1. Nintingi Isi Tembang Macapat Dhandhanggula
Tembang Macapat iku mujudake karya
sastra kang lumrahe ditulis kanthi basa
rinengga. Mula saka iku, kanggo mangerteni
isine tembang mau kudu digancarake luwih
dhisik. Sing diarani gancaran yaiku prosa
(karangan bebas). Dadi nggancarake tembang
ateges ngowahi tembang dadi prosa
2. Carane nggancarake tembang kaya mangkene:
1.Negesi saben tembung kanthi nggoleki ing
bausastra (Kamus Basa Jawa)
2.Ngrakit tembung-tembung mau dadi ukara kanthi
paugeran panulise karangan gancaran/prosa, kanthi
cara bisa nambahi tembung katrangan, tembung
panggandheng.
3.Panulisane kudu ngugemi tata tulis lan tandha
wacan sing bener.
3. Semaken tembang Dhandhanggula saka serat
Nayakawara ing ngisor iki!
Werdining kang wasita jinarwi, wruh ing kukum iku
watekira, adoh marang kanisthane, pamicara
puniku, weh resepe ingkang miyarsi, tatakrama
puniku, ngedohke panyendhu, kagunan iku kinarya,
ngupa boga dene kalakuan becik, weh rahayuning
raga
5. Gancare tembang kaya mangkene:
Wose sawijining pitutur, wong urip kudu ngerti
ukum supaya adoh saka tumindak ala. Yen
micara iku kudu gawe seneng atine uwong.
Tatakrama iku bisa ngedohake rerasanane
uwong. Katrampilan iku digunakake kanggo
nyambut gawe, dene tumindak becik iku perlu
supaya uripe bisa slamet.