1. Kelompok 6:
1. Riko perdianto
2. Riko Saputra
3. Riya Agusti
4. Riyanto Sanjaya
5. Sefuloh
6. Soni Saputra
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang - rencang kelas 3 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung
ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi
sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 3 ngaturaken maturnuwun ingkang sak
ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak
konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang
nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang
warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi
gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak /
Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi
sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung
amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas
nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo
nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb