SlideShare a Scribd company logo
1 of 7
IKLAN/PARIWARA
IKLAN/PARIWARA
PENGERTIAN IKLAN/PARIWARA
Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake
barang, jasa utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandhakake barang kang arep didol,
kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak
supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang
ditawakake.
 Iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane
basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan
utawa pangsa pasar kang diincer.
 Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina
digunakake nom-noman.
 Menawa kang diarah iku kalangan masyarakat umum, ya nganggo basa kang umum.
 Ukara iklan kudu ringkes, cetha, cekak aos, lan narik kawigaten.
 Basane narik kawigaten, tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora
gampang lali banjur yen sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal
kelingan banjur tuku barang mau.
IKLAN/PARIWARA
Pariwara conto :
Ing jaman saiki, iklan bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana maneh
sing lumantar. radhio, TV, lan internet.
Iklan uga lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia
elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet, baliho,
ariwarti, lan kalawarti.
Dene medhia elektronik yaiku televisi, radhio, lan internet.
Ariwarti yaiku layang kabar kang metune/terbite saben dina,
dene kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite
kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan,
utawa sesasi pisan.
1.Iklan Komersial
Iklan komersial mengku tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire
ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane
gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake.
Tuladhane: iklan kang isine nawakake panganan, obat, klambi, lan sapanunggalane.
2.Iklan Layanan Masyarakat
Iklan layanan masyarakat minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuane adol gagasan
kanggo kepentingan sosial lan pelayanan tumrap masyarakat. Biasane arupa ajakan, pranyatan,
utawa himbauan marang masyarakat kanggo nindakake utawa nyegah sawijining pakarti
kanggo kepentingan umum.
Tuladha iklan layanan masyarakat, umpamane: ajakan supaya ora mbuwang larahan
sembarangan, milah larahan miturut jinie, nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu
samangsa dianakake pemilihan, lan sapanunggalane.
Miturut ancas utawa tujuane, iklan dibedakake dadi:
Ana loro yaiku :
Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku:
1.Iklan Informatif
Iklan informatif nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki :
a.Duwe pamrih kanggo nyiptakake kesadharan, menehi informasi, lan ngenalake prodhuk anyar
utawa njelasake keunggulan prodhuk sing wis ana.
b.Menehi informasi manawa dumadi owah-owahan rega, kemasan utawa owah-owahan liyane
tumrap prodhuk sing wis ana.
c.Njelasake tata rakit sawijine prodhuk barang utawa jasa.
d.Ngurangi rasa was sumelang tumrap konsumen samangsa dumadi perubahan tumrap prodhuk
tinamtu.
Mesthine kabeh mau kanthi tujuan supaya konsumen ora banjur pindhah marang prodhuk
liyane.
2.Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni ciri kaya ing ngisor iki:
a. Tujuane kanggo narik kawigaten lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk
sing diiklanake.
b. Ngowahi persepsi konsumen, saengga sing maune ora kenal malih kenal, sing maune ora
ketarik malih ketarik, sing maune anti pati malih dadi ketagihan marang prodhuk sing
diiklanake.
c. Ndayani marang konsumen sing pancen wis ketarik enggal tuku barang sing diiklanake.
3. Iklan Reminder
Iklan reminder nduweni ciri-ciri:
a. Tujuane kanggo nggiring konsumen supaya enggal tuku prodhuk sing diiklanake.
b. Ngelingake konsumen manawa sawijine wektu bakal mbutuhake banget marang prodhuk
sing diiklanake.
c. Ngelingake konsumen ing ngendi bisa tuku/golek barang sing dibutuhake.
d. Ngrangkul konsumen supaya tansah setya dadi konsumen prodhuk sing diiklanake.
Miturut medhia kang digunakake kanggo masang iklan, dibedakake dadi loro (2),
yaiku :
Iklan above the line lan Iklan below the line.
1. Iklan above the line yaiku iklan kang migunakake medhia massa. Maksude khalayak
sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan pesan kang kanggo wong akeh (serempak).
Medhia kang kalebu
kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi, film, radhio, dan internet.
2. Iklan below the line iku iklan kang migunakake medhia khusus. Kang kalebu iklan jinis iki
yaiku: leaflet, poster, spandhuk, baliho,
bus panel, bus stop, point of purchase (POP), sticker, shop sign, flayers, display, lan
sapanunggalane.

More Related Content

More from agustinusparyono

Ppt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadi
Ppt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadiPpt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadi
Ppt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadiagustinusparyono
 
Ppt Wulangan 5 Struktur Teks Layang Pribadi
Ppt Wulangan 5 Struktur Teks Layang PribadiPpt Wulangan 5 Struktur Teks Layang Pribadi
Ppt Wulangan 5 Struktur Teks Layang Pribadiagustinusparyono
 
Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)
Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)
Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)agustinusparyono
 
Ppt 4 nyusun pedhoman wawancara
Ppt 4 nyusun pedhoman wawancaraPpt 4 nyusun pedhoman wawancara
Ppt 4 nyusun pedhoman wawancaraagustinusparyono
 
Ppt 3 unsur basa teks wawancara
Ppt 3 unsur basa teks wawancaraPpt 3 unsur basa teks wawancara
Ppt 3 unsur basa teks wawancaraagustinusparyono
 
Ppt 2 struktur teks wawancara
Ppt 2 struktur teks wawancaraPpt 2 struktur teks wawancara
Ppt 2 struktur teks wawancaraagustinusparyono
 
Ragam basa lan basa rinengga 1
Ragam basa lan basa rinengga 1Ragam basa lan basa rinengga 1
Ragam basa lan basa rinengga 1agustinusparyono
 
Topik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekakTopik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekakagustinusparyono
 
Topik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekakTopik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekakagustinusparyono
 
Topik 3 unggah ungguh basa
Topik 3 unggah ungguh basaTopik 3 unggah ungguh basa
Topik 3 unggah ungguh basaagustinusparyono
 

More from agustinusparyono (11)

Ppt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadi
Ppt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadiPpt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadi
Ppt wulangan 5 unsur basa teks layang pribadi
 
Ppt Wulangan 5 Struktur Teks Layang Pribadi
Ppt Wulangan 5 Struktur Teks Layang PribadiPpt Wulangan 5 Struktur Teks Layang Pribadi
Ppt Wulangan 5 Struktur Teks Layang Pribadi
 
Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)
Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)
Bd8 kd5- wulangan 5 -converted (1)
 
Ppt 4 nyusun pedhoman wawancara
Ppt 4 nyusun pedhoman wawancaraPpt 4 nyusun pedhoman wawancara
Ppt 4 nyusun pedhoman wawancara
 
Ppt 3 unsur basa teks wawancara
Ppt 3 unsur basa teks wawancaraPpt 3 unsur basa teks wawancara
Ppt 3 unsur basa teks wawancara
 
Ppt 2 struktur teks wawancara
Ppt 2 struktur teks wawancaraPpt 2 struktur teks wawancara
Ppt 2 struktur teks wawancara
 
Ragam basa lan basa rinengga 1
Ragam basa lan basa rinengga 1Ragam basa lan basa rinengga 1
Ragam basa lan basa rinengga 1
 
Topik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekakTopik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekak
 
Topik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekakTopik 2 unsur basa teks crita cekak
Topik 2 unsur basa teks crita cekak
 
Topik 3 unggah ungguh basa
Topik 3 unggah ungguh basaTopik 3 unggah ungguh basa
Topik 3 unggah ungguh basa
 
Topik 1 cerkak
Topik 1 cerkakTopik 1 cerkak
Topik 1 cerkak
 

Ppt wulangan 4 iklan

  • 2. IKLAN/PARIWARA PENGERTIAN IKLAN/PARIWARA Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake.  Iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer.  Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina digunakake nom-noman.  Menawa kang diarah iku kalangan masyarakat umum, ya nganggo basa kang umum.  Ukara iklan kudu ringkes, cetha, cekak aos, lan narik kawigaten.  Basane narik kawigaten, tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gampang lali banjur yen sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal kelingan banjur tuku barang mau.
  • 3. IKLAN/PARIWARA Pariwara conto : Ing jaman saiki, iklan bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana maneh sing lumantar. radhio, TV, lan internet. Iklan uga lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet, baliho, ariwarti, lan kalawarti. Dene medhia elektronik yaiku televisi, radhio, lan internet. Ariwarti yaiku layang kabar kang metune/terbite saben dina, dene kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan, utawa sesasi pisan.
  • 4. 1.Iklan Komersial Iklan komersial mengku tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake. Tuladhane: iklan kang isine nawakake panganan, obat, klambi, lan sapanunggalane. 2.Iklan Layanan Masyarakat Iklan layanan masyarakat minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuane adol gagasan kanggo kepentingan sosial lan pelayanan tumrap masyarakat. Biasane arupa ajakan, pranyatan, utawa himbauan marang masyarakat kanggo nindakake utawa nyegah sawijining pakarti kanggo kepentingan umum. Tuladha iklan layanan masyarakat, umpamane: ajakan supaya ora mbuwang larahan sembarangan, milah larahan miturut jinie, nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu samangsa dianakake pemilihan, lan sapanunggalane. Miturut ancas utawa tujuane, iklan dibedakake dadi: Ana loro yaiku :
  • 5. Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku: 1.Iklan Informatif Iklan informatif nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki : a.Duwe pamrih kanggo nyiptakake kesadharan, menehi informasi, lan ngenalake prodhuk anyar utawa njelasake keunggulan prodhuk sing wis ana. b.Menehi informasi manawa dumadi owah-owahan rega, kemasan utawa owah-owahan liyane tumrap prodhuk sing wis ana. c.Njelasake tata rakit sawijine prodhuk barang utawa jasa. d.Ngurangi rasa was sumelang tumrap konsumen samangsa dumadi perubahan tumrap prodhuk tinamtu. Mesthine kabeh mau kanthi tujuan supaya konsumen ora banjur pindhah marang prodhuk liyane.
  • 6. 2.Iklan Persuasif Iklan persuasif nduweni ciri kaya ing ngisor iki: a. Tujuane kanggo narik kawigaten lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk sing diiklanake. b. Ngowahi persepsi konsumen, saengga sing maune ora kenal malih kenal, sing maune ora ketarik malih ketarik, sing maune anti pati malih dadi ketagihan marang prodhuk sing diiklanake. c. Ndayani marang konsumen sing pancen wis ketarik enggal tuku barang sing diiklanake. 3. Iklan Reminder Iklan reminder nduweni ciri-ciri: a. Tujuane kanggo nggiring konsumen supaya enggal tuku prodhuk sing diiklanake. b. Ngelingake konsumen manawa sawijine wektu bakal mbutuhake banget marang prodhuk sing diiklanake. c. Ngelingake konsumen ing ngendi bisa tuku/golek barang sing dibutuhake. d. Ngrangkul konsumen supaya tansah setya dadi konsumen prodhuk sing diiklanake.
  • 7. Miturut medhia kang digunakake kanggo masang iklan, dibedakake dadi loro (2), yaiku : Iklan above the line lan Iklan below the line. 1. Iklan above the line yaiku iklan kang migunakake medhia massa. Maksude khalayak sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan pesan kang kanggo wong akeh (serempak). Medhia kang kalebu kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi, film, radhio, dan internet. 2. Iklan below the line iku iklan kang migunakake medhia khusus. Kang kalebu iklan jinis iki yaiku: leaflet, poster, spandhuk, baliho, bus panel, bus stop, point of purchase (POP), sticker, shop sign, flayers, display, lan sapanunggalane.