SlideShare a Scribd company logo
1 of 18
Download to read offline
1
KEGIATAN BELAJAR 1
WIDYA SWARA
PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat
Fonologi minangka perangane ilmu basa kang wigati. Fonologi iku ilmu
basa kang paling dhasar. Pasinaon ana ing basa Jawa iku sejatine linambaran ilmu
fonologi. Ancase sinau fonologi yaiku mahasiswa kaajab bisa njlentrehake tegese
basa, proses anggone ngasilake swara, klasifikasi swara, lan mangerti titikane
basa Jawa. Ing fonologi ana kang sinebut fonetik, yaiku cabang fonologi kang
ngrembug babagan proses anggone ngasilake swara. Kanthi sinau fonetik
mahasiswa kaajab bisa mbedakake panganggone aksara Latin ing basa Jawa kang
sejatine diucapake kanthi swara sing sejen.
Materi kang kasusun ana ing modul iki duwe paedah kanggo mahasiswa
amarga pasinaon iki ngemot dhasaring ilmu basa. Buku iki digawe supaya praktis
lan gampang diwarahake. Kanthi sinau fonologi mahasiswa bisa nganalisis basa
Jawa kang diucapake utawa katulis kathhi trep lan titis. Sanajan mangkono, kanthi
sinau fonologi mahasiswa bisa milah basa miturut maneka warna kahanan.
Mahasiswa uga bisa ngucap fonem kanthi bener lan pener. Materi ana ing buku iki
kasusun kanthi ngetrepake karo bab kang pingin digayuh ana ing pasinaon PPG
basa Jawa. Bab-bab kasebut karonce ana ana ing capaian pembelajaran lan sub
capaian pembelajaran kang wis disepakati yaiku.
Tabel 1: Capaian Pembelajaran PPG basa Jawa
Capaian
Pembelajaran
Sub-Capaian Pembelajaran
Menganalisis prinsip
materi kebahasaan
Jawa dan aplikasinya
dalam pembelajaran
bahasa Jawa
1. Para siswa kaajab bisa njentrehaken tegese
fonologi
2. Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese
fonetik.
3. Para siswa kaajab bisa njlentrehake proses
wawan rembug.
4. Para siswa kaajab bisa nyebutake piranti
nyuwara.
5. Para siswa kaajab bisa njlentrehake cara
ngasilake swara.
6. Para siswa kaajab bisa ngandharake panemu
nganggo basa Jawa kanthi swara vokal lan
2
Capaian
Pembelajaran
Sub-Capaian Pembelajaran
konsonan kang trep.
B. Petunjuk Belajar
Modul kang digawe iki bisa digunakake minangka rujukan kanggo sinau
paramasatra Jawa ana ing PPG Basa Jawa. Buku iki karantam saka telung
pasinaon yaiku widya swara Jawa, fonetik artikulatori, lan titikane fonem basa
Jawa. Materi kang katulis ana ing modul iki saloke diwenehi gambar supaya
anggone sinau luwih cetha.
Saben pasinaon uga dikompliti tugas lan soal ujian ana ing saben pasinaon.
Soal ujian saben pasinaon bentuke pilihan. Sanajan saben pasinaon wus ana tugas
lan soal ujian, modul iki uga nyepakake tugas lan ujian kang ngemot kabeh materi
ing modul. Tugas lan soal ujian kasebut bentukke bisa digunakake kanggo ujian
kang nemtokake lulus orane mahasiswa. Cara pambiji soal kang wus disiapake
yaiku :
Mahasiswa bisa lulus menawa biji ujiane luwih saka 80%. Menawa bijine kurang
saka iku, mahasiswa kasebut kudu mbaleni bab kang durung dikuwasani.
3
INTI
A. Capaian Pembelajaran
Menganalisis prinsip materi kebahasaan Jawa dan aplikasinya dalam
pembelajaran bahasa Jawa.
B. Pokok-Pokok Materi
Gambar 1: Pokok-pokok materi widya swara basa Jawa
C. Uraian Materi
1. Widya Swara Basa Jawa
a. Fonologi
Manungsa minangka mahluk sosial wis tamtu nglakoni sing jenenge
pasrawungan karo wong liya. Pasrawungan bisa kalaksanan kanthi lancar menawa
ana piranti sing nglantarake. Micara kalaksanan kanthi nggunakake piranti awujud
basa, yaiku sistem lambang swara kang arbitrar lan konvensional kanggo
ngandharake panemune marang wong liya. Lambang swara kang digunakake iku
bisa diwarahake kanthi ilmiah. Modul iki digawe kanthi ancas bisa nyinau kepiye
carane manungsa bisa ngasilake swara.
Fonologi yaiku ilmu kang ngandharake babagan proses aggone
4
ngasilake/produksi swara. Kanthi luwih cetha Nafisah (2017: 70) ngandharake
fonologi mencakup bunyi bahasa, baik yang bersangkutan pembentukan
bunyi, bunyi sebagai getaran udara, dan bunyi yang terdengar (ketiganya dikaji
oleh fonetik) maupun yang bersangkutan dengan fungsi bunyi dalam komunikasi
Saben manungsa anggone micara tamtu ngalami proses fonologis supaya bisa
ngasilake swara/fonem. Proses ngasilake swara, carane swara mrambat lumantar
hawa, lan nganti swara bisa dirungokake iku diwarahake ana ing kajian fonetik.
Tegese fonologi iku uga meh padha karo andharane Ningsih lan
Purwaningsih (2013: 75) menawa:
Pengetahuan tentang fonologi berkaitan dengan bagaimana penutur
bahasa memproduksi bunyi yang mempunyai arti, mengenali aksen yang
asing, membentuk kata baru, menambah segmen fonetik yang cocok untuk
memproduksi bunyi yang beraspirasi dan yang tidak aspirasi dalam
konteks yang sesuai, mengenali apa yang berbunyi dan yang tidak
berbunyi dalam suatu bahasa itu
Saka andharan iku bisa dingerteni menawa ilmu fonologi iku ora mung sinau
babagan cara ngasilake swara, ananging uga ngrembug babagan karakteristik
swara saengga bisa dibedakake swara kang ngemu teges, ngemu ancas, lan bisa
milah swara kang beda logate. Swara kang bisa mbedakake tegese tembung iku
sinebut fonem. Coba gatekna tuladha ing ngisor iki.
titik >< tilik thuthuk >< tutuk
Tembung-tembung kang katulis iku diucapake kanthi teges kang ora padha
sanajan mung beda safonem. Tembung titik lan tilik duwe teges kang beda sanajan
sing owah mung fonem /t/diganti /l/. Tembung liyane uga padha, tembung thuthuk
gara-gara fonem /th/diganti /t/.
b. Fonetik
Kaya kang wus dirembug sadurunge. Kang diarani fonetik yaiku perangane
ilmu linguistik kang mligi ngrembug piye carane swara bisa diasilake, piye carane
swara mrambat lumantar hawa, uga piye carane swara bisa dirungokake. Kanthi
luwih cetha Mulyani (2008: 5-6) ngandharake:
5
alat ucap
manusia dalam menghasilkan bunyi bahasa, bagaimana hakikat bunyi
bahasa itu (dalam hal ini frekuensi, intensitas, dan timbernya), serta
bagaimana getaran udara sebagai bunyi bahasa tersebut diterima oleh
indra pendengaran manusia
Saka andharan kang kaya mangkana fonetik bisa uga diarani bidang kajian
fonologi kang ngrembug babagan raganing swara. Jinising fonetik ana telu yaiku
fonetik artikulatoris/organik, akustik, lan auditoris. Jinis-jinis fonetik iku diperang
miturut papan panggonane swara nalika lagi pasrawungan, yaiku nalika nembe
micara, nalika swara mrambat lumantar hawa, lan nalika swara iku dirungokake
dening mitra wicara. Jinising fonetik iku bisa disawang saka gambar 2.
Gambar 2: Jinising fonetik
Fonetik artikulatoris iku naliti organ ana ing awake pamicara kang
digunakake supaya bisa ngasilake swara. Fonetik jinis iki ngrembug kepiye carane
hawa saka paru-paru manungsa nglewati organ-organ liyane bisa ngasilake swara
kang maneka warna. Swara-swara kang kaasilake nalika micara iku mau banjur
bisa dipilah-pilah miturut artikulator/piranti kanggo ngucap.
Fonetik akustik iku naliti swara kang mrambat saka pamicara marang
mitra wicara kanthi lumantar hawa. Jinis fonetik iki ngrembug swara kang wus ora
ana hubungane nalika diasilake lan durung tekan ing mitra wicara. Swara kang
dirembug yaiku swara kang wus metu saka tutuk. Marsono (2013: 2) ngandarake
menawa -bunyi diselidiki frekuensi getarannya, amplitude, intensitas, dan
timbernya Fonetik akustik nggabungake antarane ilmu basa lan fisika supaya
bisa mangerti karakteristik swara kang diucapake.
Fonetik auditoris naliti swara kang dirungokake dening mitra wicara. Jinis
fonetik iki naliti kepiye carana swara bisa ditampa lewat kuping banjur mitra
wicara bisa ngerti basa iku mau. Fonetik auditoris lan fonetik artikulatoris iku
6
nggabungke ilmu basa lan kedokteran amarga kang ditaliti proses swara diasilake
lan ditampa kanthi piranti organ manungsa.
Jinis fonetik kang arep dibahas ana ing modul iki yaiku fonetik
artikulatori. Fonetik iki penting diwarahake supaya panjenengan luwih ngerti
babagan proses produksi/ngasilake swara. Sanajan mangkono, kanthi sinau fonetik
artikulatori panjenengan bisa milah-milah jinising swara miturut piranti kang
digunakake kanggo ngasilake swara.
2. Fonetik Artikulatori
a. Piranti Nyuwara
Swara kang sering dirungokake nalika rembugan karo wong liya iku ora
teka ngono wae, ana piranti-piranti awujud organ kang bisa ngasilake swara.
Supaya luwih cetha, modul iki nyelipi gambar piranti kanggo ngasilake swara
kaya kang ana ing gambar 3. Gambar piranti kasebut banjur dikompliti kanthi
katrangan jeneng-jenenge piranti kasebut ana ing tabel 2 manut urutan nomer
kang ana ing gambar 3.
Piranti kanggo ngucap ana ing gambar 3 duwe tugase dhewe-dhewe
kanggo ngasilake maneka swara. Ana organ kang duwe pengaruh langsung nalika
ngasilake swara sinebut artikulator. Organ-organ kuwi mapan ana ing tutuk kang
tugase ngalangi hawa supaya bisa ngasilake maneka warna swara. Artikulator
kang digunakake kanggo ngasilke swara iku bisa disawang saka gambar kang
katulis no. 11-19 lan no. 21-22.
Tabel 2: Piranti kanggo ngasilake swara
Piranti Nyuwara Basa Latine
1) Paru-paru (lungs)
2) Gurung ngisor (batang tenggorokan/trachea)
3) Gurung dhuwur (pangkal tenggorokan/larynx)
4) Pita swara (vocal cord)
5) Krikoid (cricoid)
6) Trikoid (thyroid)
7) Aritenoid (arythenoid)
8) Telak (dinding rongga tenggorokan/wall of pharynx)
9) Epiglotis (epiglotis) dorsal
10) Oyoting ilat (root of the tongue) medial
11) Ilat sisih jero (hump/back of thongue/dorsum) laminal
12) Ilat sisih tengah (middle of tongue/medium) apical
13) Ilat sisih dhuwur (blade of tongue/lamina) uvular
14) Pucuk ilat (tip of tongue/apec) velar
7
Piranti Nyuwara Basa Latine
15) Anak tekak (uvula) palatal
16) Gorokan (langit-langit empuk/soft palate/velum) alveolar
17) Cethak (langit-langit atos/hard palate/palatum) dental
18) Gusi (alveola/alveolum) dental
19) Untu sisih ndhuwur (upper teeth/denta) labial
20) Untu sisih ngisor (lower teeth/denta) labial
21) Lambe sisih ndhuwur (upper lip/labia)
22) Lambe sisih ngisor (lower lip/labia)
23) Tutuk (mouth)
24) Ruangan njero tutuk (oral cavity/mouth cavity)
25) Ruangan njero irung (nose cavity/nasal cavity)
Artikulator iku bisa dipara dadi loro yaiku artikulator aktif karo artikulator
pasif. Artikulator aktif iku mapan ana ing tutuk sisih ngisor, menawa artikulator
pasif mapan ana ing tutuk sisih dhuwur.
Gambar 3: Piranti Kanggo Ngucap (sumber: http://slideplayer.info)
Artikulator iku mau diarani aktif amarga bisa diobahke manut kang dibutuhake,
ewa dene artikulator pasif iku ora bisa obah. Kang kalebu artikulator aktif yaiku
1) ilat sisih mburi, 2) ilat sisih tengah, 3) ilat sisih ndhuwur, 4) pucuk ilat, lan 5)
lambe ngisor. Artikulator pasif kang digunakake kanggo ngasilake swara yaiku 1)
anak tekak, 2) gorokan, 3) cethak, 4) gusi, 5) untu sisih ndhuwur, lan 6) lambe
sisih ndhuwur.
Tuladha panganggone artikulator aktif lan pasif bisa disawang nalika arep
8
ngucapake swara /d/ yaiku swara kang diasilake saka artikulator pucuk ilat karo
untu. Artikulator aktif yaiku pucuk ilat nyerak marang untu sisih dhuwur. Untu
sing ana ing sisih dhuwur ora bisa obah, sing aktif iku pucuk ilat minangka
artikulator aktif.
b. Cara ngasilake swara
Manungsa ngasilake swara kang duwe teges iku ana carane. Piranti kang
paling wigati supaya bisa ngasilake swara yaiku kudu ana hawa. Hawa kang
dibutuhake iku asale saka kagiyatan napas. Hawa kang mlebu ing awak banjur
ditokke meneh sawise digunakake. Kanthi prentah saka otak, otot-otot ana ing
paru-paru, weteng lan dada ngembang lan ngempis supaya hawa kang ana ing
paru-paru bisa mlaku munggah nglewati gurung-gurung.
Ing gurung-gurung iku mau ana sing jenenge krikoid, trikoid, aritenoid, lan
pita swara. Pita swara sisih ngarep kelet ana ing tiroid menawa sisih mburi
kelet karo arytenoid. Pita swara duwe tugas supaya bisa ngasilake swara yaiku
ngatur hawa kang mlebu lan metu ana saka paru-paru tumuju tutuk. Saka hawa
kang lewat iku mau pita swara bisa kabukak ombo, kabukak, katutup, lan katutup
kenceng.
Glotis kabukak ombo iku nalika awake dhewe napas biasa. Nalika napas
pita suara ora duwe tugas ngasilake swara. Hawa ing paru-paru bisa metu kathi
glottis dalam keadaan terbuka bila
Glotis katutup nalika hawa kang
nglewati pita swara bisa gawe pita swara iku geter saengga bisa ngasilake swara
tartamtu. Proses produksi swara nalika hawa nglewati pita swara iku diarani
proses fonasi. Glotis katutup rapet iku kadadeyan nalika ngucapake swara glottal
stop kayata ngomong bapak [bapa?]. Swara [k] ana ing mburi tembung bapak iku
bisa kalebu swara glottal stop. Supaya luwih cetha kang diarani glotis iku kaya
ngapa, coba panjenengan gatosaken gambar 4 ana ing modul iki. Gambar 4 iku
minangka gambaran bentuk pita swara. Bentuk pita swara kang nyata uga bisa
panjengan priksani ana ing situs https://www.youtube.com/watch?v=egT-OLS1-
UM.
Hawa kang lewat pita swara nerusake munggah banjur oleh alangan saka
artikulator ing njero tutuk. Alangan saka artikulator iku mengko kang nggawe
9
swara saka pita swara dadi maneka warna.
Glotis Terbuka Lebar Glotis Terbuka
Glotis Tertutup Glotis Tertutup Rapat
Gambar 4: Glotis (sumber: https://www.omicsonline.org)
Proses kang mangkono iku diarani proses artikulasi. Pungkase hawa mau digiring
metu, bisa lewat tutuk bisa uga lewat irung. Proses metune hawa iku mau diarani
proses oro-nasal.
c. Klasifikasi Swara
Swara kang diasilake organ swara manungsa bisa dipilah-pilah manut
kahanan tartamtu. Bab iki arep ngrembug klasifikasi swara kang kaya mangkene:
1) Klasifikasi Swara Miturut Dalan Metune Hawa
Klasifikasi swara miturut dalan metune hawa dipara dadi loro, yaiku hawa
kang metu saka tutuk lan hawa kang metu saka irung. Hawa kang metu saka tutuk
iku bisa ngasilake swara oral. Kang kalebu ana ing swara oral yaiku [a], [b], [c],
[d], [ ], [e], [f], [g], [h], [i], [j], [k], [l], [o], [p], [q], [r], [s], [t], [ ], [u], [v], [w],
[y], lan [?]. Banjur, hawa kang metu saka irung iku bisa ngasilake swara nasal.
Hawa kang mlaku saka paru-paru dialang-alangi supaya babar blas ora bisa metu
saka tutuk. Titikane swara nasal yaiku nalika pamicara ngucap tembung nasal
sinambi njithet irung swara iku ora bakal bisa kaasilake amarga hawa saka paru-
paru ora bisa metu. Kang klebu ana ing swara nasal yaiku [n], [m], [ñ], lan [ ].
2) Klasifikasi Swara Miturut Ana Orane Proses Artikulasi
Klasifikasi swara miturut ana lan orane proses artikulasi kaperang dadi
10
loro, yaiku vokal, lan konsonan. Kanthi luwih cetha klasifikasi swara kuwi mau
bisa dijlentrehake ana ing ngisor iki.
a) Swara Vokal
Swara vokal yaiku swara kang diasilake organ micara tanpa dialangi
artikulator. Hawa kang metu saka paru-paru mung dialangi nalika nglewati pita
swara. Andharan iki cocok karo kang dijlentrehake dening Verhaar (2012: 33)
vokal adalah bunyi bahasa yang dihasilkan dengan melibatkan pita-pita
suara tanpa penyempitan atau penutupan apa pun pada tempat pengartikulasian
mana pun vokal kang digawe sejatine amarga ana pita swara. Sanajan
mangkono, swara vokal bisa maneka warna amarga posisi ilat lan lambe sing
micara.
Swara vokal kang diasilake bisa disawang saka dhuwure ilat, perangane
ilat kang diunggahake, adoh cerake ilat karo langit-langit, lan wujud lambe nalika
ngetokake hawa. Ing fonologi ana sing diarani vokal kardinal yaiku diagram kang
ngemot posisi ilat saben vokal supaya luwih gampang anggone sinau. Diagram
kardinal swara vokal basa Jawa bisa disawang ana ing gambar 5 modul iki.
Gambar 5: Vokal kardinal basa Jawa
Vokal ana ing basa Jawa menawa disawang ana ing gambar 5 cacahe ana
sepuluh, yaiku [i], [I], [e], [ ], [a], [ ], [u], [U], [o], lan [ ]. Pamilahing swara
vokal miturut dhuwure ilat, ilat sing obah, lan adoh cerake ilat karo langit-langit
ditulis kanthi cetha ana ing gambar. Supaya luwih cetha pamilahing swara vokal
11
bisa dijlentrehake kaya mangkene:
(1) Pamilahing swara vokal miturut dhuwure ilat
Nalika ngucap swara vokal, ilat minangka organ kanggo ngucap bisa
mapan ana ing telung posisi yaiku posisi dhuwur, tengah, lan ngisor saengga bisa
ngasilake swara vokal, yaiku:
(a) Vokal dhuwur yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing dhuwur.
Kang kalebu ana ing vokal dhuwur yaiku swara [i], [I], [u], lan [U]. Jinis
vokal iki bisa dipara meneh dadi loro, yaiku vokal dhuwur sing kenceng yaiku
[i] lan [u], saha vokal dhuwur sing kendho yaiku [I] lan [U].
(b) Vokal Madya yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing tengah-
tengah. Kang kalebu ana ing vokal madya yaiku swara [e], [ ], [ ], [o], lan
[ ]. Jinis vokal iki isih bisa dipara meneh dadi loro, yaiku vokal madya
kenceng yaiku [e] lan [o], saha vokal madya kendho yaiku [ ] lan [ ].
(c) Vokal ngisor yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing ngisor. Ana
ing basa Jawa kang kalebu ana ing swara vokal iki mung swara [a]. Vokal
ngisor ana ing basa Jawa ora dipilah meneh dadi loro. Ananging, menawa
arep dipadhakake karo vokal sing liyane vokal iki kalebu ana ing vokal ngisor
kendho.
(2) Pamilahing swara vokal miturut ilat kang obah
Swara vokal uga bisa dipilah saka organ ilat kang obah. Pamilahing vokal
kang kaya mangkana ngasilake telung jinis vokal yaiku vokal ngarep, vokal
tengah, karo vokal buri. Kang kalebu ana ing vokal ngarep yaiku swara [i], [I], [e],
[ ], lan [a]. Kang kalebu ana ing vokal tengah yaiku swara [ ]. Banjur, kang
kalebu ana ing vokal buri yaiku swara [u], [U], [o], lan [ ].
(3) Pamilahing swara vokal miturut cerak adohe ilat karo langit-langit
Swara vokal bisa kapara dadi papat menawa sinawang saka adoh cerake
ilat karo organ langit-langit, yaiku tinutup, rada rada tiutup, rada binuka, lan
binuka. Adoh cerake ilat karo langit-langit ana ing tutuk adate diarani striktur.
(a) Vokal tinutup (close vowels) yaiku swara vokal kang diasilake nalika ilat
diangkat dhuwur nganti cerak karo langit-langit. Ilat kang diangkat iku ora
12
nganti ndemok langit amarga menawa hawa kang metu oleh alangan swara
kang diasilake ora bisa dadi vokal. Menawa nyawang saka vokal kardinal
kang wus cumepak, kang kalebu ana ing vokal katutup yaiku swara [i] lan [u].
(b) Vokal rada tinutup (half-close) yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat
ditarik munggah, ananging ora luwih dhuwur saka vokal katutup. Munggahe
ilat kira-kira loro per telu saka dhuwure ilat nalika ngasilake swara vokal
tinutup saengga bisa ngasilake swara [I] lan [U].
(c) Vokal rada binuka (half-open) yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat
ditarik rada dhuwur, dhuwure wetara sepertelu saka dhuwure ilat nalika
ngasilake vokal tinutup. Kang kalebu ana ing vokal rada binuka yaiku swara
[ ], [ ], lan [ ].
(d) Vokal binuka yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat mapan ana ing
posisi ngisor (ora ditarik munggah). Swara kang kalebu ana ing vokal binuka
yaiku mung swara [a].
(4) Pamilahing swara vokal miturut bentuk lambe
Swara vokal uga bisa diasilake saka bentuk lambe nalika ngucap. Bentuk
lambe nalika ngucap swara vokal kaperang dadi loro, yaiku bunder lan ora bunder.
Vokal bunder yaiku swara vokal kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru metu
nglewati lambe sing bentuke bunder. Swara vokal kang kalebu vokal bunder yaiku
[ ], [o], [U], lan [u]. Banjur, kang diarani vokal ora bunder yaiku nalika ngasilake
swara vokal, hawa saka paru-paru ditokake lewat lambe sing bentuke ora bunder.
Vokal ora bunder bisa diasilake nalika bentuk lambene netral utawa lonjong.
Swara vokal kang kalebu ana ing vokal ora bunder yaiku [i], [I], [e], [ ], [a], lan
[ ].
Bentuk lambe nalika ngucap swara vokal dibedakake dadi telu, yaiku
bunder, lonjong lan netra. Sanajan bentuk lambe mung ana telu, lambe kasebut
bisa ngasilake sepuluh vokal ana ing basa Jawa. Bab iki bisa kadaden amarga ana
pengaruhe karo ilat lan amba orane lambe nalika ngucap vokal kasebut. Swara [u]
lan [o] minangka swara kang diasilake nalika bentuke lambe bunder. Ananging,
nalika ngucap swara [u] lambe kudu dibentuk bunder kang luwih cilik tinimbang
nalika ngucap swara [o].
13
(5) Klasifikasi swara vokal miturut cacahe swara
Swara vokal kang mapan ana ing tembung bisa dipilah manut cacahe vokal
saben wanda. Ing basa Jawa pamilahing tembung kanthi cara mangkono mung ana
loro yaiku monoftong lan diftong. Monoftong yaiku pangucape swara vokal ana
ing saben wanda ora ana sing rangkep. Tuladha monoftong yaiku sate. Tembung
sate kabentuk saka urutan konsonan vokal konsonan vokal (KVKV). Ora ana
vokal kang rangkep ana ing tembung iku. Banjur, diftong yaiku pangucape swara
vokal ana ing wanda kasusun rangkep. Diftong ana ing basa Jawa adate
digunakake nalika mbangetake prakara tartamtu. Tuladha diftong yaiku cuilik.
Susunan tembung cuilik yaiku KVVKVK. Ana ing tembung iku bisa ditemoni ana
vokal kang digunakake bebarengan ana ing wanda. Prakara kang kaya mangkono
kang diarani diftong.
(6) Klasifikasi swara vokal miturut mapane ilat
Swara vokal bisa diperang miturut dhuwure ilat, ilat sing obah, adoh
cerake ilat karo langit-langit, saha bentuk lambe bisa karingkes ana ing tabel 3.
Saka tabel kang wis cumepak, panjenengan bisa ngerti ana ngendi mapane ilat lan
kepiye bentuk lambe kang bisa ngasilake swara-swara vokal basa Jawa kang
bener.
Tabel 3: Tabel pamilahing swara basa Jawa
No.
Swara
Vokal
Pamilahing swara vokal sinawang saka-
Tuladha
Dhuwure
Ilat
Ilat kang
Obah
Striktur Bentuk
Lambe
1. [i] Dhuwur
Kenceng
Ngarep Tinutup Ora
Bunder
impi [impi]
ingsun [i sUn]
sambi [sambi]
iwak [iwa?]
2. [I] Dhuwur
Kendho
Ngarep Rada
Tinutup
Ora
Bunder
pitik [pitI?]
sithik [si I?]
slenthik [sl n I?]
apik [apI?]
3. [u] Dhuwur
Kenceng
Buri Tinutup Bunder untu [untu]
saru [saru]
sapu [sapu]
kuru [kuru]
4. [U] Dhuwur
Kendho
Buri Rada
Tinutup
Bunder wangun [wa Un]
karung [karU ]
sarung [sarU ]
14
No.
Swara
Vokal
Pamilahing swara vokal sinawang saka-
Tuladha
Dhuwure
Ilat
Ilat kang
Obah
Striktur Bentuk
Lambe
entuk [entU?]
5. [e] Madya
Kenceng
Tengah Rada
Tinutup
Ora
Bunder
eling [eling]
terong [ter ]
entuk [entU?]
sare [sare]
6. [ ] Madya
Kendho
Ngarep Rada
Binuka
Ora
Bunder
pelet [p l t]
ceret [c r t]
karet [kar t]
suwek [suw ?]
7. [ ] Madya Ngarep Rada
Binuka
Ora
Bunder
pareng [par ]
pakem [pak m]
karep [kar p]
lenga [l a]
8. [o] Madya
Kenceng
Buri Rada
Tinutup
Bunder loro [loro]
coro [coro]
karo [karo]
ora [ora]
9. [ ] Madya
Kendho
Buri Rada
Binuka
Bunder sega [s g ]
apa [ p ]
kanca [k nc ]
tuwa [tuw ]
10. [a] Ngisor
Kendho
Ngarep Binuka Ora
Bunder
aran [aran]
sayah [sayah]
wayah [wayah]
kasar [kasar]
b) Swara Konsonan
Swara konsonan yaiku swara kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru
oleh alangan sadurunge metu. Swara konsonan bisa dipilah-pilah manut piranti
micara, jinis alangan, kahanan pita swara, lan cacahe swara.
(1) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Piranti Micara
Swara konsonan bisa dipilah manut piranti micara kang digunakake. Hawa
kang metu saka paru-paru ngalami proses artikulasi nalika ana ing tutuk.
Menawa dipilah-pilah manut piranti micara, swara konsonan bisa kaperang dadi
sepuluh yaiku bilabial, labio-dental, apiko-dental, apiko-alveolar, apiko-palatal,
lamino-alveolar, medio-palatal, dorso- velar, laringal, lan glotal stop. Jinising
sawara konsonan kang kasebutake iku dijupuk saka jeneng latin saben organ
artikulasi sing digunakake nalika ngasilake swara. Coba panjengan bikak meneh
katrangan piranti kanggo ngucap ana ing kaca 6-7.
15
Konsonan bilabial yaiku swara konsonan kang kaasilake nalika hawa saka
paru-paru dialangi dening lambe ngisor minangka artikulator aktif lan lambe
dhuwur minangka artikulator pasif. Tembung bilabial iku sejatine kajupuk saka
basa Latine lambe yaiku labial. Artikulator kang digunakake kanggo ngasilake
konsonan bilabial yaiku lambe kang cacahe loro (ngisor lan dhuwur) mula
jenenge dadi bilabial. Kang kalebu ana ing konsonan bilabial yaiku swara [b],
[p], lan [m].
Konsonan labio-dental yaiku swara kang kaasilake nalika hawa saka paru-
paru dialangi dening lambe ngisor minangka artikulator aktif lan untu dhuwur
minangka artikulator pasif. Kang kalebu ana ing koknsonan labio-dental yaiku
swara [f], [v] lan [w]. Ananging, swara [w] uga bisa dilebokake ana ing swara
semi-vokal amarga nalika diucapake durung mbentuk swara konsonan kanthi
wutuh.
Konsonan apiko-dental yaiku swara kang kaasilake nalika hawa kang
metu saka paru-paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif karo
untu dhuwur minangka artikulator pasif. Kang kalebu konsonan apiko-dental
yaiku swara [t] lan [d]. Konsonan apiko-alveolar yaiku swara kang dumadi nalika
hawa saka paru-paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif lan
gusi minangka artikulator pasif. Kang kalebu ing konsonan apiko-alveolar
yaiku swara [n], [l], lan [r].
Konsonan apiko-palatal yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif lan cethak minangka
artikulator pasif. Kang kalebu ana ing konsonan apiko-palatal yaiku swara [ ] lan
[ ]. Konsonan lamino-alveolar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
paru dialangi dening ilat sisih dhuwur minangka artikulator aktif lan gusi
minangka artikulator pasif. Kang kalebu ana ing konsonan lamino-alveolar yaiku
[s] lan [z].
Konsonan medio-palatal yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
paru dialangi dening ilat sisih tengah minangka artikulator aktif lan cethak
minangka artikulator pasif. Kang kalebu konsonan medio-palatal yaiku [c], [j],
[ñ], [y]. Ananging, swara [y] uga bisa dilebokake ana ing swara semi-vokal
amarga nalika diucapake durung mbentuk swara konsonan kanthi wutuh.
Konsonan dorso-velar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
16
paru kaalang dening ilat sisih jero minangka artikulator aktif lan gorokan
minangka artikulator pasif. Kang kalebu konsonan dorso-velar yaiku [k], [g], [ ],
lan [x]. Konsonan laringal yaiku swara kang diasilake ana ing telak. Kang kalebu
konsonan faring yaiku swara [h]. Konsonan glottal stop yaiku swara kang
diasilake nalika hawa kang metu saka paru-paru nglewati ruangan antarane pita
swara. Basa Latin saka ruangan ana ing antarane pita swara yaiku glotis, mula
konsonan iku diarani glottal stop. Nalika hawa munggah saka paru-paru glotis
katutup rapet sedhela banjur ujug-ujug pita swara dibukak saengga hawa bisa
metu. Kang kalebu glottal stop yaiku swara [?].
(2) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Jinis Alangan
Swara konsonan uga bisa dipilah-pilah miturut alangan nalika hawa ing
paru-paru. Konsonan kangdisawang miturut jinis alangan iki diklasifikasi dadi
lima, yaiku konsonan letup, friksasi, lateral, lan geter. Konsonan letup yaiku
swara kang dumadi nalika hawa saka paru-paru ngerti-ngerti mandheg amarga
kaalang dening artikulator banjur hawa kang madheng iku ujug-ujug diuculake.
Konsonan letup uga kaarani konsonan alangan letup, stop, utawa polsif. Kang
kalebu ana ing konsonan letup yaiku [b], [c], [d], [ ], [g], [j], [k], [p], [t], [ ], lan
[?].
Konsonan frikatif yaiku konsonan kang dumadi nalika dalane hawa saka
paru-paru tumuju njaba owah dadi ciut saengga kudu geser dalane supaya bisa
metu. Konsonan iki uga bisa diarani konsonan geser utawa ngeses. Kang kalebu
konsonan frikatif yaiku swara [f], [v], [s], [z], [x], lan [h]. Konsonan lateral yaiku
swara konsonan kang dumadi nalika pucuk ilat ketemu karo gusi banjur hawa
saka paru-paru metu lewat sisih-sisihe ilat iku mau. Tembung latera iku asale saka
konsonan uga sinebut konsonan samping.
Titikane konsonan lateral yaiku hawa kanga rep metu saka tutuk dialang-alangi
ana ing tengah mula kudu lewat saka samping alangan iku mau. Kang kalebu
konsonan lateral yaiku swara [l].
Konsonan geter yaiku swara kang dumadi nalika pucuk ilat ketemu karo
gusi. Ananging, nalika ngucap konsonan iki hawa saka paru-paru metu nglewati
antarane pucuk ilat karo gusi kuwi. Pucuk ilat kang kaalang nyeraki gusi iku
banjur geter kena hawa iku mau saengga ngasilake swara konsonan geter.
17
Konsonan geter uga bisa diarani konsonan vibrants utawa trills. Kang kalebu
konsonan geter yaiku swara [r].
(3) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Kahanan Pita Swara
Swara konsonan bisa kapilah-pilah miturut ana orane proses fonasi. Nalika
hawa saka paru-paru mlaku munggah nglewati pita swara, hawa kang munggah
iku ana sing bisa nggeterake lan ana sing ora bisa nggeterake pita swara.
Konsonan nyuwara yaiku swara kang dumadi nalika hawa kang munggah saka
paru-paru bisa nggeterake pita swara. Kang kalabu konsonan nyuwara yaiku [i],
[I], [e], [ ], [a], [ ], [u], [U], [o], [ ], [b], [d], [ ], [g], [j], [l], [m], [n], [r], [w], [y],
[ñ], [ ]. Banjur, kang diarani konsonan ora nyuwara yaiku swara sing dumadi
nalika hawa kang munggah saka paru-paru amung saithik dadi ora bisa nggeterake
pita swara. Kang kalebu konsonan ora nyuwara yaiku [c], [f], [k], [p], [s], [t], [ ],
lan [x].
Supaya luwih cetha, pamilahing swara konsonan bisa panjenengan tingali
ana ing tabel 4. Saka tabel kang wis dicepakake, panjenengan uga bakal luwih
gampang anggone ngeti ana ngendi mapane artikulator nalika arep ngasilake
saben swara konsonan.
Tabel 4: Klasifikasi konsonan (Mulyani, 2008: 40)
Carane ngalangi hawa Letup Nasal Lateral Friksasi Geter Semi-
vokal
Nyuwara/ Ora
nyuwara
N O N N N O N N
Papan
artikolasi
Bilabial b p m
Labio-dental f w
Apiko-dental d t
Apiko-alveolar n l r
Apiko-palatal
Lamino-alveolar z s
Medio-palatal j c ñ y
Dorso-velar g k
Laringal h
Glottal stop ?
Katrangan: N = Nyuwara
O = Ora nyuwara
c) Swara Semi-vokal
18
Swara semi-vokal yaiku swara konsonan kang durung ndadi swara konsonan
kanthi wutuh. Swara semi konsonan ing basa Jawa mung ana loro, yaiku [w] lan
[y]. Swara [w] menawa digatekake anggone nggawe rada padha karo swara vokal
[u]. Menawa diucapake swara [w] karo [u] amung beda ana ing bentuk lambe
nalika diucapake. Banjur menawa swara [y] iku meh padha karo [i]. Posisi ilat
nalika ngucapake swara [i] ana ing dhuwur, menawa ditambahi dhuwur sithik
meneh swara iku bisa dadi swara [y]. Nalika ngucapake vokal rangkep swara [w]
lan [y] asring manda-manda krungu. Ing basa Jawa swara kang manda-manda iku
diarani mandaswara. Bab iki bisa kedaden amarga swara [w] lan [y] iku konsonan
kang semi-vokal. Tuladhane yaiku ana ing tembung cuilik [cuw
ili?]. Antarane
vokal [u] lan vokal [i] manda-manda keprungu ana swara [w].
D. Forum Diskusi
1. Coba panjenengan damel kelompok banjur ngrembag babagan tegese
fonologi!
2. Coba panjenengan damel kelompok banjur ngrembag babagan artikulator
apa wae kang digunakake nalika ngucap swara konsonan!
3. Tandhingna garapan panjenengan karo garapan kelompok liya!

More Related Content

More from SPADAIndonesia

Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWAPpt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWASPADAIndonesia
 
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARIM5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARISPADAIndonesia
 
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWAM5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWASPADAIndonesia
 
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATM4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANSPADAIndonesia
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANSPADAIndonesia
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANM3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANSPADAIndonesia
 
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKM3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKSPADAIndonesia
 
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWAM3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWASPADAIndonesia
 
M2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUSM2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUSSPADAIndonesia
 
M2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUSM2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUSSPADAIndonesia
 

More from SPADAIndonesia (20)

Ppt m5 kb 2 SESORAH
Ppt m5 kb 2 SESORAHPpt m5 kb 2 SESORAH
Ppt m5 kb 2 SESORAH
 
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWAPpt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
 
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARIM5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
 
M5 kb 3 BUSANA JAWA
M5 kb 3 BUSANA JAWAM5 kb 3 BUSANA JAWA
M5 kb 3 BUSANA JAWA
 
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWAM5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
 
M5 kb 2 SESORAH
M5 kb 2 SESORAHM5 kb 2 SESORAH
M5 kb 2 SESORAH
 
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATM4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
 
M6 kb1
M6 kb1M6 kb1
M6 kb1
 
M4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARANM4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARAN
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
 
M4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARANM4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARAN
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
 
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANM3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
 
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKM3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
 
M3 kb 1 AKSARA JAWA
M3 kb 1 AKSARA JAWAM3 kb 1 AKSARA JAWA
M3 kb 1 AKSARA JAWA
 
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWAM3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
 
M2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUSM2 kb2 BASA NGOKO ALUS
M2 kb2 BASA NGOKO ALUS
 
M2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUSM2 kb4 BASA KRAMA ALUS
M2 kb4 BASA KRAMA ALUS
 

M1 kb 1 WIDYA SWARA

  • 1. 1 KEGIATAN BELAJAR 1 WIDYA SWARA PENDAHULUAN A. Deskripsi Singkat Fonologi minangka perangane ilmu basa kang wigati. Fonologi iku ilmu basa kang paling dhasar. Pasinaon ana ing basa Jawa iku sejatine linambaran ilmu fonologi. Ancase sinau fonologi yaiku mahasiswa kaajab bisa njlentrehake tegese basa, proses anggone ngasilake swara, klasifikasi swara, lan mangerti titikane basa Jawa. Ing fonologi ana kang sinebut fonetik, yaiku cabang fonologi kang ngrembug babagan proses anggone ngasilake swara. Kanthi sinau fonetik mahasiswa kaajab bisa mbedakake panganggone aksara Latin ing basa Jawa kang sejatine diucapake kanthi swara sing sejen. Materi kang kasusun ana ing modul iki duwe paedah kanggo mahasiswa amarga pasinaon iki ngemot dhasaring ilmu basa. Buku iki digawe supaya praktis lan gampang diwarahake. Kanthi sinau fonologi mahasiswa bisa nganalisis basa Jawa kang diucapake utawa katulis kathhi trep lan titis. Sanajan mangkono, kanthi sinau fonologi mahasiswa bisa milah basa miturut maneka warna kahanan. Mahasiswa uga bisa ngucap fonem kanthi bener lan pener. Materi ana ing buku iki kasusun kanthi ngetrepake karo bab kang pingin digayuh ana ing pasinaon PPG basa Jawa. Bab-bab kasebut karonce ana ana ing capaian pembelajaran lan sub capaian pembelajaran kang wis disepakati yaiku. Tabel 1: Capaian Pembelajaran PPG basa Jawa Capaian Pembelajaran Sub-Capaian Pembelajaran Menganalisis prinsip materi kebahasaan Jawa dan aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa 1. Para siswa kaajab bisa njentrehaken tegese fonologi 2. Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese fonetik. 3. Para siswa kaajab bisa njlentrehake proses wawan rembug. 4. Para siswa kaajab bisa nyebutake piranti nyuwara. 5. Para siswa kaajab bisa njlentrehake cara ngasilake swara. 6. Para siswa kaajab bisa ngandharake panemu nganggo basa Jawa kanthi swara vokal lan
  • 2. 2 Capaian Pembelajaran Sub-Capaian Pembelajaran konsonan kang trep. B. Petunjuk Belajar Modul kang digawe iki bisa digunakake minangka rujukan kanggo sinau paramasatra Jawa ana ing PPG Basa Jawa. Buku iki karantam saka telung pasinaon yaiku widya swara Jawa, fonetik artikulatori, lan titikane fonem basa Jawa. Materi kang katulis ana ing modul iki saloke diwenehi gambar supaya anggone sinau luwih cetha. Saben pasinaon uga dikompliti tugas lan soal ujian ana ing saben pasinaon. Soal ujian saben pasinaon bentuke pilihan. Sanajan saben pasinaon wus ana tugas lan soal ujian, modul iki uga nyepakake tugas lan ujian kang ngemot kabeh materi ing modul. Tugas lan soal ujian kasebut bentukke bisa digunakake kanggo ujian kang nemtokake lulus orane mahasiswa. Cara pambiji soal kang wus disiapake yaiku : Mahasiswa bisa lulus menawa biji ujiane luwih saka 80%. Menawa bijine kurang saka iku, mahasiswa kasebut kudu mbaleni bab kang durung dikuwasani.
  • 3. 3 INTI A. Capaian Pembelajaran Menganalisis prinsip materi kebahasaan Jawa dan aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa. B. Pokok-Pokok Materi Gambar 1: Pokok-pokok materi widya swara basa Jawa C. Uraian Materi 1. Widya Swara Basa Jawa a. Fonologi Manungsa minangka mahluk sosial wis tamtu nglakoni sing jenenge pasrawungan karo wong liya. Pasrawungan bisa kalaksanan kanthi lancar menawa ana piranti sing nglantarake. Micara kalaksanan kanthi nggunakake piranti awujud basa, yaiku sistem lambang swara kang arbitrar lan konvensional kanggo ngandharake panemune marang wong liya. Lambang swara kang digunakake iku bisa diwarahake kanthi ilmiah. Modul iki digawe kanthi ancas bisa nyinau kepiye carane manungsa bisa ngasilake swara. Fonologi yaiku ilmu kang ngandharake babagan proses aggone
  • 4. 4 ngasilake/produksi swara. Kanthi luwih cetha Nafisah (2017: 70) ngandharake fonologi mencakup bunyi bahasa, baik yang bersangkutan pembentukan bunyi, bunyi sebagai getaran udara, dan bunyi yang terdengar (ketiganya dikaji oleh fonetik) maupun yang bersangkutan dengan fungsi bunyi dalam komunikasi Saben manungsa anggone micara tamtu ngalami proses fonologis supaya bisa ngasilake swara/fonem. Proses ngasilake swara, carane swara mrambat lumantar hawa, lan nganti swara bisa dirungokake iku diwarahake ana ing kajian fonetik. Tegese fonologi iku uga meh padha karo andharane Ningsih lan Purwaningsih (2013: 75) menawa: Pengetahuan tentang fonologi berkaitan dengan bagaimana penutur bahasa memproduksi bunyi yang mempunyai arti, mengenali aksen yang asing, membentuk kata baru, menambah segmen fonetik yang cocok untuk memproduksi bunyi yang beraspirasi dan yang tidak aspirasi dalam konteks yang sesuai, mengenali apa yang berbunyi dan yang tidak berbunyi dalam suatu bahasa itu Saka andharan iku bisa dingerteni menawa ilmu fonologi iku ora mung sinau babagan cara ngasilake swara, ananging uga ngrembug babagan karakteristik swara saengga bisa dibedakake swara kang ngemu teges, ngemu ancas, lan bisa milah swara kang beda logate. Swara kang bisa mbedakake tegese tembung iku sinebut fonem. Coba gatekna tuladha ing ngisor iki. titik >< tilik thuthuk >< tutuk Tembung-tembung kang katulis iku diucapake kanthi teges kang ora padha sanajan mung beda safonem. Tembung titik lan tilik duwe teges kang beda sanajan sing owah mung fonem /t/diganti /l/. Tembung liyane uga padha, tembung thuthuk gara-gara fonem /th/diganti /t/. b. Fonetik Kaya kang wus dirembug sadurunge. Kang diarani fonetik yaiku perangane ilmu linguistik kang mligi ngrembug piye carane swara bisa diasilake, piye carane swara mrambat lumantar hawa, uga piye carane swara bisa dirungokake. Kanthi luwih cetha Mulyani (2008: 5-6) ngandharake:
  • 5. 5 alat ucap manusia dalam menghasilkan bunyi bahasa, bagaimana hakikat bunyi bahasa itu (dalam hal ini frekuensi, intensitas, dan timbernya), serta bagaimana getaran udara sebagai bunyi bahasa tersebut diterima oleh indra pendengaran manusia Saka andharan kang kaya mangkana fonetik bisa uga diarani bidang kajian fonologi kang ngrembug babagan raganing swara. Jinising fonetik ana telu yaiku fonetik artikulatoris/organik, akustik, lan auditoris. Jinis-jinis fonetik iku diperang miturut papan panggonane swara nalika lagi pasrawungan, yaiku nalika nembe micara, nalika swara mrambat lumantar hawa, lan nalika swara iku dirungokake dening mitra wicara. Jinising fonetik iku bisa disawang saka gambar 2. Gambar 2: Jinising fonetik Fonetik artikulatoris iku naliti organ ana ing awake pamicara kang digunakake supaya bisa ngasilake swara. Fonetik jinis iki ngrembug kepiye carane hawa saka paru-paru manungsa nglewati organ-organ liyane bisa ngasilake swara kang maneka warna. Swara-swara kang kaasilake nalika micara iku mau banjur bisa dipilah-pilah miturut artikulator/piranti kanggo ngucap. Fonetik akustik iku naliti swara kang mrambat saka pamicara marang mitra wicara kanthi lumantar hawa. Jinis fonetik iki ngrembug swara kang wus ora ana hubungane nalika diasilake lan durung tekan ing mitra wicara. Swara kang dirembug yaiku swara kang wus metu saka tutuk. Marsono (2013: 2) ngandarake menawa -bunyi diselidiki frekuensi getarannya, amplitude, intensitas, dan timbernya Fonetik akustik nggabungake antarane ilmu basa lan fisika supaya bisa mangerti karakteristik swara kang diucapake. Fonetik auditoris naliti swara kang dirungokake dening mitra wicara. Jinis fonetik iki naliti kepiye carana swara bisa ditampa lewat kuping banjur mitra wicara bisa ngerti basa iku mau. Fonetik auditoris lan fonetik artikulatoris iku
  • 6. 6 nggabungke ilmu basa lan kedokteran amarga kang ditaliti proses swara diasilake lan ditampa kanthi piranti organ manungsa. Jinis fonetik kang arep dibahas ana ing modul iki yaiku fonetik artikulatori. Fonetik iki penting diwarahake supaya panjenengan luwih ngerti babagan proses produksi/ngasilake swara. Sanajan mangkono, kanthi sinau fonetik artikulatori panjenengan bisa milah-milah jinising swara miturut piranti kang digunakake kanggo ngasilake swara. 2. Fonetik Artikulatori a. Piranti Nyuwara Swara kang sering dirungokake nalika rembugan karo wong liya iku ora teka ngono wae, ana piranti-piranti awujud organ kang bisa ngasilake swara. Supaya luwih cetha, modul iki nyelipi gambar piranti kanggo ngasilake swara kaya kang ana ing gambar 3. Gambar piranti kasebut banjur dikompliti kanthi katrangan jeneng-jenenge piranti kasebut ana ing tabel 2 manut urutan nomer kang ana ing gambar 3. Piranti kanggo ngucap ana ing gambar 3 duwe tugase dhewe-dhewe kanggo ngasilake maneka swara. Ana organ kang duwe pengaruh langsung nalika ngasilake swara sinebut artikulator. Organ-organ kuwi mapan ana ing tutuk kang tugase ngalangi hawa supaya bisa ngasilake maneka warna swara. Artikulator kang digunakake kanggo ngasilke swara iku bisa disawang saka gambar kang katulis no. 11-19 lan no. 21-22. Tabel 2: Piranti kanggo ngasilake swara Piranti Nyuwara Basa Latine 1) Paru-paru (lungs) 2) Gurung ngisor (batang tenggorokan/trachea) 3) Gurung dhuwur (pangkal tenggorokan/larynx) 4) Pita swara (vocal cord) 5) Krikoid (cricoid) 6) Trikoid (thyroid) 7) Aritenoid (arythenoid) 8) Telak (dinding rongga tenggorokan/wall of pharynx) 9) Epiglotis (epiglotis) dorsal 10) Oyoting ilat (root of the tongue) medial 11) Ilat sisih jero (hump/back of thongue/dorsum) laminal 12) Ilat sisih tengah (middle of tongue/medium) apical 13) Ilat sisih dhuwur (blade of tongue/lamina) uvular 14) Pucuk ilat (tip of tongue/apec) velar
  • 7. 7 Piranti Nyuwara Basa Latine 15) Anak tekak (uvula) palatal 16) Gorokan (langit-langit empuk/soft palate/velum) alveolar 17) Cethak (langit-langit atos/hard palate/palatum) dental 18) Gusi (alveola/alveolum) dental 19) Untu sisih ndhuwur (upper teeth/denta) labial 20) Untu sisih ngisor (lower teeth/denta) labial 21) Lambe sisih ndhuwur (upper lip/labia) 22) Lambe sisih ngisor (lower lip/labia) 23) Tutuk (mouth) 24) Ruangan njero tutuk (oral cavity/mouth cavity) 25) Ruangan njero irung (nose cavity/nasal cavity) Artikulator iku bisa dipara dadi loro yaiku artikulator aktif karo artikulator pasif. Artikulator aktif iku mapan ana ing tutuk sisih ngisor, menawa artikulator pasif mapan ana ing tutuk sisih dhuwur. Gambar 3: Piranti Kanggo Ngucap (sumber: http://slideplayer.info) Artikulator iku mau diarani aktif amarga bisa diobahke manut kang dibutuhake, ewa dene artikulator pasif iku ora bisa obah. Kang kalebu artikulator aktif yaiku 1) ilat sisih mburi, 2) ilat sisih tengah, 3) ilat sisih ndhuwur, 4) pucuk ilat, lan 5) lambe ngisor. Artikulator pasif kang digunakake kanggo ngasilake swara yaiku 1) anak tekak, 2) gorokan, 3) cethak, 4) gusi, 5) untu sisih ndhuwur, lan 6) lambe sisih ndhuwur. Tuladha panganggone artikulator aktif lan pasif bisa disawang nalika arep
  • 8. 8 ngucapake swara /d/ yaiku swara kang diasilake saka artikulator pucuk ilat karo untu. Artikulator aktif yaiku pucuk ilat nyerak marang untu sisih dhuwur. Untu sing ana ing sisih dhuwur ora bisa obah, sing aktif iku pucuk ilat minangka artikulator aktif. b. Cara ngasilake swara Manungsa ngasilake swara kang duwe teges iku ana carane. Piranti kang paling wigati supaya bisa ngasilake swara yaiku kudu ana hawa. Hawa kang dibutuhake iku asale saka kagiyatan napas. Hawa kang mlebu ing awak banjur ditokke meneh sawise digunakake. Kanthi prentah saka otak, otot-otot ana ing paru-paru, weteng lan dada ngembang lan ngempis supaya hawa kang ana ing paru-paru bisa mlaku munggah nglewati gurung-gurung. Ing gurung-gurung iku mau ana sing jenenge krikoid, trikoid, aritenoid, lan pita swara. Pita swara sisih ngarep kelet ana ing tiroid menawa sisih mburi kelet karo arytenoid. Pita swara duwe tugas supaya bisa ngasilake swara yaiku ngatur hawa kang mlebu lan metu ana saka paru-paru tumuju tutuk. Saka hawa kang lewat iku mau pita swara bisa kabukak ombo, kabukak, katutup, lan katutup kenceng. Glotis kabukak ombo iku nalika awake dhewe napas biasa. Nalika napas pita suara ora duwe tugas ngasilake swara. Hawa ing paru-paru bisa metu kathi glottis dalam keadaan terbuka bila Glotis katutup nalika hawa kang nglewati pita swara bisa gawe pita swara iku geter saengga bisa ngasilake swara tartamtu. Proses produksi swara nalika hawa nglewati pita swara iku diarani proses fonasi. Glotis katutup rapet iku kadadeyan nalika ngucapake swara glottal stop kayata ngomong bapak [bapa?]. Swara [k] ana ing mburi tembung bapak iku bisa kalebu swara glottal stop. Supaya luwih cetha kang diarani glotis iku kaya ngapa, coba panjenengan gatosaken gambar 4 ana ing modul iki. Gambar 4 iku minangka gambaran bentuk pita swara. Bentuk pita swara kang nyata uga bisa panjengan priksani ana ing situs https://www.youtube.com/watch?v=egT-OLS1- UM. Hawa kang lewat pita swara nerusake munggah banjur oleh alangan saka artikulator ing njero tutuk. Alangan saka artikulator iku mengko kang nggawe
  • 9. 9 swara saka pita swara dadi maneka warna. Glotis Terbuka Lebar Glotis Terbuka Glotis Tertutup Glotis Tertutup Rapat Gambar 4: Glotis (sumber: https://www.omicsonline.org) Proses kang mangkono iku diarani proses artikulasi. Pungkase hawa mau digiring metu, bisa lewat tutuk bisa uga lewat irung. Proses metune hawa iku mau diarani proses oro-nasal. c. Klasifikasi Swara Swara kang diasilake organ swara manungsa bisa dipilah-pilah manut kahanan tartamtu. Bab iki arep ngrembug klasifikasi swara kang kaya mangkene: 1) Klasifikasi Swara Miturut Dalan Metune Hawa Klasifikasi swara miturut dalan metune hawa dipara dadi loro, yaiku hawa kang metu saka tutuk lan hawa kang metu saka irung. Hawa kang metu saka tutuk iku bisa ngasilake swara oral. Kang kalebu ana ing swara oral yaiku [a], [b], [c], [d], [ ], [e], [f], [g], [h], [i], [j], [k], [l], [o], [p], [q], [r], [s], [t], [ ], [u], [v], [w], [y], lan [?]. Banjur, hawa kang metu saka irung iku bisa ngasilake swara nasal. Hawa kang mlaku saka paru-paru dialang-alangi supaya babar blas ora bisa metu saka tutuk. Titikane swara nasal yaiku nalika pamicara ngucap tembung nasal sinambi njithet irung swara iku ora bakal bisa kaasilake amarga hawa saka paru- paru ora bisa metu. Kang klebu ana ing swara nasal yaiku [n], [m], [ñ], lan [ ]. 2) Klasifikasi Swara Miturut Ana Orane Proses Artikulasi Klasifikasi swara miturut ana lan orane proses artikulasi kaperang dadi
  • 10. 10 loro, yaiku vokal, lan konsonan. Kanthi luwih cetha klasifikasi swara kuwi mau bisa dijlentrehake ana ing ngisor iki. a) Swara Vokal Swara vokal yaiku swara kang diasilake organ micara tanpa dialangi artikulator. Hawa kang metu saka paru-paru mung dialangi nalika nglewati pita swara. Andharan iki cocok karo kang dijlentrehake dening Verhaar (2012: 33) vokal adalah bunyi bahasa yang dihasilkan dengan melibatkan pita-pita suara tanpa penyempitan atau penutupan apa pun pada tempat pengartikulasian mana pun vokal kang digawe sejatine amarga ana pita swara. Sanajan mangkono, swara vokal bisa maneka warna amarga posisi ilat lan lambe sing micara. Swara vokal kang diasilake bisa disawang saka dhuwure ilat, perangane ilat kang diunggahake, adoh cerake ilat karo langit-langit, lan wujud lambe nalika ngetokake hawa. Ing fonologi ana sing diarani vokal kardinal yaiku diagram kang ngemot posisi ilat saben vokal supaya luwih gampang anggone sinau. Diagram kardinal swara vokal basa Jawa bisa disawang ana ing gambar 5 modul iki. Gambar 5: Vokal kardinal basa Jawa Vokal ana ing basa Jawa menawa disawang ana ing gambar 5 cacahe ana sepuluh, yaiku [i], [I], [e], [ ], [a], [ ], [u], [U], [o], lan [ ]. Pamilahing swara vokal miturut dhuwure ilat, ilat sing obah, lan adoh cerake ilat karo langit-langit ditulis kanthi cetha ana ing gambar. Supaya luwih cetha pamilahing swara vokal
  • 11. 11 bisa dijlentrehake kaya mangkene: (1) Pamilahing swara vokal miturut dhuwure ilat Nalika ngucap swara vokal, ilat minangka organ kanggo ngucap bisa mapan ana ing telung posisi yaiku posisi dhuwur, tengah, lan ngisor saengga bisa ngasilake swara vokal, yaiku: (a) Vokal dhuwur yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing dhuwur. Kang kalebu ana ing vokal dhuwur yaiku swara [i], [I], [u], lan [U]. Jinis vokal iki bisa dipara meneh dadi loro, yaiku vokal dhuwur sing kenceng yaiku [i] lan [u], saha vokal dhuwur sing kendho yaiku [I] lan [U]. (b) Vokal Madya yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing tengah- tengah. Kang kalebu ana ing vokal madya yaiku swara [e], [ ], [ ], [o], lan [ ]. Jinis vokal iki isih bisa dipara meneh dadi loro, yaiku vokal madya kenceng yaiku [e] lan [o], saha vokal madya kendho yaiku [ ] lan [ ]. (c) Vokal ngisor yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ana ing ngisor. Ana ing basa Jawa kang kalebu ana ing swara vokal iki mung swara [a]. Vokal ngisor ana ing basa Jawa ora dipilah meneh dadi loro. Ananging, menawa arep dipadhakake karo vokal sing liyane vokal iki kalebu ana ing vokal ngisor kendho. (2) Pamilahing swara vokal miturut ilat kang obah Swara vokal uga bisa dipilah saka organ ilat kang obah. Pamilahing vokal kang kaya mangkana ngasilake telung jinis vokal yaiku vokal ngarep, vokal tengah, karo vokal buri. Kang kalebu ana ing vokal ngarep yaiku swara [i], [I], [e], [ ], lan [a]. Kang kalebu ana ing vokal tengah yaiku swara [ ]. Banjur, kang kalebu ana ing vokal buri yaiku swara [u], [U], [o], lan [ ]. (3) Pamilahing swara vokal miturut cerak adohe ilat karo langit-langit Swara vokal bisa kapara dadi papat menawa sinawang saka adoh cerake ilat karo organ langit-langit, yaiku tinutup, rada rada tiutup, rada binuka, lan binuka. Adoh cerake ilat karo langit-langit ana ing tutuk adate diarani striktur. (a) Vokal tinutup (close vowels) yaiku swara vokal kang diasilake nalika ilat diangkat dhuwur nganti cerak karo langit-langit. Ilat kang diangkat iku ora
  • 12. 12 nganti ndemok langit amarga menawa hawa kang metu oleh alangan swara kang diasilake ora bisa dadi vokal. Menawa nyawang saka vokal kardinal kang wus cumepak, kang kalebu ana ing vokal katutup yaiku swara [i] lan [u]. (b) Vokal rada tinutup (half-close) yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ditarik munggah, ananging ora luwih dhuwur saka vokal katutup. Munggahe ilat kira-kira loro per telu saka dhuwure ilat nalika ngasilake swara vokal tinutup saengga bisa ngasilake swara [I] lan [U]. (c) Vokal rada binuka (half-open) yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat ditarik rada dhuwur, dhuwure wetara sepertelu saka dhuwure ilat nalika ngasilake vokal tinutup. Kang kalebu ana ing vokal rada binuka yaiku swara [ ], [ ], lan [ ]. (d) Vokal binuka yaiku swara vokal kang kaasilake nalika ilat mapan ana ing posisi ngisor (ora ditarik munggah). Swara kang kalebu ana ing vokal binuka yaiku mung swara [a]. (4) Pamilahing swara vokal miturut bentuk lambe Swara vokal uga bisa diasilake saka bentuk lambe nalika ngucap. Bentuk lambe nalika ngucap swara vokal kaperang dadi loro, yaiku bunder lan ora bunder. Vokal bunder yaiku swara vokal kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru metu nglewati lambe sing bentuke bunder. Swara vokal kang kalebu vokal bunder yaiku [ ], [o], [U], lan [u]. Banjur, kang diarani vokal ora bunder yaiku nalika ngasilake swara vokal, hawa saka paru-paru ditokake lewat lambe sing bentuke ora bunder. Vokal ora bunder bisa diasilake nalika bentuk lambene netral utawa lonjong. Swara vokal kang kalebu ana ing vokal ora bunder yaiku [i], [I], [e], [ ], [a], lan [ ]. Bentuk lambe nalika ngucap swara vokal dibedakake dadi telu, yaiku bunder, lonjong lan netra. Sanajan bentuk lambe mung ana telu, lambe kasebut bisa ngasilake sepuluh vokal ana ing basa Jawa. Bab iki bisa kadaden amarga ana pengaruhe karo ilat lan amba orane lambe nalika ngucap vokal kasebut. Swara [u] lan [o] minangka swara kang diasilake nalika bentuke lambe bunder. Ananging, nalika ngucap swara [u] lambe kudu dibentuk bunder kang luwih cilik tinimbang nalika ngucap swara [o].
  • 13. 13 (5) Klasifikasi swara vokal miturut cacahe swara Swara vokal kang mapan ana ing tembung bisa dipilah manut cacahe vokal saben wanda. Ing basa Jawa pamilahing tembung kanthi cara mangkono mung ana loro yaiku monoftong lan diftong. Monoftong yaiku pangucape swara vokal ana ing saben wanda ora ana sing rangkep. Tuladha monoftong yaiku sate. Tembung sate kabentuk saka urutan konsonan vokal konsonan vokal (KVKV). Ora ana vokal kang rangkep ana ing tembung iku. Banjur, diftong yaiku pangucape swara vokal ana ing wanda kasusun rangkep. Diftong ana ing basa Jawa adate digunakake nalika mbangetake prakara tartamtu. Tuladha diftong yaiku cuilik. Susunan tembung cuilik yaiku KVVKVK. Ana ing tembung iku bisa ditemoni ana vokal kang digunakake bebarengan ana ing wanda. Prakara kang kaya mangkono kang diarani diftong. (6) Klasifikasi swara vokal miturut mapane ilat Swara vokal bisa diperang miturut dhuwure ilat, ilat sing obah, adoh cerake ilat karo langit-langit, saha bentuk lambe bisa karingkes ana ing tabel 3. Saka tabel kang wis cumepak, panjenengan bisa ngerti ana ngendi mapane ilat lan kepiye bentuk lambe kang bisa ngasilake swara-swara vokal basa Jawa kang bener. Tabel 3: Tabel pamilahing swara basa Jawa No. Swara Vokal Pamilahing swara vokal sinawang saka- Tuladha Dhuwure Ilat Ilat kang Obah Striktur Bentuk Lambe 1. [i] Dhuwur Kenceng Ngarep Tinutup Ora Bunder impi [impi] ingsun [i sUn] sambi [sambi] iwak [iwa?] 2. [I] Dhuwur Kendho Ngarep Rada Tinutup Ora Bunder pitik [pitI?] sithik [si I?] slenthik [sl n I?] apik [apI?] 3. [u] Dhuwur Kenceng Buri Tinutup Bunder untu [untu] saru [saru] sapu [sapu] kuru [kuru] 4. [U] Dhuwur Kendho Buri Rada Tinutup Bunder wangun [wa Un] karung [karU ] sarung [sarU ]
  • 14. 14 No. Swara Vokal Pamilahing swara vokal sinawang saka- Tuladha Dhuwure Ilat Ilat kang Obah Striktur Bentuk Lambe entuk [entU?] 5. [e] Madya Kenceng Tengah Rada Tinutup Ora Bunder eling [eling] terong [ter ] entuk [entU?] sare [sare] 6. [ ] Madya Kendho Ngarep Rada Binuka Ora Bunder pelet [p l t] ceret [c r t] karet [kar t] suwek [suw ?] 7. [ ] Madya Ngarep Rada Binuka Ora Bunder pareng [par ] pakem [pak m] karep [kar p] lenga [l a] 8. [o] Madya Kenceng Buri Rada Tinutup Bunder loro [loro] coro [coro] karo [karo] ora [ora] 9. [ ] Madya Kendho Buri Rada Binuka Bunder sega [s g ] apa [ p ] kanca [k nc ] tuwa [tuw ] 10. [a] Ngisor Kendho Ngarep Binuka Ora Bunder aran [aran] sayah [sayah] wayah [wayah] kasar [kasar] b) Swara Konsonan Swara konsonan yaiku swara kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru oleh alangan sadurunge metu. Swara konsonan bisa dipilah-pilah manut piranti micara, jinis alangan, kahanan pita swara, lan cacahe swara. (1) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Piranti Micara Swara konsonan bisa dipilah manut piranti micara kang digunakake. Hawa kang metu saka paru-paru ngalami proses artikulasi nalika ana ing tutuk. Menawa dipilah-pilah manut piranti micara, swara konsonan bisa kaperang dadi sepuluh yaiku bilabial, labio-dental, apiko-dental, apiko-alveolar, apiko-palatal, lamino-alveolar, medio-palatal, dorso- velar, laringal, lan glotal stop. Jinising sawara konsonan kang kasebutake iku dijupuk saka jeneng latin saben organ artikulasi sing digunakake nalika ngasilake swara. Coba panjengan bikak meneh katrangan piranti kanggo ngucap ana ing kaca 6-7.
  • 15. 15 Konsonan bilabial yaiku swara konsonan kang kaasilake nalika hawa saka paru-paru dialangi dening lambe ngisor minangka artikulator aktif lan lambe dhuwur minangka artikulator pasif. Tembung bilabial iku sejatine kajupuk saka basa Latine lambe yaiku labial. Artikulator kang digunakake kanggo ngasilake konsonan bilabial yaiku lambe kang cacahe loro (ngisor lan dhuwur) mula jenenge dadi bilabial. Kang kalebu ana ing konsonan bilabial yaiku swara [b], [p], lan [m]. Konsonan labio-dental yaiku swara kang kaasilake nalika hawa saka paru- paru dialangi dening lambe ngisor minangka artikulator aktif lan untu dhuwur minangka artikulator pasif. Kang kalebu ana ing koknsonan labio-dental yaiku swara [f], [v] lan [w]. Ananging, swara [w] uga bisa dilebokake ana ing swara semi-vokal amarga nalika diucapake durung mbentuk swara konsonan kanthi wutuh. Konsonan apiko-dental yaiku swara kang kaasilake nalika hawa kang metu saka paru-paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif karo untu dhuwur minangka artikulator pasif. Kang kalebu konsonan apiko-dental yaiku swara [t] lan [d]. Konsonan apiko-alveolar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif lan gusi minangka artikulator pasif. Kang kalebu ing konsonan apiko-alveolar yaiku swara [n], [l], lan [r]. Konsonan apiko-palatal yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru- paru dialangi dening pucuk ilat minangka artikulator aktif lan cethak minangka artikulator pasif. Kang kalebu ana ing konsonan apiko-palatal yaiku swara [ ] lan [ ]. Konsonan lamino-alveolar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru- paru dialangi dening ilat sisih dhuwur minangka artikulator aktif lan gusi minangka artikulator pasif. Kang kalebu ana ing konsonan lamino-alveolar yaiku [s] lan [z]. Konsonan medio-palatal yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru- paru dialangi dening ilat sisih tengah minangka artikulator aktif lan cethak minangka artikulator pasif. Kang kalebu konsonan medio-palatal yaiku [c], [j], [ñ], [y]. Ananging, swara [y] uga bisa dilebokake ana ing swara semi-vokal amarga nalika diucapake durung mbentuk swara konsonan kanthi wutuh. Konsonan dorso-velar yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-
  • 16. 16 paru kaalang dening ilat sisih jero minangka artikulator aktif lan gorokan minangka artikulator pasif. Kang kalebu konsonan dorso-velar yaiku [k], [g], [ ], lan [x]. Konsonan laringal yaiku swara kang diasilake ana ing telak. Kang kalebu konsonan faring yaiku swara [h]. Konsonan glottal stop yaiku swara kang diasilake nalika hawa kang metu saka paru-paru nglewati ruangan antarane pita swara. Basa Latin saka ruangan ana ing antarane pita swara yaiku glotis, mula konsonan iku diarani glottal stop. Nalika hawa munggah saka paru-paru glotis katutup rapet sedhela banjur ujug-ujug pita swara dibukak saengga hawa bisa metu. Kang kalebu glottal stop yaiku swara [?]. (2) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Jinis Alangan Swara konsonan uga bisa dipilah-pilah miturut alangan nalika hawa ing paru-paru. Konsonan kangdisawang miturut jinis alangan iki diklasifikasi dadi lima, yaiku konsonan letup, friksasi, lateral, lan geter. Konsonan letup yaiku swara kang dumadi nalika hawa saka paru-paru ngerti-ngerti mandheg amarga kaalang dening artikulator banjur hawa kang madheng iku ujug-ujug diuculake. Konsonan letup uga kaarani konsonan alangan letup, stop, utawa polsif. Kang kalebu ana ing konsonan letup yaiku [b], [c], [d], [ ], [g], [j], [k], [p], [t], [ ], lan [?]. Konsonan frikatif yaiku konsonan kang dumadi nalika dalane hawa saka paru-paru tumuju njaba owah dadi ciut saengga kudu geser dalane supaya bisa metu. Konsonan iki uga bisa diarani konsonan geser utawa ngeses. Kang kalebu konsonan frikatif yaiku swara [f], [v], [s], [z], [x], lan [h]. Konsonan lateral yaiku swara konsonan kang dumadi nalika pucuk ilat ketemu karo gusi banjur hawa saka paru-paru metu lewat sisih-sisihe ilat iku mau. Tembung latera iku asale saka konsonan uga sinebut konsonan samping. Titikane konsonan lateral yaiku hawa kanga rep metu saka tutuk dialang-alangi ana ing tengah mula kudu lewat saka samping alangan iku mau. Kang kalebu konsonan lateral yaiku swara [l]. Konsonan geter yaiku swara kang dumadi nalika pucuk ilat ketemu karo gusi. Ananging, nalika ngucap konsonan iki hawa saka paru-paru metu nglewati antarane pucuk ilat karo gusi kuwi. Pucuk ilat kang kaalang nyeraki gusi iku banjur geter kena hawa iku mau saengga ngasilake swara konsonan geter.
  • 17. 17 Konsonan geter uga bisa diarani konsonan vibrants utawa trills. Kang kalebu konsonan geter yaiku swara [r]. (3) Klasifikasi Swara Konsonan Miturut Kahanan Pita Swara Swara konsonan bisa kapilah-pilah miturut ana orane proses fonasi. Nalika hawa saka paru-paru mlaku munggah nglewati pita swara, hawa kang munggah iku ana sing bisa nggeterake lan ana sing ora bisa nggeterake pita swara. Konsonan nyuwara yaiku swara kang dumadi nalika hawa kang munggah saka paru-paru bisa nggeterake pita swara. Kang kalabu konsonan nyuwara yaiku [i], [I], [e], [ ], [a], [ ], [u], [U], [o], [ ], [b], [d], [ ], [g], [j], [l], [m], [n], [r], [w], [y], [ñ], [ ]. Banjur, kang diarani konsonan ora nyuwara yaiku swara sing dumadi nalika hawa kang munggah saka paru-paru amung saithik dadi ora bisa nggeterake pita swara. Kang kalebu konsonan ora nyuwara yaiku [c], [f], [k], [p], [s], [t], [ ], lan [x]. Supaya luwih cetha, pamilahing swara konsonan bisa panjenengan tingali ana ing tabel 4. Saka tabel kang wis dicepakake, panjenengan uga bakal luwih gampang anggone ngeti ana ngendi mapane artikulator nalika arep ngasilake saben swara konsonan. Tabel 4: Klasifikasi konsonan (Mulyani, 2008: 40) Carane ngalangi hawa Letup Nasal Lateral Friksasi Geter Semi- vokal Nyuwara/ Ora nyuwara N O N N N O N N Papan artikolasi Bilabial b p m Labio-dental f w Apiko-dental d t Apiko-alveolar n l r Apiko-palatal Lamino-alveolar z s Medio-palatal j c ñ y Dorso-velar g k Laringal h Glottal stop ? Katrangan: N = Nyuwara O = Ora nyuwara c) Swara Semi-vokal
  • 18. 18 Swara semi-vokal yaiku swara konsonan kang durung ndadi swara konsonan kanthi wutuh. Swara semi konsonan ing basa Jawa mung ana loro, yaiku [w] lan [y]. Swara [w] menawa digatekake anggone nggawe rada padha karo swara vokal [u]. Menawa diucapake swara [w] karo [u] amung beda ana ing bentuk lambe nalika diucapake. Banjur menawa swara [y] iku meh padha karo [i]. Posisi ilat nalika ngucapake swara [i] ana ing dhuwur, menawa ditambahi dhuwur sithik meneh swara iku bisa dadi swara [y]. Nalika ngucapake vokal rangkep swara [w] lan [y] asring manda-manda krungu. Ing basa Jawa swara kang manda-manda iku diarani mandaswara. Bab iki bisa kedaden amarga swara [w] lan [y] iku konsonan kang semi-vokal. Tuladhane yaiku ana ing tembung cuilik [cuw ili?]. Antarane vokal [u] lan vokal [i] manda-manda keprungu ana swara [w]. D. Forum Diskusi 1. Coba panjenengan damel kelompok banjur ngrembag babagan tegese fonologi! 2. Coba panjenengan damel kelompok banjur ngrembag babagan artikulator apa wae kang digunakake nalika ngucap swara konsonan! 3. Tandhingna garapan panjenengan karo garapan kelompok liya!