1. 81
KEGIATAN BELAJAR 4
WIDYA MAKNA
PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat
Widya makna ing kene nyinau babagan aspek-aspek makna, jinis-jinis makna,
owah-owahan makna,lan gayute makna. Aspek-aspek makna ana papat, yaiku (1)
tegese, (2) nilai rasa, (3) nada,lan (4) maksud. Jinising makna ana maneka
warna. Kayata makna leksikal, makna gramatikal, makna konseptual, makna
asosiatif, makna spesifik, makna afektif, makna stilistika, lan liya-liyane. Jinis
owah-owahing makna yaiku (1) owah-owahane teges luwih, (2) makna
spesialisasi, (3) amelioratif, lan (4) peyorasi. Gayute makna ana walu, yaiku (1)
sinonim, (2) antonim, (3) homonim, (4) hiponim, (5) polisemi, (5) ambiguitas,
(6) lan redudansi
B. Petunjuk Belajar
Pituduh pasinaon/ancer-ancer pasinaon yaiku: Guru nerangake materi
pasinaon kanthi tuladha-tuladha kang gampang ditampa dening siswa-siswi.
Siswa-siswi nyathet apa-apa kang diandharake dening guru. Guru menehi tugas
marang siswa-siswi babagan materi ing sajroning widya makna. Guru nerangake
apamaneh asiling pasinaon lan menehi andharan babagan widya makna marang
siswa-siswi
Modhul iki ngrembug materi widya tembung kang kaperang dadi lima yaiku
widya makna, aspek-aspek makna, jinis makna, owah-owahan makna, lan gayute
makna.
Saben submateri kaandharake teori sarta tuladha kang bisa nggampangake
pamaos anggone sinau. Kanggo perangan teori lan tuladha, macaa lan
maspadhakake kanthi teliti. Sabanjure ana tugas sarta test formatif. Saiki garapen
soal-soal kang sumadya kanthi tliti. Biji KKM saora-orane 76. Menawa bijine
kurang saka 76 ateges durung bisa lulus. Menawa wis kasil, mahasiswa bisa sinau
maneh bab-bab sing bisa nambah kawruh babagan Widya makna kayata maca
2. 82
buku, artikel jurnal, artikel kang ana ing internet, kalawarti utawa ariwarti. Kajaba
iku mahasiswa uga bisa melu sarasehan/seminar-seminar kang ana gegayutane
karo pasinaon iki. Dene menawa durung kasil, sinau maneh materi iki kanthi tliti
lan premati, diskusi, lan melu remidi.
3. 83
INTI
A. Capaian Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan
Mahasiswa mampu menganalisis prinsip materi kebahasaan Jawa dan
aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa.
Subcapaian Pembelajaran Mata Kegiatan
1) Mahasiswa mangerteni widya makna lan bisa nyebuttake apa wae kang
klebu widya makna
2) Mahasiswa bisa jelasake lan indentifikasi aspek-aspek makna, jinis-jinis
makna, owah-owahan makna,lan gayute makna.
3) Mahasiswa trampil nanalisis widya makna lan bisa ditrapake ana ing
pacelathon ing pasrawungan
B. Pokok-Pokok Materi
Siswa ing modul iki arep anyinau maneka warna pasinaon babagan kang
kaperang ing maneka warna pokok-pokok materi, yaiku pangertian (1) widya
makna, (2) aspek-aspek makna, (3) jinis makna, (4) owah-owahan makna, (5)
gayute makna
C. Uraian Materi
1. Tegese Widya Makna
Widya makna yaiku salah sijining perangan panaliten utawa cabang
kawruh basa kang neliti tegesing basa utawa arti (lingual meaning atau
linguistic meaning) (Subroto, 2011). Widya makna nliti arti basa (Hurford dan
Hearsly, 1984).
Widya makna iku cabang kawruh basa utawa ilmu linguistik kang nyinau
bab makna utawa teges. Obyek kajian widya makna iku makna/ teges/ arti.
Miturut Palmer (1981) makna ing kawruh basa minangka urutan kang
pungkasan sawise swara lan paramasastra. Saka telung posisi ana gegayutane
karo kanyatan. Semono uga basa iku swara abstrak sing nuduhake (mengacu)
simbol tartamtu, . Simbol dadi referensi iku duweni sistem, aturan lan makna
4. 84
asosiasi tartamtu, lan simbol utawa lambang sing duweni ujud lan hubungan
kang duweni asosiasi makna tartamtu.
2.Aspek-aspek Makna
Aspek-aspek makna miturut Mansoer Pateda ana papat yaiku:
a. Pengertian (sense)
Pengertian uga disebut tema. Pengertian iki bisa ditampa nalika sing
clathu karo sing diajak clathu duwene basa sing padha kang digunaake lan
disepakati bareng. Lyons (ing Mansoer Pateda, 2001) mratelakake yen
pengertian iku sistem hubungan sing beda karo tembung liyane ana ing
kosakata. Pengertian bisa maujud manawa antarane sing clathu karo sing ajak
clathu duwene nguasani basa sing padha, umpamane kaloron nggunakake lan
faham basa Jawa .
Tuladha : Sesuk sida ulangan basa Jawa. Saka tandha iku sing dijak clatu
bisa nangkep apa kang diucapake dene sing clathu. Sing dijak clathu ngerti
yen sesuk iku ulangan basa Jawa, saengga rumangsa dielingke dening sing
clathu.
b. Nilai rasa (perasaan)
Hubungane nilai rasa karo sing clathu ngenani masalah sing dirembuk
utawa diomongke yaiku nilai rasa karo makna ana hubungane karo perasaan.
Maksude tembung-tembung kang diomongake dene sing clathu gegayutan
antarane nilai rasa karo makna. Nilai rasa gegayutan karo sikap pembicara
utawa sing clathu marang sing omongake. Ing tembung liya, nilai rasa sing
terkait karo makna yaiku tembung-tembung sing gegayutan karo perasaan,
becik (baik) sing gegayutan karo dorongan utawa penilaian. Dadi, saben
tembung duwe makna sing ana hubungane karo nilai rasa lan saben tembung
duwe makna sing gegayutan karo perasaan.. Dadi nalika lagi rembukan karo
liyan, tembung-tembung sing dipilih ana hubungane karo nilai rasa utawa
perasaan. Ana ing pasrawungan agung, nalika lagi jengkel, sedih, anyel,
anggone ngungkapake nganggo aspek rasa kang pas supaya masalah enggal
bisa rampung.
5. 85
Nadyan ta lagi anyel, ora mungkin nganggo tetembungan kang isa
gawe laraning ati liyan kayata. Tuladha Kowe kuwi wis diweneh kok isih
dremis wae, usaha ! Ukara iku ngandhut nilai rasa asor utawa rendah. Nilai
rasa kang asor iku muncul menawa sing clatu lepas kendali utawa emosine
ora bisa dikuwasani.
c. Nada (nada)
Nada iku gegayutan antarane penutur karo mitra tutur. Aspek nada
gegayutan karo sikap pembicara marang lawan bicara. Aspek nada gegayutan
karo aspek makna sing duweni nilai rasa. Hubungan antarane penutur karo
lawan tutur bakal nemtokake sikap sing bisa dirasakake ana ing tembung
kang digunakake. Nalika lagi jengkel tetembungan kang digunakake mesthi
beda karo nalika ati lagi seneng lan uga beda suarane. Yen lagi jengkel
suarane dhuwur utawa lantang, lagi njejaluk suarane alus, lagi seneng suarane
renyah, lan tembung-tembung kang digunakake beda.Nada iku nemtokake
makna utawa tegese tembung kang digunakake. Menawa nada suarane
dhuwur tur banter iku tandane lagi nesu utawa prentah. Tuladha Muliha
kana! Beda menawa kang diucapake duwe karep jejaluk nada suarane rata,
melas semu ngrengek contone Mbak, aku tukoke premen.
d. Maksud (niat)
Maksud iku karep utawa krenteking ati. Aspek maksud gegayutan
karo rasa ing ati, lagi seneng utawa sedih iku tetembungan kang metu mesthi
beda, Semono uga nada suarane. Aspek maksud ana hubungane karo karep
kang diujarke, bisa asifat prentah, persuasi, cerita, politik, narasi lsp. Tuladha
Ibu gerah. Saka tuturan iku ngemu maksud: menehi kabar yen ibu gerah,
enggal diupakara utawa dirawat, enggal digoleke tamba, digawa neng rumah
sakit utawa dokter, ora entuk nyambut gawe, kanggo istirahat, ngaso kang
cukup, dhahare diperdi.
3. Jinis Makna
Widya makna gegayutan karo tegesing tembung. Saben tembung duwe teges
6. 86
kang beda, gumantung konteks sosial, lan pengetrape ana ing ukara. Sanadyan
tembunge padha, nanging ana ing ukara beda, tegese tembung sok beda.
Adhedhasar tegese tembung gumantung konteks sosial, jinis semantik, rasa basa,
ketepatan tegese, lan ana ing ukara, tembung duwe teges mawarna-warna.
a. Makna leksikal yaiku teges tembung kang padha ing tembung sakwutuhe
persis karo apa anane. Makna leksikal ana gayutane karo leksem utawa
tembung lan ora ana gayutane karo gramatikal (Kridalaksana, 1982).
Tuladha: 1. Buruh : wong sing kang ngalap opah sarana nyambut gawe,
nyambut gawe arana opahan, 2. Anak : putra, turunan kang kapisan
b. Makna gramatikal yaiku makna sing tuwuh amarga asil saka proses
gramatikal utawa proses paramasastra. Proses gramatikal bisa arupa:
proses camboran utawa pemajemukan, rangkep utawa reduplikasi,
kawuwuhan utawa imbuhan, pandhapuking ukara. Tuladha: Tembung
secara leksikal perangan perangan awak saka lengen nganti pucuk
tembung liya dadi dawa
tangane kang ateges clemer utawa seneng colong jupuk.
c. Makna konseptual yaiku makna sing padha karo konsepe utawa makna
bebas saka acuan utawa gayutane apa wae. Dadi makna konseptual iku
makna sing duwe leksem/tembung bebas saka konteks. Dadi makna
konseptual kurang luwih padha karo makna leksikal, makna denotatif.
Tuladha: kursi, salah sijine prabot sing fungsine kanggo lungguh, duweni
sikil papat, bahan bisa saka kayu utawa wesi. Makna konseptual sipate
lugas, ora gumantung konteks, siji bandhing siji ora ambigu, ora
gampang owah amarga wektu.
d. Makna asosiatif yaiku teges utawa makna sing didarbeni leksem utawa
tembung awit saka hubungane tembung iku karo kahanan utawa ngrujuk ing
luar basa. Tuladha: tembung putih duwe referensi suci, resik, ora duwe dosa.
Makna asosiatif ana gandheng cenenge karo masyarakat basa pandangan
hidup, keyakinan, nilai moral masyarakat sing gunakake basa.
e. Makna spesifik yaiku makna konseptual sing khusus, khas, lan sempit.
Tuladha: Pasangan bulu tangkis gandha putri dimenangke Indonesia makna
7. 87
futsal UNS menang lomba se-
dudu warga civitas akademik UNS sing menang.
f. Makna afektif iku makna sing tuwuh amarga reaksi sing ngrungokake utawa
sing omong tumrap basa sing digunakake. Tuladha: Ayo diunjuk mung
banyu putih Ukara iku kalebu makna afektif utawa ngasorke dhiri pribadhi.
nadyan camilane mung sederhana. Ukara iku kalebu makna afektif ngasorake
dhiri pribadhi lan ngurmati sing diajak omongan.
g. Makna stilistika iku makna utawa teges sing katon merga basa sing
nggunakake basa. Makna stilistika gegayutan karo nggunakake basa kang
tuwuh efek khususe kanggo kang maca. Makna stilistika luwih dirasake ing
karya sastra.
h. Makna kolokatif yaiku makna sing digandhengake karo nggunakake pirang-
pirang tembung ing lingkungan sing padha. Tembung, tas, pensil, bulpen,
setip, ongotan, garisan, meja, tembung-tembung kang ana meja sinau.
i. Makna konotatif yaiku tegese tembung utawa reroncening tembung
adhedasar perasaan utawa pikiran sing wicara lan mitra wicara. Makna
konotatif thukul akibat asosiasi rasa tumrap apa sing diucapake utawa sing
dirungokake. Makna konotatif iku minangka teges, arti makna, wujud saka
sikap sosial.
j. Makna denotatif tegese makna alam kang cocog karo apa anane utawa
makna lugas. Sipate obyektif, padha karo kanyatan. Tembung turu tegese
rebahan neng panggonan, mripat merem, ora polah, bisa nganggo lemek lan
bantal. Makna denotatif asil saka observasi panca indra, rasa utawa
pengalaman
bocah dudu wedok, lan umure luwih enom.
k. Makna idiomatik iku teges makna sing ana ing jerone idiom, teges iku
nyimpang saka makna konseptual lan gramatikal unsur-unsur pandhapuking.
Idiom iku istilah khusus sing nduwe nilai estetis lan budaya, utamane ing
masyarakat Jawa. Tuladha: Idiom tegese
8. 88
uwong kang duwe tanggungjawab marang keluargane lan jaga jeneng wong
tuwane.
l. Makna kontekstual tuwuh minangka ana gegayutan antarane ujaran karo
kahanan. Hubungan antarane pacelathon utawa antarane sing celathu lan
kahanan kang digunakake ing rembugan Tuladha: Pak nyuwun lungsurane.
Ukara iku tegese wong sing celathu ananging kahanan sing prihatin yaiku ora
duwe klambi kanggo salin utawa klambine sithik tur wis elek.
m. Makna téma iku makna sing dingendikakake dening pamicara/panulis liwat
urutan tembung, fokus obrolan, uga penekanan ing obrolan. Bapak ibu kula
sakit . Tegese ukara iku bisa ana telu yaiku:
a. Bapak/ ibu kula sakit
b. Bapak ibu/ kula sakit
c. Bapak ibu kula/ sakit
Ukara (1) menehi kabar marang bapak yen ibune lara, ukara (2) isine
prastawa yen sing lara kula, dene ukara (3) mratelaken yen bapak ibune sing
celathu lara.
n. Makna referensi makna unsur basa sing gayut karo jagad jaba lan bisa
diandharake kanthi analisis komponen, duwe gegayutan langsung karo acuan
kang padha karo lekseme utawa kedadeyan, barang, ciri lsp. Tuladha :
Leksem kursi duwe acuan langsung arupa barang, kanggo lungguh utawa
turu, sikile papat, digawe saka kayu utawa wesi.Kanggone pamicara kang wis
ngerti kursi ora bakal duwe pilihan makna sing beda.
4. Owah-owahing Makna
Faktor kang njalari owahe makna, yaiku faktor kebetulan, faktor umur,
faktor tabu, faktor polisemi.
a. Faktor Kebetulan
Faktor kebetulan utawa ngepasi tegese owahe utawa gesere tegese
tembung sing disebabake makna ambigu ana ing tembung kasebut utawa
tembung iku dhewe. Iki kang nyebabake makna tembung kasebut ngalami
owah-owahan makna luwih cepet, apa maneh tembung kasebut ditrapake
ing ukara.
9. 89
b. Faktor Umur
Faktor gesere owah-owahan teges bisa uga disebabake dening
perkembangan jaman. Owahowahan makna tembung kang disebabke
dening genarasi mudha anggone nyerep utawa negesi tembung beda karo
angkatan utawa generasi sepuh..
Tuladha: Tembung jago tegese hebat, menang (gegayutan karo adu fisik)
miturut angkatan sepuh, nanging kanggone bocah saiki tembung jago iku
kasil dadi juara ing kompetisi utamane bab kawruh utawa pengetahuan.
c. Faktor Tabu
Faktor tabu iki owah-owahan makna dumadi amarga makna tabu sing
dimupangatake dening tembung supaya bisa diganti kanthi adaptasi adat
lan ketentuan sing ditrapake ing masyarakat.
Tuladha: tembung nyopet iku dianggep kurang sopan lan ora enek
dirungokake, mula diganti nyeler, kulakan gratis
d. Faktor polisemi, gesere lan owahe tembung amarga ana tembung kang
tegese luwih saka siji, mula bisa dadi penyebab tembung bisa geser tegese
polisemi yaiku tembung kang duwe teges luwih saka siji gumantung
ukarane.
Tuladha:
Tukija wis seminggu lara panas
Krungu tembungmu aku dadi lara ati.
Tembung lara ing ukara (1) tegese ora sehat, nanging ing ukara (2) tegese
ora lara atine utawa sing lara atine nanging gegayutan karo rasa utawa
perasaan,
Jinis Owah-owahane Makna yaiku :
a.Owah-owahane teges luwih yaiku owahing teges luwih luas tinimbang
sakdurunge
Tuladha : Tembung jurusan jaman biyen kanggo sebutan trayek angkutan
umum, nanging saiki jurusan uga digunakake ing pawiyatan yaiku dadi
10. 90
spesialis konsentrasi ilmu utawa kawruh ing pawiyatan yaiku universitas.
b. Owah-owahan makna spesialisasi yaiku tembung kang duweni teges
sing sempit saka makna sakdurunge. Tuladha: Tembung sarjana jaman
biyen duwe teges wong pinter utawa wasis, nanging tegese dadi sempit
utawa khusus. Sarjana saiki sebutan kanggo wong sing lulus ing pawiyatan
dhuwur (universitas)
c.Owahe tegese tembung kang duweni makna amelioratif utawa sopan.
Owahe makna kata ameliorasi iku owahe teges dadi luwih sopan tinimbang
sadurunge.
Tuladha: Tembung budek tegese ora bisa ngrungokek swara . Saiki
tembung budhek
sopan, dene tegese padha yaiku ora bisa ngrungoake swara.
d.Owah-owahan ing Makna Peyorasi (memburuk)
Owah-owahan ing makna tembung peyorasi yaiku owah-owahan makna
kanggo tembung sing nyebabake wangun tembung dadi owah maknane ora
pantes diucapake uga dirungokake merga ora sopan.
Tuladha:
Tembung goblok kurang sopan diucapake lan ora enak dirungoke, apa
maneh ana ing pasrawungan. Apa maneh nganggo suara lantang.
Tembung kasebut duweni nilai rasa elek, mula tembung goblok biasa
5. Gayute Makna
a. Sinonim (dasanama): wujud basa kang duweni teges memper utawa
padha karo wujud liya. Biasane sing duwe teges memper iku tembung,
kelompok tembung, ukara.
Tuladha: Aku arep madhang dhisik.
Adiku lagi mangan neng teras.
Tembung madhang
ditonton saka nilai kata tembung mangan luwih alus tinimbang tembung
11. 91
madhang. Sinonim bisa diarani tulisan beda nanging tegese meh padha
utawa memper.
Tembung, wadon, wedok, arum wanodya, padmi duweni teges padha,
nanging nilai rasane kang beda amarga ragam basa, utawa penggunaan
basa.
Tembung-tembung kang bersinonim mung duweni teges memper utawa
mirip, mula tembung-tembung iku durung mesthi bisa diganti liyane
(saling menggantikan). Kang nyebabake kayata faktor wektu, panggonan
(tempat) , sosial lan kegiatan (bidang kegiatan). Tuladha: tembung
mangan karo nguntal duwe teges mirip, nanging trep-trepane beda, kaya
ing ukara: Aku lagi mangan sega karo Aku nguntal pil. Tembung
mangan kurang pas kanggo tembung pil, semono uga tembung nguntal
kurang trep kanggone sega. Saka conto iku, kang diarani sinonim yaiku
tegese kurang luwih padha, mempere ora satus persen lan ora mutlak
(Ullman, 1972). Prinsip umum ing widya makna iku wujud beda mulane
tegese uga beda. Mula tembung-tembung sinonim tegese amung mirip
utawa memper.
b. Antonim: ungkapan kang wujude tembung, frase, utawa ukara kang
tegese dianggep walikan saka teges ungkapan liyane. Antonim iku
tembung sisi lan sijine walikan tegese.
Tegese dianggep walikan, maksude ora mutlak walikan. Antonim ana
kang ngarani oposisi makna. Istilah iki nudhuhake yen antonim ngemot
tembung kang bener-bener walikan (berlawanan ) nganti kang asifat
kontras.
Tuladha mati >< urip iku kalebu berlawanan.
Dene tembung abang >< ireng tembung tegese kontras.
c. Homonim iku gayute makna antarane tembung kang ditulis padha utawa
diucapake padha, nanging tegese beda. Tembung-tembung kang ditulis
padha nanging tegese beda disebut homograf. Contone lemper ing ukara
ibu mundhut lemper. Tembung lemper ing ukara iku tegese panganan
12. 92
saka ketan kang diwenehi abon dibuntel godhong gedhang, menawa ing
ukara lempere tiba pecah. Tembung lemper tegese alat kanggo ngalusake
bumbum. Rong tembung sing diucapake padha nanging maknane lan
tulisane beda disebut homofon. Contone tembung bang Bang
tegese sedulur tuwa utawa sebutan kanggo wong lanang, dene bank
lembaga kang ngurusi mlebu metune dhuwit. Homonim tulisan lan
ucapane padha nanging tegese beda. Tembung ngukur ana ing ukara (1)
Ibu ngukur mustakane merga gatel karo (2) Bapak lagi ngukur ambane
emperan. Tembung ngukur ing
d. Hiponim yaiku ungkapan utawa tembung kang maknane dianggep
perangan saka makna tembung liya. Contono: mawar, anggrek, melathi,
dahlia iku perangan saka tembung kembang, amarga mawar, melati,
anggrek, dahlia iku arane kembang. Dene hipernim walikane hiponim,
yaiku tembung kang duwe bawahan kang sejinis. Contone: pitik, bebek,
mendok hiponim karo kewan.
e. Polisemi yaiku tembung sing duwe teges luwih saka siji. Tembung bantal
duweni teges luwih saka siji utawa akeh gumantung pola ukarane utawa
kontekse ukara kang dilesanke
Tuladha :
(1) bantal tegese lambaran sirah
(2) bantal sepur tegese ganjel ril sepur
(3) oyot pring tegese oyot (akar)
(4) sing nunggu nganti ngoyot: suwe banget
f. Ambiguitas yaiku tembung kang duweni teges dhobel saka frase utawa
ukara akibat anggepan kang beda. Ambigu lan homonim iku makna
tembung kang meh mirip wujude. Homonim iku rong tembung tulisan lan
ucapane padha nanging tegese beda, yen ambiguitas saktembung utawa
frase kang tegese beda amarga beda anggepan (penafsiran) frase.
13. 93
Ambiguitas arupa frase, yen homonim bisa arupa morfem, tembung, frase
utawa ukara .Tuladha ambiguitas: wong tuwa
g. Redudansi yaiku kerep diarani berlebihan tembung kang digunakake ana
ing ujaran (mubazir). Tuladha: Bukune dijupuk Ria karo Bukune dijupuk
dening Ria redudansi amarga tanpa
tembung dening tegese kalimat iku ora owah.
D. Forum Diskusi
Wacanen cerkak ana kanthi irah- -
Banjur golekana conto saora-orane lima jinis makna lan tegesse kang ana ing crita
- -dhewe. Menawa prelu, conto-
conto mau dicritake marang kanca-kancamu, banjur dirembug bareng-bareng.
BEDA KARO-KARO
(dening: Artisya Sekararum Budiono)
GAWAT tenan iki. Bahaya! Coba yen ibu nganti pirsa ana wanita sing tansah
nglirak-nglirik bapak terus ketara sajak piye iku, wadhuh aku ora ngerti embuh apa
sing bakal kelakon. Kurang begjane bisa nuwuhake gendra, kepara malah perang
brantayuda. Senajan wis estewe alias setengah tuwa, nanging wanita iku isih katon
ayu moblong-moblong ngalah-ngalahi penyanyi kroncong Sundari Sukoco. Nitik tata
busana, anggon-anggon sarta dandanane sing sarwa branded sajakke panjenengane
kuwi seneng srawung karo wanita-wanita sugih, utawa yen tembung saiki arane
sosialita.
Aja maneh kok ibu, sedheng aku wae anake wedok nyipati solah bawane
wanita iku adhem-panas. Lan sing luwih gawe gregeten, ana cowok nggantheng sing
ngadeg ing sisihe wanita iku. Taksawang-sawang kok persis bapak jaman isih
mahasiswa biyen! Ujug-ujug dhadhaku mak dheg. Mengko gek....
"Naksir ya, kok ndomblong wae?" aloke Erro, adhiku.
"Naksir gundhulmu! Mamine cowok iku lho,"sautku mendelik, nyingidake
ekspresi klincutan. Jroning batin aku ngudarasa, Erro cocok nek dadi sedulure cowok
14. 94
putrane ibu sosialita kuwi. Umur umurane watara rong taun sandhuwurku, paling-
paling lagi semester papat. Aku dhewe saiki kelas 12 SMA.
"Iya-iya, Mbak. Aku ya ngerti kok. Ibu-ibu iku nglirak-nglirik bapak terus.
Apa wis kenal, apa ana sesuatu, ya?" grenege Erro uga nelakake rasa cubriya.
"Sstt, aja seru-seru. Mundhak marahi ribut!" bisikku ngati-ati.
Nanging jebul jarik lurik pantiasa, sing dilirik ora rumangsa. Bapak tetep
asyik mirsani modhel-modhel smartphone weton anyar. Kala-kala ngendikan serius
karo ibu sing jumeneng neng sandhinge, kala-kala mundhut pirsa marang sales
promotion girl sing njaga counterngenani kecanggihane hape kasebut. Wektu iku
kios hape Lenovo ing lantai 3 Mall BSD pancen lagi rame pengunjung. Maklum dina
Minggu.
Saking asyike, bapak bias ora nggraita ana wanita sing tansah nggatekake
tindaktanduke. Kanggo nginggati samubarang sing ora perlu, aku kepengin cepet-
cepet ninggalake papan iku ngajak bapak nyantai dhahar Sate Senayan karemane
neng Aeon Food & Beverageslantai 2. Merga aku ora wani matur dhewe, wusanane
kepeksa golek akal.
"Ro, bapak aturana nyang Sate Senayan saiki," rayuku setengah mrentah.
Erro ngangkat bahu. "Mbak Arum wae sing ngaturi. Ngajak mrana-mrene,
bareng anu rewel karepe dhewe," ucape Erro malik perkara.
Pancen bener Erro. Anggone menyang Mall BSD iki puluh-puluh merga
nuruti karepku. Critane aku lagi rewel pengin ganti handphone. Lenovo P70sing meh
rang taun ngancani aku arep takganti versi gres, Lenovo Vibe Z2 Prosing luwih
canggih. Kebeneran ibu kersa ngagem lungsuranku.
"Ya wis hape-mu mengko taknggone, Rum," ngendikane ibu, semune wis
bosen ngagem Blackberry jadhul. Dene Erro isih setya karo Sony Xperia Z1 Ultra-ne
sing pancen luwih apik. Yen bapak sih wis kadhung fanatik karo Samsung Galaxy,
merga mitrane saka Korea pirang-pirang. Bapak pancen nate ngasta neng perusahaan
pertambangan mangaan ing Pulo Doi, Maluku Lor, sing joint venturekaro perusahaan
saka Korea Kidul. Nganti saiki sesambungane bapak karo para relasine mau isih
akrab. Kerep video callutawa WA-nan karo Mr. Han Ki Sul, Kim Doo Young, Yun
Ci Cang, Roh Chu Woo Ian akeh maneh.
"Nek ngono suk Minggu jalan ya, Bu?"
15. 95
"Gampang. Mengko takmatur bapakmu dhisik," wangsulane ibu mesthi karo
ngitungitung anggaran. Apa maneh jaman saiki samubarang sarwa larang.
Wekasane ibu sukses nglobi bapak. Dina Minggu sida lunga. Bapak
ngersakne nyetir Honda HRV ireng piyambak. Om Tulus, sopir kulawarga,
didhawuhi libur. Selak ora sranta, aku terus ngajak nyang Bintaro Xchane Mall sing
luwih kondhang disebut BXc Mall. Kajaba mung ditempuh seprapat jam saka
ngomah ing komplek Bukit Dago liwat tol JakartaSerpong, barang-barang elektrik
ing mall sing klebu ikon lifestyle pusat wisata blanja era globalisasi iku uga pepak.
Senajan akeh pakar ekonomi sing ngarani Indonesia kena dhampak krisis
global, ewadene pengunjung Bintaro Xchange Mall tetep rame. Nganti golek nggon
parkir wae angele ora jamak. Parkir njaba jejel, parkir basement rangsap uga kudu
ngantri. Wis direwangi kaya ngono, mlebu mall munggah-mudhun ubeng-ubengan
prasasat kabeh kios diparani, barange ora ana.
"Lenovo Vibe Z2 Pro? Barangnya kosong. Menyang SDC wae lengkap,"
ujare mas petugas stand Erafone menehi keterangan. Sing dimaksud SDC iku
Serpong Digital Centre ing kawasan Summarecon Gading Serpong sing wis dadi
kutha super moderen nyambung karo BSD City, Alam Sutra, Ian Lippo Karawaci.
"Piye, Rum?" pandangune bapak.
Rada abot ing ati aku kepeksa matur,"Mrika nggih, Pak."
"Ya wis ayo, mumpung isih awan," ngendikane bapak karo mirsani arloji.
"0 iya, sembahyang duhur dhisik," tambahe bapak nuju mushola ing cedhak
area Ice Skating.
Ninggalne Bintaro Xchange bali tumuju BSD liwat tol Pondhok Aren. Mung
limang menit wis metu tol BSD sisih kulon, terus njupuk jalur tengen arah
Tangerang. Tekan prapatan lampu merah German Center menggok ngiwa liwat
ngarep Giant BSD bablas nrobos prapatan sekolah internasional Sinarmas Global
Academy.
Mlebu kawasan Green Cove BSD sing asri rasane kaya neng luwar negri.
Apamaneh sawise rigliwati zona Foresta sing lagi mbangun gedhung-gedtrung
sundhul langit,
apartemen-apartemen Ian perkantoran-perkantoran modern sing ngemba swasana
Tokyo utawa Beijing. Tekan prapatan Jakarta Nanyang School, bablas ngalor anjog
Jl BSD Raya Utama. Mbanting stir nengen mlebu Summarecon sing rasane kaya
16. 96
ngambah wewengkon Eropa. Sebab arsitekture ruko-ruko ing kiwa-tengen dalan
persis wewangunan ing Amsterdam, Paris, Madrid Ian Barcelona.
Ora krasa wis tekan Surya Institut sing adhep-adhepan karo Universitas
Multi Media. Ngulon sithik sawise bunderan, dhug tekan SDC ing kiwa dalan.
Nanging dhasar luwak mangan tales, awak yen lagi apes, direwangi kedhungsangan
menyang pusat gadget paling lengkap ing Tangerang Selatan, Lenovo Vibe Z2 Pro
sing takgoleki uga lagi kosong.
"Saiki golek Sate Senayan neng SMS wae ya, Bu?" usule Erro eling
klangenane bapak. Ora adoh, prasasat mung sak sutanwis tekan SMS alias
Summarecon Mall Serpong.
"Ngene. Langsung mulih wae mampir Aeon. Nyate neng kana mesisan karo
golek hape sing dipengini Arum. Mall anyar luwih gedhe iku mesthine ya luwih
lengkap," ngendikane ibu ngatur.
"Manut ibumu," bapak ngegongi.
Metu saka SDC mulih liwat dalan mau. Tekan prapatan Frogi maju sithik
kulon dalan katon Indonesia Convention Exhibition, gedhong pameran sing kabare
paling gedhe se-Asia Tenggara jejer karo kampus elite Prasetya Mulya Business
School. Ora adoh saka kono ngidulsithik ana komplek kampus Swiss German
University utawa sok dicekak SGU.Kawasan BSD City brang kulon kali Cisadane
pancen diplot dadi kutha pendhidhikan Ian padunungan moderen singdipepaki
maneka warna fasilitas Ian kuliner.
Adhep-adhepan karo SGU, nyabrang dalan, yakuwi panggonane Aeon Mall.
Katon megah Ian njenggarang. Bapak terus mlebu areal mall. Merga parkiran njaba
mbludag, bapak kepeksa parker gedhung, entuk ing lantai telu. Tanpa noleh kiwa-
tengen langsung njujug stand Lenovo sing pengunjunge uwel-uwelan. Ya wiwit
mlebu ing stand Lenovo iku bapak tansah dilirak-lirik dening "Sundari Sukoco"
kuwi.
Ora mung lirak-lirik, ujug-ujug "Sundari Sukoco" iku nekad nyedhaki bapak
tanpa tidha-tidha. Mesthi wae ibu, aku, Erro, apa maneh bapak, kaget.
"Nuwun sewu, Ar, Ar..., Mas eh Pak Ardi kan?" ucape tanpa ragu-ragu.
"Lho, Windy?" aloke bapak semu ora percaya. "Kok bisa ketemu neng kene
ya? Masnggantheng iki putramu? Oh iya, kenalna, iki Arum Ian Erro, anak-anakku,
iki ibune."
17. 97
"Iya yang, eh, Mas, Pak Ardi. Iki Andesit. Asit anakku sing nomer loro,
sinau neng Fakultas Tehnik Lingkungan Universitas Pelita Harapan, Karawaci. Sing
mbarep Koralo, nerusne sinau neng Australia," ucape semu pamer.
Anehe, nadyan Bu Windy kober ketrucut ngundang bapak nganggo sebutan
yang, nanging ibu ora duka. Panjenengane malah mesem karo ngaras pipi kanan-
keringe Bu Windy kebak pangerten. "Kula sampun ngertos, Mbakyu Windy. Wiwit
rumiyin ngantos samangke bapakipun Arum asring nyariyosaken panjenengan.
Malah foto-foto panjenengan taksih dipunsimpen kok."
"Oh ngaten nggih, Jeng? Adhuh, isin aku. He he he." Jebule Bu Windy iku
mantan pacare bapak nalika isih padha-padha kuliyah neng Akademi Bank
Indonesia Yogyakarta. Merga cemburu karo Detty Arimbi Rorasai, putri Solo sing
uga kanca sakampus, bapak Ian Bu Windy gegeran Ian wekasane sesambungane
pedhot.
Oralet suwe Bu Windy kecanthol Mulyono, cowok Geologi UPN
Yogyakarta.
"Piye kabare Mas Mul?" bapak mundhut pirsa.
"Alhamdulillah sehat. Lulus saka UPN biyen Mas Mul kerja neng PT Global
Minning Petrolium. Nate tugas neng Tarakan, Pekanbaru, Sorong. Wis rada suwe
Mas Mul ngantor neng Golden Tower Karawaci. Nyedhaki kantor, terus tuku omah
neng Cluster Caspia."
"Ya, Cluster Caspia aku ngerti."
"Piye kabare Detty biyen? He he he...."
"Ah, wis ngerti kok takon! Biyen kae aku lagi apes, wis mbok tinggal, ora let
suwe kelangan Detty pisan."
"Critanipun beda karo-karo, Mbakyu Wind," selane ibu guyon.
"Ben luwih gayeng ayo ngobrol neng Sate Senayan," usule bapak kelingan
klangenane.
Guyon rame ing Sate Senayan idhep-idhep mahargya reunine bapak Ian Bu
Windy. Ndhudhah dina-dina kawuri kang endah pancen seru. Nanging sing luwih
seru jelas aksine mas nggantheng Asit sing tansah nglirak-nglirik aku terus kuwi.
Apa maneh nalika dheweke njaluk nomer hp-ku barang. Embuh sasmita apa iku,
luwih prayoga kita tunggu ana lelakon apa ing dina-dina kang bakal teka.
(sumber: Panjebar Semangat; Artisya Sekararum Budiono)
18. 98
PENUTUP
A. Rangkuman
Widya makna iku nyinau babagan sesambunage lambang utawa
tandha kang nuduhake sakwijine makna. Makna siji lan sijine. Widya
makna yaiku salah sijining perangan panaliten utawa perangan kawruh
basa kang neliti tegesing basa utawa arti, Obyek kajiane widya makna
yaiku makna tembung, frase, klausa lan ukara. Tembung siji lan sijine
duwe teges padha utawa beda gumantung konteks ukarane, sense, nilai
rasa, maksud lan nada.
Tegese tembung nalika madeg dhewe karo wis ana ing ukara
tegese beda. Jinis makna gumantung saka kajiane. Maknane bisa padha
karo kamus, siji bandhing siji, utawa sesuai konsep, utawa gramatikalle.
Tegese tembung bisa owah amarga saka faktor kebetulan, faktor
umur, faktor tabu, lan faktor polisemi. Dene tegese tembung owah bisa
uga disebabake tembung iku tegese luwih jembar utawa sempit
gumantung panganggone tembung lan panganggone, nilai rasa kang
dadekake tembung iku luwih sopan tinimbang sakdurunge.
B. Test Formatif
Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1. Mas Banu samenika taksih wonten margi.
2. Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
19. 99
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis
Dasanamane tembung balilu
3. Saben bakul iku mesthi wae golek bathi.
Kosok baline tembung bathi
4. Si pengung nora nglegawa,
Sangsayarda deniro cacariwis,
Ngandhar-andhar
angendhukur,
Kandhane nora
kaprah, saya elok
alangka
longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pinging
Kosok baline tembung pinging
5. Sumitri iku pancen ayu banget, mula dheweke dadi kembang ana ing desane.
Tembung kan
6. Tembung-tembung kang padha pangucap lan panulise nanging duwe teges
7. Tembung-tembung kang padha pangucape nanging beda tulisan lan tegese
8. Tembung-tembung kang padha panulise nanging beda pangucap lan tegese
9. Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
20. 100
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Nora kaya si pengung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Tembung kang kosok baline urip ana ing pethilan Serat Wedhatama iku
10. Kikisane mung sapala,
Palayune ngendelken yayah wibi,
Bangkit tur bangsaning luhur,
Lha iya ingkang rama,
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama,
Nggon anggon agama suci
Tembung kang dasanamane luhur
.