2. MANTU
Mantu ditegesi duwe gawe ngomah-
omahake putra-putrine sing wis
dewasa. Diarani ngomah-omahake
sebab nyawijekake putrine (prawan)
karo jejaka, banjur manggon ana
sawijining panggonan utawa
saomah lan urip bebarengan ing
madyaning masyarakat.
Manunggaling prawan jejaka ana ing
bebrayan bisa mawohake kabagyan,
kamulyan lan putra utawa anak sing
bakal nerusake keturunane
3. RERANGKENING TATA CARA
MANTU
A. Lamaran:
Lamaran iku rerangken tata cara nalika wong
tuwane jejaka sowan ing wong tuwane bocah wadon
sing dituju dadi jodhone, sing arep padha bebesanan
rembugan bab sesambungan para putrane disekseni
kulawarga lan sanak sedulur.
4. B.Paningset lan lambing kalpika (tukar cincin)
Yen lamaran wis ditampa, banjur calon besan nemtokake
wektu kanggo tata cara paningsetan kanthi lambang kalpika, lumrahe
uga dikantheni piranti liyane umpamane dhuwit, sandhangan (jarit/rok,
klambi), mas-masan (gelang, alung, suweng, lsp), jajanan (jadah, wajik,
jenang, roti), who-wohan (gedhang, jeruk, nanas, salak, apel, lsp), urip-
uripan (ayam, bebek, banyak, lsp). Kabeh mau minangka lambang lan
wujud tanggung jawab sing bakal ditindhakake calon penganten
kakung marang calon garwane lan kulawargane, kudu nyukupi
sandhang pangan lan ubarampe kanggo panguripane, sawise tata cara
lamaran, banjur ditindakake tata cara upacara mantu.
5. TATA CARA UPACARA
MANTU
1. Pasang tarub
Tarub, kerata basane ditata supaya katon murub.
Maknane yen arep nampa tamu lumrah nata
panggonan supaya katon becik, diwenehi
rerenggan supaya endah lumrahe direnggani janur
kuning. (janur = sejatine nur/cahaya).
6. 2. BUWANGAN
Sing dibuwang takir (panjang ilang) isi kacang-
kacangan, bumbon (bumbu pawon), rajangan daging,
dhuwit receh. Kabeh mau minangka lambang mbuwang
sakabehing sukerta, lan pepalang supaya pakaryan sing
ditindakake ora ana alangan.
7. 3. PASANG TUWUHAN
Tuwuhan tegese maneka warna tanduran sing di tata ing
tarub,wujude gedhang suluh setundhun,cengkir
gendhing,tebu,godhong (kluwih,alang-alang,ringin),pari sawuli.
Maknane supaya temanten bisa nuwuhake urip mulya,dadi
tuladhane kulawarga.
8. 4. SIRAMAN
Siraman ditindaake sedina sadurunge upacara
dhaup(nikah)ancase calon penganten resik lair
lan batine,ditindaake para sesepuhing
temanten
9. 5. MIDODARENI
Midodareni saka tembung widadari, maknane
supaya calon penganten endhahing warna
kaya bidadari,sadurunge upacara nikah.