Taman Poci di kota Tegal dulunya merupakan tempat berkumpulnya pedagang kaki lima dan warga untuk berjualan dan bersantai. Namun kemudian dilakukan penataan dan dibatasi lokasinya. Hal ini menimbulkan protes dari pedagang yang merasa kehilangan mata pencaharian. Pemerintah kota akhirnya mengizinkan pedagang untuk kembali berjualan di Taman Poci karena dipahami kebutuhan ekonomi mereka.
1. DODOLAN MANING NANG TAMAN POCI
Dengaren Man Damin sore-sore mlaku-mlaku. Awit puasa sampeken
tekane bada, Man Damin ora yagyagan maring endi-endi, paribasane njaga umah
ora weruh lor kidul.
Panggonan sing paling disenengi Man Damin awit cilik sampeken saprene
umur seket luwih, mung Taman Pocingarepe stasiun sepur, gemiyen arane Tugu
Pancasila. Apa maning angger bengi ana pasarmaleme, pindhahan sing alun-alun
jamane Walikotane M. Zakir, Taman Pocitambah rame, dadi kayong rahat akeh
sing disawang.
Ana istilah Taman Poci lagi jaman Walikotane Adi Winarso, nang kana
ana patung poci gedene, sing sekan cucuke mantur banyune – cuur...krucuk-
krucuk- kaya kuwe monine. Nang kono ya ana geyongan sing dodolan nang
Taman Pociselat rame. Merga ramene kuwe, sangsaya akeh wong sing dodolan
nang Taman Poci. Pedagang Kaki Lima sing padha dodolan nang alun-alun
Lapangan PJKA padha pindhah, padha manggoni Taman Poci.
Durung suwe wong-wong kuwe padha dodolan nang Taman Poci, ana
aturan anyar. Sing padha dodolan nang Taman Pocidikongkon pindhah maning
maring lapangan PJKA. Jarene Taman Poci dibalekna maning maring fungsi
awale, dadi taman kota karo ruang terbuka hijau.
Stasiun dikalangi tembok, jarene di petha-di gawe panggonan sing luwih
tata. Nang kono digawekna tempat parkir, toli ya ana tamane. Eh ujug-ujuge
mlebu kalangan stasiun kudu mbayar. Manjing peronmbayar. Durung tuku karcis
wis mbayar ping pindho. Ya wis wong cilik tah apike melu baen, sing penting
panggonan sing nggo dagangan mengko ditata sing luwih apik.
Lapangan PJKA sing dienggoni pedagang semayane pan ditata. Sing
terdaptar olih kapling 3 x 1,8 meter ditata jita, endah dagangane enak disawang,
toli dadi laris. Wektu kae pedagang mupakat dipindhah maring lapangan PJKA,
tapiken Kang Tanyad sing senenge ngresula.
“ Lapangan PJKA mbang wetan pan ditata, engko malah ora tata. Becek
toli pating tlesep, adoh sing ndalan.”
Kang Tanyad nggremeng dhewek.
Wis pan setahun, lapangan PJKA wetan ditata malah ora tata. Dhong
rendheng becek dhong ketiga penthere pol, wis penther toli semromong, laka
edheng-edhenge, laka eyub-eyube, laka wit-witane, anane pring pating tlalang.
2. Tembok sing nggo waket parkiran wis jejeg, Taman Poci wis dikalangi rajeg
wesi, tamane bisa nggo mlayu-mlayu bocah, ana geyongane. Bocah-bocah cilik
bisa plorodan atawa slurukan nang Tugu Pancasila. Tapiken pedagang kaki lima
sing dijanjeni pan digawekna panggonan sing luwih tata, durung ana jongkote,
egin pating mbesasat toli kumuh.
“ Kweh, inyong sih ngomong apa?” ujare Kang Tanyad maring Man
Damin. “Tata-tata tah Tata-tata tapi ora tata!”
Man Damin mung gedheg-gedheg. Selugune Man Damin pendapate ya
padha karo Kang Tanyad. Tapiken wis kedhisitan Kang Tanyad. Wis kaya kuwe
Kang Tanyad angger didhisiti mesthi gemboran, gegeran. Kocapa wong Tegal
padha ngomong angger sing seneng gawe geger istilahe “geger Tanyad”.
Anjog Taman Poci Man Damin kaget, ngantiken jenggirat. Taman Poci
saiki rame maning. Man Damin kur plonga-plongo ndelengna wong padhapating
klekar nang pinggir gili. Pedagang Kaki Lima padha nggelar dagangan nang
lingkungan Taman Pocimaning. “Kembang suruh ora idhep ora weruh, ana rajeg
wesi ana Sat PolPP ora ngarti, pokoke dodolan sing perek karo wong liwat. Ora
olih nang njero taman ya nang pinggir gili.”
Jarene salah sijine pedagang, sengaja dodolan nang ngarepe Taman Poci
maning, mergane panggonane rame, timbangane panggonan anyar nang lapangan
PJKA wetan, sepi liti. Panggonane ora petha wong sing tuku padha sungkan
marani.
Mau-maune lagi prepegan pan bada padha nyacak penghasilane jebulen
luwih akeh, akhire akeh bakul padha pindhah nggelar lapakan nang lingkungan
Taman Poci.
Jarene Kang Tanyad batir-batir padha siap angger pan digusur atawane
ditatani maning. Tapiken pemerintahe kudu memahami kebutuhane urip sing
tambah akeh. Kabeh-kabeh padha mundhak, pengasilane malah mlorod. Batir-
batir kepaksa pindhah maring Taman Pocimaning wong panggonane enak nggo
dodolan. Pendapate Kang Tanyad ana sing cocogana sing ora. Sing cocogkrana
dagangane rame maning, sing ora cocog alasane ana panggonan liya sing wis
disiapna. Prinsipe sih ora papa, anggere ora ngganggu lalulintas toli bisa njaga
kebersihan. Toli...dodolantah ora sedina-dina, paling mung dhong soresampeken
tengah wengi.
Mung bae sing pan padha liwat nganggo mongtor, apa maning mobil
mobil, padha ngresula, giline sesek. Giline dadi ciyut, isine lapak dodolan, sing
liwat dadine keganggu. Apa maning angger pas malem Minggu atawa ngesuk pas
dina prei. Sing kaya kuwe mau ndadekna prekara liya padha baen sedurunge ana
3. pindhahan aring lapangan PJKA wetan. Angger giline amba-jimba sih ora ngapa,
wong gili ngarep stasiun Tegal piraha ora ka nggo sol-solan dodolan, apa maning
pas sepur Tegal arum atawa Cirek teka.
Kiye sing salah sapa, dhongepemerintahe wis ana pedaminan karo PT KAI
beleh. Meningan pemerintah Tegale pan ndadani lapangan PJKA wong dudu
dhekene ya menthog ora bisa. Ndheyane tah dietung-etung sewane lapangan
PJKA karo pengasilane retribusi duduenthik-enthike alias adohmengeh-mengeh.
Angger lingkungan stasiun sepur pengin tata jita, PT KAI dhonge melu ngragati,
aja mung nudhing tempate thok.
Man Damin balik maning, ora sida sanja nang Taman Poci.
Sumber:
Daryono, Yono. 2017. Aja Kadiran. Hal 1-5. Tegal: Badan Penerbit PHB Press.