3. ATUR PAMBUKA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten
ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga
laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula
aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula
ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija
ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga
laporan ingkang kasusun sae punika saged purna.
Buku digital niki menika kasusun kagem njangkepi tugas
semester III mata pelajaran basa Jawa. Matur sembah nuwun
kangge Ibu Dety Kurnia S. Pd AHLI sampun ngewenehi tugas
niki.
Mugi-mugi buku digital niki ingkang kaserat dening
panyerat menika saged paring mapinten-pinten manfaat
dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula
minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila
panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.
Wasana cekap semanten atur kawula, sepidhah malih
mugi-mugi buku digital punika saged murkabi lan migunani
dhumateng sadaya para maos tuwin dhumateng sadaya
ingkang ngginaken. Matur Nuwun.
Pasuruan, Maret 2023
Panulis
Buku Digital Tembang Macapat | III
4. DAFTAR ISI
Judul ................................................ I
Gambar Wayang ............................... II
Atur Pambuka .................................. III
Daftar Isi ......................................... IV
Filosofi Tembang Macapat .................. 1
Ancas Tembang Macapat ................... 5
Guru Gatra, Lagu, lan Wilangan .......... 6
Tabel Guru Gatra, Lagu, lan Wilangan .. 7
Unsur Kabasaan Tembang Macapat ..... 8
Kesimpulan .................................... 10
Matur Nuwun .................................. 11
Buku Digital Tembang Macapat | IV
5. FILOSOFI
TEMBANG MACAPAT
Waosan geguritan mantra wis ana wiwit agama
Islam durung sumebar ing Jawa kang diarani
kekawin nganggo basa sansekerta. Kekawin
diubah dadi tembang cilik utawa tembang
macapat digunakake kanggo mulangake norma
urip Islam.
Wong Jawa paham macapat minangka kawruh
utawa ilmu filosofi Jawa. Macapat dipuntegesi
minangka pencarian jati diri manungsa dibagi 4
nafsu ing donya utawi dikenal "sedulur papat,
kalimo pancer"
Tembang macapat yaiku tembang utawa puisi
gagrag lawas sing kaiket paugeran tartamtu
kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagune.
Tembang macapat kagabung ing sekar alit
tingkatan 3. Secara tradisional, ana 15 maceme
tembang macapat, nanging umume tembang
macapat dibagi dadi 11.
Tembang macapat diyakini dening akeh wong
Jawa minangka kumpulan tembang kang
nduweni teges proses uripe manungsa, proses
kang diparingake dening Gusti Allah, nganti
manungsa bali marang Panjenengane. Ciri-ciri
manungsa wiwit lair nganti mati digambarake
kanthi runtut ing tembang macapat sewelas.
Buku Digital Tembang Macapat | 1
6. 1. Maskumambang
Maskumambang ditegesi minangka
pratandha wiwitaning urip seorang
manungsa ing donya. Tembang iki
iki menehi gambaran babagan
jabang bayi ing kandhutan ibu
nalika lagi hamil.
2. Mijil
Anane ing donya iki digambarake
kanthi tembang macapat, yaiku
tembang mijil, kang tegese padha
karo wijil, yaiku metu saka wetenge
ibu. Laire manungsa ing donya
dipunbarengi 2 hal sing bertolak
belakang. Gawe wong tuwane
seneng ngarsane anake bayi nangis.
3. Sinom
Sinom ditegesi proses anak-anak
nyesuaina diri lan berkembang.
Sinom iku berarti gambaran masa
enom sing endah lan berkembang.
Perkembangan fisik teko turu >
tengkurep > mrangkak > ngadek >
sampe mlaku disebut kanak-kanak.
4. Kinanthi
Kinanthi ditegesi fase sekolah lan
sosialisasi utawi nyritakake masa
perkembangan karakter manusia.
"Kinanthi" > "kanthi" utawi tuntun
sing bermakna butuh tuntunan lan
jalan sing bener. Butuh 2 guru
yaiku, guru ing sekolah lan wong
tuwa ing omah.
Buku Digital Tembang Macapat | 2
7. 6. Gambuh
Gambuh ditegesi "jumbo" utawi
"nyatu". Fase iki nyritakake soal
komitmen ing dunyo kawinan.
Kawinan dudu nyatukake 2 insan
tapi nyatukake keluarga kanthi
ngebentuk kerukunan lan saling
ngehormati.
5. Asmaradana
Asmarandana nggambarake geger
asmara ing panguripane manungsa.
Masa iki diwiwiti nalika manungsa
wiwit nduweni minat marang lawan
jenis, yaiku nalika isih remaja.
7. Dhandanggula
Dhandhanggula kuwi nggambarake
proses suka duka ing kawinan sing
kudu dilalui barengan wiwit mapan
ing kulawarga lan bisa nyukupi
kabutuhan kulawarga.
8. Durma
Durma asale saka tembung derma
kang tegese menehi rejeki marang
wong liya. Nalika kabeh kabutuhan
wis rampung lan ora ana
kekurangan apa-apa. Manungsa
wiwit mikir babagan mbagi rejeki
marang wong liya. Nanging ora
jarang sawise rumangsa cukup
dheweke malah tumindak sombong
lan gumedhe.
Buku Digital Tembang Macapat | 3
8. 10. Megatruh
Megatruh nggambarake manungsa
kang lagi nemahi pati. Megat
tegese pisah, ruh tegese urip.
Pisah antarane awak lan nyawa lan
bali menyang asale. Nggambarake
fase ing manungsa dipisahake ruh
lan jasade lan balik ing sing kuasa
sing duwe jagat alam. Fase iki fase
terakhir urip ing bumi.
9. Pangkur
Pangkur asale saka tembung
mungkur, manungsa wiwit undur
saka pepinginan kadonyan lan
banjur mikir babagan urip sawise
mati. Sawise kabeh kabetahan ing
donya wis kacukupan, giliran
manungsa kanggo golek bekal
kanggo urip langgeng ing tembe.
11. Pocung
Pocung, raga kang wis ditinggal roh mau banjur
disucekake sadurunge dibalekake ing lemah.
Layon banjur diadusi lan dibungkus nganggo
kain kafan sing diarani pocong. Tembang
Macapat Pocung yaiku tembang kang
ngelingake marang pati. Tembang iki minangka
pungkasan saka sewelas tembang macapat.
Buku Digital Tembang Macapat | 4
9. ANCASE
TEMBANG MACAPAT
Tembang Macapat ndueni ancas kang isine
pelajaran hidup lan petunjuk agawe manungsa
saka awal sampai akhir hidupe. Tembang
Macapat nduweni ancas apik kang bakal nuntun
manungsa ing nilai- nilai kahirupan kang apik
lan menuju jalan kang apik.
Selain iku, ancase tembang macapat yaiku :
1. Kangge kasustraan jaman saniki
2. Kangge mbawani utawi nggerongi gendhing
3. Kangge ngarang/nganggit kapustakaan jawi
4. Kangge lagu-lagu ketoprak lan ringgit tiyang
Buku Digital Tembang Macapat | 5
10. GURU GATRA, LAGU,
LAN WILANGAN
Guru Gatra
Guru gatra kuwi cacahe larik
(banyaknya baris) saben pada (tiap bait).
Guru Lagu
Guru lagu kuwi wuni pungkasane saben
larik. Wuni pungkasane saben gatra (a,
i, u, e, o) uga diarani dong dinge swara’.
Guru Wilangan
Guru wilangan kuwi cacahe wanda
(jumlah suku kata) saben larik (tiap baris).
Tuladha :
Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pengkesing dur angkara.
Guru gatra : 5 larik
Guru Wilangan : 12, 6, 8, 11
Guru lagu : u, a, i, a
Buku Digital Tembang Macapat | 6
11. TABEL GURU GATRA, LAGU,
LAN WILANGAN TEMBANG
MACAPAT
Aturan panulisan tembang macapat kuwi paten
ngandelake guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Cara iki uga ngegampangake ngebadaake masing-
masing tembang macapat kuwi amarga kabeh
tembang macapat duweni karakter sing beda-beda.
Salah sawijine, bisa didelok ing tabel ing ngisor iki.
Buku Digital Tembang Macapat | 7
12. UNSUR KABASAAN
TEMBANG MACAPAT
1. Tembung Garba
Yaiku tembung cacahing loro utawa luwih
ingkang disambung dadi siji.
Tuladhane, yaiku :
• Yeku : ya + iku
• Aneng : ana + ing
• Kapyarsa : kapireng + arsa
2. Tembung Kawi
Yaiku jenise tembung kang cak-cake winates ana
ing basa endah.
Tuladhane, yaiku :
• Lir : kaya
• Ambeg : sifat
• Bathari : dewi
3. Dasanama
Yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges
siji utawa padha.
Tuladhane, yaiku :
• Sindu : banyu
• Warsita : wicara
• Laksana : prilaku
4. Sandi Karsa
Yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang sinamun
utawa sinamar ana ing tembang. Ana uga wong
kang ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara yaiku
ukara (ukarane kanggo medharake cipta,
gagasan, rasa – pangrasa, utawa kekarepan).
Buku Digital Tembang Macapat | 8
13. Tuladhane, yaiku :
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maju
Naning mulya
DIna dina kepungkur Iku dadi landhasaneki
DIna kang bakal teka Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara
Sandi Karsa ing dhuwur yaiku PENDIDIKAN
5. Sandi Asma
Yaiku asma kang sinandi utawa jeneng kang
sinamun (sinamar) ing sajroning tembang,
kidung, utawa karangan.
Tuladhane, yaiku :
Anane khayangan kuwi mung khayalan,
LIr rina wengi mimpi, ora bakal dadi,
YAkin marang sing mustahil kuwi halusinasi
nanging iling, Hukum karma kuwi pasti
lir bathaRI sing jogo laksana lan warsita
minangka gen Z, patenno ambeg iku aneng diri!
Kualitas diri iku sing utami
Yeku percaya marang karma kuwi
Sandi Asma ing dhuwur yaiku ALIYAH RIZKY,
nami kula ^^
Buku Digital Tembang Macapat | 9
14. KESIMPULAN
Tembang macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag
lawas ana 11 sing kaiket paugeran tartamtu kayata
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
Tembang Macapat ndueni ancas kang isine pelajaran
hidup lan petunjuk agawe manungsa saka awal sampai
akhir hidupe.
Guru gatra kuwi cacahe larik (banyaknya baris) saben
pada (tiap bait).
Guru wilangan kuwi cacahe wanda (jumlah suku kata)
saben larik (tiap baris).
Guru lagu kuwi wuni pungkasane saben larik. Wuni
pungkasane saben gatra (a, i, u, e, o) uga diarani dong
dinge swara’.
Tembung garba yaiku tembung cacahing loro utawa
luwih ingkang disambung dadi siji.
Tembung kawi yaiku jenise tembung kang cak-cake
winates ana ing basa endah.
Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe
teges siji utawa padha.
Sandi karsa yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang
sinamun utawa sinamar ana ing tembang.
Sandi asma yaiku asma kang sinandi utawa jeneng kang
sinamun (sinamar) ing sajroning tembang, kidung,
utawa karangan.
Buku Digital Tembang Macapat | 10