SlideShare a Scribd company logo
1 of 4
Aqeqahmenikonggihbudoyosaking basaArab,artinipunaqeqahpiyambakmenikogadaharti
rambut ingkangwontenkepalanipunbayi ingkangnembe lahir,lanaqeqahsageddiartiken
pemotongan.Aqeqahmenikopiyambakmenurutsyariah Islamnggihmemotongdombakange bayi
ingkangnembe lahir.Kangge bayi ingkangputrodipotongakenmendhokalih,manawi dinggebayi
putri dipotongakenmendhosetunggal.Aqeqahmenikodiagemkangge syukranipunputra-putri
nipunpiyambak.
Pranata Hadicara Qeqahan (Aqiqah) Bayi
Pangertosan pahargyan kasebat, inggih meniko acara tasyakuran ingkang katindakaken rikola
angsal momongan enggal utawi kelahiran jabang bayi, adicara meniko ingkang katindakaken
wonten dinten kapitu keetang saking kelahiran. Kangge murwakani adicara, pranata adicara
langkung rumiyin saenipun mangertosi lan saget nerangaken lelampahan ingkang badhe
dipun leksanaaken ngengingi babagan adicara meniko, kadosto :
 Bayi dipun dulang mawi ingkang manis (kurmo)
 Dipun paringi asma ingkang sae
 Saklajengipun nyukur rekmanipun lare
 Lan Aqiqah (injih meniko nyembelih mendo 2 menawi lare meniko jaler, lan 1
menawi lare meniko pawestri).
Pangantènan adat Jawa
Saka Wikipédia,ÈnsiklopédhiBébasingbasaJawa/ SakingWikipédia,BauwarnaMardikamawi basa
Jawi
Langsungmenyang:pandhuarah,golèk
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé
rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing
kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi
penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep
dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga
diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé
calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri
setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal
penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten.
Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-
masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman
mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon
manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
[sunting] Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh
para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen
sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi
lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing
barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
[sunting] Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya
sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran,
pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku
duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
[sunting] Ijab kabul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo
wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.
[sunting] Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki
kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing
tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo
penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
[sunting] Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane
penganten kakung lan putri.
[sunting] Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki
sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko
perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
[sunting] Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas
nompo dadi bageane kulawargo.
[sunting] Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak
kloron wis tinompo dadi kulowargo.
[sunting] Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko
perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
[sunting] Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.
[sunting] Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron
arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
[sunting] Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan
bebarengan tindak neng acara resepsi.
[sunting] Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
[sunting] Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi
utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti
acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten
nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

More Related Content

Viewers also liked (20)

Cafe Con Amor
Cafe Con AmorCafe Con Amor
Cafe Con Amor
 
Trabajo de Tecnología: Redes Informáticas
Trabajo de Tecnología: Redes InformáticasTrabajo de Tecnología: Redes Informáticas
Trabajo de Tecnología: Redes Informáticas
 
Astudillo Velasquez Albergue
Astudillo Velasquez AlbergueAstudillo Velasquez Albergue
Astudillo Velasquez Albergue
 
A maior flor do mundo2
A maior flor do mundo2A maior flor do mundo2
A maior flor do mundo2
 
20130409102224
2013040910222420130409102224
20130409102224
 
Livro respeitar ham
Livro respeitar hamLivro respeitar ham
Livro respeitar ham
 
Meu anjo
Meu anjoMeu anjo
Meu anjo
 
Ludus segundo trimestre
Ludus segundo trimestreLudus segundo trimestre
Ludus segundo trimestre
 
Luisa
LuisaLuisa
Luisa
 
Systems Cesar
Systems CesarSystems Cesar
Systems Cesar
 
Visita A La Laguna De La Posadilla
Visita A La Laguna De La PosadillaVisita A La Laguna De La Posadilla
Visita A La Laguna De La Posadilla
 
C O M O P R O D U C I R A R E Q U I P E
C O M O  P R O D U C I R  A R E Q U I P EC O M O  P R O D U C I R  A R E Q U I P E
C O M O P R O D U C I R A R E Q U I P E
 
Vejez
VejezVejez
Vejez
 
Teoría contable de mattessich
Teoría contable de mattessich Teoría contable de mattessich
Teoría contable de mattessich
 
Examen 3
Examen 3Examen 3
Examen 3
 
EvolucióN
EvolucióNEvolucióN
EvolucióN
 
CPG diabetes 2554
CPG diabetes 2554CPG diabetes 2554
CPG diabetes 2554
 
Propuesta Nati Y Blanca Final
Propuesta  Nati Y  Blanca  FinalPropuesta  Nati Y  Blanca  Final
Propuesta Nati Y Blanca Final
 
Hola profe
Hola profeHola profe
Hola profe
 
Handball Sales-Lentz League
Handball Sales-Lentz LeagueHandball Sales-Lentz League
Handball Sales-Lentz League
 

Similar to B.jawa

Similar to B.jawa (8)

Mantenan
Mantenan Mantenan
Mantenan
 
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari HariBab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
 
Bahasa Jawa_Upacara_adat_manten_jawa
Bahasa Jawa_Upacara_adat_manten_jawaBahasa Jawa_Upacara_adat_manten_jawa
Bahasa Jawa_Upacara_adat_manten_jawa
 
Ruwatan
RuwatanRuwatan
Ruwatan
 
Naskah mc basa jawa
Naskah mc basa jawaNaskah mc basa jawa
Naskah mc basa jawa
 
Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)
 
B Jawa Prastawa Budaya.pptx
B Jawa Prastawa Budaya.pptxB Jawa Prastawa Budaya.pptx
B Jawa Prastawa Budaya.pptx
 
B.jawi unggah ungguh basa
B.jawi unggah ungguh basaB.jawi unggah ungguh basa
B.jawi unggah ungguh basa
 

B.jawa

  • 1. Aqeqahmenikonggihbudoyosaking basaArab,artinipunaqeqahpiyambakmenikogadaharti rambut ingkangwontenkepalanipunbayi ingkangnembe lahir,lanaqeqahsageddiartiken pemotongan.Aqeqahmenikopiyambakmenurutsyariah Islamnggihmemotongdombakange bayi ingkangnembe lahir.Kangge bayi ingkangputrodipotongakenmendhokalih,manawi dinggebayi putri dipotongakenmendhosetunggal.Aqeqahmenikodiagemkangge syukranipunputra-putri nipunpiyambak. Pranata Hadicara Qeqahan (Aqiqah) Bayi Pangertosan pahargyan kasebat, inggih meniko acara tasyakuran ingkang katindakaken rikola angsal momongan enggal utawi kelahiran jabang bayi, adicara meniko ingkang katindakaken wonten dinten kapitu keetang saking kelahiran. Kangge murwakani adicara, pranata adicara langkung rumiyin saenipun mangertosi lan saget nerangaken lelampahan ingkang badhe dipun leksanaaken ngengingi babagan adicara meniko, kadosto :  Bayi dipun dulang mawi ingkang manis (kurmo)  Dipun paringi asma ingkang sae  Saklajengipun nyukur rekmanipun lare  Lan Aqiqah (injih meniko nyembelih mendo 2 menawi lare meniko jaler, lan 1 menawi lare meniko pawestri). Pangantènan adat Jawa Saka Wikipédia,ÈnsiklopédhiBébasingbasaJawa/ SakingWikipédia,BauwarnaMardikamawi basa Jawi Langsungmenyang:pandhuarah,golèk Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu. Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung. Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane. Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane: Lamaran Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé
  • 2. calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten. Siraman Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing- masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes. [sunting] Midodaren Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan. [sunting] Srah-srahan Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten. [sunting] Ijab kabul yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah. [sunting] Upacara panggih Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
  • 3. [sunting] Upacara balangan suruh Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri. [sunting] Upacara wiji dadi Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga. [sunting] Pupuk Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo. [sunting] Sinduran Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo. [sunting] Timbang Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan. [sunting] Kacar-kucur Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah. [sunting] Dahar Klimah Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan. [sunting] Mertui Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi. [sunting] Sungkeman Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
  • 4. [sunting] Kenduren / resepsi Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.