Ppt wulangan 6 struktur teks tembang dhandhang gula
1. STRUKTUR TEKS TEMBANG DHANDHANGGULA
GULA
Tembang macapat iku minangka salah siji wujud
tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani
macapat amarga olehe nembangake pedhotane 4-
4, uga ana kang ngandharake manawa macapat
iku saka tembung ma + cepat, iki amarga manawa
nembangake macapat mung rerikatan bae, ora
nganggo wiledan utawa elak-eluking swara kang
njalari dadi suwene
2. Tembang macapat kalebu tembang tradhisional, amarga kaiket ing
aturan/paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran jroning tembang macapat,
yaiku:
1)Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis di
tentokake cacahing gatrane.
2)Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake
cacahing wandane
3)Guru lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning
gatra.
Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake
tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o.
3. Supaya luwih gamblang, paugeran-paugeran saben tembang
macapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku bisa kogatekake ing
tabel iki.