SlideShare a Scribd company logo
1 of 2
Cerita Wayang "Lahirnya Raden Gathutkaca" versi Bahasa Jawa
Lairipin Raden Gathutkaca
Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun
Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku
pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok
puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati
inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.
Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata
Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal
dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng
maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna
enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih
kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra
boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged
karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami
kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng
paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen
kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang
pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”
Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten
tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari-
ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng
ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”
Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya
lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha
bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning
Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat
kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si
Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”
Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang
Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang
ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng
kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng
dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes
parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala
Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun.
Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun
sami bubar mawur.
Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng
kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah
Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana
andrawina.

More Related Content

What's hot

Kumpulan mite bahasa jawa
Kumpulan mite bahasa jawaKumpulan mite bahasa jawa
Kumpulan mite bahasa jawa
Firdika Arini
 
Kerajaan kalingga power point
Kerajaan kalingga power pointKerajaan kalingga power point
Kerajaan kalingga power point
Siti Nur Khotimah
 
Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)
Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)
Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)
Purna Senda
 
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan FabelKumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Firdika Arini
 

What's hot (20)

Kumpulan mite bahasa jawa
Kumpulan mite bahasa jawaKumpulan mite bahasa jawa
Kumpulan mite bahasa jawa
 
Kerajaan Tarumanagara
Kerajaan TarumanagaraKerajaan Tarumanagara
Kerajaan Tarumanagara
 
Kerajaan tarumanegara
Kerajaan tarumanegaraKerajaan tarumanegara
Kerajaan tarumanegara
 
Kerajaan kalingga power point
Kerajaan kalingga power pointKerajaan kalingga power point
Kerajaan kalingga power point
 
Karya tulis kesultanan palembang
Karya tulis kesultanan palembang Karya tulis kesultanan palembang
Karya tulis kesultanan palembang
 
Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)
Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)
Power point mataram kuno ( kelas xi ipa 1)
 
Sejarah Wajib - Kerajaan Majapahit (Kelas X)
Sejarah Wajib - Kerajaan Majapahit (Kelas X)Sejarah Wajib - Kerajaan Majapahit (Kelas X)
Sejarah Wajib - Kerajaan Majapahit (Kelas X)
 
Kerajaan islam di pulau jawa
Kerajaan islam di pulau jawaKerajaan islam di pulau jawa
Kerajaan islam di pulau jawa
 
Kerajaan singasari dan majapahit
Kerajaan singasari dan majapahitKerajaan singasari dan majapahit
Kerajaan singasari dan majapahit
 
Legenda, sage, fabel, mite
Legenda, sage, fabel, miteLegenda, sage, fabel, mite
Legenda, sage, fabel, mite
 
sejarah-kerajaan islam di jawa
sejarah-kerajaan islam di jawasejarah-kerajaan islam di jawa
sejarah-kerajaan islam di jawa
 
Kliping seni budaya tio
Kliping seni budaya tioKliping seni budaya tio
Kliping seni budaya tio
 
Kerajaan kalingga
Kerajaan kalinggaKerajaan kalingga
Kerajaan kalingga
 
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
 
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan FabelKumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
 
Serat Tripama
Serat TripamaSerat Tripama
Serat Tripama
 
Tradisi Nyadran tugas bahasa jawa
Tradisi Nyadran tugas bahasa jawaTradisi Nyadran tugas bahasa jawa
Tradisi Nyadran tugas bahasa jawa
 
Kerajaan majapahit
Kerajaan majapahitKerajaan majapahit
Kerajaan majapahit
 
Kesultanan banten.docx
Kesultanan banten.docxKesultanan banten.docx
Kesultanan banten.docx
 
Kesultanan cirebon
Kesultanan cirebonKesultanan cirebon
Kesultanan cirebon
 

Viewers also liked

Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11
Rajat Kumar
 
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8
Rajat Kumar
 
Cara menginstal aplikasi utility
Cara menginstal aplikasi utilityCara menginstal aplikasi utility
Cara menginstal aplikasi utility
Eddy_TKJ
 
Narrative structures
Narrative structuresNarrative structures
Narrative structures
aaronmc165
 
KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅
KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅
KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅
degvgsdfgvdsg
 
Aàlisi Erròni
Aàlisi ErròniAàlisi Erròni
Aàlisi Erròni
FJorba
 

Viewers also liked (15)

Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 11
 
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8
Clu obtained plots neemrana behror,nh8 8
 
Moya alexandra y diandra2
Moya  alexandra y diandra2Moya  alexandra y diandra2
Moya alexandra y diandra2
 
Cara menginstal aplikasi utility
Cara menginstal aplikasi utilityCara menginstal aplikasi utility
Cara menginstal aplikasi utility
 
Evaluación del plan de comunicación y sensibilización del programa de cribado...
Evaluación del plan de comunicación y sensibilización del programa de cribado...Evaluación del plan de comunicación y sensibilización del programa de cribado...
Evaluación del plan de comunicación y sensibilización del programa de cribado...
 
Colegio nacional
Colegio nacionalColegio nacional
Colegio nacional
 
The meeting Script
The meeting ScriptThe meeting Script
The meeting Script
 
NOMBRAMIENTOS
NOMBRAMIENTOSNOMBRAMIENTOS
NOMBRAMIENTOS
 
Narrative structures
Narrative structuresNarrative structures
Narrative structures
 
KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅
KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅
KOVO스포츠토토∇⊥▣kid85.com↑≥♣느바무료픽 인터넷배팅
 
Ensayo 1
Ensayo 1Ensayo 1
Ensayo 1
 
Colors
ColorsColors
Colors
 
Championfishingcharters dot com
Championfishingcharters dot comChampionfishingcharters dot com
Championfishingcharters dot com
 
Ensayo de la formación de alumnos para el futuro
Ensayo de la formación de alumnos para el futuroEnsayo de la formación de alumnos para el futuro
Ensayo de la formación de alumnos para el futuro
 
Aàlisi Erròni
Aàlisi ErròniAàlisi Erròni
Aàlisi Erròni
 

More from Eddy_TKJ

Wireless lan
Wireless lanWireless lan
Wireless lan
Eddy_TKJ
 
Welcome to our community for dota 2 workshop
Welcome to our community for dota 2 workshopWelcome to our community for dota 2 workshop
Welcome to our community for dota 2 workshop
Eddy_TKJ
 
Tutorial menginstal linux debian
Tutorial menginstal linux debianTutorial menginstal linux debian
Tutorial menginstal linux debian
Eddy_TKJ
 
Tutorial instalasi mail server budi edy hery ahmad
Tutorial instalasi mail server budi edy hery ahmadTutorial instalasi mail server budi edy hery ahmad
Tutorial instalasi mail server budi edy hery ahmad
Eddy_TKJ
 
Tutorial instalas linux menggunakan virtualbox
Tutorial instalas linux menggunakan virtualboxTutorial instalas linux menggunakan virtualbox
Tutorial instalas linux menggunakan virtualbox
Eddy_TKJ
 
Tutorial firmware basic call 7 d
Tutorial firmware basic call 7 dTutorial firmware basic call 7 d
Tutorial firmware basic call 7 d
Eddy_TKJ
 
Tutorial cara installasi linux debian
Tutorial cara installasi linux debianTutorial cara installasi linux debian
Tutorial cara installasi linux debian
Eddy_TKJ
 
Tutorial cara installasi linux debian copy
Tutorial cara installasi linux debian   copyTutorial cara installasi linux debian   copy
Tutorial cara installasi linux debian copy
Eddy_TKJ
 
Tugas kewirausahaan
Tugas kewirausahaanTugas kewirausahaan
Tugas kewirausahaan
Eddy_TKJ
 
Tugas instalasi software
Tugas instalasi softwareTugas instalasi software
Tugas instalasi software
Eddy_TKJ
 
Troubleshooting layanan ntp server
Troubleshooting layanan ntp serverTroubleshooting layanan ntp server
Troubleshooting layanan ntp server
Eddy_TKJ
 
Topologi jaringan
Topologi jaringanTopologi jaringan
Topologi jaringan
Eddy_TKJ
 
Teknik komputer jaringan(register)
Teknik komputer jaringan(register)Teknik komputer jaringan(register)
Teknik komputer jaringan(register)
Eddy_TKJ
 
Teknik komputer jaringan(algoritma)
Teknik komputer jaringan(algoritma)Teknik komputer jaringan(algoritma)
Teknik komputer jaringan(algoritma)
Eddy_TKJ
 
Struktur kontrol dalam php
Struktur kontrol dalam phpStruktur kontrol dalam php
Struktur kontrol dalam php
Eddy_TKJ
 
Sistem informasi berbasis web
Sistem informasi berbasis webSistem informasi berbasis web
Sistem informasi berbasis web
Eddy_TKJ
 
Shotrcut key di ms word
Shotrcut key di ms wordShotrcut key di ms word
Shotrcut key di ms word
Eddy_TKJ
 
Sampah plastik
Sampah plastikSampah plastik
Sampah plastik
Eddy_TKJ
 

More from Eddy_TKJ (20)

Wireless lan
Wireless lanWireless lan
Wireless lan
 
Welcome to our community for dota 2 workshop
Welcome to our community for dota 2 workshopWelcome to our community for dota 2 workshop
Welcome to our community for dota 2 workshop
 
Webhost
WebhostWebhost
Webhost
 
Tutorial menginstal linux debian
Tutorial menginstal linux debianTutorial menginstal linux debian
Tutorial menginstal linux debian
 
Tutorial instalasi mail server budi edy hery ahmad
Tutorial instalasi mail server budi edy hery ahmadTutorial instalasi mail server budi edy hery ahmad
Tutorial instalasi mail server budi edy hery ahmad
 
Tutorial instalas linux menggunakan virtualbox
Tutorial instalas linux menggunakan virtualboxTutorial instalas linux menggunakan virtualbox
Tutorial instalas linux menggunakan virtualbox
 
Tutorial firmware basic call 7 d
Tutorial firmware basic call 7 dTutorial firmware basic call 7 d
Tutorial firmware basic call 7 d
 
Tutorial cara installasi linux debian
Tutorial cara installasi linux debianTutorial cara installasi linux debian
Tutorial cara installasi linux debian
 
Tutorial cara installasi linux debian copy
Tutorial cara installasi linux debian   copyTutorial cara installasi linux debian   copy
Tutorial cara installasi linux debian copy
 
Tugas kewirausahaan
Tugas kewirausahaanTugas kewirausahaan
Tugas kewirausahaan
 
Tugas instalasi software
Tugas instalasi softwareTugas instalasi software
Tugas instalasi software
 
Troubleshooting layanan ntp server
Troubleshooting layanan ntp serverTroubleshooting layanan ntp server
Troubleshooting layanan ntp server
 
Topologi jaringan
Topologi jaringanTopologi jaringan
Topologi jaringan
 
Tembang
TembangTembang
Tembang
 
Teknik komputer jaringan(register)
Teknik komputer jaringan(register)Teknik komputer jaringan(register)
Teknik komputer jaringan(register)
 
Teknik komputer jaringan(algoritma)
Teknik komputer jaringan(algoritma)Teknik komputer jaringan(algoritma)
Teknik komputer jaringan(algoritma)
 
Struktur kontrol dalam php
Struktur kontrol dalam phpStruktur kontrol dalam php
Struktur kontrol dalam php
 
Sistem informasi berbasis web
Sistem informasi berbasis webSistem informasi berbasis web
Sistem informasi berbasis web
 
Shotrcut key di ms word
Shotrcut key di ms wordShotrcut key di ms word
Shotrcut key di ms word
 
Sampah plastik
Sampah plastikSampah plastik
Sampah plastik
 

Cerita wayang

  • 1. Cerita Wayang "Lahirnya Raden Gathutkaca" versi Bahasa Jawa Lairipin Raden Gathutkaca Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa. Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati. Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!” Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!” Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!” Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna. Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.
  • 2. Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.