5. Pendhapa atau Pendopo
• Pendhapa saking tembung andhap kang tegesipun cendék, manggone
langkung andhap saking Omah Ndalem. Pendhapa dipunginakaken kangge
papan pepanggihan,nampi rawuh tamu, saha sedherek lan kulawarga.
Papan menika ugi saged dipunginakaken kangge gladhen beksan saha
kagiyatan sanésipun.
• Ruwang ngajeng kang plong-plongan (terbuka) nggambaraken falsafah
tiyang Jawi ingkang gadhah sipat grapyak (ramah), cetha (terbuka) lan
nyumanggakaken masyarakat kangge sowan. Kangge nggantosi meja –
kursi, jogan diparingi klósó supados swasana langkung rahat lan akrab
saengga boten wonten beda status antawis tamu saha ingkang kagungan
dalem (rumah).Sanadyan mapan wonten ngajeng, kangge mlebet teng
dalem sanes langkung pendhopo, ananging langkung kori pinggir (pintu
samping).
7. Pringgitan
• Pringgitan inggih punika satunggaling ruwang kang
nggathukaken pendhapa kaliyan omeh njero utawi omah
dalem. Pringgitan inggih punika ruangan semi pribadhi kang
diginakaken kangge ruwang tamu kangge nampi tamu
utawi sedherek caket utawi taksih kulawarga. Pendhapa lan
pringgitan boten winates ngangge tutup (batas) saengga
kita saged ningali pendhapa kanthi cetha, nanging
sakmenika kathah pringgitan ingkang diparingi tutup utawi
sketsel kaliyan pendhapa, sekat kaliyan omah ndalem
ngginakaken gebyok. Masyarakat Jawa riyin biasa
ngginakaken pringgitan kangge papan pagelaran wayang
kulit lan para pamirsa ningali saking pendhapa. Awit saking
menika ruwangan menika dipunwastani Pringgitan kang
gadhahi tembung dhasar Ringgit kang tegesipun wayang.
8. • Pringgitan minangka ruwang interaksi lan
pagelaran seni nggambarake falsafah tiyang
Jawa minangka makhluk sosial, makhluk
budaya lan makhluk tuhan, amarga ruwangan
menika nalika riyin diginakaken kangge
upacara utawi ruwetan dhumateng para
dewa, nanging nalika jaman Islam diginakaken
kangge tempat ibadah.
9. Omah Ndalem atau Omah Njero
• Omah Ndalem utawi Omah Njero winastan ugi
omah-mburi lan dalem ageng. Ruwangan menika
bangunan inti saking rumah joglo lan dados
ruwangan khusus para penghuni kangge guyon
lan rahat antarane kluwarga. Omah Ndalem
kadhapuk saking ruang keluarga lan pinten-pinten
kamar ingkang dipunwastani senthong.
Masyarakat riyin mbangun senthong cacahipun
tigang senthong, inggih menika senthong Kiwo,
senthong tengah lan senthong tengen. Nanging
masyarakat sakmenika ndamel senthong
digathukaken kaliyan cacah anggota keluarga
10. Senthong Kiwo
• Mapan sisih kiwa/kiwo, caket kaliyan pawon
(dapur) saengga diginakaken kangge
nyawisake bahan masakan (beras, asil tandur
lan bumbon).
• Kajawi punika, senthong kiwa saged kangge
nyimpen gaman (senjata) lan ubarampe
tetanduran (pertanian)
11. Senthong Tengah
• Senthong tengah inggih menika kamar paling
tengah, papane paling lebet lan dados ruwang
paling suci / sakral kangge tuan rumah.
• Kathah sebutan kang cocog kaliyan ginanipun
senthong tengah, antawisipun:
Krobongan
Pasren
Pedaringan
Sepen
Sri.
12. Krobongan
• Krobongan saking tembung “Obong” utawi
bakar. Senthong tengah biasa diginakaken
kangge ruwangan mbakar kemenyan nalika
tuan rumah nindakake upacara pitra yadnya
(pemujaan kepada leluhur).
13. Pasren
• Pasren/pepasren/sesaji terbentuk dari kata
pa-sri-an gadhahi teges panggenanipun Dewi
Sri, inggih menika dewi penguasa tanaman
padi. Nalika dugi musim panen, para petani
membungkus seuntai padi ingkang pertama
dipotong ngginakaken bujur (kain) batik lajeng
dicawisaken ing senthong tengah minangka
persembahan kangge Dewi Sri. Awit saking
menika pasren dipundadosaken papan kangge
Dewi Sri.
14. Pedaringan
• Pedaringan gadhahi teges papan pari garing
(berasal dari kata “Daring” yang berarti gabah
kering). Istilah menika amarga pari gegayutan
kaliyan Dewi Sri.
15. Sepen
• Sepen utawi papan kangge nyepi, amarga
ruwangan menika asring diginakaken kangge
manungku puja (berdoa), meditasi lan
sembahyang
16. Sri
• Istilah pungkasan Sri trep kaliyan nama Dewi
Sri minangka papan Dewi Sri rawuh.
Kewontenan Dewi Sri kawujudaken kanthi
patung Loro Blonyo minangka simbol dewi
kemakmuran.
18. Senthong Tengen
Sami kaliyan naminipun“Senthong Tengen” tegesipun tengen.
Senthong/Kamar menika diginakaken kanngge ruwang
tilem/sare (tidur) mligi kangge tuan rumah, saengga sifate
pribadhi lan tertutup kangge tamu. Nanging senthong menika
lamhkung kathah ginanipun nalika dipunbandingaken kaliyan
Senthong Kiwo amarga kangge warga sugih (menengah ke atas
pada jaman dahulu), ruwangan menika diginakaken kangge
papan nyimpen ubarampe acara resmi (pakaian adat,
perhiasan), keperluan upacara (dupa, kemenyan), dan barang
pusaka (keris, tombak) ingkang kasimpen lebetipun lemari.
Nanging kangge masyarakat menengah kebawah biasa ne
senthong tengen namung diginakaken kangge sare tiyang
sepuh.
19. Gandhok Kiwo
• Gandhok menika ruwangan wonten sakiwa
tengenipun Pringgitan lan Omah Ndalem,
wujudipun bangunan dawa lan papane
kapisah saking bangunan utama kanthi latar
kangge pamisah. Saged diginakaken kangge
papan tilem anggota kluwarga, sedherek lan
tamu nalika nginep.
• Gandhok kiwa dipunginakaken kangge tilem
para kakung.
21. Pawon
Pawon / dapur wonten ing wingking griya,
kapisah saking bangunan utama. Riyin nalika
masak taksih ngangge kayu bakar, kathah awu
saking pembakaran. Awit saking menika
tembung pawon saking tembung lingga awu
(abu).
23. Pekiwan
Pekiwan diginakaken kangge papan adus (kamar
mandi) lan wc kangge tuan rumah. Ing pekiwan
wonten sumur kangge sumber toya wening kang
diginakaken kangge siram/ adus, ngumbahi lan
masak.
Pekiwan dianggep kotor saengga kapisah saking
bangunan utama.
25. Seketheng
• Seketheng minangka pamisah saking bata lan
gadhahi kalih gerbang alit. Diginakaken kangge
gathukake latar jawi lan lebeting griya.
• Omah joglo dibangun ngangge kayu jati
unggul saengga awet nanging awis (mahal).
Riyin namung warga sugih ingkang saged
mbangun omah joglo.
26. Struktur omah joglo wujudipun Rongrongan kadhapuk saking
pinten-pinten bagian, kados mekaten:
27. • Tiang Soko Guru utawi Sakaning Guru inggih
menika 4 saka (tiang) tiang penopang atap
ingkang wonten ing tengah pendhapa lan
langkung inggil saking tiang sanesipun. Kajawi
fungsi kangge penopang atap lan nyangga jejege
omah, saben tiang menika dados simbol 4
nudhuhke panggon (arah mata angin) ingkang
makili 4 esensi kasampurnaning gesang lan esensi
saking sifat manungsa. Tiang soko guru menika
wonten ing pendopo kadhapuk sareng kaliyan
tiang pangarak utawi tiang pinggir ingkang nahan
bagian sanes pendopo.
28.
29. Sanadyan gadhah guna kangge nahan atap, tiang
soko guru boten langsung nempel kaliyan
gendheng, nanging nempel ing undakan utawi
balok ingkang kasusun lan gadhahi pola piramida
kuwalik utawi brunjung, menika langkung ngandhap
langkung alit utawi sinebut tumpang sari. Wujud
tumpang sari ugi kathah ingkang wujudipun sami
kaliyan piramida, ingkang susunan balok langkung
inggil langkung ngerucut. Tumpang sari menika
kangge nahan bagian pamindhangan (langit-langit
joglo).
30.
31. • Omah joglo mustakane (atap) kang wujudipun
gunung lan winastan Tajug, lajeng dados atap
Joglo / Juglo menika sindhetan saking Tajug
Loro, utawi kalih tajug ingkang digabung
dados setunggal.
32. Joglo kadhapuk saking kalih bagian, rangka kaliyan panutup atap.
Joglo biasane ngangge atap kayu, saged kayu polos utawi ukiran.
Nanging bahan panutup atap biasane ngangge gendēng lempung
lan atap sirap.
33. • Gendēng saking lempung ingkang sampun
dicethak lan dibakar. Upami sampun dangu,
gendēng mesthi jamuren lan kluwus. Nanging
atap sirap saking kayu tipis kayu ulin. Kayu
menika enthēng, rosa, mendhatke panas
saengga ruwangan ngandhapipun dados isis
(sejuk) lan ketingal langkung sae. Atap sirap
saged ngantos 25 taun malah selawase
gumantung saking lingkungan, kwalitas kayu,
lan gedhene sudut atap.
34.
35. Wujud joglo wonten kathah kados
mekaten:
Joglo Pengrawit Joglo Hageng Joglo Jompongan Joglo Lambang Sari
Joglo Ceblokan Joglo Mangkurat Joglo Kepuhan Apitan Joglo Kepuhan Lawakan
Joglo Kepuhan
Limalasan
Joglo Semar Tinandu Joglo Sinom Apitan Joglo Wantah Apitan