SlideShare a Scribd company logo
1 of 25
Download to read offline
NAURA HAR T.
24
XI MIPA 4
SMA NEGERI 1 PASURUAN
Tembang
Macapat
I
I
I
Puji syukur Alhamdulillah materi "Tembang Macapat"
saged kababar wonten ing buku menika, mugi saged
mumpangadi tumrap kanca-kancaku sedaya lan
winasis Basa Jawa.
Kula nglenggana bilih pustaka menika wonten
kekiranganipun. Pramila sedaya panukarta saking
sinten kemawon katampi kanthi tulus saha bingahing
manah murih prayoginipun. Awit keparengipun
paring panukarta kaaturaken agenging panuwun.
Nuwun.
KATA PENGANTAR
PANYERAT
NAURA HAR TARTIARA
II
II
II
Judul
Kata Pengantar
Pengerten Tembang Macapat
Filosofi Tembang Macapat
I
II
1
2
Filosofi Tembang Maskumambang
Filosofi Tembang Mijil
Filosofi Tembang Sinom
Filosofi Tembang Kinanthi
Filosofi Tembang Asmaradana
Filosofi Tembang Gambuh
Filosofi Tembang Dhandhanggula
Filosofi Tembang Durma
Filosofi Tembang Pangkur
Filosofi Tembang Megatruh
Filosofi Tembang Pocung
Ancas Tembang Macapat
Paugeran Tembang Macapat
Tabel Paugeran Tembang Macapat
Unsur Kebasaan Tembang Macapat
DAFTAR ISI
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
TEMBANG
Macapat
Tembang macapat saget pun wastani salah
satunggiling tembang utawi lagu daerah ingkkang
kawentar ing tanah Jawi. Dumugi samenika taksih
dipun sinau saha dipun ngrembakakaken dening
masyarakat Jawi. Tembang macapat pancen
ngremenaken dipun sinau. Wonten 11 tembang
macapat ingkang dipun kawruhi dening masyarakat
suku Jawi. Ingkang saben tembang macapat
nggadhahi watak , filosofi saha paugeran piyambak-
piyambak.
1
1
1
FILOSOFI
Tembang Macapat
Saking cacah 11 tembang macapat menika estunipun
mujudaken carios lampahing gesang manungsa
wiwit saking guwa garba, alam donya ngantos
dumugi ing alam kubur.
2
2
2
Tembang
MASKUMAMBANG
Filosofi Tembang Maskumambang
menika nyariosaken rikala manungsa cinipta
dening Kang Murbeng gesang rikala mapan
ing guwa garba saderengipun kaparingan
ruh, dereng saget pun mangertosi jalu
menapa pawestri.
Maskumambang saking
tembung “mas” ingkang
saget mangertosi jati
dhirinipun, saha
“kumambang” utawi
kemampul , ateges
gesangipun taksih
ngambang gumantung
dhatheng ibunipun rikala
wonten kandhutan.
Kang nduweni watak :
Menggah watakipun
tembang maskumambang
menika nggambaraken
swasana sedhih, susah
utawi nalangsa.
3
3
3
Tembang
MIJIL
Filosofi Tembang Mijil
mratelakaken bilih satunggaling wiji utawi winih sampun
lahir ing ngalam donya. Mijil pinangka pralambang
wiwitaning manungsa ngambah ing alam donya ingkang
taksih suci, taksih ringkih pramila taksih mbetahaken
pangrengkuh lan kedah dipun jagi.
Watakipun tembang mijil
nggambaraken swasana
ingkang tinarbuka, kebak
ing pitutur saha katresnan.
4
4
4
Tembang
SINOM
Filosofi Tembang Sinom
Tembung sinom tegesipun pucuking gegodhongan ingkang nembe
semi lan mekar. Tembang Sinom menika nggambaraken lampahing
gesang manungsa ingkang nembe ngancik diwasa. Minangka
jejering wiranem ingkang nembe mekar saget pun wastani remaja.
Nalika nglampahi jejering wiranem nggadhahi tanggel jawab ngudi
ngelmu ingkang sa inggilipun supados kagem sangu gesang ing
madyaning bebrayan.
Kang nduweni watak:
Tembang Sinom menika
watakipun supados saget
mangreh ing kasabaran,
ramah dhumateng sok
sintena kemawon lan
nengenaken dhateng laku
sumadulur.
5
5
5
Tembang
KINANTHI
Filosofi Tembang Kinanthi
Kinanthi saking tembung kanthi tegesipun dipun
gandheng utawi dipun tuntun. Filosofi tembang
Kinanthi menika nggambaraken lampahing
gesang tumrap lare ingkang nembe mbetahaken
panggandheng lan panuntun supados saget
jumangkah, tumindak supados ing tembenipun
mboten nalisir.
kang nduweni watak:
kebak ing pitutur,
patuladhan ingkang sae.
Tembang kinanthi cocok
sanget kangge
medharaken nasihat utawi
pitutur luhur.
6
6
6
Tembang
ASMARADANA
Filosofi Tembang Asmaradana
Tembung Asmaradana menika kapendhet saking
tembung” asmara “ ateges katresnan. Filosofi
tembang Asmaradana menika pinangka pralambang
lampahing gesang manungsa ngancik ing alam
katresnan antawisipun jalu kaliyan pawestri. Kangge
nemtokaken pasanganing gesang ing alam donya.
kang nduweni watak:
menika nggambaraken
rasa asih tinresnanan, lan
ugi nggadhahi watak
sedhih lan nalangsa.
7
7
7
Tembang
GAMBUH
Filosofi Tembang Gambuh
Tembung gambuh menika tegesipun: gathuk, nyambung
utawi cocog. Tembang Gambuh menika nggambaraken
lumampahing gesang manungsa ingkang sampun
pinanggih kaliyan jodhonipun ingkang sampun cocog ing
manah.
kang nduweni watak:
menika sumadulur, kebak
ing raos pasedherekan.
8
8
8
Tembang
DHANDHANGGULA
Filosofi Tembang Dhandhanggula
Tembung Dhandhanggula saking tembung dhandhang
lan gula. Dhandhang menika teges pangajab, dene gula
menika manis. Filosofi tembang Dhandhanggula
menika mawa teges gesanging manungsa kagungan
pangajab manggiha gesang ingkang mulya kebak ing
kabagyan.
kang nduweni watak:
Wondene tembang
dhandhanggula menika
sifatipun umum (universal),
luwes saget konjem ing
manah.
9
9
9
Tembang
DURMA
Filosofi Tembang Durma
Tembung Durma menika ateges weweh, peparing. Filosofi
tembang Durma menika bilih wonten ing panggesangan kita
tansah nengenaken weweh utawi darma dhateng tiyang
sanes. Bantu binantu kanthi ikhlas, sebab ngengeti gesang
menika mboten ajeg, kala mangsane kita taksih mbetahaken
pitulungan tiyang sanes.
kang nduweni watak:
menika tegas, semangat
ingkang makantar-kantar,
kebak ing nafsu amarah
10
10
10
Tembang
PANGKUR
Filosofi Tembang Pangkur
Tembung pangkur menika saking tembung mungkur ingkang
ateges nilaraken. Filosofi tembang Pangkur menika
nggambaraken tiyang gesang ingkang sampun mengkeraken
kadonyan (duniawi), nilaraken nafsu angkara murka,
nyimpangi saking tumindak awon. Sampun nyelak dhateng
Pangeran.
kang nduweni watak:
gagah, sentosa, prakosa lan
agenging manah. Tembang
Pangkur menika cocog
menawi kagem
mratelakaken semangat
pahlawan lan cariyos
perjuangan.
11
11
11
Tembang
MEGATRUH
Filosofi Tembang Megatruh
Tembung megatruh saking “megat” lan “roh”, ingkang
tegesipun pegat kaliyan rohipun. Filosofi tembang
megtruh menika nggmbaraken bilih sejarah gesangipun
ing alam donya sampun rampung. Roh ipun sampun
pegat kaliyan badan wadhag (jasmani) lan roh badhe
wangsul ing ngayunan Gusti.
kang nduweni watak:
sedhih, nalangsa.
12
12
12
Tembang
POCUNG
Filosofi Tembang Pocung
Pocung kapendhet saking tembung pocong.
Nggambaraken pungkasing lampahan gesang kita
utawi seda sasampunipun dipun suceni lajeng
kabungkus mori pethak utawi dipun pocong
saderengipun kapetak ing sasana laya.
kang nduweni watak:
mardika utawi bebas. Ugi
dipun wastani sakkarsanipun
pribadi. Biasanipun tembang
Pocung menika kagem
nyariosaken bab ingkang lucu
(humor) lan ugi kagem paring
pitutur.
13
13
13
Tembang macapat mujudaken peranganing budaya lan kasusastran
Jawa, sarta tembang macapat ana kang awujud lisan lan tulisan.
Tembang macapat iku dianggit mula bukane kanthi ancas/ pangajab
ditembangake lan dirungokake/ dimidhangetake, jalaran masyarakat
Jawa tradisional iku dhasare padha luwih seneng ngrungokake
katimbang sinau dhewe. Teges utawa maknane tembang macapat iku
maneka warna werdine, kang surasane kabeh bener lan bisa tinampa
kanthi nalar. Kang nyipta tembang macapat iku walisanga ing
pungkasaning karaton Majapahit akhir abad 15 Masehi. Wondene cacah
utawa gunggunge tembang macapat iku antarane para sarjana, para
winasis siji lan sijine ora padha; nanging kang lumrah lan sumebar ing
masyarakat, cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas). Mula
gunane tembang macapat, saliyane supaya ditembangake; uga kanggo
salah sawijining sarana nyimpen/ ndokumentasi prakara-prakara kang
penting banget nganggo wujud tembang macapat; pamrihe bisa
nggampangake pangeling-eling lan kanggo nyenengane kang padha
maca. Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur, piwulanging urip
kang akeh banget; kayata: "pitutur para prajurit, generasi mudha kang
utama, panyaruwe/ kritik sosial, cangkriman/ teka-teki, lelucon/ humor,
tontonan".
ANCASE
Tembang Macapat
14
14
14
Tembang Macapat
PAUGERAN
Guru Gatra
Guru gatra yaiku cacahing gatra ing tembang
macapat.
Guru Wilangan
Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra.
Guru Lagu
Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning
gatra.
Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: "gatra,
wilangan/ wanda, lagu/ dhong-dhing; pedhotan". Kaindahaning
tembang macapat iku bisa kadulu saka akehing cengkok 'model,
gaya' tembang macapat (papan panggonan/ dhaerah, asmaning
priyantun).
15
15
15
Tembang Macapat
TABEL
PAUGERAN
16
16
16
No Jinis Tembung Guru Gatra Guru Wilangan lan Guru Lagu
1. Pocung 4 12i, 6a, 8i, 8a
2. Maskumambang 4 12u, 6a, 8i, 12a
3. Megatruh 5 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
4. Gambuh 5 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
5. Mijil 6 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
6. Kinanthi 6 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
7. Asmaradana 7 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
8. Pangkur 7 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Durma 7 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
10. Sinom 9 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
11. Dhandanggula 10 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a
Tembung garba yaiku tembung loro sing digandheng dadi
siji sarana kanggo nyuda cacahe wanda, kanggo nyocogake
cacahe wanda ing sajroning tembang, lan kanggo
ngringkes tembung ing sajroning ukara.
Tembung garba kaperang dadi 3, yaiku :
1. Tembung loro utawa luwih menawa digarba banjur
muncul aksara “y”, tuladha:
Lagyaning=lagi dan ning
Taksyalit=taksih dan alit
Kalyan=kalih dan lan
Dupyarsa=dupi dan arsa
Sugyarta=sugih dan arta
2. Tembung loro utawa luwih menawa digarba banjur
muncul aksara “w”, tuladha:
Kajwareng=kajuwara dan ing
Lumakweng=lumake ing
Ratwagung=ratu dan agung
Ratwelok=ratu dan elok
3. Tembung loro utawa luwih sing kagarba nganggo
tembung maha, ananging tembung maha kasebut mung
muni “mah”, tuladha:
Maharja=maha dan raja
UNSUR
KEBASAAN
Tembang Macapat
17
17
17
1. Tembung Garba
Tembung kawi yaiku tembung – tembung kanga sale saka
basa Jawa Tengahan utawa Jawa Kuna. Tembung kawi
rinaket banget karo basa rinengga jalaran tembung kawi
akeh digunakake ing basa rinengga. Basa rinengga yaiku
basa kang digunakake kanggo nggambarake kaendahan
lan kawibawan.
Tuladha:
Agni= geni
Agra= pucuk
Ajar= pandhita
Aji= Ratu, Raja
Akasa = awang-awang
Aldaka = gunung
Amba = aku, ingsun
Brama = geni
Bramantya = nesu
Brangtha = kasmaran
Brastha = rusak, ilang
Cintra = susah, cilaka
Cipta = ngarang
Citra = gambaran
UNSUR
KEBASAAN
Tembang Macapat
18
18
18
2. Tembung Kawi
Dasanama yaiku wong siji duwe jeneng nganti sepuluh,
malah kadhang luwih, kang padha tegese utawa meh
padha tegese.
Tuladha :
Sira = kowe, sampeyan, panjenengan
Rina = rinten, siyang, awan
Sudra = papa, mlarat, sengsara, kere
Misuwur = kawentar, kaloka, kondhang, kasub, lsp.
Anak = suta, sunu, siwi, tanaya, weka, atmaja, lsp.
UNSUR
KEBASAAN
Tembang Macapat
19
19
19
3. Dasanama
Sandi asma yaiku jeneng kang sinamun ana ing tembang
macapat, lumrahe wujud jeneng asli pengarage utawa
panciptane tembang.
Tuladha :
Sinom
Kang kocap Jeng Srinarendra,
Gusti titikaning nagari,
Patih ngengeras pandriya,
Rancakan angereh budi,
Dining para warga ji,
Tinata harja tanayun,
Yayah manggung sulaya,
Kulina nara tan yekti,
Gagasira rarasan kang tanpa karya.
Sandi asma : Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Harya
Mangkunegara
UNSUR
KEBASAAN
Tembang Macapat
20
20
20
4. Sandi Asma
UNSUR
KEBASAAN
Tembang Macapat
21
21
21
Sandi Karsa yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang sinamun
utawa sinamar ana ing tembang. Ana uga wong kang
ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara yaiku ukara (ukarane
kanggo medharake cipta, gagasan, rasa – pangrasa, utawa
kekarepan).
Tuladha:
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara
Sandi Karsa: DINA PENDIDIKAN
5. Sandi Karsa
Nalika aku ngrasa butala
Amba dadi ero sapa sing kanca lan sapa sing sahabat
Udrasa lan kuciwa
Rupa-rupane kanca sing adi lan durta
Abipraya tak pilih-pilih
Hal kuwi ra pareng dilakoni
Amergo aku ra gelem dadi konco sing moro yen butuh tok
Ra usah dibeda-bedakake
Tetep kekancan wae mung trusta lan kintala kudu tetep bareng-bareng
Arep tumujuneng kesuksesan bareng
Rupa-rupane kanca sing adi lan durta
Tinon ora padha nalika aku lagi kesusahan
Amba dadi ero sapa sing kanca lan sapa sing sahabat
Rikatang adi bakal tetep kekancan
Aku ngerasa sedih mergo dadi ero sapa kanca sing durta
karya: Naura Har Tartiara
22
22
22

More Related Content

Similar to XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf

02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02AdeliaPrasetyoPutr
 
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdfTEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdfViaDinada
 
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfRaniaLatifatulHusna
 
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)Yoyo820368
 
Tembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdfAllysa Radhiyani
 
06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf
06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf
06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf06AzahraarthaDionand
 
Materi Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdf
Materi Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdfMateri Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdf
Materi Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdfAfrizawilda
 
Tembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdf
Tembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdfTembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdf
Tembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdf32ShelomitaCandraA
 
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.) Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.) ChiskaSari
 
11_firda aulia tembang macapat.pdf
11_firda aulia tembang macapat.pdf11_firda aulia tembang macapat.pdf
11_firda aulia tembang macapat.pdf11FirdaAulia
 
Tembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdf
Tembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdfTembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdf
Tembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdfDianaDwi13
 

Similar to XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf (20)

02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
 
Gladhen 4 (Tembang Macapat).pdf
Gladhen 4 (Tembang Macapat).pdfGladhen 4 (Tembang Macapat).pdf
Gladhen 4 (Tembang Macapat).pdf
 
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdfTEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
 
Tembang Macapat
Tembang Macapat Tembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat
Tembang Macapat Tembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat
Tembang Macapat Tembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
 
Tembang Macapat Kenya.pdf
Tembang Macapat Kenya.pdfTembang Macapat Kenya.pdf
Tembang Macapat Kenya.pdf
 
DOC-20230310-WA0000..pdf
DOC-20230310-WA0000..pdfDOC-20230310-WA0000..pdf
DOC-20230310-WA0000..pdf
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
 
Tembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (Allysa Radhiyani - 02 - XI IPS 1).pdf
 
06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf
06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf
06 Azahra Artha D-Tembang Macapat.pdf
 
Materi Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdf
Materi Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdfMateri Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdf
Materi Tembang Macapat Kelas 11 - Afriza Wilda Octaviani .pdf
 
Tembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdf
Tembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdfTembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdf
Tembang Macapat _ 25. Shelomita Candra/ XI MIPA 5.pdf
 
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.) Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
 
11_firda aulia tembang macapat.pdf
11_firda aulia tembang macapat.pdf11_firda aulia tembang macapat.pdf
11_firda aulia tembang macapat.pdf
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdf
Tembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdfTembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdf
Tembang Macapat - Diana Dwi A/09/XI IPS-1.pdf
 

XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf

  • 1. NAURA HAR T. 24 XI MIPA 4 SMA NEGERI 1 PASURUAN Tembang Macapat I I I
  • 2. Puji syukur Alhamdulillah materi "Tembang Macapat" saged kababar wonten ing buku menika, mugi saged mumpangadi tumrap kanca-kancaku sedaya lan winasis Basa Jawa. Kula nglenggana bilih pustaka menika wonten kekiranganipun. Pramila sedaya panukarta saking sinten kemawon katampi kanthi tulus saha bingahing manah murih prayoginipun. Awit keparengipun paring panukarta kaaturaken agenging panuwun. Nuwun. KATA PENGANTAR PANYERAT NAURA HAR TARTIARA II II II
  • 3. Judul Kata Pengantar Pengerten Tembang Macapat Filosofi Tembang Macapat I II 1 2 Filosofi Tembang Maskumambang Filosofi Tembang Mijil Filosofi Tembang Sinom Filosofi Tembang Kinanthi Filosofi Tembang Asmaradana Filosofi Tembang Gambuh Filosofi Tembang Dhandhanggula Filosofi Tembang Durma Filosofi Tembang Pangkur Filosofi Tembang Megatruh Filosofi Tembang Pocung Ancas Tembang Macapat Paugeran Tembang Macapat Tabel Paugeran Tembang Macapat Unsur Kebasaan Tembang Macapat DAFTAR ISI 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17
  • 4. TEMBANG Macapat Tembang macapat saget pun wastani salah satunggiling tembang utawi lagu daerah ingkkang kawentar ing tanah Jawi. Dumugi samenika taksih dipun sinau saha dipun ngrembakakaken dening masyarakat Jawi. Tembang macapat pancen ngremenaken dipun sinau. Wonten 11 tembang macapat ingkang dipun kawruhi dening masyarakat suku Jawi. Ingkang saben tembang macapat nggadhahi watak , filosofi saha paugeran piyambak- piyambak. 1 1 1
  • 5. FILOSOFI Tembang Macapat Saking cacah 11 tembang macapat menika estunipun mujudaken carios lampahing gesang manungsa wiwit saking guwa garba, alam donya ngantos dumugi ing alam kubur. 2 2 2
  • 6. Tembang MASKUMAMBANG Filosofi Tembang Maskumambang menika nyariosaken rikala manungsa cinipta dening Kang Murbeng gesang rikala mapan ing guwa garba saderengipun kaparingan ruh, dereng saget pun mangertosi jalu menapa pawestri. Maskumambang saking tembung “mas” ingkang saget mangertosi jati dhirinipun, saha “kumambang” utawi kemampul , ateges gesangipun taksih ngambang gumantung dhatheng ibunipun rikala wonten kandhutan. Kang nduweni watak : Menggah watakipun tembang maskumambang menika nggambaraken swasana sedhih, susah utawi nalangsa. 3 3 3
  • 7. Tembang MIJIL Filosofi Tembang Mijil mratelakaken bilih satunggaling wiji utawi winih sampun lahir ing ngalam donya. Mijil pinangka pralambang wiwitaning manungsa ngambah ing alam donya ingkang taksih suci, taksih ringkih pramila taksih mbetahaken pangrengkuh lan kedah dipun jagi. Watakipun tembang mijil nggambaraken swasana ingkang tinarbuka, kebak ing pitutur saha katresnan. 4 4 4
  • 8. Tembang SINOM Filosofi Tembang Sinom Tembung sinom tegesipun pucuking gegodhongan ingkang nembe semi lan mekar. Tembang Sinom menika nggambaraken lampahing gesang manungsa ingkang nembe ngancik diwasa. Minangka jejering wiranem ingkang nembe mekar saget pun wastani remaja. Nalika nglampahi jejering wiranem nggadhahi tanggel jawab ngudi ngelmu ingkang sa inggilipun supados kagem sangu gesang ing madyaning bebrayan. Kang nduweni watak: Tembang Sinom menika watakipun supados saget mangreh ing kasabaran, ramah dhumateng sok sintena kemawon lan nengenaken dhateng laku sumadulur. 5 5 5
  • 9. Tembang KINANTHI Filosofi Tembang Kinanthi Kinanthi saking tembung kanthi tegesipun dipun gandheng utawi dipun tuntun. Filosofi tembang Kinanthi menika nggambaraken lampahing gesang tumrap lare ingkang nembe mbetahaken panggandheng lan panuntun supados saget jumangkah, tumindak supados ing tembenipun mboten nalisir. kang nduweni watak: kebak ing pitutur, patuladhan ingkang sae. Tembang kinanthi cocok sanget kangge medharaken nasihat utawi pitutur luhur. 6 6 6
  • 10. Tembang ASMARADANA Filosofi Tembang Asmaradana Tembung Asmaradana menika kapendhet saking tembung” asmara “ ateges katresnan. Filosofi tembang Asmaradana menika pinangka pralambang lampahing gesang manungsa ngancik ing alam katresnan antawisipun jalu kaliyan pawestri. Kangge nemtokaken pasanganing gesang ing alam donya. kang nduweni watak: menika nggambaraken rasa asih tinresnanan, lan ugi nggadhahi watak sedhih lan nalangsa. 7 7 7
  • 11. Tembang GAMBUH Filosofi Tembang Gambuh Tembung gambuh menika tegesipun: gathuk, nyambung utawi cocog. Tembang Gambuh menika nggambaraken lumampahing gesang manungsa ingkang sampun pinanggih kaliyan jodhonipun ingkang sampun cocog ing manah. kang nduweni watak: menika sumadulur, kebak ing raos pasedherekan. 8 8 8
  • 12. Tembang DHANDHANGGULA Filosofi Tembang Dhandhanggula Tembung Dhandhanggula saking tembung dhandhang lan gula. Dhandhang menika teges pangajab, dene gula menika manis. Filosofi tembang Dhandhanggula menika mawa teges gesanging manungsa kagungan pangajab manggiha gesang ingkang mulya kebak ing kabagyan. kang nduweni watak: Wondene tembang dhandhanggula menika sifatipun umum (universal), luwes saget konjem ing manah. 9 9 9
  • 13. Tembang DURMA Filosofi Tembang Durma Tembung Durma menika ateges weweh, peparing. Filosofi tembang Durma menika bilih wonten ing panggesangan kita tansah nengenaken weweh utawi darma dhateng tiyang sanes. Bantu binantu kanthi ikhlas, sebab ngengeti gesang menika mboten ajeg, kala mangsane kita taksih mbetahaken pitulungan tiyang sanes. kang nduweni watak: menika tegas, semangat ingkang makantar-kantar, kebak ing nafsu amarah 10 10 10
  • 14. Tembang PANGKUR Filosofi Tembang Pangkur Tembung pangkur menika saking tembung mungkur ingkang ateges nilaraken. Filosofi tembang Pangkur menika nggambaraken tiyang gesang ingkang sampun mengkeraken kadonyan (duniawi), nilaraken nafsu angkara murka, nyimpangi saking tumindak awon. Sampun nyelak dhateng Pangeran. kang nduweni watak: gagah, sentosa, prakosa lan agenging manah. Tembang Pangkur menika cocog menawi kagem mratelakaken semangat pahlawan lan cariyos perjuangan. 11 11 11
  • 15. Tembang MEGATRUH Filosofi Tembang Megatruh Tembung megatruh saking “megat” lan “roh”, ingkang tegesipun pegat kaliyan rohipun. Filosofi tembang megtruh menika nggmbaraken bilih sejarah gesangipun ing alam donya sampun rampung. Roh ipun sampun pegat kaliyan badan wadhag (jasmani) lan roh badhe wangsul ing ngayunan Gusti. kang nduweni watak: sedhih, nalangsa. 12 12 12
  • 16. Tembang POCUNG Filosofi Tembang Pocung Pocung kapendhet saking tembung pocong. Nggambaraken pungkasing lampahan gesang kita utawi seda sasampunipun dipun suceni lajeng kabungkus mori pethak utawi dipun pocong saderengipun kapetak ing sasana laya. kang nduweni watak: mardika utawi bebas. Ugi dipun wastani sakkarsanipun pribadi. Biasanipun tembang Pocung menika kagem nyariosaken bab ingkang lucu (humor) lan ugi kagem paring pitutur. 13 13 13
  • 17. Tembang macapat mujudaken peranganing budaya lan kasusastran Jawa, sarta tembang macapat ana kang awujud lisan lan tulisan. Tembang macapat iku dianggit mula bukane kanthi ancas/ pangajab ditembangake lan dirungokake/ dimidhangetake, jalaran masyarakat Jawa tradisional iku dhasare padha luwih seneng ngrungokake katimbang sinau dhewe. Teges utawa maknane tembang macapat iku maneka warna werdine, kang surasane kabeh bener lan bisa tinampa kanthi nalar. Kang nyipta tembang macapat iku walisanga ing pungkasaning karaton Majapahit akhir abad 15 Masehi. Wondene cacah utawa gunggunge tembang macapat iku antarane para sarjana, para winasis siji lan sijine ora padha; nanging kang lumrah lan sumebar ing masyarakat, cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas). Mula gunane tembang macapat, saliyane supaya ditembangake; uga kanggo salah sawijining sarana nyimpen/ ndokumentasi prakara-prakara kang penting banget nganggo wujud tembang macapat; pamrihe bisa nggampangake pangeling-eling lan kanggo nyenengane kang padha maca. Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur, piwulanging urip kang akeh banget; kayata: "pitutur para prajurit, generasi mudha kang utama, panyaruwe/ kritik sosial, cangkriman/ teka-teki, lelucon/ humor, tontonan". ANCASE Tembang Macapat 14 14 14
  • 18. Tembang Macapat PAUGERAN Guru Gatra Guru gatra yaiku cacahing gatra ing tembang macapat. Guru Wilangan Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. Guru Lagu Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra. Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: "gatra, wilangan/ wanda, lagu/ dhong-dhing; pedhotan". Kaindahaning tembang macapat iku bisa kadulu saka akehing cengkok 'model, gaya' tembang macapat (papan panggonan/ dhaerah, asmaning priyantun). 15 15 15
  • 19. Tembang Macapat TABEL PAUGERAN 16 16 16 No Jinis Tembung Guru Gatra Guru Wilangan lan Guru Lagu 1. Pocung 4 12i, 6a, 8i, 8a 2. Maskumambang 4 12u, 6a, 8i, 12a 3. Megatruh 5 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 4. Gambuh 5 7u, 10u, 12i, 8u, 8o 5. Mijil 6 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 6. Kinanthi 6 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 7. Asmaradana 7 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a 8. Pangkur 7 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 9. Durma 7 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a 10. Sinom 9 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 11. Dhandanggula 10 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a
  • 20. Tembung garba yaiku tembung loro sing digandheng dadi siji sarana kanggo nyuda cacahe wanda, kanggo nyocogake cacahe wanda ing sajroning tembang, lan kanggo ngringkes tembung ing sajroning ukara. Tembung garba kaperang dadi 3, yaiku : 1. Tembung loro utawa luwih menawa digarba banjur muncul aksara “y”, tuladha: Lagyaning=lagi dan ning Taksyalit=taksih dan alit Kalyan=kalih dan lan Dupyarsa=dupi dan arsa Sugyarta=sugih dan arta 2. Tembung loro utawa luwih menawa digarba banjur muncul aksara “w”, tuladha: Kajwareng=kajuwara dan ing Lumakweng=lumake ing Ratwagung=ratu dan agung Ratwelok=ratu dan elok 3. Tembung loro utawa luwih sing kagarba nganggo tembung maha, ananging tembung maha kasebut mung muni “mah”, tuladha: Maharja=maha dan raja UNSUR KEBASAAN Tembang Macapat 17 17 17 1. Tembung Garba
  • 21. Tembung kawi yaiku tembung – tembung kanga sale saka basa Jawa Tengahan utawa Jawa Kuna. Tembung kawi rinaket banget karo basa rinengga jalaran tembung kawi akeh digunakake ing basa rinengga. Basa rinengga yaiku basa kang digunakake kanggo nggambarake kaendahan lan kawibawan. Tuladha: Agni= geni Agra= pucuk Ajar= pandhita Aji= Ratu, Raja Akasa = awang-awang Aldaka = gunung Amba = aku, ingsun Brama = geni Bramantya = nesu Brangtha = kasmaran Brastha = rusak, ilang Cintra = susah, cilaka Cipta = ngarang Citra = gambaran UNSUR KEBASAAN Tembang Macapat 18 18 18 2. Tembung Kawi
  • 22. Dasanama yaiku wong siji duwe jeneng nganti sepuluh, malah kadhang luwih, kang padha tegese utawa meh padha tegese. Tuladha : Sira = kowe, sampeyan, panjenengan Rina = rinten, siyang, awan Sudra = papa, mlarat, sengsara, kere Misuwur = kawentar, kaloka, kondhang, kasub, lsp. Anak = suta, sunu, siwi, tanaya, weka, atmaja, lsp. UNSUR KEBASAAN Tembang Macapat 19 19 19 3. Dasanama
  • 23. Sandi asma yaiku jeneng kang sinamun ana ing tembang macapat, lumrahe wujud jeneng asli pengarage utawa panciptane tembang. Tuladha : Sinom Kang kocap Jeng Srinarendra, Gusti titikaning nagari, Patih ngengeras pandriya, Rancakan angereh budi, Dining para warga ji, Tinata harja tanayun, Yayah manggung sulaya, Kulina nara tan yekti, Gagasira rarasan kang tanpa karya. Sandi asma : Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Harya Mangkunegara UNSUR KEBASAAN Tembang Macapat 20 20 20 4. Sandi Asma
  • 24. UNSUR KEBASAAN Tembang Macapat 21 21 21 Sandi Karsa yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang sinamun utawa sinamar ana ing tembang. Ana uga wong kang ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara yaiku ukara (ukarane kanggo medharake cipta, gagasan, rasa – pangrasa, utawa kekarepan). Tuladha: Pepinginan kang samya kae Esthining tyas maujud Naning mulya Dina dina kepungkur Iku dadi landhasaneki Dina kang bakal teka Ing pangangkah tumus Kita bangsa Indonesia Anemahi jaman Nyrambahi Nuwsantara Sandi Karsa: DINA PENDIDIKAN 5. Sandi Karsa
  • 25. Nalika aku ngrasa butala Amba dadi ero sapa sing kanca lan sapa sing sahabat Udrasa lan kuciwa Rupa-rupane kanca sing adi lan durta Abipraya tak pilih-pilih Hal kuwi ra pareng dilakoni Amergo aku ra gelem dadi konco sing moro yen butuh tok Ra usah dibeda-bedakake Tetep kekancan wae mung trusta lan kintala kudu tetep bareng-bareng Arep tumujuneng kesuksesan bareng Rupa-rupane kanca sing adi lan durta Tinon ora padha nalika aku lagi kesusahan Amba dadi ero sapa sing kanca lan sapa sing sahabat Rikatang adi bakal tetep kekancan Aku ngerasa sedih mergo dadi ero sapa kanca sing durta karya: Naura Har Tartiara 22 22 22