1. GEGURITAN
Dening:
Alifa Ratna Swesty, S. Pd.
Kangge Siswa SMA/K
Kelas X Semester 2
{ PUISI JAWA }
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati,
Bekti marang yayah wibi,
Setya marang sakeh janji,
2. KOMPETENSI DASAR
1. Memahami geguritan yang dibacakan atau
melalaui berbagai media.
2. Mencipta dan membaca geguritan.
MATERI:
GEGURITAN
3. Geguritan???
Geguritan
Tegesipun
(Pangertosan)
Jinis /
Werni
1. Miturut W.J.S Poerwadarminta ing
Baoesastra Djawa (1939: 157):
Kidung utawi tembang
Seratan (tulisan) awujud tatahan.
Unsur
Geguritan
2. Karya sastra Jawi ingkang awujud
seratan (tulisan) saking reroncening
tembung saged ingkang wujud pupuh-
pupuh tembang utawi ingkang
bebas/mardika (modern). (Puisi Jawa)
1. Geguritan gagrag lawas
2. Geguritan gagrag enggal/anyar
1. Kaendahan (Nilai Estetis)
2. Piwulang/pendhidhikan (Nilai
Edukatif)
3. Nuwuhaken raos tresna.
4. Wutuh (koheren)
4. Jinising Geguritan
1. Geguritan gagrag lawas
Geguritan menika ngginakaken basa Jawa kina lan kapérang wonten ing
pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru
wilangan. Geguritan ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon
ingkang ngginakaken purwakanti guru-swara.
Titikanipun (ciri):
a. Cacahipun gatra boten ajeg, lumrahipun 4 gatra.
b. Cacah wandanipun gatra setunggal lan setunggalipun tetep sami.
c. Dong-ding utawi guru lagunipun ajeg, sedaya manggen wonten ing
pungkasaning gatra runtut inggih menika ngginakaken purwakanti guru
swara.
d. Sangajengipun ukara (gatra) dipunwiwiti tembung bebuka “sun
gegurit” nanging boten ateges saben pada utawi bait wonten
tembungipun “sun gegurit”.
e. Témanipun kritik sosial kathah-kathahipun
5. 2. Geguritan gagrag enggal/anyar
Geguritan gagrag enggal/anyar ngginakaken basa Jawa jaman sakmenika
lan dipunserat ngangge aksara latin. Geguritan gagrag anyar boten
kaperang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan boten ngginakaken
tembung “sun gegurit”, sampun boten kawengku (kaiket) guru gatra, guru
lagu, lan guru wilangan, pramila jinisipun geguritan gagrag anyar menika
langkung mardika (bebas) lan saged dipunsebat puisi Jawa bebas.
Titikanipun (ciri):
a. Boten kawiwitan sun gegurit.
b. Cacahipun gatra boten kagatosaken.
c. Dhawahing swanten boten ajeg, ananging namung nengenaken dhateng
pamilihing tembung ingkang mentes.
d. Témanipun saged punapa kemawon
6. UNSUR-UNSUR GEGURITAN
1. Kaendahan (Nilai Estetis)
2. Piwulang/Pendhidhikan (Nilai Edukatif)
3. Nuwuhaken Raos Tresna
Geguritan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang migunani
tumrap masyarakat. Raos tresna ingkang katuwuhaken inggih punika raos
tresna dhateng sesaminipun manungsa, dhateng Gusti Ingkang Kawasa lan
dhateng lingkungan alam.
4. Wutuh (Koheren)
Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun pèrangan-pèrangan
unsur ing geguritan, boten saged madeg piyambak-piyambak.
Kaèndaning geguritan kadhapuk lumantar:
pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes.
ngginakaken leléwaning basa (gaya bahasa/majas) ingkang saged
nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat
ngginakaken purwakanthi ingkang saged nuwuhaken saha nambah
kaèndahanipun.
Geguritan saged suka patuladhan lan pitutur ingkang saé, sarta migunani
kanggé sanguning gesang ing alam donya.
7. PURWAKANTHI
Purwakanthi inggih menika tetembungan ingkang sami swantenipun utawi
aksaranipun. Purwakanthi wonten ing saklebetipun geguritan kapérang dados tiga,
inggih menika:
1. Purwakanthi guru swara, tetembungan ingkang sami swantenipun (menawi
aksara Jawa) utawi aksara vokalipun (menawi aksara latin).
tuladhanipun: - Gemi setiti, ngati-ati
- Becik ketitik, ala ketara
2. Purwakanthi guru satra, tetembungan ingkang sami aksaranipun (menawi aksara
Jawa) utawi aksara konsonanipun (menawi aksara latin)
tuladhanipun: - sluman slumun slamet
- bobot bibit bebet
- kala kula kelas kalih kula kulak kolang kaling kalih kilo
3. Purwakanthi lumaksita/guru basa, wontenipun tetembungan ingkang
dipunambali malih wonten ing pérangan salajengipun (wingking).
tuladhanipun: - wujuding katresnan suci
sucining ati nglilakaké jiwa
jiwa kang wus nglembara
8. 1. Wicara : basa, pocapan, lafal
Nalika maos geguritan pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-
mangu (ragu-ragu). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun
mbédakaken aksara a / o; t / th; d / dh; lsp.
2. Wirama : lagu / irama
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudut (daya Tarik) tiyang
ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining
geguritan.
3. Wirasa : penjiwaan
Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, umpaminipun: nesu, gumbira, sisah,
kejem, wibawa, getun lsp.
4. Wiraga : solah bawa/gerak, pasemon/raut muka
Ébahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, kedah luwes (boten kaku)
lan sampun ngantos katingal kadamel-damel.
INGKANG KEDAH DIPUNGATOSAKEN
NALIKA MAOS GEGURITAN
9. Caranipun damel geguritan:
1. Nemtokaken téma
2. Milih irah-irahan / judul ingkang saé, narik kawigatosan ingkang maos
3. Milih tembung ingkang saé lan mentes
4. Antawisipun judul lan téma wonten sambetipun.
5. Saged migunakaken purwakanthi
6. Saged migunakaken leléwaning basa/gaya bahasa
Geguritan saged kawastanan puisi bebas, amargi anggènipun damel langkung
mardika, boten wonten paugeran ingkang gumathok kados déné damel sekar
Macapat. Sanajan ukaranipun kathah sasaged-saged maknanipun kempel,
manunggal lan runtut. Sadaya wau kanthi pangangkah amrih ingkang maos
saged damel dudutan / simpulan kados déné ingkang dipunkersakaken panganggit.
NYERAT
GEGURITAN
10. MATUR
NUWUN
Amrih saged nyerat geguritan kanthi saé, saged nindakaken lampah kados ing
ngandhap punika:
Nggladhi tanggap sasmita, inggih punika nggladhi ‘kepekaan dhiri’ ingkang saged katindakaken
kanthi remen nggatosaken kawontenan ing kanan keringipun, remen nandhingaken
kawontenan, lan sapiturutipun.
Nyepeng ilham, ilham ing ngriki saged dipuntegesi cahya ingkang saged nuntun nglairaken ‘ide’.
Kanthi ngeningaken cipta, remen olah rasa, titèn, opèn, tundhonipun saged panèn utawi
ngundhuh ilham wau.
Ngedalaken tembung ingkang sepisanan minangka tembung ingkang saged nuntun tembung-
tembung salajengipun. Satembung kala wau saged kapanjangaken kanthi maringi pitakènan
punapa, sinten, kados pundi, wonten pundi, wanci punapa, lan wonten pundi papanipun. Kanthi
makaten satembung kala wau saged nglairaken embrio-embrio ingkang saged kaserat sauger
tasih komprehensif, koheren lan kohesif.
Ngolah tembung, saged katindakaken kanthi ngroncé tembung-tembung ingkang kawedal
saking ilham wau.
Maringi vitamin ing tembung-tembung wau. Menawi tembung-tembung kala wau karaos dèrèng
saé lan pas, saged kawimbuhan kagunan basa “the art of literature” (purwakanthi, wangsalan,
èntar, pepindhan, paribasan, lsp)
Milihi tembung saged katindakaken kanthi ménggalihaken sinten ingkang badhé maos /
konsumèn (ersatz-stimuli), kados punapa ingkang dipunangen-angen (wishful-thinking),
salajengipun saged nggantos tembung-tembung ingkang kirang mathis wau sadèrèngipun
kabundheli utawi rampung. Kanthi makaten, kaajab saged tuwuh geguritan ingkang prasaja
nanging mentes isinipun lan narik kawigatosanipun pawongan ingkang maos.
11. LELEWANING BASA/GAYA BAHASA
1. Anadiplosis
Anadiplosis inggih punika ngambali tembung ing pungkasaning gatra/larik utawi saben
pungkasaning ukara lajeng tembung kalawau kaserat ing wiwitaning gatra/ larik. tuladha:
Wengi kang Sepi
Sawangen ing wanci wengi iki
Wengi lan sepi rumeksa dadi siji
Langit sumilak padhang rembulan rinubungan maèwu-èwu lintang kekencar
Rembulan ayu ngumbar soroté
(Déning Sinar Indrakrisnawan)
2. Anafora
Anafora inggih punika ngambali tembung ing saben wiwitaning larik utawi saben
wiwitaning ukara ingkang sampun kasebut ing seratan sadèrèngipun. Tuladha:
AKU
Aku iki aku
Aku iki udu kowé
Aku iki udu kaé
Aku iki nduwé akèh kekurangan
Nanging, aku uga nduwé sithik kaluwihan
Aku bisa mèsem ana ing kahanan ati sing ora mungkin bisa mèsem
(Déning : Rizkyajeng Pradnya Devi)
12. 3. Antanaklasis
Antanaklasis inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebut ing seratan
sadèrèngipun nanging kanthi teges ingkang béda. Tuladha:
Pari uwi sing mular
Cabar kesasar mangsa sing sigar
Ya sigar sing sigar
(Djaka Lodang no.05 tanggal 05 Juli 2014)
4. Asonansi
Asonansi inggih punika ngambali swanten utawi vokal ingkang sampun kasebut ing seratan
sadèrèngipun. Tuladha:
Yèn lagi nampa coba
Sapa waé bakal krasa lara
Ora kaya nalika lagi cekel panguwasa
Sruwa-sruwi katon bisa
Nggayuh bandha lan raja brana
Mongkog nampa pangalembana
Mula aja gampang deksiya
Marang sapadha-padha
(Djaka Lodang no.21 tanggal 19 Oktober 2013)
13. 5. Epistrofa
Epistrofa inggih punika ngambali tembung ing saben pungkasaning gatra/ larik utawi
saben pungkasaning ukara ingkang sampun kasebut ing seratan sadèrèngipun.
Tuladha:
Prabéda iku Nugraha
Sruwa-sruwi sarwa prabéda
Priya wanita iku prabéda
Rina wengi uga prabéda
Tangan kiwa-tengen prabéda
(Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014)
6. Kiasmus
Kiasmus inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebut ing seratan
sadèrèngipun minangka inversi sesambetan antawisipun kalih tembung ing
satunggaling ukara. Tuladha:
Sejatiné sliramu lan sliraku iki sapadha titah
Titah kang remen manembah marang kang Acecipta
Généya kaya ora ana tepa slira
Aku mangerti yèn uripmu ora cukup mung krana nyenyawang
Mesthi waé sliramu butuh mangan, anyukupi butuhé anak putu
Iku tan béda klawan sliraku
(Djaka Lodang no.37 tanggal 14 Pebruari 2015)
14. 7. Epizeukis
Epizeukis inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebut ing seratan sadèrèngipun
sipatipun langsung, inggih punika tembung-tembung ingkang kaanggep wigati kasebut langkung
kaping setuggal. Tuladha:
Atiku rinujit
Rinujit déning tangan
Tangan pengkuh kang tega
Tega milara
(Djaka Lodang no.03 tanggal 21 Juni 2014)
8. Epanalepsis
Epanalepsis inggih punika ngambali tembung sepisanan saking setunggal gatra/larik lajeng tembung
kalawau dhawah ing pungkasaning ukara. Tuladha:
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa drijiku wis kithing amarga paling gething ngasah lading ngisahi cething.
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa kupingku wis budhek amarga ora peduli yèn Wong Tuwa lagi bunek
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa mripatku wis wuta ora ngrahita susahé Wong Tuwa
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa tanganku wis céko ora naté nyuntak wédang njero téko
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa sikilku wis sèmpèr ora tau njèrèng gabah ana ngèmpèr
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa guluku wis tèngèng merga aleman lumrahé bocah cèngèng.
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa awakku wis lumpuh amarga ora mbiyantu Ibu kang lagi ngregiyek nyunggi Ki Ageng Butuh
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
(Déning Triwik Damarjati)
15. Jaman
Déning Mohammad Yamin
Jaman gègèr aku ngungsi ketèwèr-tèwèr
ndhelik sor ngèmpèr
ngerti-ngerti ketiban gèntèr
alah bapak balung saté
uripku ijèn-ijènan
nong-ning, nong nèng, nong ning, nèng nung
Oh, Ramé Ramé kowé sakiki wis genti duwé
anak cacah lima semega-mega
urip jaman merdika enaké apa-apa ana
kliwat édan dadi brandhalan
ombèn-ombèn, mabuk-mabukan
tan ngerti beda ning kamardikan
Rekasane urip jaman gègèr
ati ora jenjem mangan ora tentrem
turu ora bisa merem
pating jledhor bedhil mriyem
oh, Paiyem..Paiyem, bojoku sing mati kaliren
bubar nglairké anak wadon nalika perang ramé
mula bocah wadon mau dakjenengaké “Ramé”
1
3
2
16. Aku tumbaling putuku
lelabuhan jebul aji watu
saiki jaman maju
apa-apa kolu
jaman mau wong urip sarwa kesusu
mlebu metu nèng hotel nyandhing wong ayu
lah bapak ra ngerti saru
sing nèng ngomah padha padu
“E, Bocah-bocah… jaman rongèwu nèng ngarepmu.
Mangsa borong, nèng pundhakmu jaman dadi abang biru.
Aku ora ngaru siku, wis, simbah turu.”
Damèn-damèn, pari-pari
biyèn-biyèn, saiki-saiki
o, slamet-slamet
jamané bundhet ruwet
ora eling labuh labet
(Pengilon, Antologi Geguritan FKY)
4
6
5
17. Kapan Budaya Jawa Bali Kumbul
Déning Suwardanijaya
Tumlawunging rasa
Kang sumimpen primpen jroning ati
Ngerti èndahing budaya jawa
nadyan ana ing jaman globalisasi
nandi janji kangen kidung Jawa
jebul kang ndakrungu lagu manca
kang gawé nggronjaling rasa
aku tansaya bingung marang budayaku
kaya yèn kapang macapatan
Nanging nyatané saiki bisa padha dipriksani
Endi ana nom-noman padha basa Jawa
Mangka akèh kang ngaku-aku dadi wong Jawa
Nanging karo wong tuwané dhéwé waé ora basa
Banjur kapan budaya Jawa bisa kajèn
Bisa bali kumbul dadi budayaning bangsa
Budayaku siji mbaka siji wiwit disingkur
Pira baé nom-noman kèlangan tata krama
Kang tumusé ngembrah anané korupsi
Kang semana diwiwiti cidra janji
Pancèn kandhané mono arep nguri-uri
Gawé lestariné budaya Jawi
Murih bisa bali kumbul
Sarta bisa sempulur
Ati kang wus tuwa iki tansaya nlangsa
Apa manèh sliramu wis kakikis nganti gripis
Tumusi banjur padha ra nggubris
Kapikut…gandrung mring tembung manis
Marang gebyaré budaya manca kang ora ètis
(Djaka Lodang No.21.Tanggal 19 Oktober 2013)
1
4
3
2
18. PEPALANG ING KALIURANG
Déning: Sinar Indrakrisnawan
Crita asmara isih dawa
Rinoncé nalika pepacangan
Ana ing èrènging Kaliurang
Saiki ilang kabuncang tanpa rowang
Sowang-sowang.
Mung swaramu
Kang bisa nyisihké rasa kangenku
Ngebatké nesu lan keselku
Lan ngrenggani kabèh panyawangku
Ngeket anget sepining wengiku.
Swara manuk ocèh-ocèhan
Keplantrang ninggal pèncokan
Pupus sempal sakabèhing sesanggeman
Suwé ngrantu kledhangmu ing
delanggung suwung
Senajan kudu kesandhung
Tumiba ing jurang Kaliurang.
Bumi katon asri nalika ngancik wiwaraning ratri
Nalika srengéngé nggégé tekané
Sandyakala, pindha ketemu èseming kenya
ngancik remaja.
1
4
3
2
Mendhung hangendhanu mayungi Kaliurang
Nutupi sakabehing karep lan pengarep-arep
Kendhang kasempyok kumriciking Kali Boyong.
5