-}
Seselan { er-} lan {-el-} bisa ngemu teges mbangetake utawa pating
kaya kang kasebut ing linggane. Tuladha: (1) {kelip + -er-} = kerelip,
-el-} = teliti, ngemu teges banget
anggone titi.
3) Panambang (sufiks)
a) Panambang { i}
Fungsine bisa ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya, lan
nduwe teges pakon. Tuladha: {pijet + -i} = pijeti, tegese akon supaya
di- <lingga> -i.
b) Panambang { a}
Panambang { a} bisa ndhapuk tembung lingga dadi tembung
kriya, sarta ngemu teges pakon. Tuladha: balia {bali + -a}.
(1) Balia saiki wae! (akon supaya bali).
c) Panambang { e/ -ipun}
Panambang { e/-ipun} menawa ing basa Indonesia padha karo
12. 36
akhiran {-nya}. Panambang iki bisa ndhapuk sawijining tembung
dadi tembung aran lan duwe teges nelakake pandarbe sarta nelakake
dadi {-ipun}. Tuladha:
(1) Darane kang Parno dituku Pak Teja
(2)
Kang prelu antuk kawigaten mirunggan, babagan panambang { e,
en/-, nen} sarta { ku lan mu}, menawa sumambung ing tembung
lingga kang wanda pungkasane awujud swara [ ], swara iku bakal
malih dadi swara [a].
Tuladha tembung kang kawuwuhan panambang {-e}
(1) {kanca [k nc ] + -e} kancane [kancane]
(2) {sega [s g ] + -e} segane [s gane]
(3) {maca [m c ] + -e} macane [macane]
(4) {lunga [lu ] + -e} lungane [lu ane]
Tuladha tembung rangkep kang mawa panambang { e}
(1) {kanca-kanca [k nc - k nc ] + -e} kanca-kancane [k nc
kancane]
(2) {lara-lara [l r -l r ] + -e} Lara-larane [l r larane]
Tuladha tembung kang kawuwuhan panambang en/-nen
(1) {priksa [priks ] + -en} priksanen [priksan n]
(2) {waca {[w c ] + -en} wacanen [wacan n]
(3) {gawa {[g w ] + -en} gawanen [gawan n]
Tuladha tembung kang sumambung ku/-mu
(1) {kanca [k nc ] + -ku} kancaku [kancaku]
(2) {sega [s g ] + -mu} segamu [s gamu]
d) Panambang { en/-nen}
Panambang { en} ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya
utawa kahanan, lan ngemu teges pakon utawa lagi nandang kahanan.
13. 37
Tuladha:sapunen = {sapu + -
e) Panambang { an}
Panambang { an} bisa ndhapuk tembung lingga dadi tembung
aran, kriya, utawa kahanan, sarta ngemu teges kang maneka warna.
Tuladha:
(1) garisan = {garis + -an} iranti kanggo
(2) tegalan = {tegal + -an}
(3) kumbahan = {kumbah + -an} -
(4) gambaran = {gambar + -an}
(5) klamben = {klambi + -an}
(6) kancingan = {kancing + -an}
(7) lalen = {lali + -an},
f) Panambang { na/-kna}
Panambang { na/-kna} fungsine ndhapuk tembung lingga dadi
tembung kriya pasif, sarta nduwe teges pakon. Tuladha:
jupukna = {jupuk + -
tukokna = {tuku + -
g) Panambang { ana/-nana}
Panambang { ana} fungsine ndhapuk tembung lingga dadi
tembung kriya tanggap lan ngemu teges: (a) pakon, (b) nadyan di-
<lingga>-i. Tuladha: (1) {tali + -ana} = taliana
-ana} = tu
h) Panambang { ane}
Panambang { ane} nduwe kabisan ndhapuk sawijining tembung
lingga dadi tembung aran lan ngemu teges anggone hanuswara-
14. 38
<lingga gambarane apik. Gambarane
{gambar + -ane}, ngemu teges
i) Panambang { ke/-ake/ -aken}
Panambang { ke/-ake/-aken} nduwe fungsi ndhapuk tembung
kriya tanduk mawa lesan, lan ngemu teges: pakon utawa nindakake
pakaryan. Tuladha:{gawa + -ake} = gawakake
-aken}.
Tuladha: {atur + -
4) Imbuhan bebarengan
a) Imbuhan bebarengan rumaket (serentak/konfiks)
Imbuhan bebarengan utawa konfiks yaiku imbuhan kang awujud
ater-ater (prefiks) lan panambang (sufiks) kang kagabung kanthi cara
bebarengan utawa rumaket, tegese ora kena kapethil-pethil utawa
kapisah-pisah.
Tabel 2.1. Imbuhan bebarengan rumaket
Imbuhan
bebarenga
n rumaket
Rimbag Fungsi Ngemu Teges Tuladha
{ka- + -an} rimbag
bawa
wacaka
ndhapuk
tembung
lingga
dadi
tembung
kriya lan
aran
(1) kena/kapatrapan
pakaryan kang ora
disengaja utawa di-
<lingga>-i,
(2) ngandhakake
panggonan <lingga>,
(3) bab <lingga>
{ka-+becik+-an}
{ka + bledhos+ -an}
= kabledhosan
kebledosan
{keN-+-en} rimbag
adiguna
ndhapuk
tembung
lingga
dadi
tembung
aran
<lingga> -
{ke-+wani+-en} =
kewanien kewanen
banget anggone
15. 39
{pa-+-an}/
{paN-+-an}
daya
wacaka
karana
wacaka
ndhapuk
tembung
lingga
dadi
tembung
aran
(1) ngandhakake
papan
panggonan,
(2) ngandhakake
piranti/alat
kanggo <kaya
kang kasebut
linggane>
{pa- + awu + -an} =
pawon
{pam-+wulang+-an}
= pamulangan
{pang- + urip + -an}
= panguripan
{pra- + -an} ndhapuk
tembung
lingga
dadi
tembung
aran
(1) papan
panggonan,
(2) bab <lingga>
(3) padha<lingga>.
{pra- +tapa+ -an} =
pratapan
b) Imbuhan Bebarengan Renggang
Imbuhan bebarengan renggang yaiku imbuhan kang awujud ater-ater
lan panambang kang rumakete ing tembung lingga, kanthi cara ora
bebarengan, ananging kasambungake siji mbaka siji.
Tabel 2.2 Imbuhan bebarengan renggang.
Imbuhan
bebarengan
rumaket
Fungsi Ngemu Teges Tuladha
{N- + -i} ndhapuk tembung
dadi tembung kriya
nindakake pakaryan
utawa bisa uga
nindakake pakaryan
kanthi wola-wali
(repetitif)
{n-+ thutuhul + -i}
= nuthuli
Pitik iku nuthuli pari
{N-+ -ake/aken} ndhapuk tembung
lingga dadi
tembung kriya
tanduk
(1) kausatif
(nganggo/
ndadekake/
njalari
sawijining bab
kaya kang
kasebut ing
linggane.
(2) benefaktif
(nindakake
{m-+pethik+-ake} =
methikake
16. 40
pakaryan kaya
kang kasebut
ing linggane
kanggo wong
liya)
{N- + -a} ndhapuk tembung
lingga dadi
tembung kriya
(1) pakon utawa
akon supaya
A-<lingga>
(imperatif),
(2) sanadyan
(kontradiktif)
{m-+ wulang + -a} =
mulanga
{ng- + alem + -a} =
ngalema
{N- + -ana} ndhapuk tembung
lingga dadi
tembung kriya
(1) akon supaya
nindakake
pakaryan kaya
kang kasebut
linggane
(2) sanadyan di-
<lingga>
{m- + buntel + -ana}
= mbuntelana
{ny- + cuwil + -ana}
= nyuwilana
{N- + -e} ndhapuk tembung
lingga dadi
tembung aran
anggone kaya kang
kasebut linggane
{m- + pacak + -e} =
macake
{di- + (-i/-ni)} ndhapuk tembung
lingga dadi
tembung kriya
tanggap
nindakake pakaryan
kaya kang kasebut
ing linggane nganti
makaping-kaping
{di- + tali + -ni}
= ditaleni
{di- + -a} ndhapuk tembung
kriya tanggap
(1) sanadyan
(pertentangan)
(2) sanadyan
nindakake
pakaryan kaya
kang kasebut
linggane
{di- + pethuk + -a} =
dipethuka
{di- + -ana} ndhapuk tembung
kriya tanggap
(1) sanadyan di-
<lingga> -i
(pertentangan)
(2) sanadyan
nindakake
pakaryan kaya
kang kasebut
linggane
kanthi wola-
wali
{di-+rembug+-ana}
= dirembugana
{di- + (-ke/- ndhapuk tembung wong liya {di-+ turu + -ake}=
17. 41
ake)} kriya tanggap nindakake pakaryan
kanggo awake
dhewe
diturokake/
diturokke
{in- + -an}
{in- + -ake/ke}
{in- + -ana}
ndhapuk tembung
kriya tanggap
nduwe teges kang
padha karo
paganggone ater-
ater { di} lan
panambang { an /-
ake/-ana}
{gambar+-in-+ an}
= ginambaran
{-um + -a } ndhapuk tembung
lingga dadi
tembung kriya
tanduk (kata kerja
aktif)
pakon (akan supaya
nindakake pakaryan
kaya kang kasebut
ing linggane)
{singkir +-um-+ -a}
= sumingkira
{sa- + -e} ndhapuk tembung
katrangan
(adverbial)
(1) ngati <lingga>,
(2) karo/lan
<lingga> -e,
(3) padha karo
<lingga> -e
(1) {sa-+ rampung +
-e} = sarampunge
(2) {sa+ isi + -e} =
(3) {sa+ pundhak +-
e} = sapundhake
c) Rerangkeping Tembung (Reduplikasi)
Reduplikasi yaiku proses rerangkeping tembung lingga (Mulyana, 2007:
42). Tembung kang dirangkep iku bakal malih dadi tembung rangkep.
Tembung rangkep ing basa Jawa ana loro, yaiku tembung kang dumadine
srana dirangkep linggane, lan ana kang dirangkep wandane (Subalidinata,
1994:88). Jinising tembung rangkep yaiku:
1) Dwilingga wantah (murni)
Dwilingga wantah (murni) yaiku tembung lingga kang dirangkep
linggane kanthi wutuh. Tembung lingga kang dirangkep iki, padatan
ngemu teges: (1) akeh (pluralitas), (2) mbangetake surasa, (3) sanadyan,
(4) tansah, (5) bola-bali. Tuladha: Klambi-klambi iku lempitana. Klambi-
klambi tegese akeh (pluralitas).
18. 42
2) Dwilingga salin swara
Dwilingga salin swara yaiku tembung lingga kang karangkep mawa
owah-owahan swara. Tembung iki ngemu teges: (a) akeh (pluralitas), (b)
bola-bali <lingga>, (c) tansah <lingga> . Tuladha: Kowe aja mloka-
mlaku wae. Tembung mloka-mlaku tegese bola-bali.
3) Dwipurwa
Dwipurwa yaiku tembung lingga kang wanda wiwitane dirangkep.
Dwipurwa ndhapuk tembung aran utawa tembung kriya, sarta ngemu
teges (1) terus-terusan anggone <lingga>, (2) bab <lingga>. Tuladha: lara
lelara. Tembung iku ngemu teges bab lara. takon tetakon, ngemu
teges terus-terusan anggone takon.
4) Dwiwasana
Dwiwasana yaiku tembung lingga kang karangkep wanda wekasane.
Tembung iku bisa ngemu teges ambal-ambalan. Tuladha: cenges
cengenges.
5) Tembung Rangkep Mawa Imbuhan
Tembung rangkep uga bisa diwenehi ater-ater, seselan, sarta
panambang. Tuladha: diremet-remet.
Ing ngisor iki dakaturi maspadakake tuladha panganggoning tembung
rangkep kang ana ing konteks wacana lagu, yaiku lagu langgam Jawa, Yen
Ing Tawang Ana Lintang
https://www.youtube.com/watch?v=W1REZwCVqas
19. 43
Tuladha tembung rangkep kang ana ing cakepan lagu kasebut.
(1) Lintang-lintang ngiwi-iwi Nimas,
Lintang-lintang (dwilingga wantah, jinis: tembung aran, sawise
dirangkep ngemu teges: akeh lintang/pluralitas.
(2) Janji-janji aku eling, Cah Ayu
Janji janji-janji (dwilingga wantah, jinis: tembung aran, sawise
dirangkep ngemu teges: akeh janji/pluralitas
b. Tembung Camboran (Komposisi/Kompositum)
Owah-owahaning tembung dadi tembung liya uga bisa karana kacambor,
yaiku tembung loro utawa luwih kang kagandheng/kagabung dadi siji lan
dadi tembung anyar. Saliyane iku tembung mau uga ana kang duwe teges
melu anyar.
1) Tembung Camboran Wutuh
(a) Tembung Camboran kang Tegese Owah Kabeh
Gabungan saka rong tembung dadi tembung anyar lan tegese tembung
mau uga melu anyar. Tuladha: randha royal (tape goreng)
(b) Tembung Camboran kang Tegese Spesifik
Tuladha: wedhus kacang (wedhus kang ora bisa gedhe),
(c) Tembung Camboran Tegese Mbangetake
Tuladha: ireng thuntheng (ireng banget)
(d) Tembung Camboran Tegese Sanepan (Kiasan)
Tuladha: rai gedheg (ora duwe isin)
2) Tembung Camboran Tugel
Tembung camboran tugel yaiku gabungan rong tembung utawa luwih,
kang tembunge ana kang diwancah. Tuladha: panastis {panas + atis}.
20. 44
4. Jinising Tembung
a. Tembung Aran (kata benda, nomina)
Tembung kang mratelakake jenenge barang kang bisa mandhiri
ing sajroning ukara lan ora gumantung marang jinise tembung liya
(Poedjosoedarmo, 1979:77). Tembung kang mratelakake jenenge
barang utawa apa wae kang kaanggep barang (Sasangka, 2011: 108).
Tabel 2.3 Tuladha tembung aran
Tembung Aran katon (konkret) Tembung Aran tan katon (abstrak)
Meja, song-song, gendhis, lisah, Ngelmu, kapinteran, swarga, neraka
b. Tembung kriya (kata kerja, verba)
Tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe utawa
nelakake lumakuning kahanan (Sasangka, 2011: 110).
1) Tembung Kriya tanduk
a) Kriya tanduk mawa lisan (verba transitif)
Tembung kriya kang mbutuhake ananing lesan (objek)
(1). Ater-ater hanuswara + tembung lingga + -ake
({m- + pethik + -ake} methikake)
(2). Ater-ater hanuswara + tembung lingga + -i
({n- + tunggu + -i} nunggoni)
b) Kriya tanduk tanpa lisan (verba intransitif)
Tembung kriya kang ora mbutuhake ananing lesan (objek).
Tuladha: mbledhos, nangis, maujud, merdhayoh.
Tuladha panganggoning tembung kriya tanduk liyane, bisa
katemokake ana ing sawijining wacana lagu Jawa, kang irah-
21. 45
irahane Lumbung desa. Supaya langkung jelas, dakaturi nyemak
lagu punika.
Cakepan/lirik tembangipun:
LUMBUNG DESA
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo Dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo Yu, padha maju yen wis rampung nuli adang
Ayo Kang, dha tumandang nosoh beras nata lumpang
Menawa dijinggleng kanthi premati, tembung tembung kriya
kang ana ing cakepan tembang Lumbung Desa iku racake kabeh
kalebu tembung kriya tanduk, yaiku jejer (subyek) minangka paraga
kang nindakake pakaryan. Akeh-akehe nggunakake ater-ater
hanuswara. Coba waspadakna pangrimbage tembung kriya kang ana
ing lagu Lumbung Desa, ing ngisor iki.
- Tembung kang oleh ater-ater hanuswara:
(1) makarya = {m- + pakarya}
(2) njupuk = {n- + jupuk }
(3) nata = {n- + tata}
(4) nyandhak = {ny- + candhak}
(5) nuli = {n- + tuli}
(6) nosoh = {n- + sosoh}
- Tembung kang oleh seselan { um-}
(1) Maju = {aju + -um-} umaju maju
(2) Tumandang = {tandang + -um-}
Saka udharan pangrimbage tembung, bisa dikandhakake dene
22. 46
cakepan tembang iku racake kabeh kalebu tembung kriya tanduk,
amarga nggunakake ater-ater {hanuswara N-} lan seselan { um-}.
Ater-ater {hanuswara N-} lan seselan { um-} pancen duwe kabisan
ndhapuk sawijining tembung lingga dadi tembung kriya tanduk.
2) Tembung Kriya Tanggap (Kata Kerja Pasif)
Tembung kriya kang jejere kapatrapan pakaryan utawa jejer
(subyek) dadi sasaran (penderita). Tuladha: ditulis, katulis, tinulis,
tulisake.
c. Tembung Kahanan (kata sifat, adjektiva).
Tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining
barang utawa bab (Sasangka, 2011: 114). Tembung kahanan miturut
Wedhawati (2006: 181) duwe ciri sintaksis:
(1) Bisa sumambung karo tembung dhewe, paling, luwih, banget, utawa
rada. Tuladha: bagus dhewe, paling anteng, luwih seneng, loma
banget, rada clingus.
(2) Bisa ngisi fungsi predikat ing tataran ukara.
Tuladha: Pendhidhikan iku penting tumrap para generasi mudha.
d. Tembung katrangan (kata keterangan, adverbia)
Tuladha: arep, durung, uwis, lagi, ora, dudu, meh, rada, wae.
e. Tembung sesulih (kata ganti, pronomina)
1) Sesulih purusa (kanggo nyulihi uwong),
a) Utama purusa, tuladha: aku, kula, dalem, ingsun
b) Madyama purusa, tuladha: kowe, sampeyan, jenengan
c) Pratama purusa, tuladha: dheweke, dhekne, piyambake
2) Sesulih pandarbe (kata ganti empunya), tuladha: -ku, -mu, -e/-ne.
3) Sesulih panuduh
a) Panuduh lumrah, tuladha: iki, ika, niku, nika, punika (menika), anu.
23. 47
b) Panuduh Papan, tuladha: kene, kana, kono, ngrika, ngiriki.
c) Panuduh Sawijining bab, tuladha: ngene, ngono, ngana, makaten.
4) Sesulih pitakon. Tuladha: apa, sapa, endi, kepriye, geneya.
5) Sesulih panyilah. Tuladha: kang, sing, ingkang.
6) Sesulih sadhengah. Tuladha: apa-apa, sapa-sapa, kabeh, sawijining.
f. Tembung wilangan (kata bilangan, numeralia):
Tembung kang nuduhake sawijining jumlah, tingkatan, utawa urutan
menawa tinulis kanthi grafis bisa nggunakake angka (Pedjosoedarmo,
1979: 144).
1) Wilangan babon. Tuladha: siji, loro, sewelas, sedaya
2) Wilangan susun. Tuladha: kapisan, kapindho, katelu, kaping sekawan
3) Wilangan pecahan. Tuladha: seprapat, telungprapat, karotengah.
g. Tembung Panggandheng (kata penghubung, konjungsi)
1) Tembung panggandheng ukara majemuk sejajar
Tuladha: lan, sarta, dalah, tuwin, miwah, utawa, karo, apadene.
2) Tembung panggandheng ukara majemuk susun
Tuladha: jalaran, yen, sebab, karana, amarga, banjur, supados, saengga.
h. Tembung Ancer- Ancer (kata depan/preposisi)
Tuladha: ing, saka, dhateng, nyang, marang, nganti, saking, menyang,
i. Tembung Panyilah (kata sandang)
Tuladha: si, sang, kang, ingkang, para, sing.
j. Tembung Panyeru (Kata seru/interjeksi)
Tuladha: adhuh, ah, eh, nah, wah, iyung, oalah.
D. Forum Diskusi
1. Coba rembugen karo kancamu kepriye pandhapuke tembung-tembung
kang kacithak kandel ing serat Tripama iki!
Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anulada,
Kadya nguni caritane,