1. BAB I
PAMBUKA
A. Prawana
Wonten ing jaman sakmeniko kabudayan jawi sampun
luntur saka manah lan papan panggonan kita. Mula kita sedaya
tansah kudu bisa nguri-nguri kabudayan jawi. Nguri-nguri
kabudayan jawi wau iku saget dipunlaksanakake dateng awake
dewe yaiku supados migunakake tata bahasa ingkang becik kang
nandakake tiyang jawi, nyenengi lan rumangsa nduweni geguritan,
cerkak, wangsalan, parikan lan sak piturute. Wonten babagan iki
bade dipun serat jininsing sastra jawa inkang gumatok ten tlatah
jawi. Supados kita sedaya tansah mangerteni sastra jawa ingkang
luhung. Kanthi kaseratipun makalah menika kaajab saged
migunani tumrap para kita sedaya. Makalah menika temtu
kemawon dereng jangkep lan sampurna, mila kasuwun
panyaruwenipunsaking parasederek sedaya wwurih jangkep lan
sampurnanipun ing wekdal semangke.
B. Rumusan masalah
1. Supados punapa hakikatipun sastra ?
2. Apa bae jenising sastra jawi ?
3. Apa kang dimaksud drama, geguritan, parikan lan wangsalan ?
2. BAB II
PEMBAHASAN
A. Hakikat Sastra Utawa Objek Formal
Ngomong bab sastra Jawa, kita ora bisa dipisahake saka in lan
rusak panutup jaman sastra Jawa, karya sastra, lan penulis Miturut
Sanskerta sastra (Castra) kang tegese nulis. Ing syarat-syarat sastra
Jawa kabeh formulir pamikiran sing diwutahake metu ing wangun
nulis minangka medium kanthi nggunakake basa Jawa. Mangkono, iku
bisa rampung yen karya sastra bakal ditulis lan direkam. Iku wis
dikirim dening Suparta Brata.Wangun sastra Jawa, bisa dipérang dadi
loro:
1. Prose (prosa), contone ing wangun novel-novel, crita boten cecek
(cerkak), crita Gambar (komik).
2. Puisi (tembang), contone ing wangun lyrics, Geguritan, tembang,
kakawin.
Ing Kajaba iku, amarga sastra ngandika manungsa lan kamanungsan,
sastra uga kalebu kabèh aspèk kauripan manungsa. Mulane, ana
macem-macem / jinis sastra, adhedhasar sajarah:
a. sastra jawa
b. sastra jawa tengah
c. sastra jawa anyar
d. sastra Jawa Modern
3. Hardjana (1944: 25) nyaranke karya sastra punika wacana sing
exploitasi kemungkinan saka basa watesan minangka dhuwur. sastra
bisa ditondoi minangka nderek:
1. Ing karya sastra iku beda saka liyane dienggo seni. adhedhasar
karakteristik kasirat.
2. karakteristik khas kasirat materi kang simbolis; panandha bisa dadi
panandha kanggo basa visual, pamirengan, LSP. kabeh kang
simbolis.
3. ing tangan liyane, beda ing karya sastra karo wacana liyane ora
bisa ditemtokake intrinsik, nanging kontekstual.
4. konteks kahanan sastra kang kawangun saka saka telung kahanan,
yaiku : pirsawan kudu peserta pasif ing sastra komunikasi; Ing
pasif crita amarga nduweni hak karya sastra; Ing pasif para rawuh
minangka kapercayan ing proses persiapan lan pilihan ingkang
dialami karya sastra (Faruk, 1988: 45)
Ana kalih jinis obyek, yaiku obyek kang formal lan obyek kang
material.
1. Obyek formal yaiku obyek kang kawangun kaliyan saparangkat
informasi ugi sistem. obyek formal sastra kayata: makna, estetika
utawi kaendhahan, lan awujud.
2. Obyek material yaiku, inti utawa materi. Obyek material punika
awujud : komik, tembang, film, skenario lan sakpiturute.
B. Cerita Rekaan
4. Cerita rekaan yaiku crita kang di dasari saking khayalan, ora nyata.
Cerita rekaan ngutamakake pikirane, panemu, raos, lan bayangan saka
penulis.
Unsur intrinsik cerita rekaan yaiku :
1.) Tema yaiku inti utawa ide dasare sawijining cerita.
2.) Tokoh utawi penokohan yaiku cara ning pengarang ngambarake,
lan ngembangake karaktere tokoh ana ing sakjroning cerita.
3.) Alur lan pengaluran yaiku pola pengembangane cerita kang
kebentuk saka hubungan sebab akibat.
4.) Latar lan pelataran yaiku papan panggonan, waktu, lan budaya
kang ana ing sawijining cerita.
5.) narasi tengah.
carane penulis dikirim crita kanggo maca. narasi tengah wiwit saka
ngendi tokoh sing disorot.
miturut shaw, viewpoint pribadi iki dijelasaké luwih cetha:
karakter utama, tokoh sambetaken kaliyan, impersonal, penulis
minangka narrator bab.
fokus narasi dening kali ngandika minangka hubungan narrator
karo kisahannya. elaborating luwih lan mbedakake dados sekawan
jinis:
a. karakter utama marang crita dhéwé, karakter utama nyritakaké
tokoh utama.
b. tokoh sambetaken kaliyan bab karakter utama.
c. Penulis minangka pengamat lan revolves sak karakter utama.
d. penulis serves minangka narrator bab lan saka saben amba.
5. C. Drama, Geguritan, Parikan, lan Wangsala
1. Drama
Drama iku asale saka bahasa yunani yoiku dramai atau tumindak.
Drama iku diarani sandiwara. Asal tembung sandi yoiku ndelik,
lan warah yoiku ajaran. Drama yoiku wujud karya sastra modern
kang tujuane ngambarake kauripan kanti nyampekake padudon lan
emosi kanti wujud tumindak lan pacelaton. Unsur-unsur drama
yoiku :
1.) Tokoh
Pawongan kang nduweni peran anaing sawijining drama.
a. Tokoh protagonis : tokoh kang ndukung utawa
nyekuyung dalane cerita.
b. Tokoh antagonis : tokoh kang nentang dalaning cerita.
c. Tokoh tritagonis : tokoh kang pambiyantu biso kanggo
bantu tokoh protagonis utawa tokoh antagonis.
2.) Pacelaton (Dialog)
Guneman antaraning tokoh.
3.) Alur utawa plot
Gegayutane prastowo lan konflik kang dirajut kanti padudon
kang nuju ana ing klimaks lan pambubaring padudon. Alur
niku wonten tigo, yoiku :
a. Alur maju yoiku ceritakake prastawa saka wiwitan nganti
bubar.
6. b. Alur mundur yoiku ceritakake prastawa-prastawa saka
bubaran banjur diwalek ceritakake peastawa kang
kawitan.
c. Alur campuran yoiku campuraning alur maju lan alur
mundur.
4.) Latar
Katerangan babagan panggonan, ruang, lan wektu ana ing
naskah drama.
Jenis-jenising drama :
a. Balet
b. Drama komedi
c. Drama tragedi
d. Drama tragedi komedi
e. Ketoprak
f. Ludruk
g. Wayang.
2. Geguritan
Geguritan iku golongane sastra edi (puisi) cengkok anyar,
wedharing rasa edi, kelair basa kang laras runtut karo edining rasa,
nanging ora usah kecancang ing patokan-patokan, wilangan dhong-
dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipating tembang
macapat lan sapanunggalane.
a. Bunyi lan Irama
1.) Efoni, IE kombinasi swara merdu.
mendayu angin kaya salju nan miss.
7. 2.) kakofoni, kang kombinasi swara sing ora tunable.
gedobrak Sepur afternoon Bajkal kanggo ninggalake
kutha.
3.) jambemen, pemisahan sintaks ing dalem larik.
ana wong lanang iki bab nedha
bengi tersuguh di kupeng alas.
4.) geguritan utawa sajak sing kemiripan muni minangka
antarane suku-suku tembung.
5.) Asonansi yaiku assonance vokal sajak, ing pundi
piyambakipun languished katresnan.consonants.
6.) Aliterasi yaiku rima konsonan.
kita ngalahake karma.
7.) rima sajak awal garis diwiwiti.
aku ng wetan
aku ng kulon
aku ora ngerti.
8.) rima tengah yoiku sajak ingkang sami punika wonten baris
tengah.
wong wadon iku boten pangartos
jalere boten pengerten
banjur boten badhe ten pundi
9.) Rima akhir yaiku sajak pungkasan ingkang sami wonten
mburi baris.
Pucuk godhong owah
Gendheng kaca owah
Manah alit kulo owah
8. irama digandhengake karo swara utawa dilisanake swara. Cakup :
1.) Metrum, yaiku ukara kang netep, katingal saka jumlah suku
kata ingkang sami.
2.) Ritme yaiku irama ingkang mboten netep, katingal saka
jumlah suku kata ingkang boten sami.
3.) Melodi yaiku minangkane nyanyian.
Menawi di lisanake, geguritan wonten tigo tekanan :
1.) Tekanan dinamik yaiku lemah lembute swara utawi volume.
2.) Tekanan nada yaiku duwur andape swara.
3.) Tekanan tempo, yaiku cepet lambat pangucapanipun.
Tuladha :
Geguritan
Anggitanipun : Ki Yoyok Kulon
Pitakon
Tembang tlutur....
Mapag sungkawaning mitra liyur
Pinegat kalindes ajur mumur
Iki gurit panjerit angrujit nala
Mulat banjir ludira kinupeng dahana
9. Sapa sing isih bisa dak pitaya
Yen nyatane samirana wus salin praga
Janji nggawa tembang asmarandhana
Jebul hamung ngayawara
Sapa sing isih kena kanggo pangilon
Yen tlaga bening wus salin warna
Kebak uwuh lan manika wisa
Ngotori....njemberi....
Nalika bocah-bocah kasdu anjingglengi
Apa ana sing isih sabela
Yen ombak samudra wus jinja
Emoh ngempyok watu karang
Kang njenggeleg tan gumlewang
Tembang megatruh....
Mapag nyawa kang rapuh
Nguntapke keplasing roh kewuh
Bali ing tepet suci
Sapa....terus sapa.....
Kang njawab pitakon iki
10. 3. Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara
sepisan kanggo narik kawigaten, ukara kang kapindo minangka isi.
Tuladha :
a. Tawon madu ngisep sekar
Golek ilmu kudu sabar
b. Kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
Wong urip ora gampang, mula padha ngati-ati
4. Wangsalan
Wangsalan yaiku tembung kang kudu di batang tegese kanggo
nentokake tembung ing perangan ukara utawa ing ukara sak
banjure kang modhaswara karo batangane.
Tuladha :
a. Kok njanur gunung, kadhingaren kowe rene
( janur gunung = aren ) madhaswara kadhingaren
b. Diundang ojo njangan gori, etok-etok budek
( jangan gori = gudheg ) madhawarane mbudeg
Jenise wangsalan, yaiku :
1. Wangsalan lamba yaiku wangsalan sing batangane mung
siji, tuladha :
a. Roning mplinjo sampun sayah nyuwun ngaso
( godhong so = ngaso )
b. Witing pari dimen mari gonku lara iki
( wit pari = damen = dimen )
11. 2. Wangsalan memet yaiku wangsalan kang carane ngolehi
batangane sarana dionceki ndisik nganthi ambal pindo.
Tuladha :
a. Uler kambang mplaku e alon-alon wae
( uler kambang = lintah = sak titahe ) sak titahe tegese
podo karo alon-alon.
3. Wangsalan edi penio utawa wangsalan rangkep yaiku
wangsalan sing didhapuk nganggo tembungan sing endah.
Tuladha :
a. Jenang selo wader kali sesondrehan, apuranto yen enten
lepas kawula.
( jenang selo = apu = apuranto, wader kali = sepat =
lepat )
4. Wangsalan padinan yaiku wangsalan sing ora nyebutake
batangane jalaran wis dianggep ngerti karepe.
Tuladha :
a. Kowe kuwi diwulang kok ngembang duren, wes ngerti
opo durung?
( kembang duren = dlongop = sing diarepake ndlongop
)
b. Isuk-isuk wes ngembang pohung, arep menyang
ngendi?
( kembang pohung = ingklik = sing diarepake mplaku
ngingklik )
12. BAB III
PANUTUP
A. Kesimpulan
Miturut sansekerta sastra yoiku nulis. Mulane, ana macem-
macem / jinis sastra, adhedhasar sajarah: sastra jawa, sastra jawa
tengah, sastra jawa anyar, sastra Jawa Modern.
Ana kalih jinis obyek, yaiku obyek kang formal lan obyek
kang material.
a. Obyek formal yaiku obyek kang kawangun kaliyan
saparangkat informasi ugi sistem. obyek formal sastra
kayata: makna, estetika utawi kaendhahan, lan awujud.
b. Obyek material yaiku, inti utawa materi. Obyek
material punika awujud : komik, tembang, film,
skenario lan sakpiturute.
Cerita rekaan yaiku crita kang di dasari saking khayalan,
ora nyata. Cerita rekaan ngutamakake pikirane, panemu, raos, lan
bayangan saka penulis.
Geguritan iku golongane sastra edi (puisi) cengkok anyar,
wedharing rasa edi, kelair basa kang laras runtut karo edining rasa,
nanging ora usah kecancang ing patokan-patokan, wilangan dhong-
dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipating tembang
macapat lan sapanunggalane.