contoh penulisan nomor skl pada surat kelulusan .pptx
Parikan dan Wangsalan
1. Parikan : unen” rong perangan, kapisan kanggo pancadan, kanggo
pencokaning swara. Dene kapindo mawa teges kang dikarepake. Dadi,
titikane parikan kaya mangkene.
Kdadaean saka rong perangan kang dhapukane nganggo purwaanthi
guru swara.
Saben saukara kadadean saka rong gatra
Perangan kapisan minangka purwaka, perangan kapindho minangka
uwose
Sing rong larik basa indonesiane karmina, dalah sing patang larijk
basa indonesiane pantun.
Gatekno tuladha iki !
Nyangking ember kiwa tengen
Lungguh jejr nggo tamba kangen
Ngisor nangka ana gubuge
nandur ari dimangsa walang
Para mudha sopan rembuge
dadi conto pantes sinawang
Wangsalan
“mbalung geni, bok menawa ta”
Balung geni iku mawa, disrempet kaya karepe, bok menawa.
Dadi tembung bok menawa, entuke saka tembugn mawa. Tembugng
mangkana iku diarani wangsalan.
Jinising wangsalan yaiku :
Wangsalan lamba, wangsalan kang mung isi batangane siji
Wangsalan rangkep, wangsalan kang isi batangane luwih saka siji
Wangsalan memet, wangsalan kang cara nggoleki batangane sarana
ngonceki maksudte tetembungane ambal ping pindho
Wangsalan padinan, wangsalan kang lumrahe ora mretalakake
batangan sabab wong2 wis podho ngerti batngane
2. Wangsalan purwakanthi basa, wangsalan edi-peni, kepenak
dirungokake sabab migunakake purwakanthi basa
Bedane wangsalan karo parikan
Wangsalan Parikan
Tanpa paugeran kang
gumathok
Mawa paugeran kang gumathok
Dhapukaning ukara :
a. Wangsalane/bedhekane
b. Batangane/karepe
Dhapukaning ukara :
a. Pambuka/pancadan/pencokan
b. Wose utawa isine