1. 39
KEGIATAN BELAJAR 3
KRAMA LUGU
PENDAHULUAN
A. DESKRIPSI SINGKAT
Modul iki ngrembug babagan Krama Lugu kang kaperang dadi telung materi
pokok, yaiku 1. Tegese Krama Lugu, 2. Paugeran pandhapuking krama lugyu, lan 3.
Paugeran pamilihing krama lugu. Kanthi urut-urutan mengkono kaajab mahasiswa
luwih gampang anggone nampa informasi babagan krama lugu lan dipungkasi kanthi
kawasisan micara nggunakake ragam krama lugu kanthi bener lan pener.
Adhedhasar andharan sing wis kababar ing pambuka ing dhuwur iku mau, para
dwija wis samesthine kudu bisa nindakake pakaryane dwija basa Jawa jumbuh karo
kode etik profesi guru. Dwija kudu tanggap ing budaya, ngajeni marang etnik kang
maneka warna, agama, sarta faktor-faktor liyane sing ana gegayutane karo para siswa
(peserta didik), yaiku guru bisa wawan pangandikan sarta nglairake gagasan
nggunakake basa Jawa kanthi trampil, nganggo basa lesan apadene basa tulis kanthi
nggunakake kasugihaning tembung (kosakata) lan paramasastra sing trep lan jumbuh
karo unggah-ungguhing basa Jawa.
Modhul PPG iki uga kajumbuhake karo capaian pembelajaran PPG dalam
jabatan Pendidikan Bahasa Jawa. Capaian Pembelajaran kasebut yaiku:
Menganalisis prinsip materi keterampilan berbahasa lisan dan tulis dan aplikasinya
dalam pembelajaran.
Tabel 1. Capaian Pembelajaran lan Ringkesan Sub Capaian
Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Sub Capaian Pembelajaran
Menganalisis prinsip materi
keterampilan berbahasa lisan dan tulis
dan aplikasinya dalam pembelajaran.
1. Ngandharake tegese krama lugu.
2. Ngandharake titikane tembung krama
lugu
3. Ngandharake pandhapuke
tetembungan krama lugu.
4. Ngandharake pigunane basa krama
lugu.
5. Ngowahi wujud krama lugu.
6. Nggawe tuladha pacelathon
nggunakake basa krama lugu.
2. 40
B. PETUNJUK BELAJAR
1. Wacanen isining buku, pambuka, uga materi-materi ana ing modhul iki kanthi
tliti!
2. Maspadakna prentah lan trap-trapane anggone nyinau modhul kasebut supaya
luwih gampang mangerteni isine!
3. Ngertenana saben materi teori dasar sing bakal nyengkuyung kawasisan,
banjur garapen pitakonan-pitakonan ana ing tes formatif kanggo ngukur
nganti tekan ngendi kawasisan materi sing wis koksinau!
4. Kanggo mangsuli tes formatif wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C,
D, lan E kang dadi wangsulane pitakonan!
5. KKM paling sethithik 80%.
6. Manawa ana tugas garapen kanthi tememen, lan manawa prelu bisa nyuwun
pirsa marang para pembimbing/instruktur!
7. Catheten manawa nemokake materi sing durung dimangerteni prelu nyuwun
pirsa marang para pembimbing/instruktur!
8. Wacanen kapustakan liyane sing gayut karo materi modhul kasebut kanggo
tambahing ngelmu!
PETA KONSEP
Bagan 1. Peta Konsep Modhul
3. 41
INTI
A. CAPAIAN PEMBELAJARAN
Menganalisis prinsip materi keterampilan berbahasa lisan dan tulis dan
aplikasinya dalam pembelajaran.
B. POKOK-POKOK MATERI
1. Tegese Krama Lugu
2. Titikane Tembung Krama Lugu
a. Titikane Tembung Krama Sacara Morfologis
b. Titikane Tembung Krama Dudu Morfologis (Non Morfologis)
3. Pandhapuke Krama Lugu
a. Ngramakake tembung
b. Ngramakake ater-ater
c. Ngramakake panambang
d. Ngramakake rimbag camboran
4. Pigunane Basa Krama Lugu
C. URAIAN MATERI
1. Tegese Krama Lugu
Krama lugu uga diarani kramantara, iku gunemane wong lumrah padha wong
lumrah, utawa wong tuwa marang wong nom sing tanpa pangkat (dudu sadulure
dhewe) (Padmosoekotjo, 1960: 14). Krama lugu yaiku basa kang sing tembung-
tembunge kabeh krama, klebu ater-ater lan panambange. Tuladha: Menawi sampeyan
gadhah wos, bok kula dipunsambuti.
Kang wigati saka krama lugu yaiku nengenake rasa kasusilan lan aweh
pakurmatan. Harjawijana & Supriya (2009: 74) ngandharake manawa basa krama
kapantha dadi basa madya (madya-ngoko, madyantara, madya-krama), basa krama
desa, basa krama (mudha-krama, kramantara, wredha-krama), basa krama inggil, lan
basa kedhaton. Sasuwene pangrembakane basa, basa kramantara ditata dadi basa
krama (lugu).
2. Titikane Tembung Krama
Wujud tetembungan ing undha usuk basa Jawa bisa katitik saka panandha kang
digunakake. Sasangka (2007: 62) mratelakake menawa panandha leksikon iku bisa
kapantha dadi loro, yaiku: panandha morfologis lan panandha dudu morfologis.
4. 42
Saliyane iku Marmanto (2012: 27) ngandharake menawa panandha leksikon ing
sajroning tingkat tutur basa Jawa iku bisa katitik saka aspek leksikal lan proses
pandhapuking tembung (aspek morfologis). Menawa dijingglengi kanthi premati,
antarane ragam ngoko lan krama iku bisa katitik saka tetembungane (kosa
kata/leksikone). Mula banjur ana tetembungan (1) tembung ngoko, (2)tembung
wujud ragam ngoko. Dene
menawa ukara iku diowahi dadi ragam krama, bakal kapocapake
gamblang menawa
panganggone jinis tetembungan tartamtu ing sajroning ukara bisa dadi tandha jinis
undha usuke.
Saka tuladha iku bisa didudut manawa tetembungan (kosa kata) utawa
iku bisa kalebu perangan kang dadi panandhaning (penanda) wujud undha
usuk. Menawa sawijining ukara kabeh nggunakake tembung ngoko, ateges ukara
kasebut kalebu jinising ragam ngoko.
Saliyane iku ana uga wuwuhan-wuwuhan ing sajroning proses pandhapuking
tembung (proses morfogis) kang bisa dadi titikane tembung ngoko utawa tembung
krama. Umpamane:
(1) Ater-ater kang dadi panandhaning tembung ngoko (prefiks ngoko), kaya ta:
ater-ater tripurusa {dak-, ko-, di-}
(2) Panambang kang dadi panandhaning tembung ngoko (sufiks ngoko) kaya ta: { -
e/ne-, -ke/-ake}
(3) Ater-ater kang dadi panandhaning tembung krama (prefiks krama), kaya ta:
ater-ater tripurusa {dak-} menawa dikramakke dadi kula , {kok-} menawa
dikramakke dadi sampeyan/panjenengan , {di- } menawa dikramakke dadi
dipun-}
(4) Panambang kang dadi panandhaning tembung krama (sufiks krama) kaya ta: { -
ipun, -aken}
Tuladha iku bisa nuduhake menawa proses pandhapuking tembung (proses
morfologis) iku uga bisa nandhani unggah ungguh utawa undha usauk basa Jawa.
Perangan kang bisa dadi panandhaning tingkat tutur basa Jawa yaiku bisa saka
tembunge (aspek leksikal), proses pandhapuking tembung (aspek morfologi), lan saka
aspek non morfologi.
a. Titikane Tembung Krama Sacara Morfologis
Wuwuhan kang ana ing basa Jawa bisa digunakake kanggo ndhapuk leksikon
ngoko utawa krama. Mligine panandha tetembungan krama bakal kaandharake ing
5. 43
ngisor iki.
1) Ater-ater
Ater-ater kang bisa dadi panandhaning tataran tutur basa Jawa yaiku ater-ater
tripurusa. Ater-ater tripurusa {dak-, ko-, di-} iku dadi panandhaning leksikon
ngoko. Ater-ater {dak-} menawa sinambung ing tembung kang arep didadekake
-ater {kok} malih dadi
ater-ater {di-} menawa didadekake
krama malih dadi ater-ater {dipun-}. Tuladha:
(1) a. Buku iku lagi daksilih esuk iki. (ukara ngoko)
b. Buku niku nembe kula ampil enjing niki. (ukara krama lugu)
(2) a. Klambi kang kanggo arisan iki apa wis koktuku? (ukara ngoko)
b. Rasukan kang kangge arisan niki napa sampun sampeyan tumbas? (ukara
krama lugu)
(3) a. Jajanan iki wis dipangan anak-anakmu. (ukara ngoko)
b. Jajanan punika sampun dipuntedha lare-lare sampeyan. (ukara krama
lugu)
Ana ing tuladha (1) bisa dikandhakake menawa bentuk {dak-} ana ing
ing tembung krama, semana uga
{kok-} malih
panjenengan ing bentuk krama inggil. Dene panambang {di-} malih dadi
{dipun-} ana ing bentuk krama, krama andhap, apa dene krama inggil. Ater-
ater {dipun-} panulisane mesthi kudu digabung karo tembung linggane.
Ater-ater {dipun-} bisa sinambung ana ing tembung netral. Menawa
sinambung ing tembung netral, bakal ngowahi bentuk tingkat tuture, yaiku dadi
bentuk krama. Tuladha:
(4) Sukunipun Paiman abuh amargi dipuntendhang kancanipun.
(5) Perkawis punika sampun dipunlapuraken polisi.
Saka tuladha (4) lan (5) bisa dikandhakake menawa ater-ater {dipun-} bisa
iku kalebu
tembung netral amarga ora duwe padhanan ing bentuk krama. Tembung iku
nalika sinambung karo ater-ater {dipun-}, bakal malih dadi bentuk /leksikon
krama.
Isih magepokan bab ater-ater, ana ater-ater basa Jawa kang bisa dadi
padhananing bentuk ngoko lan krama. Salah sijine yaiku ater-ater hanuswara
{N-}. Tembung lingga ngoko kang oleh ater-ater hanuswara, menawa
didadekake bentuk krama racake uga bisa kasambungan ater-ater hanuswara
6. 44
(N-) kasebut. Tuladha:
Tabel. 1. Tuladha tembung ngoko lan krama kang antuk ater-ater hanuswara
No. Tembung Ngoko Tembung Krama
1 mulang = {m- + wulang} mucal = {m- + wucal}
2 nyoba = {ny- + coba} nyobi = {ny- + cobi}
3 nggawa = {ng- + gawa} mbeta = {m- + beta}
4 nandur = {n- + tandur} nanem = {n- + tanem}
Saka tuladha iku bisa dijlentrehake tembung ngoko kang oleh ater-ater
hanuswara, wujud kramane uga bisa nganggo ater-ater hanuswara. Dene
alomorf ana kang ajeg lan ana kang owah, gumantung aksara wiwitane
tembung.
Saka tuladha (1) tekan (4) bisa dikandhakake menawa alomorf saka ater-
ater anuswarane tetep/ajeg. Dene ana ing tuladha (5) tekan (7) alomorf saka
ater-ater anuswarane ngalami owah-owahan. Owah- owahaning alomorf iku
amane tetep nganggo ater- ater anuswara, ananging
alomorf saka ater-ater anuswarane owah saka {ny-} dadi {ng-}. Bab iku bisa
-/.
2) Panambang
Panambang kang bisa dadi panandhaning undha usuk basa Jawa yaiku
panambang {-ipun/-nipun} lan {-aken/-kaken}. Panambang kasebut bisa dadi
panandhaning tembung (leksikon) krama, kalebu krama inggil lan krama
andhap, amarga panambang iku prasasat mesthi sinambung ana ing leksikon-
leksikon kasebut. Tuladha:
(1) Dhuwite Parjo disilih Adhine kanggo mbayar SPP. (ukara ngoko)
Artanipun Parjo dipunampil adhinipun kangge mbayar SPP. (ukara
krama lugu)
(2) Mbakyuku nulisake resep kanggo simbah (ukara ngoko)
Mbakyu kula nyerataken resep kangge simbah (ukara krama)
Saka ukara (1) (2) bisa dikandhakake menawa panambang {-ipun} kang
ana ing tembung artanipun, {-aken} kang ana ing tembung nyerataken, kalebu
panambang kang dadi panandhaning leksikon krama. Panambang {-ipun} lan {-
aken} mesthi sinambung ana ing tembung krama, krama inggil utawa krama
andhap. Panulisane panambang iku mesthi kagabung karo tembung linggane.
7. 45
Ana ing pacelathon padinan, panganggone panambang {-ipun} lan {-aken}
kang sinambung ing leksikon krama, kalebu panambang kang kerep
digunakake.
Panambang {-ipun} lan {-aken} kang biasane sinambung ana ing bentuk
krama, bisa uga sinambung ana ing leksikon utawa tembung netral. Panambang
{-ipun} lan {-aken} kang sinambung ana ing tembung netral bakal ngowahi
bentuk tingkat tuture dadi wujud krama. Tuladhane kaya kang kacetha ing
ngisor iki.
(3) Sepedhanipun Mas Manto badhe dipunsade. (bentuk krama lugu).
(4) Artha ingkang kalawingi sampeyan titipaken kula, sampun kula
bayaraken. (bentuk krama lugu).
Saka dhata nomer (3) lan (4) bisa dikandhakake menawa panambang {-
ipun} lan {-aken} bisa rumaket ana ing tembung netral. Manawa tembung
, ananging menawa
kapanjingan panambang {-ipun} lan {-aken} bakal malih dadi bentuk krama.
Panambang liyane kang uga bisa dadi panandhaning bentuk tingkat tutur,
yaiku panambang {-a}. Panambang iki lumrahe kanggo ndhapuk tembung kriya
kang ngemu teges pakon (akon supaya wong liya nindakake pakaryan kaya
kang dikarepake). Panambang iku menawa sinambung ing tembung ngoko
utawa netral, dadi bentuk ngoko. Dene menawa arep didadekake bentuk krama,
panambang iku bakal owah/malih dadi tembung sesulih kang manggone ana
sangarepe tembung kriya mau. Owah-owahan panambang iku bisa
kawaspadakake ing tuladha ngisor iki.
(5) a. Tulung mangkata saiki supaya ora telat! (bentuk ngoko)
b. Tulung sampeyan bidhal sakmenika supados boten telat! (bentuk
krama lugu).
Saka tuladha (5a) iku bisa diandharake
tembung {mangkat + -a}, panambang {-a} bakal malih dadi tembung sesulih
purusa yaiku m lan manggone
ana sangareping tembung kriyane. Panambang iku ora bisa sinambung ana ing
tembung krama. Upamane tembung {bidhal + -a} dadi bidhala. Bentuk kang
mangkono iku mau kalebu ora lazim.
b. Titikane Tembung Krama Dudu Morfologis (Non Morfologis)
Panandhaning wujud tembung ing sajroning undha usuk basa Jawa,
saliyane sacara morfologis, uga ana kang kalebu panandha dudu morfologis
8. 46
(non morfologis). Bab iki bisa dimangerteni amarga ora duwe paugeran kang
gumathok utawa ora kabeh tembung bisa ngetrepake paugeran iku.
Panandhaning tembung krama kang dudu tengara morfologis iku bisa
awujud owah-owahaning swara vokal lan owah-owahaning wanda (suku kata)
(Sasangka, 2007: 84). Dene tuladha-tuladhane bakal kaandharake ing ngisor iki.
1) malih dadi [ten] ing tembung
krama
Tuladha:
semana semanten
wicara wicanten
2) Tembung kang wanda pungkasane [ti] utawa [tin] malih dadi
ing wujud krama. Tuladha:
ganti gantos
ati-ati atos-atos
3) Tembung kang wanda pungkasane [ri] malih dadi [ntun] ing bentuk
krama
Tuladha:
pari pantun
lemari lemantun
4) Vokal [ri] malih dadi [ntun]
Tuladha:
mari mantun
keri kentun
(non morfologis)
kaya tuladha iku pancen bisa kabedhek (diramalkan), ananging sejatine
paugeran iku mau amung bisa katrepake ana ing tembung kang gunggunge
kawates. Tegese umpane arep ngowahi tembung dadi tembung krama ora
mesthi kabeh bisa nganggo paugeran kaya mengkono iku. Panandhaning
kapatrapake ing tetembungan tartamtu, utawa amung kawates tumrap
tetembungan tartamtu lan ora bisa digebyah uyah cak-cakane. Supaya luwih
gamblang cak-cakane titikan-titikan tetembungan krama lugu ing ndhuwur, bisa
dituweni ing https://youtu.be/PU2QhVRQCDE lan
https://youtu.be/XmnORVBgzdE.
9. 47
3. Pandhapuke Krama Lugu
Pandhapuke basa krama lugu bisa kaowahi saka tembung, ater-ater, panambang,
lan rimbag camboran. Tuladhane kaya mangkene:
a. Ngramakake Tembung
1) Tembung-tembung ngoko kang ana kramane diganti tembung krama,
dene kang ora ana kramane tetep migunakake tembung ngoko. Tuladha:
Ngoko
Aku arep tuku piranti sekolah kayata buku, bolpen, garisan, karo potelot.
Krama Lugu
Kula badhe tumbas piranti sekolah kadosta buku, bolpen, garisan, kaliyan
potelot.
2) Tembung-tembung kang magepokan karo awake dhewe ana kramane
tetep dikramakake. Tuladha:
Ngoko
Bocah kuwi wis rong taun manggon ing omahku.
Krama lugu
Lare menika sampun kalih taun manggen wonten griya kula.
3) Tembung-tembung kang magepokan karo kewan, wit-witan utawa
samubarang kang ana kramane tetep dikramakake. Tuladha:
Ngoko
Manuk sing menclok ing wit jeruk mau mabur saka cagak ireng.
Krama lugu
Peksi ingkang menclok wonten ing wit jeram kalawau mabur saking
cagak cemeng.
b. Ngramakake Ater-ater
1) Ater-ater di- dikramakake dadi dipun-
Ngoko
Kumbahane wis dijupuk Sari.
Krama lugu
Girahanipun sampun dipunpendhet Sari.
2) Ater-ater kok- dikramakake dadi sampeyan-
Ngoko
Kumbahane wis kokjupuk.
Krama lugu
Girahanipun sampun sampeyan pendhet.
3) Ater-ater dak- dikramakake dadi kula-
10. 48
Ngoko
Kumbahane wis dakjupuk.
Krama lugu
Girahanipun sampun kula pendhet.
c. Ngramakake Panambang
1) Panambang -e dikramakake dadi -ipun
Ngoko
Pitike jago daktuku ya?
Krama lugu
Ayamipun jago kula tumbas nggih?
2) Panambang -en dikramakake dadi sampeyan-
Ngoko
Pitike tukunen wae.
Krama lugu
Ayamipun sampeyan tumbas mawon.
3) Panambang -ana dikramakake dadi sampeyan-
Ngoko
Pitike jago tukonana wae.
Krama lugu
Ayamipun jago sampeyan tumbasi mawon.
4) Panambang -na dikramakake dadi sampeyan-aken
Ngoko
Njaluk tulung tukokna pitik jago siji.
Krama lugu
Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken ayam jago setunggal.
5) Panambang -mu dikramakake dadi -sampeyan
Ngoko
Pitikmu dituku pira?
Krama lugu
Ayam sampeyan ditumbas pinten?
6) Panambang -ku dikramakake dadi kula
Ngoko
Pitikku dituku satus ewu.
Krama lugu
Ayam kula ditumbas setunggalatus ewu.
d. Ngramakake Rimbag Camboran
1) Camboran N-a dikramakake dadi sampeyan-N
11. 49
Ngoko
Nggawaa jeruk legi kae!
Krama lugu
Sampeyan-mbekta jeram manis menika!
2) Camboran N-ana dikramakake dadi sampeyan-N-i
Ngoko
Nggawanana jeruk-jeruk keprok kae!
Krama lugu
Sampeyan-mbektani jeram-jeram keprok menika!
3) Camboran N-na dikramakake dadi sampeyan-N-aken
Ngoko
Nggawakna jeruk adhimu, kareben kanggo sangu piknik.
Krama lugu
Sampeyan mbektakaken jeram rayi panjenengan, kajengipun kangge
sangu piknik.
4) Camboran di-ake dikramakake dadi dipun-aken
Ngoko
Pitik jago kuwi digawakake saka desa.
Krama lugu
Ayam jago menika dipunbektakaken saking dhusun.
5) Camboran kok-ake dikramakake dadi sampeyan-aken
Ngoko
Pitik babon kuwi kokgawakake kanggo sapa?
Krama lugu
Ayam babon menika sampeyan bektakaken kangge sinten?
6) Camboran dak-ake dikramakake dadi kula-aken
Ngoko
Pitik babon kuwi dakgawakake kanggo kowe.
Krama lugu
Ayam babon menika kula bektakaken kangge panjenengan.
7) Camboran dak-e dikramakake dadi kula-ipun
Ngoko
Pitik jago kuwi dakgawane ya.
Krama lugu
Ayam jago menika kula bektanipun nggih.
8) Camboran dak-ane dikramakake dadi kula-anipun
Ngoko
12. 50
Pitik-pitike dakgawanane ya.
Krama lugu
Ayam-ayamipun kula bektananipun nggih.
9) Camboran dak-ne dikramakake dadi kula-aken
Ngoko
Pitike dakgawakne ya.
Krama lugu
Ayamipun kula bektaaken nggih.
4. Pigunane Basa Krama
Basa krama lugu uga disebut basa krama (tanpa tembung lugu). Miturut
Harjawiyana lan Supriya (2013:85) panganggone basa krama iku tumrap:
a. Wong loro utawa luwih sing jejer kalenggahan kurang luwih padha,
kalorone ajen-ingajenan, ora patia urmat banget. Pacelathon ing ngisor iki
tuladhane basa kramantara kang diowahi dadi basa krama (kapethik saka
Karti Basa dening Harjawijana lan Supriya, 2009: 78-79).
Mas Bei Ranukarya : menapa
Mas Bei Handakasura :
Mas Bei Ranukarya : -
Mas Bei Handakasura :
badha ngampil kagunganipun lapak, badhe kangge nyobi
Mas Bei Ranukarya :
Mas Bei Handakasura :
Mas Bei Ranukarya :
Mas Bei Handakasura :
Mas Bei Ranukarya :
Mas Bei Handakasura : -
Mas Bei Ranukarya :
Mas Bei Handakasura :
Mas Bei Ranukarya :
Mas Bei Handakasura :
Mas Bei Ranukarya
(tumrap kancane Sarju
nganggo basa ngoko)
: edhe ing emper kae jupuken,
Sarju :
Mas Bei Ranukarya :
Mas Bei Handakasura :
Mas Bei Ranukarya :
Katrangan tembung-tembung:
13. 51
Mas : sebutan tumrap tiyang kang duwe pangkat tataran tengahan
Bei : cekakan saka ngabei (nama pangkat tengahan tumrap
priyayi)
Lapak : abah-abahan, kang kanggo lungguh wong numpak kapal
Bopong : ulesing kapal kang warna kuning, sikile ireng
Mathi : unyeng-unyeng kapal, kang dadi tenger wewatakane kapal
Baya-kapethuk : cakrik wujude unyeng-unyeng kapal
Suri : rambute kapal
Rencang : batur, rewang, wong sing melu ngabdi marang wong liya
Kelilan : oleh, antuk idin
Weweg : lema
Katangan ing basa krama lugu
Manawa didadekake krama lugu, sing perlu diowahi yaiku:
Ukara larik 4 : tembung ngampil -- nyambut
tembung kagunganipun -- gadhahanipun
Ukara larik 18 : tembung kesuwun -- nuwun
Tembung kelilan -- kepareng
b. Wong sing jejer kalenggahane luwih andhap, nanging ora kulina ketemu,
utawa sing wis kulina ketemu nanging duwe karep kanggo ngajeni.
Roni lan Ratna :
Pak Lurah : ga-
Roni :
Ratna :
Pak Lurah :
Ratna : kekalih badhe
ngampil sinjang kangge lomba Kartini. Kados pundi
Pak Lurah : iya. Nanging saiki jarike ora nang
Roni :
Pak Lurah :
Ratna :
c. Sesorah kang asipat umum sing ora nganggo unggah-ungguh marang
golongan tartamtu.
Para pamiyarsa ingkang minulya!
Raos seneng dhateng kaendahan menika asipat kodrat, sampun
14. 52
tumetes ing salebeting manah wiwit alit. Mila kenging dipuntiteni,
tuladhanipun manawi bayi dipunemban kaliyan dipunrengeng-
rengengaken, lajeng boten rewel lan dangu-dangu lajeng tilem. Manawi
sampun mindhak ageng, dados lare inggih seneng mengangge ingkang
sarwa sae. Yen lare jaler seneng ngangge kathok abrit, ngangge topi, lsp.
Dene manawi lare estri seneng pupuran, bengesan, ngangge gelang,
kalung, sengkang, lsp.
Kanthi makaten raos kaendahan perlu dipunipuk-ipuk wiwit alit.
Wonten ing jagating pandhidhikan seni, wonten pambudidaya ingkang
dipunwastani nanem apresiasi, inggih menika marsudi murih lare saged
mangertosi, lajeng saged ngraosaken, ing satemah purun ngaosi sagung
kaendahan ingkang sumunar damel asrining buwana. Lare ingkang sampun
saged necep raosing kaendahan, utawi sampun apresiatif, adatipun lantip
ing sasmita, lembat ing panggraita, ingkang mahanani dhumateng alusing
raos saha luhuring budi.
Sagung pamiyarsa ingkang tuhu luhur ing budi!
Kaendahan menika kenging dipunperang dados kalih, inggih menika
kaendahan ingkang asipat alam utawi asipat kodrat, kaliyan kaendahan
ingkang asipat garapan. Kaendahan alam upaminipun sesawangan asri ing
pesisir Parangtritis wanci enjing, endah adining sesekaran, ocehing peksi
ingkang nengsemaken manah, para mudha ingkang arupi bagus utawi ayu,
lsp.
Dene kaendahan garapan menika mila ingkang dipundamel, utawi
dipungarap dening karyaning manungsa, kadosta gambar sekar, tembang,
busana temanten, musik, beksa, ringgit purwa, buku crita, lsp., ingkang
limrahipun dipunwastani kesenian utawi kagunan.
Para pamiyarsa ingkang dahat kinurmatan!
Wonten ing kagunan Jawi, kaendahan menika dipungarap kanthi
remit, ngantos dados adiluhung, lan kenging kangge mbangun watak saha
kapribaden. Dene caranipun, kaendahan wau dipunisi mawi kautamen-
kautamen utawi nilai-nilai, nanging kadamel luluh, boten ngatawisi.
Ingkang wigatos kaendahan wau kaudi supados saged nggepok telenging
manah, utawi menyentuh hati. Kanthi mekaten boten kanthi karaosaken,
ngertos-ngertos kautamen wau rumesep lebet (dihayati), ing wasana dados
pambekan luhur ing satemah dados jatidhirining pribadi, ingkang
sawekdal-wekdal kalairaken (diamalkan) awujud tumindak-tumindak
ingkang utami. Tuladhanipun, tiyang ingkang seneng ningali ringgit purwa,
15. 53
boten kraos mesthi nggadhahi watak ingkang utami, upaminipun kados
Raden Arya Gatutkaca, Patih Suwanda, Yudhistira, lsp. Raosipun lingsem
manawi badhe tumindak angkara kados dene para danawa. Para pamiyarsa
ingkang minulya, inggih namung menika andharan kula ingkang kanthi
irah-
kekirangan samia suka paring agunging sih pangaksami. Mugi rahayu
ingkang pinanggih.
Nuwun!
(Kabesut saking buku Marsudi Basa 3 Wulangan 4 lumantar Harjawijana
lan Supriya, 2009: 87-88).
d. Kanggo ngripta basa sinerat kang asipat umum, ora migunakake unggah-
ungguh tumrap uwong utawa golongan tartamtu.
GRIYA SAHA PAKAWISIPUN
Wangsakarya anggeniun gegriya dados pangaleman sarta dados
tuladhanipun tiyang kathah. Griyanipun wetah aresik, pranataning prabot
griya sarta panyelehing pirantos tetanen boten pating slengkrah. Kaangkah
supados dados griya ingkang ngresepaken tiningalan.
Pemahanipun tansah resik angilak-ilak, paceren pawon lan pakiwan
kadamelaken ilen-ilen sampun ngantos ngembong, saben kalih utawi tigang
dinten dipunresiki. Barang-barang ing salebeting tansah resik. Ing griya, ing
pawon sarta ing longanipun boten nate wonten sawang kemlawer.
Pakebonanipun boten nate rungkud, dalah papringanipun inggih
katingal resik. Wit-witan ing pakaranganipun boten nate wonten
kemladheyanipun, awit piyambakipun ngertos yen kemladheyan menika
saged nyuda raos utawi kathahing wohipun.
Witipun klapa saben mangsa labuh mesthi dipunresiki, njalari
kathahing uwohipun. Pangundhuhipun inggih mawi kinten-kinten, sampun
ngantos katrak uwohipun. Dhapuranipun pisang boten nate wonten
klarasipun, pamendheting ronipun boten nate ngepok, mesthi kekantunaken
kitiripun, supados uwitipun saged lestantun ageng-ageng. Yen mangsa labuh
dhapuran ingkang kathah anakipun dipun-elongi, kaelar ing papan ingkang
sela, awit yen kekathahen, uwohipun dados alit-alit.
Pager karas saha pageripun dhadhah tansah katingal wetah, awit angger
wonten ingkang risak lajeng kemawon dipundandosi, boten mawi ngentosi
prentahipun kebayan, sarta pager dhadhah wau sadaya turus ingkang medal
kasilipun (Harjawijana lan Supriya, 2009: 88-89).
16. 54
Katrangan:
1) Pamor : rerenggan ing wilahan dhuwung, kadamel saking
kenging dipun-angge patuladhan.
2) Kitir : Ron pisang ingkang Kantun ing papah, manawi
anggenipun mendhet ron pisang boten ngepok.
3) Mangsa labuh : Wanci ngajengaken wanci rendheng (antawis
wulan September dumugi Oktober).
4) Karas : Pemahan, pekarangan.
5) Dhadhah : Pager ingkang kadamel saking tetuwuhan.
6) Turus : Kethokan wit utawi pang, ingkang dipun-angge
pager.
7) Kebayan : Prabot dhusun jaman rumiyin ingkang dipun-angge
kengkenan.
8) Paceren : Jugangan kangge pambucalan toya reged saking
pawon, kolah, lsp.
9) Klaras : Ron pisang ingkang sampun sami garing ing wit.
Kanggo nyinau basa krama lugu sacara online awujud aplikasi android kamus basa
Jawa kang jumbuh TPACK (Technological Knowledge Pedagogy and Content
Knowledge) bisa dituweni ing laman http://futureloka.com/aplikasi-bahasa-jawa-
gratis-android/. Kaya mangkene tuladhane aplikasi android kamus basa Jawa:
1) Pepak Belajar Bahasa Jawa
2) Translator Jawa
17. 55
D. FORUM DISKUSI
Coba gawea klompok banjur rembuken wujud pacelathon kanthi tema
pendhidhikan nggunakake unggah-ungguh krama lugu!