MODUL AJAR BAHASA INDONESIA KELAS 5 KURIKULUM MERDEKA.pdf
Contoh soal bahasa jawa beserta jawabannya
1. Soal Basa Jawa 20 butir
X MM-01
1. Papan lan wektu kadadeyan ing crita diarani ....
a. Alur
b. Latar
c. Paraga
d. Watak
2. Kepala sekolah, maringi pidhato marang para siswa prayogane migunakake basa ....
a. Ngoko
b. Krama
c. Kedhaton
d. Kramantara
3. Cacahing wanda ing saben sagatra diarani guru ....
a. Gatra
b. Lagu
c. Wilangan
d. Dhong dhing
4. Pariwara nunggal teges karo tembung ....
a. Kabar
b. Wara-wara
c. Kawruh
d. Pawarta
Nama : Eva Ria Safitri
Kelas : X Multimedia 1
No Absen : 15
2. Soal Basa Jawa 20 butir
X MM-01
Wara-wara
Kanggo kanca-kancaku Pramuka daksuwun teka ing sekolahan dina setu tanggal 29
Desember 2014 saperlu nganakake Persami.
Matur Nuwun kawigatene.
Demak, 24 Desember 2014
Pembina Pramuka SMP 1 Demak
Arifin
Wara-wara ing dhuwur kanggo mangsuli pitakon nomer 5 lan 6.
5. Pariwara kasebut katujokake marang ....
a. Anggota OSIS
b. Pembina OSIS
c. Anggota Pramuka
d. Pembina Pramuka
6. Persami arep dianakake rikala ....
a. 24 Desember 2014
b. 20 Desember 2014
c. 25 Desember 2014
d. 29 Desember 2014
7. Mira : “Bu ... Ibu, kowe entuk layang saka Bu Rini.”
Ibu : “Ya, ... gawanen mrene. Kowe mau kepethuk Bu Rini ing ngendi?”
Basa kang digunakake Mira ing pecelathon dhuwur iku luput, sing bener kudune ....
a. Bu ... Ibu, panjenengan pikantuk serat saking Bu Rini
b. Bu ... Ibu, sampeyan pikantuk serat saking Bu Rini
c. Bu ... Ibu, sampeyan pikantuk surat saking Bu Rini
d. Bu ... Ibu, panjenengan entuk layang saking Bu Rini
8. Tembang macapat cacahe ana ....
a. 9
b. 10
c. 11
d. 12
9. Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane Ariwarti yaiku ....
a. Kompas
b. Jawa Pos
c. Mekarsari
d. Wawasan
3. Soal Basa Jawa 20 butir
X MM-01
“Nota Protes kaping-36 dikirimake dina kemis (4/6).” Ngendikane Juru Wicara
Departemen Luar Negeri RI, Teuku Faizasyah, ing Jakarta, Jumat.
Protes kang pungkasan kasebut, miturut Teuku Faizasyah, dikirimake marang
malaysia sawise entuk palapuran kanthi rinci saka TNI AL ngenani kanyatan sing
dumadi ing lapangan. TNI AL, kanthi urut nyritakake kronologi kedadeyan wektu lan
tanggal dumadine inkursi utawa aktivitas saka negara manca (Malaysia) mlebu ing
wilayah negara Republik Indonesia.
10. Pawarta kasebut katulis tanggal ....
a. 4 Juni
b. 4 Agustus
c. 4 Juli
d. 4 September
11. Juru Wicara Departemen Luar Negeri asmane ....
a. Teuku Fairasyah
b. Tengku Ryan
c. Tengku Faizasyah
d. Teuku Faizasyah
MEGATRUH
Laras pelog pathet barang
Sigra milir sang gethek sinangga bajul
Kawandasa kang njageni
12. Guru wilangane cuplikan tembang kasebut yaiku ....
a. 12, 7
b. 12, 8
c. 12, 9
d. 12, 10
Wacan kanggo soal no 13-15
Nuju malem Senin aku lan santri liyane padha mirengake Mbah Kyai lagi mulang
kitab Tauhid, biasane Amin ora tau nggatekake wejangane Mbah Yai, nanging bengi
kuwi dingaren Amin temenan anggone ngrungokake. “polah tingkah sekabehing titah
ing alam donya iki sing nglakokake Gusti Allah. Ora beda kaya wayang kang
dilakokake dening dhalang.” Ngono simpulan kang diterangake Mbah Kyai wektu
iku.
13. Manut pethikan crita kasebut kedadeyane ing dina ....
a. Minggu
b. Senin
c. Minggu bengi
d. Senin bengi
4. Soal Basa Jawa 20 butir
X MM-01
14. Paraga kang dicritakake ing crita kasebut, yaiku ....
a. Mbah Yai
b. Amin
c. Dhalang
d. Aku lan para santri liyane
15. Biasane Amin ora tau nggatekake wejangane Mbah Yai, nanging bengi kuwi dingaren
Amin temenan anggone ngrungokake. Tembung-tembung ing ngisor iki kang nunggal
teges karo tembung wejangan yaiku ....
a. Ayahan
b. Piwulang
c. Pitutur
d. Ular-ular
16. “Lho sinten ingkang bengak-bengok ing wanci dalu, lha kula namung matur menawi
wonten banjir ageng. Mangga paklik kita ngungsi kemawon”. Ukara kasebut
nggunakake ragam basa ....
a. Ngoko alus
b. Ngoko lugu
c. Krama alus
d. Krama lugu
17. Tibaning swara ing pungkasaning gatra tembang macapat, yaiku ....
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru wilangan
d. Pada
18. Pranyatan ing ngisor iki kang ora kalebu unsur instrinsik ing crita cekak, yaiku ....
a. Alur
b. Setting
c. Watak paraga
d. Pangripta
19. Kanggo ngelet-eleti tetembungan karo angka jawa ing panulisan aksara jawa
nggunakake ....
a. Pada lingsa
b. Pada pangkat
c. Pada lungsi
d. Adeg-adeg
5. Soal Basa Jawa 20 butir
X MM-01
20. Pada lungsi kang digunakake kanggo mungkasi ukara iku wujude ....
a. ?
b. .
c. ,
d. ;