SlideShare a Scribd company logo
1 of 7
A. Tembung dolanan

CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng
suwenge ting gelenter
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

JARANAN
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

JAMURAN
Jamuran jamuran ya ge ge thok
jamur apa ya ge ge thok
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung
sira badhe jamur apa?

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu

PADANG MBULAN

Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore
B. Tembung Macapat



Tembang macapat iku tetembangan klasik jawa kang mula bukane jaman para Wali. Mulane isi
lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tembang macapat akeh kang isine budi luhur, akhlak,
lan kabudayan agung. Tembang macapat kabehe ana sewelas. Awake dhewe akeh kang wis tau
krungu tembang macapat, nanging akeh sing durung ngerti ana filsafat lan urutaning tembang
macapat iku. Sak durunge, ana ing tembang macapat, ana istilah Guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing baris ana ing sak pada (bait), guru wilangan yaiku cacahing
suku kata ana ing saben gatra (baris), lan guru lagu yaiku tibaning swara (vokal) ana ing
pungkasaning gatra/baris.

1. Maskumambang.

Guru gatra (baris) : 4 gatra, guru wilangan lan guru lagu-ne yaiku: 10i, 6a, 8i, 8a. Contone
tembang maskumambang:

           Klek-klek biyung sira aneng ngendi (10i : guru wilangan 10, guru lagu ”i”)

                                      Enggal tulungana (6a)

                                 Awakku kecemplung warih (8i)

                                 Gulagepan wus meh pejah (8a)

Maskumambang nggambarake menungsa isih ana ing alam Ruh lan durung lahir, terus ruh
dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul, terapung-
apung. Nggambarake menunggo ana ing njero rahim. Watak tembang iki, umume isine kaya
wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara

2. Mijil

Mijil kuwi artine lahir utawa bahasa inggrise mbrojol. Contone:

                                Mijil ing donya siniwi ratri (10-i)

                                    Kabeh durung katon (6-o)

                               Amung anjali soca ing tembé (10-é)

                                   Lelaku alon siniji-siji (10-i)

                                  Nunggu mring wartaning (6-i)
Sesotya satuhu (6-u)

 Alhamdulillah awake dhewe lahir ono ing bumi Pertiwi kang jarene Gemah Ripah Loh Jinawi
  Tata Tentrem Kerta Raharja Lir Saka Sambikala, kathah ingkang korupsi, pemimpin ayem
                        rakyate sengsara, lir mulya kebak durjana.

3. Sinom

Gambaran menungsa nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti
ndonya. Sinom nduwe 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku: 8 – a, 8 – i, 8 – a, 8 – i, 7 –
i, 8 – u, 7 – a, 8 – i, 12 – a

4. Kinanthi

Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo nggambarake rasa seneng,
katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng
sawijining kembang. Kinanti saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe butuh
tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lang pangarep-arepe awake dhewe bisa
kawujud lan kaleksanan. Contone golek ngilmu kanuragan nganti tekan Taiwan, direwangi dadi
TKI, sing penting entuk ilmu lan nge-net gratis.:D. Kinanthi nduweni 6 gatra,

       8-u
       8-i
       8-a
       8-i
       8-a
       8-i

5. Asmarandana

Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah,
Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka
kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Dadi saiki yen
mas-mas lan mbak mbak lagi gandrung, ojo mung nyanyi lagune ST12 utawa Kangen Band..
saiki jamane macapat.. (ngimpi entuk to?). Mungkin yen macapat trus diiringi Erwin Gutawa,
dadi mantep…OYEEE!!

Asmarandana nduweni 7 gatra (larik) ana ing saben pada (bait):

       8-i
       8-a
       8-é
       8-a
       7-a
       8-u
       8-a
6. Gambuh

Tembung iki biasane yen ditakoni tapi ora ngerti jawabe, Gambuh!!! (eh kleru, Lha mBuh!!)..
ngguyu sik, ben ga sepaneng.

Awalaning ukara gambuh yaiku jumbuh / sawiji,dadi siji sing artine komitmen nyawijikake
tresno ana ing kulawarga.

Gambuh iki salah sawijining tembang macapat sing paling akeh kanca-kancaku bisa. Isih eling
karo tembang :

                                  Sekar gambuh ping catur
                                        Kang cinatur
                                    Polah kang kalantur
                                Tanpa tutur katula-tula katali
                                    Kadaluwarsa katutur
                                   Katutuh pan dadi awon

Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa
supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah
manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé
patrap kaya mangkono iku

7. Dhandanggula

Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan pangan.
Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep.
Akeh pitutur becik ono ing tembang iki. Salah sawijining tembang macapat sing paling disenengi
almarhum bapak yaiku Dhandanggula. Aku isih kelingan bapakku ngajari aku tembang iki, kang
cinipta dening Sunan Kalijaga :

                                Ana kidung rumeksa ing wengi
                                 teguh hayu luputa ing lara

                                      luputa bilahi kabeh
                                    jim setan datan purun
                                   paneluhan tan ana wani

                                    miwah panggawe ala

                                    gunaning wong luput
                                     geni atemahan tirta

                            maling adoh tan ana ngarah ing mami
                                    guna duduk pan sirna
Dhandhanggula saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).

       10-i
       10-a
       8 -é
       7 -u
       9 -i
       7 -a
       6 -u
       8 -a
       12-i
       7 -a

Pokoke tembang iki top markotop caahh!!! Liyer-liyer karo ngantuk-ngantuk .

8. Durma

Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, ojo lali nindakake Darma
(Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma). Saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).

       12-a
       7 -i
       6 -a
       7 -a
       8 -i
       5 -a
       7 -i

9. Pangkur

Saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa. Yen pangkur, macapat
sing paling tak senengi.

                                   jinejer neng Wedhatama
                            mrih tan kemba kembenganing pambudi
                                  mangka nadyan tuwa pikun
                                      yen tan mikani rasa
                               yekti sepi asepa lir sepah samun
                                   samangsane pasamuwan
                                 gonyak-ganyuk nglelingsemi.

Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait)

       8–a
       11- i
       8–u
7–a
        12- u
        8–a
        8–i

10. Megatruh

Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa kang lagi sakaratul
maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasaning cerita menungsa mesthi
mati. (Serius lho cah… cerita Twilight saga, sing jarene ora mati-mati kuwi ngapusi cahh..!!)

Saben pada, tembang iki ana limang gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :

12u, 8i, 8u, 8i, 8o.

Tembang iki mendayu-ndayu..

11. Pocung

Iki uga macapat kang paling akeh kanca-kancaku bisa nembangake. Lumrahe tembang pocung
isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki nggambarake sak uwise menungsa mati banjur
di-pocong (pocung : pocong, dikafani). “ Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna “, “ Sejatine
kowe kabeh bakal mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang pocong kang isine pitedah
becik, contone:

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara

Tembang macapat kuwi dudu tembang kaya tembang padha umume. Kowe lan aku uga bisa
nggawe tembang macapat. Kang wigati, kudu manut karo guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu ana ing saben-saben tembang macapat mau. Muga-muga bisa kanggo renungan. Para
leluhur ing tanah jawi nggawe tembang kang kebak ilmu, pituwuh, lan filsafat kang agung. Ayo
dilestarikake lan diuri-uri kabudayane dhewe…

Cekap semanten, tulisan punika dipunsariaken saking kathah sumber. Mugi-mugi saget manfaat
tumrap kula panjenengan sami… Nuwun

Ketua : Yasir abdillah

        Raedita pandu W

        Binar kukuh

        Ilham atha
rangkuman B Jawa

More Related Content

What's hot

Prediksi b jawa 1 2018
Prediksi b jawa 1 2018Prediksi b jawa 1 2018
Prediksi b jawa 1 2018Gus Fendi
 
Basa jawa sem genap 2014
Basa jawa sem genap 2014Basa jawa sem genap 2014
Basa jawa sem genap 2014SDN 2 ROGOJAMPI
 
Naskah utama bahasa jawa 2012 2013
Naskah utama bahasa jawa 2012 2013Naskah utama bahasa jawa 2012 2013
Naskah utama bahasa jawa 2012 2013Mey Wulandari
 
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAPBAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAPSDN 2 ROGOJAMPI
 

What's hot (6)

Prediksi ujian sekolah
Prediksi ujian sekolahPrediksi ujian sekolah
Prediksi ujian sekolah
 
Prediksi b jawa 1 2018
Prediksi b jawa 1 2018Prediksi b jawa 1 2018
Prediksi b jawa 1 2018
 
B. jawa macapat
B. jawa   macapatB. jawa   macapat
B. jawa macapat
 
Basa jawa sem genap 2014
Basa jawa sem genap 2014Basa jawa sem genap 2014
Basa jawa sem genap 2014
 
Naskah utama bahasa jawa 2012 2013
Naskah utama bahasa jawa 2012 2013Naskah utama bahasa jawa 2012 2013
Naskah utama bahasa jawa 2012 2013
 
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAPBAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
 

Viewers also liked

Viewers also liked (9)

Kisi kisi uas basa jawa
Kisi kisi uas basa jawaKisi kisi uas basa jawa
Kisi kisi uas basa jawa
 
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAPKAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
 
Undha usuking tembung lan unggah-ungguh basa
Undha usuking tembung lan unggah-ungguh basaUndha usuking tembung lan unggah-ungguh basa
Undha usuking tembung lan unggah-ungguh basa
 
Bhs.jawa 2 canggih
Bhs.jawa 2 canggihBhs.jawa 2 canggih
Bhs.jawa 2 canggih
 
Aksara jawa
Aksara jawaAksara jawa
Aksara jawa
 
Aksara Jawa
Aksara JawaAksara Jawa
Aksara Jawa
 
Soal aksara jawa
Soal aksara jawaSoal aksara jawa
Soal aksara jawa
 
Materi Bahasa Jawa Kelas 6
Materi Bahasa Jawa Kelas 6Materi Bahasa Jawa Kelas 6
Materi Bahasa Jawa Kelas 6
 
Kisi 2 bj
Kisi 2 bjKisi 2 bj
Kisi 2 bj
 

Similar to rangkuman B Jawa

XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfXI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfTiara86231
 
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.) Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.) ChiskaSari
 
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02AdeliaPrasetyoPutr
 
28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf
28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf
28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf35YulianaAzzahraXMIP
 
Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1
Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1
Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1ZhafiraAzwa
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang MacapatYolannz
 
Tembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdfTembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdfZakiyBagus21
 
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdfTEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdfViaDinada
 
Tembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdfTembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdfZakiyBagus21
 
Andhara Nabila Tsabitah/03.pdf
Andhara Nabila Tsabitah/03.pdfAndhara Nabila Tsabitah/03.pdf
Andhara Nabila Tsabitah/03.pdfandhara2
 
Tembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdfTembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdfPinkyNindya
 
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfRaniaLatifatulHusna
 
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)Yoyo820368
 
Tembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdf
Tembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdfTembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdf
Tembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdfZakiyBagus21
 

Similar to rangkuman B Jawa (20)

PPT MACAPAT.pptx
PPT MACAPAT.pptxPPT MACAPAT.pptx
PPT MACAPAT.pptx
 
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfXI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
 
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.) Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
Tembang macapat materi kelas 11 (Desvita Rizqa P.)
 
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
 
28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf
28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf
28. Yuliana Azzahra -XI MIPA 5.pdf
 
Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1
Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1
Tembang Macapat - Naura Eka Z / 24 / XI IPS 1
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat
Tembang Macapat Tembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat
Tembang Macapat Tembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdfTembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat_Awalludin-18-XI IPS 1.pdf
 
TEMBANG MACAPAT.pdf
TEMBANG MACAPAT.pdfTEMBANG MACAPAT.pdf
TEMBANG MACAPAT.pdf
 
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdfTEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
TEMBANG MACAPAT - 25 - RAIZA ADILLAH SUHARTONO - XI MIPA 4.pdf
 
Angka sakral 7
Angka sakral 7Angka sakral 7
Angka sakral 7
 
Tembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdfTembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat/Aldo Surya Saputra/01/XI IPS 1.pdf
 
Andhara Nabila Tsabitah/03.pdf
Andhara Nabila Tsabitah/03.pdfAndhara Nabila Tsabitah/03.pdf
Andhara Nabila Tsabitah/03.pdf
 
Tembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdfTembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdf
Tembang Macapat, 27 Pinky Nindya XI IPS 1.pdf
 
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
 
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
Tembang Macapat (05-Anisa F. Zahra-XI IPS 1)
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdf
Tembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdfTembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdf
Tembang Macapat _19-Zidan-XI IPS 1 .pdf
 

More from mbak_aul

Cara menghaspus section break
Cara menghaspus section breakCara menghaspus section break
Cara menghaspus section breakmbak_aul
 
kutipan dan rujukan
kutipan dan rujukankutipan dan rujukan
kutipan dan rujukanmbak_aul
 
makalah penyebab dan dampak globalisasi
makalah penyebab dan dampak globalisasimakalah penyebab dan dampak globalisasi
makalah penyebab dan dampak globalisasimbak_aul
 
Tradisi pernikahan jawa
Tradisi pernikahan jawaTradisi pernikahan jawa
Tradisi pernikahan jawambak_aul
 
Haji tugas
Haji tugasHaji tugas
Haji tugasmbak_aul
 
Ipa 5 tabel2 tugas
Ipa 5 tabel2 tugasIpa 5 tabel2 tugas
Ipa 5 tabel2 tugasmbak_aul
 
Ips kelompok 2 tugas
Ips kelompok 2 tugasIps kelompok 2 tugas
Ips kelompok 2 tugasmbak_aul
 
hukum bacaan ل dan ر
 hukum bacaan ل dan ر hukum bacaan ل dan ر
hukum bacaan ل dan رmbak_aul
 
Sosialisasi dan pembentukan kepribadian
Sosialisasi dan pembentukan kepribadianSosialisasi dan pembentukan kepribadian
Sosialisasi dan pembentukan kepribadianmbak_aul
 
Masyarakat indonesia pada zaman prasejarah
Masyarakat indonesia pada zaman prasejarahMasyarakat indonesia pada zaman prasejarah
Masyarakat indonesia pada zaman prasejarahmbak_aul
 
Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2
Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2
Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2mbak_aul
 
Kerajaan Tarumanegara
Kerajaan TarumanegaraKerajaan Tarumanegara
Kerajaan Tarumanegarambak_aul
 
Surah Al-insyirah
Surah Al-insyirahSurah Al-insyirah
Surah Al-insyirahmbak_aul
 
Surat Al kautsar
Surat Al   kautsar Surat Al   kautsar
Surat Al kautsar mbak_aul
 
Surah Al-quraisyi
Surah Al-quraisyiSurah Al-quraisyi
Surah Al-quraisyimbak_aul
 
PERANAN, KEUNTUNGAN, DAN KERUGIAN Teknologi Informasi dan Komunikasi
PERANAN, KEUNTUNGAN, DANKERUGIAN Teknologi Informasi dan KomunikasiPERANAN, KEUNTUNGAN, DANKERUGIAN Teknologi Informasi dan Komunikasi
PERANAN, KEUNTUNGAN, DAN KERUGIAN Teknologi Informasi dan Komunikasimbak_aul
 
rangkuman B Indonesia: Wawancara
rangkuman B Indonesia: Wawancararangkuman B Indonesia: Wawancara
rangkuman B Indonesia: Wawancarambak_aul
 

More from mbak_aul (18)

Cara menghaspus section break
Cara menghaspus section breakCara menghaspus section break
Cara menghaspus section break
 
kutipan dan rujukan
kutipan dan rujukankutipan dan rujukan
kutipan dan rujukan
 
makalah penyebab dan dampak globalisasi
makalah penyebab dan dampak globalisasimakalah penyebab dan dampak globalisasi
makalah penyebab dan dampak globalisasi
 
Tradisi pernikahan jawa
Tradisi pernikahan jawaTradisi pernikahan jawa
Tradisi pernikahan jawa
 
Haji tugas
Haji tugasHaji tugas
Haji tugas
 
Ipa 5 tabel2 tugas
Ipa 5 tabel2 tugasIpa 5 tabel2 tugas
Ipa 5 tabel2 tugas
 
Ips kelompok 2 tugas
Ips kelompok 2 tugasIps kelompok 2 tugas
Ips kelompok 2 tugas
 
hukum bacaan ل dan ر
 hukum bacaan ل dan ر hukum bacaan ل dan ر
hukum bacaan ل dan ر
 
Sosialisasi dan pembentukan kepribadian
Sosialisasi dan pembentukan kepribadianSosialisasi dan pembentukan kepribadian
Sosialisasi dan pembentukan kepribadian
 
Masyarakat indonesia pada zaman prasejarah
Masyarakat indonesia pada zaman prasejarahMasyarakat indonesia pada zaman prasejarah
Masyarakat indonesia pada zaman prasejarah
 
Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2
Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2
Zat adiktif dan psikotropika tugas kel. ipa 2
 
Kerajaan Tarumanegara
Kerajaan TarumanegaraKerajaan Tarumanegara
Kerajaan Tarumanegara
 
Puasa
Puasa Puasa
Puasa
 
Surah Al-insyirah
Surah Al-insyirahSurah Al-insyirah
Surah Al-insyirah
 
Surat Al kautsar
Surat Al   kautsar Surat Al   kautsar
Surat Al kautsar
 
Surah Al-quraisyi
Surah Al-quraisyiSurah Al-quraisyi
Surah Al-quraisyi
 
PERANAN, KEUNTUNGAN, DAN KERUGIAN Teknologi Informasi dan Komunikasi
PERANAN, KEUNTUNGAN, DANKERUGIAN Teknologi Informasi dan KomunikasiPERANAN, KEUNTUNGAN, DANKERUGIAN Teknologi Informasi dan Komunikasi
PERANAN, KEUNTUNGAN, DAN KERUGIAN Teknologi Informasi dan Komunikasi
 
rangkuman B Indonesia: Wawancara
rangkuman B Indonesia: Wawancararangkuman B Indonesia: Wawancara
rangkuman B Indonesia: Wawancara
 

rangkuman B Jawa

  • 1. A. Tembung dolanan CUBLAK-CUBLAK SUWENG cublak cublak suweng suwenge ting gelenter mambu ketundung gudel pak empong lera-lere sopo ngguyu ndelikkake sir sir pong dhele gosong sir sir pong dhele gosong JARANAN jaranan-jaranan… jarane jaran teji sing numpak ndara bei sing ngiring para mantri jeg jeg nong..jeg jeg gung prok prok turut lurung gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher JAMURAN Jamuran jamuran ya ge ge thok jamur apa ya ge ge thok Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung sira badhe jamur apa? PITIK TUKUNG Aku duwe pitik, pitik tukung saben dina, tak pakani jagung petok gogok petok petok ngendhog siji tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu PADANG MBULAN Yo, poro konco dolanan ning jobo Padang mbulan, padange koyo rino Rembulane sing ngawe-awe Ngelingake ojo podo turu sore
  • 2. B. Tembung Macapat Tembang macapat iku tetembangan klasik jawa kang mula bukane jaman para Wali. Mulane isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tembang macapat akeh kang isine budi luhur, akhlak, lan kabudayan agung. Tembang macapat kabehe ana sewelas. Awake dhewe akeh kang wis tau krungu tembang macapat, nanging akeh sing durung ngerti ana filsafat lan urutaning tembang macapat iku. Sak durunge, ana ing tembang macapat, ana istilah Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing baris ana ing sak pada (bait), guru wilangan yaiku cacahing suku kata ana ing saben gatra (baris), lan guru lagu yaiku tibaning swara (vokal) ana ing pungkasaning gatra/baris. 1. Maskumambang. Guru gatra (baris) : 4 gatra, guru wilangan lan guru lagu-ne yaiku: 10i, 6a, 8i, 8a. Contone tembang maskumambang: Klek-klek biyung sira aneng ngendi (10i : guru wilangan 10, guru lagu ”i”) Enggal tulungana (6a) Awakku kecemplung warih (8i) Gulagepan wus meh pejah (8a) Maskumambang nggambarake menungsa isih ana ing alam Ruh lan durung lahir, terus ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul, terapung- apung. Nggambarake menunggo ana ing njero rahim. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara 2. Mijil Mijil kuwi artine lahir utawa bahasa inggrise mbrojol. Contone: Mijil ing donya siniwi ratri (10-i) Kabeh durung katon (6-o) Amung anjali soca ing tembé (10-é) Lelaku alon siniji-siji (10-i) Nunggu mring wartaning (6-i)
  • 3. Sesotya satuhu (6-u) Alhamdulillah awake dhewe lahir ono ing bumi Pertiwi kang jarene Gemah Ripah Loh Jinawi Tata Tentrem Kerta Raharja Lir Saka Sambikala, kathah ingkang korupsi, pemimpin ayem rakyate sengsara, lir mulya kebak durjana. 3. Sinom Gambaran menungsa nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. Sinom nduwe 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku: 8 – a, 8 – i, 8 – a, 8 – i, 7 – i, 8 – u, 7 – a, 8 – i, 12 – a 4. Kinanthi Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanti saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe butuh tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lang pangarep-arepe awake dhewe bisa kawujud lan kaleksanan. Contone golek ngilmu kanuragan nganti tekan Taiwan, direwangi dadi TKI, sing penting entuk ilmu lan nge-net gratis.:D. Kinanthi nduweni 6 gatra, 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i 5. Asmarandana Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Dadi saiki yen mas-mas lan mbak mbak lagi gandrung, ojo mung nyanyi lagune ST12 utawa Kangen Band.. saiki jamane macapat.. (ngimpi entuk to?). Mungkin yen macapat trus diiringi Erwin Gutawa, dadi mantep…OYEEE!! Asmarandana nduweni 7 gatra (larik) ana ing saben pada (bait): 8-i 8-a 8-é 8-a 7-a 8-u 8-a
  • 4. 6. Gambuh Tembung iki biasane yen ditakoni tapi ora ngerti jawabe, Gambuh!!! (eh kleru, Lha mBuh!!).. ngguyu sik, ben ga sepaneng. Awalaning ukara gambuh yaiku jumbuh / sawiji,dadi siji sing artine komitmen nyawijikake tresno ana ing kulawarga. Gambuh iki salah sawijining tembang macapat sing paling akeh kanca-kancaku bisa. Isih eling karo tembang : Sekar gambuh ping catur Kang cinatur Polah kang kalantur Tanpa tutur katula-tula katali Kadaluwarsa katutur Katutuh pan dadi awon Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku 7. Dhandanggula Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan pangan. Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ono ing tembang iki. Salah sawijining tembang macapat sing paling disenengi almarhum bapak yaiku Dhandanggula. Aku isih kelingan bapakku ngajari aku tembang iki, kang cinipta dening Sunan Kalijaga : Ana kidung rumeksa ing wengi teguh hayu luputa ing lara luputa bilahi kabeh jim setan datan purun paneluhan tan ana wani miwah panggawe ala gunaning wong luput geni atemahan tirta maling adoh tan ana ngarah ing mami guna duduk pan sirna
  • 5. Dhandhanggula saben pada (bait) ana 10 gatra (larik). 10-i 10-a 8 -é 7 -u 9 -i 7 -a 6 -u 8 -a 12-i 7 -a Pokoke tembang iki top markotop caahh!!! Liyer-liyer karo ngantuk-ngantuk . 8. Durma Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, ojo lali nindakake Darma (Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma). Saben pada (bait) ana 7 gatra (larik). 12-a 7 -i 6 -a 7 -a 8 -i 5 -a 7 -i 9. Pangkur Saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa. Yen pangkur, macapat sing paling tak senengi. jinejer neng Wedhatama mrih tan kemba kembenganing pambudi mangka nadyan tuwa pikun yen tan mikani rasa yekti sepi asepa lir sepah samun samangsane pasamuwan gonyak-ganyuk nglelingsemi. Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait) 8–a 11- i 8–u
  • 6. 7–a 12- u 8–a 8–i 10. Megatruh Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasaning cerita menungsa mesthi mati. (Serius lho cah… cerita Twilight saga, sing jarene ora mati-mati kuwi ngapusi cahh..!!) Saben pada, tembang iki ana limang gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o. Tembang iki mendayu-ndayu.. 11. Pocung Iki uga macapat kang paling akeh kanca-kancaku bisa nembangake. Lumrahe tembang pocung isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki nggambarake sak uwise menungsa mati banjur di-pocong (pocung : pocong, dikafani). “ Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna “, “ Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang pocong kang isine pitedah becik, contone: Ngelmu iku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani setya budya pangekesing dur angkara Tembang macapat kuwi dudu tembang kaya tembang padha umume. Kowe lan aku uga bisa nggawe tembang macapat. Kang wigati, kudu manut karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ana ing saben-saben tembang macapat mau. Muga-muga bisa kanggo renungan. Para leluhur ing tanah jawi nggawe tembang kang kebak ilmu, pituwuh, lan filsafat kang agung. Ayo dilestarikake lan diuri-uri kabudayane dhewe… Cekap semanten, tulisan punika dipunsariaken saking kathah sumber. Mugi-mugi saget manfaat tumrap kula panjenengan sami… Nuwun Ketua : Yasir abdillah Raedita pandu W Binar kukuh Ilham atha