Materi Tembang Macapat yang dibuat menggunakan media aplikasi Canva untuk umum, bisa didapatkan secara gratis untuk semua sebagai media pembelajaran digital. Semangat belajar dan Jangan malas-malas untuk membaca!😊😚🤗❤️
Berikut adalah materi presentasi dari saya tentang Tembang Macapat materi bahasa jawa di berbagai tingkatan sekolah maupun luar sekolah, khususnya kelas XI SMA
Sebuah dokumen yang bisa anda/kalian gunakan untuk sarana edukasi atau hanya sekedar mencari Informasi-informasi mengenai apa itu Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat, tujuan Tembang Macapat dan Unsur kebahasaan yang terdapat di dalam Tembang Macapat.
Materi Tembang Macapat yang dibuat menggunakan media aplikasi Canva untuk umum, bisa didapatkan secara gratis untuk semua sebagai media pembelajaran digital. Semangat belajar dan Jangan malas-malas untuk membaca!😊😚🤗❤️
Berikut adalah materi presentasi dari saya tentang Tembang Macapat materi bahasa jawa di berbagai tingkatan sekolah maupun luar sekolah, khususnya kelas XI SMA
Sebuah dokumen yang bisa anda/kalian gunakan untuk sarana edukasi atau hanya sekedar mencari Informasi-informasi mengenai apa itu Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat, tujuan Tembang Macapat dan Unsur kebahasaan yang terdapat di dalam Tembang Macapat.
UNTUK DOSEN Materi Sosialisasi Pengelolaan Kinerja Akademik DosenAdrianAgoes9
sosialisasi untuk dosen dalam mengisi dan memadankan sister akunnya, sehingga bisa memutakhirkan data di dalam sister tersebut. ini adalah untuk kepentingan jabatan akademik dan jabatan fungsional dosen. penting untuk karir dan jabatan dosen juga untuk kepentingan akademik perguruan tinggi terkait.
3. Para leluhur Walisongo nurunake akeh
tradhisi sing menarik kanggo disinaoni, salah
sijie maosi geguritan. Waosan geguritan
mantra wis ana wiwit agama Islam durung
nyebar ing tanah Jawa. Wektu iku cara
ngucapake mantra diarani kakawin,
nggunakake basa Sansekerta lan kanggo
upacara agama.
Salajengipun para Wali ngubah mantra
kasebut awujud tembang-tembang cekak
kanthi nglebokake unsur agama, tata krama,
lan diterapake minangka urip ing norma
keislaman.
Pengerten lan Filosofi
4. Tembang cendhek iki diarani "Macapat"
kang ngemot isi piwulang ing 11 bab. Umume
macapat ditegesi maca papat-papat, yaiku
cara maca ukara kang raket saben patang
gatra. Miturut pangertone wong Jawa,
macapat minangka kawruh utawa filsafat.
Macapat diputegesi minangka pados jati diri
manungsa ingkang diubengi dening "Sadulur
papat kalimo pancer."
Macapat kalebu jenise tembung cekak
"Sekar Alit." Umume macapat mung nduweni
11 metrum kang mujudake lelampahing
manungsa wiwit lair nganti ngadhep Gusti
Kang Maha Kuwasa.
5. Ancase Tembang
Macapat
Mujudake tuntunan tumrap manungsa
kanggo nggoleki awake dhewe kanthi
cara ngelola 4 pepenginan kadonyan
kang ndhampingi saben manungsa
urip.
6. Paugerane
Tembang Macapat
Guru Wilangan yaiku akehe wanda
(suku kata) ing saben gatra (baris)
tembang
Guru Gatra yaiku akehe gatra (baris)
saben sapada (bait) tembang
Guru Lagu yaiku dhong-dhinge/tibane
swara ing saben pungkasane gatra
8. 1. Maskumambang
Nggambarake kahanan manungsa nalika isih
ana ing alam roh/garbane ibu kang banjur
dadi raga.
Sasmitane : Kampul, kambang, kenter
Watake : Susah, sedhih, melas asih, cocog
kanggo rasa sedhih kang ngenesake
Cakepan :
Mugi Gusti ingkang dhahat maha asih
Tumunten paringna
Pepenget kang padha lali
Elinga mring kautaman
Guru gatra : 4 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 12i, 6a, 8i, 8a
9. 2. Mijil
Kelairane jabang bayi kang
ditandhani karo tangisan sing
ngartiake ditempelake papat
nafsu minangka daya ing
perkembangan manungsa.
Sasmitane : Wijil, miyos, medal, sulastri
Watake : Tinarbuka, lumrahe kanggo pitutur
nasihat, uga crita bab katresnan
10. Cakepan :
Mijil ing dunya siniwi ratri
Kabeh durung katon
Amung anjali soca ing tembe
Lelaku alon siniji-siji
Nunggu mring wartaning
Sesotya satuhu
Guru gatra : 6 gatra
Guru wilangan lan guru lagu :101, 60, 10e, 101,
61, 6u
11. TENGKUREP
MBRANGKANG
NGADEG
MLAKU
3. Sinom
Tegese gegambaran mudha
utawa fase kanak-kanak
Sasmitane : taruna, anom, nom, mudha,
pangrawit.
Watake : sabar, grapyak lan sumanak,
lumarahe kanggo crita kang ngemu crita lan
pitutur.
Cakepan :
Ing nguni caritanira
Nuswantara hangalami
Jinayah ing liyan bangsa
Inggris Jepang lan Walanda
Kawula kawlas asih
Kudu trima dadi batur
Neng nagrine priyangga
Dene pametuning bumi
Telas amblas jinarah datanpa tilas
Guru gatra : 9 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i,
8u, 7a, 8i, 12a
12. 4. Kinanthi
Asale saka tembung "Kanthi" utawa tuntun
sing nduweni teges mbutuhake dalan bener
kanggo nggayuh cita-cita. Iki kang dadi
dhasar anane pesantren ingkang dados
papan pamulangan lan dikenal "Nyantri."
Sasmitane : kanthi, gandheng, kanthil.
Watake : seneng, tresna asih, nuladhani,
mula cocok kanggo pitutur lan nelakake rasa
tresna asih.
13. Cakepan :
Panggawe becik puniku
Gampang yen den lakoni
Angel yen durung kalakyan
Aras-arasen nglakoni
Tur iku den lakonana
Mupangati bedaneki
Guru gatra : 6 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 8u, 7i, 8a, 8i,
8a, 8i
14. Asmara tegese tresna. Fase iki
nyritakake babagan roman, asmara,
lan katresnane priya lan wanita.
Sasmitane : Asmara, brangta, kingkin,
yungyun.
Watake : Tresna asih lan sedhih,
pantes kanggo nelakake rasa
brangta, tresna asih lan crita
katresnan
5. Asmaradhana
15. Cakepan :
Caritane wayang Jawi
Ing nagri Ngalengka draja
Rahwana raja arane
Gawe geger nyolong Sinta
Anoman cancut tumandang
Ngalengka wus dadi awu
Kobong gedhe jroning praja
Guru gatra : 7 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 8i, 8a, 8e, 8a,
8a, 8u, 8a
16. Nduweni teges jumbo utawa bersatu.
Njlentrehake komitmen lewat kemantenan
kanggo nyawiji katresnan dadi siji kluwarga.
Sasmitane : buh, jumbuh, tambuh.
Watake : grapyak, sumanak, cocok kanggo
nyritakake pitutur.
Cakepan :
Semengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun ketemu
Tandha nugrahaning Manon
Guru gatra : 5 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 7u, 10u, 12i, 8u,
8o
6. Gambuh
17. Pahit legine urip ana ing fase iki.
Sawise kabentuk siji kluwarga, urip
golek stabilitas lan kemapanan sosial
gawe nyukupi kabutuhan pangan,
sandang, lan papan
Sasmitane : Sarkara, hartati, madu,
manis, gulagrawa, tresna, dhandang.
Watake : luwes lan ndudut ati, pantes
kanggo ngandhakake crita apa bae,
ing ngendi bae lan kapan bae
Guru gatra : 10 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 10i, 10a,
8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
7. Dhandanggula
18. Saka tembung Darma sing nduwe teges saben
manungsa kudu tumindak becik lan sedekah
marang wong liya, saengga bisa bermanfaat.
Sasmitane : dur, undur, galak
Watake : galak, sereng, lan kebak napsu, cocok
kanggo nyritakake wong kang nesu lan
kahanan perang
Cakepan :
Para mudha wajibmu padha estokna
Aja malang tumoleh
Sinau kang giyat
Aja padha kerengan
Yen wis tamat lan mumpuni
Nulya tanjakna
Kanggi bangsa lan nagri
Guru gatra : 7 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 12a, 7e, 6a, 7a, 8i,
5a, 7i
8. Durma
19. 9. Pangkur
Bisa disebut mangkur kang tegese
nyingkirake hawa nafsu lan angkara murka
sing mangan utawa nggrogoti jiwa
manungsa. Pangkur uga melbu kesadarane
diri lan ikhlas nrimo takdir saka Gusti Maha
Kuwasa
Sasmitane : pungkur, ungkur, wuntat.
Watake : sereng lan gagah, cocok kanggo
nritakake rasa mangkel lan peperangan
Guru gatra : 7 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 8a, 11i, 8u, 7a,
12u, 8a, 8i
20. 9. Megatruh
Megatruh utawa Megatron tegese fase
kapisah saka roh menyang akhirat.
Sasmitane : Duduk wuluh, truh, megatruh,
pegat, luh.
Watake : sedhih, lan kentekan pangarep-
arep, cocok kanggo crita kang nggrantesake
ati.
Cakepan :
Singkirana watak adigang adigung
Adiguna akal ukil
Nuwuhake hawa nepsu
Ngudi raharjaning dhiri
Gesange tiningal mabyor
Guru gatra : 5 gatra
Guru wilangan lan guru lagu : 12u, 8i, 8u, 8i,
8o
21. 11. Pocung
Jasad manungsa
diistirahatake utawa
dilestarekake ing akhirat,
dibungkus nganggo 5
lembar kain putih lan
diiket ing saben bagean.
Bisa diarani pocong.
Sasmitane : kluwak, wanda "cung"
Watake : sakpenake lan kurang greget,
lumrahe kanggo geguyonan lan pitutur.
22. Cakepan :
Lamun dalu saben arsa mapan turu
Wektu kang prayoga
Mulat mring laku kang uwis
Dina mau apa kang wis dipunkarya
Guru gatra : 4 gatra
Guru wilangan lan guru lagu :12u, 6a, 8i, 12a
24. 1. TEMBUNG KAWI
Tembung-tembung sing asale saka Basa Jawa
Tengahan/Jawa Kuna. Biasabdigunakake kanggo
omongan sabendina, mula saiki wis arang
keprungu.
2. DASANAMA
Asale saka tembung 'dasan' ateges sepuluh, 'nama'
ateges jeneng utawa aran. Dasanama: jenenge
wonng utawa aran siji nduweni jeneng utawa aran
nganti sepuluh (utawa luwih) kang padha utawa
meh padha tegese.
3. TEMBUNG GARBA
Tembung kang kedadeyan saka gandhenge
tembung loro utawa luwih
4. SANDI ASMA LAN SANDI KARSA
Sandi asma: jenenge pangarang, pangripta, utawa
pujangga kang diwedharake kang satemene kang
dipilah-pilah adhapur wanda-wanda utawa
aksara-aksara
Sandi karsa: ukara kang diwedharake kang
satemene kang dipilah-pilah adhapur huruf. Sandi
iki digawe medharake cipta, gagasan, utawa
kekarepan.
25. Awan iki priya lan dyah
Siang ini laki-laki dan perempuan
Sesrawungan datan ngati-ati
Bergaul tidak berhati-hati
Juga ngandhalake sugyarta lan kanuraga
Hanya mengandalkan kekayaan dan kekuasaan
Lir amerta kuwi selawase
Seperti hidup itu selamanya
Aneng arcapada mung sedhela
Ada di bumi hanya sebentar
Nalika palastra bakale keduwung
Saat meninggal akan kecewa
WANDA JULIANA