2. Unsur Basa Teks Crita Cekak
Unsur basa ing cerkak bisa katitik saka tetembungan kang ana teks
cerkak kasebut. Ngenani unsur basa sing ana sambung rapete karo
panganggone tembung-tembung kanggo nambahi endah, nges lan
mentese tembung wis karembug ing Kirtya basa 7, ing piwulangan iki
sing dadi underane rembug ngenani unsur basa ing cerkak. Yaiku
ngenani ukara sing digunakake ing cerkak kanthi cara dititik saka jinise
ukara lan unggah-ungguhe basa. Dititik saka jinise, ukara-ukara ing
teks "Dea Kudu Bisa" dumadi saka ukara langsung lan ora langsung,
dene manawa dititik saka unggah-ungguh basa dumadi saka ukara
ngoko lan krama.
3. Ukara langsung lan ora langsung
1. Ukara langsung yaiku ukara sing jejere sing ngomong, utawa wong kapisan/utama purusa
sing ngomong.
2. Ukara ora langsung yaiku ukara sing ngomong/nyritakake wong katelu.
Ukara ing teks cerkak "Dea Kudu Bisa" bisa dititik saka sapa sing didadekake jejere crita lan
sapa sing nyritakake. Yen sing dadi paraga utama dadi jejere crita, artine ukara mau diarani
ukara langsung. Yen paraga utama dadi lesane crita, artine ukara mau diarani ukara ora
langsung.
Tuladha: Ukara langsung yaiku ukara sing diomongake dening wong kapisan.
- "De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu?
" ngendikane ibune.
- "Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat dados ketua kelas", ature
Dea.
Tuladha ukara ora langsung yaiku ukara sing nirokake omongane wong liya.
- Kandhane ibune, yen Dea ana masalah diutus crita nyang ibune sapa ngerti ibune
bisa mbantu.
- Kandhane Dea, dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas.
4. CIRI-CIRI UKARA LANGSUNG
1. Diwenehi tanda petik ana ing basa tuli.
2. Intonasi kutipan kawaca luwih dhuwur tinimbang perangan
liyane.
3. Duweni kemungkinan susunan :
a. Pangiring /kutipan
b. Kutipan/pangiring
c. Kutipan/pangiring/kutipan
4. Aksara wiwitan ing ukara langsung tansah migunakake aksara
gedhe.
5. Ukara langsung ana sing arupa ukara pitakon, ukara pakon (
pitakon } utawa carita (berita)
5. CIRI-CIRI UKARA ORA LANGSUNG
1. Ora nggawe tandha petik
2. Arupa ukara carita (berita)
3. Tembung sesulih ( kata ganti ) ngalami owah-owah