1. 55
KEGIATAN BELAJAR 3
WIDYA UKARA
PENDAHULUAN
Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah
paring berkah lan rahmat dhateng kula sak brayat saengga saged
ngrampungaken modhul menika. Modhul widya ukara minangka dasar kawruh
kanggene guru lan siswa ingkang isinipun salah satunggaling materi kawruh
paramasastra basa Jawi. Modhul menika kasusun saking tigang materi. Materi I
njlentrehake babagan frasa. Materi II ngrembag babagan pengertian klausa lan
jenis klausa. Ingkang pungkasan materi III njlentrehake babagan ukara. Modhul
menika saged nambahi wawasan ilmu widya ukara utawi minangka penyegaran
pendalaman kawruh widya ukara ingkang sampun nate dipuntampi utawi
dipunsinauni.
Modhul menika saged rampung awit pikantuk panjurung lan
pambiyantu saking para kadang, pramila namung saget atur panuwun. Modhul
menika tasih wonten kiranganipun, mila tansah mangantu-antu kritik lan saran
supados langkung sae. Mugi modhul saged dados grengseng nyinau basa Jawi
lan wonten manfaatipun.
A. Deskripsi Singkat
Modhul iki ngandharake bab widya ukara, wiwit gegayutane tembung
karo tembung dadi frase nganti dadi klausa lan pungkasane dadi ukara. Frase
iku tataran widya ukara sing paling ngisor. Gayute frase, klausa lan ukara
padha kuate. Mula klausa bisa disinauni wiwit definisine nganti jinise klausa
saka sifat hubungane, kategori, struktur internal lan surasane. Ana ing ukara
ngrembug babagan fungsi rangkaning ukara (jejer, wasesa, lesan, gegnep lan
katrangan), jenis ukara miturut sifat hubungane, jumlah wasesane, kategori
wasesa, surasaning ukara.
2. 56
B. PETUNJUK BELAJAR
1. Guru njelasake tujuan sinau babagan widya ukara marang para siswa
2. Guru paring wektu marang siswa kanggo takon bab kang durung
dimangerteni
3. Siswa takon babagan widya ukara marang guru
4. Guru nyimpulake materi pelajaran lab sabanjure guru paring tugas kang
ana ing modhul, supaya digarap bebarengan, banjur dirembug bareng
(diskusi)
5. Guru bebarengan karo siswa ngrangkum pelajaran kang dirembug dina
iki,
6. Guru nindakake penilaian kegiatan kang wis ditindakake.
3. 57
INTI
A. Capaian Pembelajaran
Capaian Pembelajaran
Mahasiswa mampu menganalisis prinsip materi kebahasaan Jawa dan
aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa.
Sub Capaian Pembelajaran
1. Mahasiswa ngerti bab frase, kayata: titikane frase, konstruksi frase
lan jinising frase, bedane frase karo tembung camboran.
2. Mahasiswa bisa nitik lan ngandharake kontruksi frase adhedhasar
paramasastra lan ngetrapake ana ing ukara lan hubungan fungsional
unsur-unsure.
3. Mahasiswa. bisa jelasake lan indentifikasi kontruksi klausa
adhedhasar jinis- jinis klausa lan ngetrapake ana ing ukara.
4. Mahasiswa. bisa ngandharake unsur kang baku ana ing klausa arupa
wasesa lan unsur pendampinge, jejer/ wasesa/ lesan/ geganep/
katrangan.
5. Mahasiswa ngerti fungsi konstruksi ukara (jejer, wasesa, lesan,
geganep, katrangan).
6. Mahasiswa trampil analisis ukara basa Jawa adhedhasar wujud,
fungsi lan makna.
B. Pokok-Pokok Materi Widya Ukara (Sintaksis)
Widya
Ukara
Frase Klausa Ukara
4. 58
C. Uraian Materi
J.W.M. Verhaar (1996:161) ngandharake menawa widyaukara
minangka subsistem paramasastra kang ngandharake bab kelas kata lan
satuan kang luwih gedhe kayata frasa, klausa, kalimat lan hubungane
antarane satuan kasebut. Carnie (2011) ngandharake menawa sintaksis
adalah cabang dari ilmu yang membicarakan struktur kalimat
ukara miturut Tallerman,(2011) yaitu struktur kalimat, kepiye tembung-
tembung kanthi bebarengan membentuk frase dan struktur ukara, dene
Thornoby (2009) sintaksis adalah telaah mengenai pola-pola yang
dipergunakan sebagai sarana untuk menggabung-gabungkan kata menjadi
kalimat. Widya ukara yaiku sinau bab pola-pola sing digunakake minangka
alat kanggo nggabungake tembung-tembung dadi ukara. Putrayasa (2017)
ngandharake menawa sintaksis adalah studi tentang hubungan kata yang
satu dengan kata yang lain atau hubungan antara kata yang membentuk
stuktur kalimat. Widya ukara yaiku sinau bab hubungan tembung siji lan
liyane utawa hubungan antarane tembung sing klebu ing cakring ukara.
Adhedhasar definisi kang diandharake para winasis ing dhuwur, ruang
lingkup widya ukara yaiku frase, klausa lan ukara. Intine kabeh komponen
sing ngrembug bab struktur ukara.
1. Frase
Frase yaiku unit gramatikal sing dumadi saka rong tembung utawa
luwih sing ora duweni ciri klausa utawa non predikatif lan frase ora
ngluwihi wates fungsi unsur klausa (Ramlan, 2005). Ana ing ukara, frase
duweni fungsi minangka jejer/ wasesa/ lesan/ katranan/ geganep (Putrayasa,
2017). Frase yaiku unit linguistik sing arupa gabungan rong tembung utawa
luwih ora nuduhake/ duweni ciri-ciri klausa (Cook, 1971). Dudutan saka
pangerten frasa saka para winasis yaiku unit gramatik sing dumadi saka rong
tembung utawa luwih sing sifate non predikatif, sifat gabungane bisa raket
utawa renggang, ana ing ukara frase iku mung arupa jejer/wasesa/ lesan/
5. 59
geganep/ katrangan.
Titikane frase yaiku:
a) unit gramatikal sing dumadi saka rong tembung utawa luwih;
b) ora ngluwihi wates fungsi, frase tansah ana ing sawijining fungsi,
minangka jejer/ wasesa/ lesan/ katranan/ geganep ana ing ukara;
c) frase intonasine durung sempurna;
d) klebu ing fitur konstruksi sintaksis;
e) diakoni rong tembung, gumantung cacahing tembung ana ing konstruksi
frase;
f) unsur-unsure relatif longgar;
g) bisa diparafrase, ora ngrusak struktur frase;
h) asil gabungane duweni teges kurang luwih pada karo unsur asale;
i) bisa diselipi komponen liyane;
j) bisa gawé konstruksi luwih akeh;
k) intonasi bisa dadi dhasar kanggo nemtokake unsur langsung ing frase;
l) frase ora duweni teges anyar;
m) let antarane unsur langsung katon cetha;
n) tekanan ing silabi bisa diucapake kanthi rata;
o) unsur inti minangka sing diterangake dene unsur liyane kang nerangake
(DM).
a) Gayutan Atarane Unsur-Unsur Frase
Miturut Putrayasa (2017) adhedhasar padha orane distribusi frase karo
unsur-unsur pandhapuke, frase ana loro yaiku frase endosentrik lan frase
eksosentrik. .
Tipe kontruksi frase endosentrik yaiku asil gabungan kategorine pada
karo salah siji unsur langsunge utawa kekarone unsur langsunge. Frase
endosentrik iku frase kang duweni distribusi padha karo unsure, bisa salah
siji utawa kabeh unsure (Putrayasa, 2014). Jenise frase endosentrik ana loro
yaiku 1) frase endosentrik atributif yaiku salah siji unsure minangka unsur
inti dene liyane minangka atribut. Tuladha: meja dawa = FN. Meja (center/
6. 60
aran) + dawa (Atribut/ kaanan). 2) frase endosentrik koordinatif yaiku
unsur-unsur langsunge minangka inti kabeh. Tuladha: Bapak mundhut meja
kursi. Frase meja kursi (Frase aran), meja lan kursi kalebu tembung aran lan
loro-lorone minangka inti. Frase Endosentrik Koordinatif kapilah dadi telu,
yaiku:
1) Kontruksi Frase endosentrik koordinatif aditif yaiku gabungan utawa
jumlah. Tembung panggandhenge yaiku lan, saha, sarta, karo. Tuladha:
Bapak ibu tindak menyang Jakarta.
2) Kontruksi frase endosentrik koordinatif alternatif yaiku pilihan. Frase iki
kudu dieksplisitke kanthi gunakake tembung panggandheng utawa,
utawi.
Tuladha: kebo utawa sapi
3) Kontruksi endosentrik koordinatif opositif yaiku unsur-unsure duweni
kategori pada karo asil gabungane. Loro-lorone bisa dadi unsur inti,
nanging yen salah siji dadi unsur inti, liyane dadi atribut utawa penjelas.
Tuladha: Solo/ kutha kabudayan Yogya/ kutha pelajar
Tipe konstruksi frase eksosentrik yaiku unsur-unsure ora duweni fungsi
lan distribusi ora padha karo unsur-unsur pandhapuke. Tuladha: ing tegal; saka
kantor.
Kontruksi frase adhedhasar hubungan fungsional antarane unsur-unsur
langsunge. Kontruksi frase iki ana loro cacahe yaiku:
1) Hubungan fungsional koordinatif yaiku manawa unsur-unsur ing frase
duweni drajat kang padha utawa sakdrajat.
Adhine bagus// rada nakal adhine bagus nanging rada nakal Sekolah
Tembung nanging minangka tembung panggandheng dadi tengere
hubunganfungsional koordinatif adversatif amarga antare unsur
langsung siji lan sijne gambarake perlawanan. Tembung apa, utawa,
utawi minangka tenger ing frase hubungan fungsional koordinatif
disjungtif yaiku hubungan antarane unsur-unsur asifat pilihan. Tembung
lan, sarta, tuwin, karo minangka tandha hubungan fungsional
7. 61
koordinatif kompulatif, amarga hubungan antarane unsur-unsur
langsung sakdrajat lan asifat jumlah utawa kumpulan.
2) hubungan fungsional subordinatif yaiku menawa drajate unsur-unsur ing
frase kasebut ora padha. Salah sijine unsur langsung minangka unsur inti
utawa luwih kuasa, dene unsur langsung liyane gumantung marang unsur
inti.
Buku kandel Layang pamit
Jenis frase adhedhasar kategori ing unsur inti, yaiku:
1) Frase aran yaiku unsur inti arupa tembung utawa frase aran
bocah lanang iku wong tuwane Santi
2) Frase kriya yaiku frase sing unsur intine arupa tembung kriya
Lagi siram wis meh arep mangan
Ana ing frase kriya atribut sing arupa qualifayer utawa pemarkah bisa
diisi luwih saka siji. Sing kalebu qualifayer yaiku ora, durung, aja,
ndak arep, arep, tansah, bakal wis kerep, isih, lagi meh, sida, meksa,
perlu, kudu, mesthi, bisa oleh, ben, gek, mbok, kok, padha, malah,
lan sak panunggale. Qualifayer dumunung ana sak ngarepe tembung
kriya utawa tembung kaanan.
3) Frase kaanan yaiku intine arupa tembung kaanan. Tuladha: kuning
lencir
4) Frase wilangan yaiku frase sing unsur intine arupa tembung wilangan
limang lembar akeh banget
5) Frase katrangan yaiku frase sing intine arupa tembung katrangan
Wingi sore sesuk esuk
6) Frase pronomina utawa sesulih yaiku frase sing unsur inteni arupa
pronomina utawa tembung sesulih. Tuladha: Dheweke uga
7) Frase preposisi, frase sing asale saka tembung ancer lan tembung aran,
lan tembung ancer dumunung ana ngarepe tembung aran. Tuladha: Ing
ngomah
8. 62
Ana Frase tipe liya sing padatan dinggo parafrase yaiku:
a) tipe konstruksi Frase: sing, kang, ingkang. Tuladha: Sing gedhe dhuwur.
b) Tipe konstruksi frase: si, sang, pun. Tuladha: Sang pujangga kraton.
c) Tipe konstruksi frase: yaiku, yakuwi, inggih menika. Tuladha: yakuwi adhiku.
2. Klausa
Klausa yaiku kelompok tembung kang ngandhut sak wasesa (Cook,
1971). Klausa iku unit gramatikal kang arupa gabungan tembung arupa jejer
wasesa (Ramlan, 2005) (Kridalaksana, 1985). Dadi klausa iku runtutan
tembung-tembung sing arupa kontruksi wasesa. Titikane klausa yaiku ing
klausa amung siji wasesane ora kena luwih, umume arupa jejer lan wasesa,
mula klausa diarani berpotensi dadi ukura, amung bedane klausa durung
duwe intonasi final. Ing struktur klausa, wasesa dadi punjere utawa wajib
ana ing ukara. Urutane tembung sing ora ana wasesane iku dudu klausa bisa
arupa frase utawa tembung camboran. Mula kang wajib ana ing klausa iku
wasesa, dene jejer, lesan, katrangan lan geganep sifate ora wajib ana. Ana
ing klausa intonasine ora final, amarga intonasi klausa manut ing intonasi
ukara. Sing umum klausa iku arupa jejer lan wasesa. Klausa luwih pepak
tinimbang frase, awit ana ing klausa kang wajib ana arupa jejer utawa jejer
lan wasesa. Titikane klausa: a) ana ing klausa amung arupa wasesa cacahe
siji ora bisa luwih, b) ora duweni intonasi final, c) intonasine melu intonasi
ukara; d) klausa perangan saka ukara, e) umume bisa arupa jejer lan wasesa.
a) Jenis klausa
1) Jenis klausa adhedhasar struktur
(a)Klausa bebas yaiku klausa sing bisa (berpotensi) dadi ukara lan
strukture pepak, awit duweni jejer lan wasesa. Klausa bebas bisa
dadi ukara lamba yen intonasine final. Klausa bebas uga disebut
induk ukara. Klausa bebas ora ana tembung panggandhenge.
(b)Klausa terikat utawa klausa pang yaiku klausa kang susunane utawa
strukture ora lengkap, mula klausa iki ora berpotensi dadi ukara.
Klausa terikat disebut klausa bawahan utawa anak ukara lan
9. 63
gunakake tembung panggandheng utawa konjungsi kang mapan ana
ngarepe.
Tuladha: Ibu lagi masak, nalika bapak rawuh.
Tuladha ing dhuwur arupa ukara camboran kang dumadi saka rong
klausa. Klausa kang kacithak kandel iku klausa bebas utawa induk
ukara lan ora ana konjungsine, dene kang ora dicetak kandel iku klausa
terikat kanthi tanda ana konjungsine: nalika, umpama, amarga. Dene
dununge klausa bebas bisa ana ngarepe klausa terikat utawa
kosakbaline. Nanging ana ukara kang dumadi rong klausa lan nganggo
konjungsi lan, saha, karo, tuwin, utawa, utawi, apa, loro- lorone
kalebu klausa bebas, amarga klausa iku dununge ora bisa diwalik utawa
dipindhah.
2) Jenis Klausa adhedhasar kategori ing predikat
Klausa kelompok iki punjere klausa ana ing wasesa kang duweni
indentitas utawa kategori tembung. Klausa kelompok iki ana limang
jenis yaiku klausa aran, klausa kriya, klausa kahanan, klausa wilangan
lan klausa preposisi utawa mawa tembung ancer-ancer.
(a) Klausa Aran
Klausa aran sing dadi unsur intine arupa wasesa saka tembung aran
utawa frase aran. Tuladha : Mbak Ginah sindhen
(b) Klausa Kriya
Klausa Kriya yaiku klausa kang dadi wasesa arupa tembung utawa
frase kriya lan ora bisa dadi ukara negatif. Klausa jenis iki ana loro
yaiku klausa kriya transitif lan klausa kriya intransitif. Klausa kriya
transitif iku wasesa arupa tembung kriya transitif utawa tembung
kriya kang mbutuhake lesan. Klausa intransitif yaiku klausa kang
arupa tembung kriya intansitrif lan tanpa lesan, nanging kala mangsa
nggunakake katragan.
Tuladha: Dheweke arep mulih neng Slogohima.
Klausa kriya kang wasesane arupa tembung utawa frase kriya ana
limang jenis yaiku:
10. 64
(1) Klausa kriya kahanan, kasusun saka ukara kahanan kang dumadi
saka unsur intine arupa tembung utawa frase kaanan.
Tuladha: Arumini sregep kulakan
(2) Klausa kriya aktif kasusun saka tembung utawa frase kriya aktif
lan kang dadi punjere arupa kriya aktif. Ana ing kalimat, klausa
kriya aktif mbutuhake lesan lan bisa dipasifake.
Tuladha: Anisiani lagi nyapu plataran
(3) Klausa kriya resiprokal kasusun saka tembung kriya resiprokal
sing tegese ana gegayutane utawa saling utawa padhadene.
Tuladha : Aku karo Erlin salam-salaman; Rando karo nando
jiwit-jiwitan
(4) Klausa kriya pasif kang kasusun saka tembung utawa frase kriya
pasif lan dadi inti klausa. Tuladha : Pak Herunida dithuthuk anake
(5) Klausa kriya refleksi kasusun saka tembung kriya refleksi, tegese
tembung kriya sing nggambarake tindakan saka pelaku utawa
jejer.
Tuladha : Santini lagi dandan ana kamar
(6) Klausa transitif iku klausa sing wasesane kudu digenepi lesan.
Klausa kriya transitif bisa diubah dadi klausa pasif lan tembung
kriya ing klausa iki bisa nggunakake ater-ater N- lan bisa
nganggo panambang utawa tanpa panambang. Tuladha : Rahayu
tuku klambi abang
(7) Klausa intransitif yaiku klausa sing wasesane ora kudu
dilengkapi lesan lan ora bisa diubah dadi ukara pasif. Tuladaha:
Bapak lagi dhahar
(c) Klausa Kaanan yaiku unsur inti kang wajib ana arupa jejer lan
wasesa, nanging wasesane arupa tembung utawa frase kaanan.
Dene susunane
jejer arupa tembung utawa frase aran, wasesane arupa tembung utawa
frase kaanan
Tuladha: Aidha pinter banget sekolahe
11. 65
(d) Klausa preposisi, yaiku klausa kang predikate arupa frase preposisi
utawa ana tembung ancer lan tembung aran. Tuladha : Mbakyuku
menyang kantor
3) Jenis Klausa Adhedhasar Pemarkah Negatif Ing Wasesane
(a) Klausa positif yaiku klausa kang ora ana penanda negatif ing
wasesane
Tuladha : Sapi-sapi iku mangan suket neng lapangan
(b) Klausa negatif kasusun saka tembung utawa frase kanthi tandha
tembung negatif. Kang kalebu tembung negatif kayata: ora, durung,
aja, saengga wasesane asifat negatif. Tuladha: Simbah durungdhahar
4) Jenis klausa adhedhasar struktur internal klausa
(a) klausa jangkep susun biasa yaiku klausa kang arupa jejer lan
wasesa. Jejer dumunung ana sakngarepe wasesa lan arupa klausa
bebas.
Tuladha: Aku arep sinau
(b) klausa jangkep susun balik yaiku klausa kang arupa jejer lan
wasesa. Jejer dumunung ana sakburine wasesa utawa klausa inversi
lan arupa klausa bebas.
Tuladha: Pinter banget bocah iku
(c) Klausa ora jangkep yaiku klausa kang wasesa bisa diwuwuhi
lesan, katrangan, geganep. Tuladha: lagi dolanan montor-montoran
3. Ukara
Ukara mujudake rerangkening tembung kang bisa ngandharake
sawijining karep kang jangkep utawa genep. Ukara minangka unit basa sing
relatif mandhiri, duwe pola intonasi pungkasan lan kalebu klausa (Elson
dan Pickett, 1969). Ukara dhasar dumadi saka frase aran (jejer) lan frase
kriya (wasesa) (Robert-Burton, 1997). Ukara iku wangun basa paling cilik
sing ngandhut pamikiran kang jangkep (Alisyahbana, 1978). Miturut
Ramlan (2005), ukara minangka unit gramatikal sing diwatesi jeda kang
12. 66
dawa sing diiringi nada mudhun utawa munggah. Ukara dhasar yaiku arupa
jejer lan wasesa. Pangerten iku bisa didudut intine, menawa ing ukara kudu
ana satuan gramatik kang arupa tembung, frase, klausa lan ukara kang
diwatesi jeda kang dawa lan dipungkasi kanthi jeda mudhun utawa
munggah. Mula ukara iku ora mung arupa satuan lingual nanging uga
intonasi final. Ukara ora gumantung gunggunge tembung nanging ukara
dumadi saka unsur segmental arupa tembung, frase, klausa, kalimat lan
unsur suprasegmental yaiku intonasi (basa lisan) utawa pungtuasi (basa
tulis). Dadi ukara bisa amung sak tembung utawa luwih nanging intonasine
final. Unsur segmental kudu arupa morfem bebas, duweni kategori, bisa
madeg dhewe, tegese cetha.
Perangane ukara kang arupa jejer, wasesa, lesan, katrangan, lan geganep
minangka tali pangeket antarane unsur siji lan sijine. Pola kang paling
sederhana ana ing ukara iku jejer lan wasesa kang dikantheni intonasi final.
Dene unsur liyane asifat mana suka. Saka segi struktur minimal arupa rong
tembung kang fungsine minangka jejer lan wasesa, dene saka segi arti
utawa teges ukara duweni pengertian kang lengkap lan gumathok. Ana ing
ukara lamba wasesa amung siji, dene ing ukara camboran wasesane loro
utawa luwih, lan ana uga perangan ukara camboran iku padha mula bisa
diraket-ake utawa disebut siji wae.
Adhedhasar perangan ukara utawa fungsine lan wujud kang ngisi unsur-
unsur ing ukara, bisa dimangerteni jenising ukara adhedhasar sifat
hubungane, kategori wasesane, jumlah wasesane, lan surasane ukara. Pokok
materi 3 ngrembug bab tegese ukara lan titikane, jenis ukara miturut sifat
hubungane, miturut jumlah wasesane, miturut kategori wasesane, lan
miturut surasan utawa isi ukara.
Saben basa duwe pranatan, pranatan kang gumathok ing ukara basa Jawa
yaiku:
a) Bisa madeg dhewe
b) Bisa dumadi satembung utawa luwih
c) Intonasine final menawa diujarke
13. 67
d) Kawiwitan huruf murda ana ing basa tulis lan dipungkasi tanda titik, takon,
seru.
e) Duweni kategori lan teges sing cetha
Tuladha:
Ibu mundhut klambi abang kanggo adik neng pasar.
J W L G K
Ukara iku amung sak klausa kang dumadi saka:
Ibu : jejer/ tembung aran
Mundhut : wasesa/ tembung kriya
Klambi abang : lesan/ frase aran
Kanggo adik : gegeanep/ frase aran
Neng pasar : Katrangan / frase preposisi
Pola dasar ukara basa Jawa kang baku ana lima yaiku:
J W; J W L; J W-Gg; J W L Gg; J W P.
Pola dhasar ukara ing dhuwur iku, struktur lan tegese bener manawa
diisi tembung utawa frase kang duweni kategori sing jelas lan teges sing pas
miturut kaidah basa Jawa. Mula ora saben kelompok tembung bisa diarani
ukara manawa ora manut karo kaidah utawa paugeran kang baku ing basa
Jawa.
Kelompok tembung: pasar dek wingi aku arep blanja neng.
Iki dudu ukara amarga strukture salah lan ora duwe teges amarga ora sesuai
karo kaidah basa Jawa.
Jejer, wasesa, lesan, katrangan, lan geganep ora sembarang bisa diisi tembung
utawa frase, awit duwe paugeran utawa ciri dhewe-dhewe.
a) Jejer
Jejer yaiku perangan kang kalebu bakune ukara utawa lajere ukara,
mula jejer miturut paugeran kang baku dumunung ana ngarep, nanging
kalamangsa dumunung ana tengah utawa mburi gumantung jenising ukara.
Jejer iku perangan sing menehi tandha apa sing diucapake babagan jejer
(Kridalaksana, 1985). Jejer duweni peran semantis dadi aktor utawa pelaku.
Titikane tembung utawa frase dadi jejer yaiku:
14. 68
1) Arupa tembung utawa frase nomina.
2) Bisa nggunakake tembung pronomina demonstratif: iki, iku, kae
3) Minangka jawaban pitakon apa, sapa. Tuladha: Ayu lagi umbah-umbah
4) Bisa diwuwuhi pewates sing
5) Bisa arupa jenis tembung sakliyane tembung aran
(a) Jejer dumadi saka tembung/frasa aran: Mbak Wiwin tuku sabun.
(b) Jejer dumadi saka tembung/ Frasa Kriya: Tetulung kalebu ngibadah
(c) Jejer dumadi saka tembung/ Frasa Kaanan Iklas bisa nentremake ati
(d) Jejer arupa tembung/ Frasa Wilangan Sepuluh lembar jumlah
folione
(e) Jejer arupa tembung/ Frasa Sesulih Purusa Kowe wis absen
6) Jejeripun ana tengah dan wekasaning ukara.
7) Ora diwiwit tembung ancer-ancer (preposisi: neng, marang, ing)
8) Bisa diwiwiti nganggo tembung menawa, menawi ing ukara tanggap.
b) Wasesa
Wasesa perangan kang dadi punjering ukara. Tegese ukara gumantung
wasesane. Umume wasesa dumunung sak bubare jejer utawa sisih tengene
jejer. Wasesa bisa arupa tembung utawa frase. Titikane wasesa yaiku:
1) Minangka jawaban saka pitakonan ngapa, kepriye/ piye, se-pira, neng
endi, apa, dadi apa. Tuladha: Edi lagi lunga; Harjiati ngumbahi klambi
2) Bisa diwiwiti tembung
3) Bisa diwuwuhi tembung ora, dudu, aja
4) Bisa diwuwuhi aspek saha modalitas.
5) Jenise tembung kang bisa dadi wasesa
(a) Wasesa arupa tembung/ Frasa Kriya: Pak Kasna lagi macul.
(b) Wasesa arupa tembung/ Frasa Kaanan: Anita ayu banget.
(c) Wasesa arupa tembung/ Frasa Aran: Nanda murid SMA Solo.
(d) Wasesa arupa tembung/ Frasa Wilangan: Teronge limang iji.
(e) Wasesa arupa frasa Ancer-ancer-ancer: Ibu menyang Slogohima.
c) Lesan
15. 69
Lesan perangane ukara kang gumantung wasesane kang arupa tembung
kriya tanduk utawa kriya transitif ing ukara ukara aktif. Lesan iku bisa dititik
saka jenis wasesa sing nggenepi.
Titikane lesan:
1) Lesan dumunung sak wurine wasesa kang arupa tembung kriya tanduk;
2) Lesan bisa dadi jejer ana ing ukara tanggap;
3) Ora didhisiki tembung ancer.
d) Geganep
Geganep utawa pelengkap yaiku perangan ukara kang tugase ngganepi
wasesa arupa kriya supaya ukarane dadi ganep utawa lengkap. Geganep
dumunung ana tengene wasesa sifate tegar utawa sisih tengene lesan lan ora
bisa ing ngarepe lesan.
Adine mbak Tutik ketiban ember
J W Gg
Pak Mangun saben sore dodol wedang ronde
J P W Gg
Dumununging geganep lan jenis kategorine ing ukara yaiku:
1) J W Gg Simbah ngirimilawuh
2) J W L Gg Yu Lasti njupuke anake segagoreng
3) Geganep arupa Tembung/ Frasa Aran Hartini wis duwe sepeda motor
4) Geganep saka Tembung/ Frasa Kriya Pak wisnu mulang nggambar neng
sanggar
5) Geganep arupa Tembung/ Frasa Kaanan Amirudin sikape lembah manah
6) Geganep arupa Tembung/ Frasa Wilangan Weduse pak Sukar manak loro
7) Geganep arupa Tembung/ Frasa ancer-ancer
e) Katrangan (Panerang)
Katrangan iku perangane ukara kang ora baku, ana ing ukara panerang
sifate mana suka, bisa ana utawa ora, cacahe bisa luwih saka siji, lan
dumununge bebas. Katrangan fungsine minangka penjelas, tanpa katrangan
ukara tetep bener lan trep. Jinise katrangan:
16. 70
1) Katrangan wektu. Tuladha: Putuku lahir wingi sore.
2) Katrangan papan. Tuladha: Ibu lagi wae kondur saka Banten
3) Katrangan sebab. Tualdha: Siti ora mlebu sekolah amarga lara.
4) Keterangan akibat. Tuladha: Dheweke rajin nabung saega bisa tuku mobil.
5) Katrangan syarat. Tuladha: Menawa aku duwe dhuwit, kowe kabeh tak jajake.
6) Katrangan alat. Tuladha: Simbah nebang wit klapa nganggo singso.
7) Katrangan kaanan. Tuladha: Kanthi sabar Sunarti ngajari ngaji adhine.
8) Katrangan perbandingan. Tuladha: Dheweke mencereng kaya buta kurang sajen.
9) Katrangan perlawanan. Tuladha: Sanajan awake rada lara.
10) Keterangan tujuwan. Tuladha: Elsa melu bimbingan belajar supaya munggah kelas.
a) Jinise Ukara
Jinise ukara bahasa Jawa gumantung wasesane awit wasesa dadi punjere ukara.
1) Jinis Ukara Adhedhasar Sifat Hubungane
(a) Ukara tanduk
Ukara tanduk utawa kalimat aktif, yaiku jejer nindakake
pakaryan, minangka pelaku utawa aktor. Wasesa ing ukara tanduk arupa
tembung kriya tanduk, imbuhan arupa imbuhan anuswara (am-, an-,ang-
, any) lan panambang -i, -ke. Jejer nindakake pakaryan, dene lesan dadi
sasaran. Ing ukara tanduk mbutuhake lesan. Tuladha: Ibu mundhut
lawuh.
Wondene jinise ukara tanduk yaiku:
J W L : Adhiku ngumbah klasa Heru menthangake gendewa.
J W L P : Darsini nggoreng tempe neng pawon Anggi ngarit
suket neng alas.
J W L Gg : Ibu mundhutke bapak sepatu ireng Aku nukokake Siti
mesin jahit.
Ukara tanduk kang wasesane arupa tembung kriya tanduk ana sing ora
mbutuhake lesan diarani ukara tanduk intransitif. Tuladha : Mbak Santa
lagi dhahar.
(b) Ukara Tanggap
17. 71
Ukara tanggap utawa kalimat pasif, yaiku ukara kang wasesane arupa
kriya tanggap dene jejer dari sasaran kena pakaryan. Imbuhan kang
tumempel ing wasesa ukara tanggap yaiku:
(1) Dak-/tak- (-i, -(a)ke, -ne, -ane), Dhuwite taksinggahake
(2) Kok-/ko- (-i, -(a)ke), Bukune kokklumpuke Peleme kokjupuki
(3)Di- (-i, -(a)ke): Godhong puhunge dipethiki simbah
(4)Ke- (-an) Rendi kodanan wingi sore Rinem kangelan maca
(5)Ka- (-an, -ake) Rustini kakabulake panyuwune Layang iki kaaturake
pakde
2) Adhedhasar gunggunge wasesane
Ukara miturut gunggunge klausa dipilah dadi loro yaiku ukara lamba
lan ukara camboran (Djajasudarma, 1993). Semono uga Poerwadarminta
(1953) milah ukara saka jumlah wasesane ana loro yaiku ukara lamba lan
camboran.
a) Ukara Lamba
Ukara lamba yaiku ukara kang dumadi amung sakklausa, tegese
ukara lamba dumadi saka jejer lan wasesa lan bisa nganggo lesan,
geganep utawa keterangan. Jejer lan wasesa ing ukara lamba wajib ana
kang duweni hubungan kang rumaket (satu kesatuan). Pola ukara lamba
sing sederhana kaya ing ngisor iki. Tuladha :
(1) J W : Aku mlayu.
(2) J W L : Sinta tuku jeruk.
(3) J W _ Gg : Harsini ngliwet sega.
(4) J W L Gg : Simbah mundhutke klambi putih kanggo
Ida.
(5) J W - P : Bulik nunggu neng terminal.
b) Ukara camboran
Ukara camboran yaiku ukara kang dumadi saka ukara lamba
utawa klausa cacahe loro utawa luwih kang digandheng dadi siji.
Cethane, ukara camboran iku ukara kang isi andharane rangkep utawa
luwih saka siji, dumadi saka manunggaling ukara loro utawa luwih,
18. 72
ukara siji lan sijine madeg dhewe lan surasaning ukara ana gandheng
cenenge. Panggandenging ukara camboran bisa kanthi cara implisit
(tanpa tembung panggandheng) kanthi nggunakake tandha koma (,).
Tembung camboran secara eksplisit diiket kanthi tembung
panggandheng. Tembung panggandheng iku kayata: lan, amarga,
nalika, umpama, ananging, awit, lsp.
Ukara Camboran ana telu yaiku:
(1) Ukara camboran sejajar. Ukara iki dumadi saka ukara lamba utawa
klausa cacahe loro utawa luwih. Klausa-klausa jroning ukara duwe
kalungguhan kang pada. Dene tembung pangikete arupa tembung:
lan, saha, tuwin sarta, utawa, utawi, apa dene, banjur, terus, malah,
dene sing dumunung ing antarane ukara lamba utawa klausa lan ora
bisa ana ing ngarepe ukara lamba utawa klausa.
Tuladha : Murid-muride lagi padha mlebu dene ibu guru nyiapake
tugas, sarta papan tulise wis resik.
Ukara camboran iku dumadi saka telung klausa yaiku: 1) Murid-
muride lagi padha mlebu, 2) Bu guru nyiapake tugas, 3) Papan
tulise wis resik.
Ukara kasebut ka
kang dumunung ana ing antarane klausa. Tembung pangandheng
kasebut ora bisa dipindhah ing ngarep awit ngrusak struktur lan
tegese ukara.
(2) Ukara camboran Raketan (kalimat majemuk rapatan)
Ukara camboran raketan dumadi saka rong klausa utawa luwih kang
digandheng nganti ana perangan utawa fungsi sing padha lan ora
perlu disebutake. Amarga wis dikandhakake ana ing klausa ngarep,
dene kang padha bisa awujud jejer, wasesa, lan lesan. Dene jumlahe
katrangan bisa luwih saka siji lan ora ngrusak inti ukara, jalaran
katrangan fungsine amung dadi panerang.
Ukara camboran raketan iku sing padha bisa jejer, wasesa, katrangan,
lan nggunakake tembung panggandheng.
19. 73
(3) Ukara Camboran Susun (Kalimat Majemuk Bertingkat)
Ukara camboran susun yaiku ukara camboran kang dumadi saka
rong klausa utawa luwih, nanging klausa sing siji dadi katrangan
utawa bagian klausa liyane (kalungguhane ora pada). Ukara
camboran susun dumadi saka klausa inti lan klausa pang. Antarane
kausa siji lan liyane diiket karo tembung panggandheng. Tembung
panggandheng ing ukara iki kayata: amarga, jalaran, sanadyan
rikala, nalika, yen, supaya, menawa, mula, kanthi, awit, saumpama,
sebab, lsp. Tuladha : Wingi sore Martindu arep bali nenyang
Jakarta, sebab kentekan tiket.
3) Adhedhasar tembung panggandeng kang dumunung ana ing ukara
camboran, ukara bisa kapilah dadi:
a) Ukara camboran mratelakake kosok balen. Tembung panggandheng kang
digunakake: sanajan mengkono
b) Ukara camboran mratelakakake sebab, yaiku ukara kang dumadi saka rong
klausa, nanging klausa bawahan mratelakake sebab prastawa kang
ditindakake dening klausa inti. Tembung pangandhenge: sebab, amarga,
awit.
c) Ukara camboran kang mratelakake syarat yaiku ukara kang dumadi saka
rong klausa, klausa inti lan klausa pang. Klausa pang mratelakake syarat
marang kedadeyan kang sinebut ing klausa inti. Tuladha: Aku tak dolan neng
omahmu, menawa ora udan.
d) Ukara camboran kang mratelakake pasemon, yaiku klausa bawahan
mratelakake pasemon sing ora bakal kelakon kaya kang dikandhakake ing
klausa intine. Wujude tembung panggandhenge kayata: yen, upama,
saumpama sakirane.
e) Ukara camboran kang mratelakake wektu, yaiku gayutaning ukara utawa
klausa kang cacahe loro mratelakake wektu kedadeyane, kang kasebut ana
ing klausa inti. Tembung panggandheng kang asring digunakake yaiku:
sauwise, sadurunge, nalika,
f) Ukara camboran kang mratelakake prastawa urut (perturutan) yaiku
20. 74
gayutaning ukara siji lan sijine mratelakake prastawa, kahanan sing urut
(perturutan) .
g) Ukara camboran kang mratelakake pilihan yaiku gayutaning teges rong
klausa utawa rong ukara lamba kangmratelakake menawa salah sjii ukara
utawa klausa iku arupa kanyataan utawa pilihan. Tembung panggandheng
kang asring digunakake yaiku utawa, utawi apa. Tuladha: aku utawa sliramu
sing mangkat neng Temanggung.
h) Ukara camboran kang mratelakake gunggung utawa jumlah yaiku ukara
hasil kumpulinging gathukan antarane ukara siji lan sijine kagabung dadi siji
kang mratelakake gunggong utawa jumlah. Tembung panggandheng kang
kanggo nggandheng yaiku: lan, sarta, tuwin sumawana, karo, saha. Tuladha:
Sartuna lan anake mertamba neng Puskesmas Solo.
4) Adhedhasar Kategori Wasesa
Ukara basa Jawa miturut kategori kang ngisi wasesa bisa kaperang dadi loro
yaiku: ukara aran lan ukara kriya.
a) Ukara Aran.
Kang diarani ukara aran yaiku ukara kang wasesane arupa tembung
utawa frase aran. Tuladha: Bapak kodanan
b) Ukara Kriya. Ukara iki perangan kang arupa wasesa diisi tembung
utawa frase kriya.
Tuladha: Bapak maos koran neng teras
5) Adhedhasar Surasane utawa isi
a) Ukara Crita (Kalimat Berita)
Ukara crita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake
sawijining bab utawa kedadean marang wong liya. Tuladhane kaya ing
ngisor iki:
Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana
Sekaten.
b) Ukara Pakon (Kalimat Perintah AtauImperatif)
Ukara pakon yaiku ukara kang surasane mbutuhake tanggapan arupa
tindakan. Dene isine bisa pakon, ajakan, larangan marang wong liya
21. 75
supaya nindakake kaya sing dikarepake sing kongkon. Tuladha: Sardi,
tukua lawuh dhisik !
Titikan ukara pakon:
1. Nggunakake partikel utawa panambang a, -na, -en, lan ana
2. Bisa susun balik utawa inversi yaiku jejer dumunung ana sangarepe
jejer
3. Nggunakake tanda seru ana ing basa tulis Rambutan iki gawanen !
4. Yen arupa basa lisan intonasine bisa ing pungkasan guneman
medhun, rata trus munggah (intonasi data berakhir dengan nada
naik), medhun ing akhir tuturan (menurun di akhir tuturan), sing
kongkon ora kudu dieksplisitke.
Jinise Ukara Pakon
(1) Ukara Pakon Lumrah yaiku ukara pakon biasa. Titikane ukara
pakon lumrah nggunakake panambang a, -na, -ana, -en. Tuladha:
Wis balia dhisik!
(2) Ukara pakon pangajak yaiku surasane arupa pangajak, biasane ana
tembung ayo, mangga, sumangga. Tuladha: Ayo padha bali dhisik!
(3) Ukara pakon panjaluk yaiku ukara kang isine panjaluk supaya sing
diakon gelem nindakake apa sing dikarepake sing njaluk. Dene
tengere nggunakake tembung takjaluk. Tuladha: Takjaluk kowe aja
cuwa, dolan rene dianggurke.
(4) Ukara pakon pamenging yaiku ukara pakon kang surasane menging
supaya wong liya ora nindakake apa sing kang dikarepke dening
sing kongkon. Tanda pamenging sing asring digunakake kayata,
aja, ora.
(5) Ukara pakon panantang utawa panyindir, yaiku ukara pakon kang
surasane nantang utawa nyindhir kang dikongkon. Tuladha: Renea
yen rumangsa ksatria!
c) Ukara Pitakon yaiku ukara sing surasane takon marang wong liya.
Umume nggunakake tembung apa, piye sapa, sinten, ngendi, ing
ngendi kapan, coba, dek kapan, pripun, kadospundi, pinten, coba,
22. 76
wonten pundi, lsp. Yen ana ing basa tulis nggunakake tanda pitakon
(?)
Jinise ukara pitakon yaiku:
(1) Ukara Pitakon Lumrah. Tuladha: Anakmu wis pira duk ?
(2) Ukara Paminta. Tuladha: Piye yen sing budal kowe wae ?
(3) Ukara Pitakon nanging ora perlu jawaban. Tuladha: Ngalamun iku apa
enak ta yu ?
d) Ukara Sambawa
Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep,
saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-
tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana. Tuladha: Udana
tanduranku ben urip.
e) Ukara Sananta
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya.
Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi
wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih
awujud niyat.
Tuladha: Aku kude sregep nyambut gawe, ben sugih dhuwit.
D. Forum Diskusi
Sakwise nyinauni bab widya ukara, coba critakake nganggo basamu
dhewe-dhewe apa bedane frase, klausa, lan ukara, banjur gawea
tuladhane. Wangsulanmu banjur dirembug bebarengan karo kanca-
kanca!