2. WIDYA UKARA
Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum.
Widya ukara yaiku sinau bab pola-pola sing digunakake
minangka alat kanggo nggabungake tembung-tembung
dadi ukara. Putrayasa (2017).
3. Uraian Materi
Frase yaiku unit gramatikal sing
dumadi saka rong tembung utawa luwih
sing ora duweni ciri klausa utawa non
predikatif lan frase ora ngluwihi wates
fungsi unsur klausa (Ramlan, 2005). Ana
ing ukara, frase amung duweni
kewenangan minangka jejer/ wasesa/
lesan/ katranan/ geganep (Putrayasa,
2017). Frase yaiku unit linguistik sing arupa
gabungan rong tembung utawa luwih ora
nuduhake/ duweni ciri-ciri klausa (Cook,
1971). Dadi ing ukara frase ora arupa
wasesa lan amung sak fungsi sarta struktur
frase ora arupa jejer – wasesa.
4. Titikane
Frase yaiku:
1. unit gramatikal sing dumadi saka rong
tembung utawa luwih.
2. ora ngluwihi wates fungsi, frase tansah ana
ing sawijining fungsi, minangka jejer/
wasesa/ lesan/ katranan/ geganep ana ing
ukara.
3. Frase intonasine durung sempurna
4. Klebu ing fitur konstruksi sintaksis
5. Diakoni rong tembung, gumantung cacahing
tembung ana ing konstruksi frase
5. Titikane frase
yaiku:
7. Bisa diparafrase, ora ngrusak struktur frase
8. Asil gabungane duweni teges kurang luwih
pada karo unsur asale
9. Bisa diselipi komponen liyane
10. Bisa gawé konstruksi luwih akeh.
11. Intonasi bisa dadi basis kanggo nemtokake
unsur langsung ing frase
12. Frase ora duweni teges anyar
13. Jeda antarane unsur lngsung katon cetha
14. Tekanan ing silabi bisa diucapake kanthi
rata.
15. Unsur inti minangka sing diterangake dene
unsur liyane kang nerangake (DM)
6. 6W I D Y A U K A R A
Frasa EksosentrikFrasa Endosentrik
Miturut Putrayasa (2017) adhedhasar padha orane
distribusi frase karo unsur-unsur pandhapuke.
7. 7W I D Y A U K A R A
Frasa Endosentrik
Koordinatif
Frasa Endosentrik Atributif
Frase Endosentrik
8. 8
Jinising frase adhedhasar kategori ing unsur inti
W I D Y A U K A R A
Frase
Aran Kriya Wilangan Katrangan Pronomina Preposisi
9. 7. Ana Frase Tipe Liya sing padatan
digunakake kanggo parafrase yaiku :
Tipe konstruksi Frase: sing, kang, ingkang
Sing gedhe dhuwur
Narti kang pinter dhewe iku
Ingkang tindak
sing tuwa dhewe
Tipe konstruksi frase : yaiku, yakuwi, inggih menika
yaiku wong tuwaku dhewe
inggih menika barep kula
yakuwi entuk-entukane bocah bodho
Tipe konstruksi frase : si, sang, pun
Sang pujangga kraton si bungkuk
Si jalu pun guru sejati
10. Klausa yaiku satuan gramatik kang awujud gabungan
tembung arupa jejer lan wasesa. Klausa iku kelompok
tembung sing mung siji wasesane. Klausa yaiku
kelompok tembung kang ngandut sak wasesa
(Cook1971).
Mater i 2
KLAUSA
11. Ana ing klausa intonasine ora final, amarga intonasi
klausa manut ing intonasi ukara. Pola klausa iku
(jejer) wasesa (lesan) (geganep), (katrangan).
Maksude ana ing klausa sing wajib ana iku wasesa, dene
sing ana jerone kurung ora wajib ana, nanging sing
umum klausa iku arupa jejer lan wasesa. Klausa luwih
lengkap tinimbang frase, awit ana ing klausa kang wajib
ana arupa jejer utawa jejer lan wasesa, dene frase amung
arupa jejer/wasesa/lesan/geganep utawa katranan dadi
frase iku amung sak fungsi ana ing ukara.
Ciri – Ciri
Klausa
Ana ing klausa amung arupa wasesa
cacahe siji ora bisa luwih
11W I D Y A U K A R A
1
Ora duweni intonasi final2
Intonasine melu intonasi ukara3
Klausa bagian saka ukara4
Umume bisa arupa jejer lan wasesa5
12. Jenis – Jenis Klausa
K l a u s a d i p e r a n g d a d i c a c a h 7 y a i k u :
klausa Adhedhasar struktur1
Klausa adhedhasar kategori ing Predikat2
Klausa Kaanan3
Klausa preposisi4
Klausa Adhedhasar Pemarkah Negatif Ing
Wasesane
5
Klausa Adhedhasar Struktur Internal Klausa6
13. Ukara yaiku satuan gramatik kang diwatesi dening jeda
sing dawa lan dipungkasi dening jeda pungkasan
mudhun utawa munggah. Ukara minangka unit basa
sing relatif mandiri, duwe pola intonasi pungkasan lan
kalebu klausa (Elson dan Pickett, 1969).
Ukara dasar dumadi saka frase aran (jejer) lan frase
kriya (wasesa) Robert-Burton (1997). Ukara dasar yaiku
arupa jejer lan wasesa.
Klausa lan ukara kang diwatesi jeda kang dawa lan
dipungkasi kanthi jeda mudhun utawa munggah. Mula
ukara iku ora mung arupa satuan lingual nanging uga
intonasi final.
UKARA
Mater i 3
14. Tuladha
Ibu mundhutk klambi abang kanggo adik neng pasar
J W L G K
Ukara iku amung sak klausa kang dumadi saka :
Ibu : jejer/ tembung aran
Mundhut : wasesa/ tembung kriya
Klambi abang : lesan/ frase aran
Kanggo adik : gegeanep/ frase aran
Neng pasar : Katrangan / frase preposisi
Pranatan
Bisa madek dhewe
14W I D Y A U K A R A
A
Bisa dumadi satembung utawa luwihB
Intonasine final menawa diujarkeC
Kawiwitan huruf murda ana ing basa tulis
lan dipungkasi tanda titik, takon, seru.
D
Duweni kategori lan teges sing cethaE
pranatan kang gumathok ing ukara basa
Jawa
15. Pola dasar ukara basa Jawa
kang baku ana lima yaiku:
a. J – W
b. J – W – L
c. J – W _ Gg
d. J – W – L – Gg
e. J –W - P
Pola dasar kalimat ing dhuwur iku, struktur lan tegese bener
manawa diisi tembung utawa frase kang duweni kategori sing jelas
lan teges sing pas miturut kaidah basa Jawa. Mula ora saben
kelompok kata bisa diarani ukara manawa ora manut karo kaidah
utawa paugeran kang baku ing basa Jawa.
16. Jinis Ukara Adhedhasar Sifat Hubungane
UKARA TANDUK
Ukara tanduk utawa kalimat aktif, yaiku jejer nindakake pakaryan, minangka pelaku utawa
aktor. Wasesa ing ukara tanduk arupa tembung kriya tanduk, imbuhan arupa imbuhan
anuswara (am-, an-,ang-, any) lan pananmbang -i, -ke. Jejer nindakake pakaryan, dene
lesan dadi sasaran. Ing ukara tanduk mbutuhake lesan.
Wujude ukara tanduk mbutuhake lesan, manawa tanpa lesan ukara dadi rusak strukture.
Wondene jinise ukara tanduk yaiku:
J W L : Adhiku ngumbah klasa
J W L P : Darsini nggoreng tempe neng pawon
J W L Gg : Ibu mundhutke bapak sepatu ireng
Ukara tanduk kang wasesane arupa tembung kriya tanduk ana sing ora mbutuhake
lesan. Ukara iku kang diarani ukara tanduk intransitif.
Tuladha : mbak Santa lagi dahar
UKARA TANGGAP
16
Jinise ukara bahasa Jawa gumantung wasesane awit wasesa
dadi punjere ukara
W I D Y A U K A R A
Ukara tanggap utawa kalimat pasif, yaiku ukara kang wasesane arupa kriya tanggap
dene jejer dadri sasaran kena pakaryan. Imbuhan kang tumempel ing wasesa ukara
tanggap yaiku:
a. Dak-/tak- (-i, -(a)ke, -ne, -ane), Dhuwite taksinggahake
b. Kok-/ko- (-i, -(a)ke), Bukune kokklumpuke
c. Di- (-i, -(a)ke), Godhong puhunge dipethiki simbah
d. Ke- (-an), Rendi kodanan wingi sore
e. Ka- (-an, -ake). Layang iki kaaturake pakde
17. Adhedhasar jumlah
wasesane
Ukara miturut gunggunge klausa dipilah dadi
loro yaiku ukara lamba lan ukara camboran
(Djajasudarma, 1993). Semono uga
Poerwadarminta (1953) milah ukara saka
jumlah wasesane ana loro yaiku ukara lamba
lan camboran.
Klausa
Ukara
Lamba
Ukara
Camboran
18. Adhedhasar
Kategori Wasesa
Ukara basa Jawa miturut kategori kang ngisi wasesa
bisa kaperang dadi loro yaiku:
ukara aran lan ukara kriya.
1) Ukara Aran. Kang diarani ukara aran yaiku ukara
kang wasesane arupa tembung utawa frase aran.
Ukara aran, wasesa bisa arupa tembung utawa
frase kaanan, wilangan, lan frase preposisi.
2) Ukara Kriya. Ukara iki perangan kang arupa
wasesa diisi tembung utawa frase kriya.
Ukara
(miturut Kategori
)
Ukara
Aran
Ukara
Camboran
19. Adhedhasar
Surasane utawa isi
1) Ukara Crita (Kalimat Berita)
Ukara crita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa
ngandharake sawijining bab utawa kedadean marang wong
liya.
Tuladhane kaya ing ngisor iki:
Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta
mesthi ana Sekaten.
2) Ukara Pakon (Kalimat Perintah Atau Imperatif).
Ukara pakon yaiku ukara kang surasane mbutuhake
tanggapan arupa tindakan. Dene isine bisa pakon, ajakan,
larangan marang wong liya supaya nindakake kaya sing
dikarepake sing kongkon.
Tuladhane : Sardi, tukua lawuh dhisik !
Ukara
(Miturut
Surasane)
Ukara
Crita
Ukara
Pakon
Ukara
Pitakon
Ukara
Sambawa
Ukara
Sananta