SlideShare a Scribd company logo
1 of 9
PRASTAWA BUDAYA
Kelas VI Semester 1
Prastawa Budaya yaiku: kedadeyan sing uwis dadi buda
ya bangsa ing masyarakat utawa asiling budaya.
Saben panggonan duwe upacara adat dhewe-dhewe. U
pacara adat kanthi tujuwan nyuwun keslametan lan kara
harjan. Upacara dilakoni kanthi piranti lan wektu kang wi
s ditemtokake sing padha nglakoni.
Contone: Grebeg Besar, Sekaten, Nyekar, Tedak Sinten,
Upacara ruwatan, sedhekah laut, lan sak panunggalane.
PRASTAWA BUDAYA
Ngendheg Kamurkan, Ngudi Kamakmuran
Ngelingi kahanan bangsa lan negara sing tambah mawut, awit
tumindake para manungsa sing saya suwe tambah murka sing ndad
ekake kasangsarane kawula. Mula Ratu Ayu Mega Arum Dewi Sri S
aparwi, salah sijine spiritualis lan pemangku adat padhepokan Kyai
Langsur Sukoharjo, Jawa Tengah banjur nggelar ruwatan Agung Tut
up Sura, kanthi karep mligi amrih para pejabat sing duwe sipat jahat
enggal eling lan ngendheg tumindak murka, satemah gelem ngudi k
amakmuran rakyat.
Prosesi ruwatan Agung Tutup Sura digelar ing Umbul Tirta Mul
ya sing manggon ing Desa Kemasan, Kecamatan Sawit, Boyolali, J
awa Tengah, dina Jum’at Wage 21 Nopember 2014 bengi. Umbul iki
biyen ditemokake lan dibangun dening Pakubuwana X, Raja Suraka
rta (1879-1939). Upacara dipandhegani Ratu Ayu Mega Arum Dewi
Sri Saparwi.
Contoh Wacan Prastawa Budaya
Upacara diwiwiti kanthi ngeburake dara sajodho, minangka lamba
ng nyampurnakake roh gentayangan sing tansah gawe rusake panguri
pan iki. Upacara iki uga ngajak wong sukerta cacahe wong 29. Wong S
ukerta yaiku wong sing tansah apes uripe. Wong iku diwajibake nggaw
a sesaji arupa who naga, gedhang raja, apel diwadahi tampah, tengah
e diwenehi lilin lan dhuwit salilane.
Lilin banjur disumet Bu Dewi, pratandha oleh pepadhange urip. P
rosesi dibacutake kirap tulak balak, saka wong sukerta mau karo ngga
wa sega wungkus dilawuhi bakmi, pralambang pangane wong cilik.
Kirab mlaku saka Kantor Kecamatan Sawit tumuju Umbul Tirta M
ulya adohe 70 meteran. Sadawane laku Bu Dewi nyebar udhik-udhik a
rupa kacang ijo, kacang tholo, jagung, dhele, pari lan dhuwit. Wong sin
g nonton sak kiwa tengene rayahan udhik-udhik mau pralambang kaw
ula iku pancen mbutuhake kawigatene para punggawa negara. Tumek
a sapinggire umbul, para penari njoged Bedhaya Dewi Mega Awan, pr
alambang Gusti Maha Wikan paring berkah.
Acara diterusake ritual 29 sukerta kanthi disiram banyu suci saka
genthong kang isine banyu degan. Bebarengan kuwi sesaji woh naga,
gedhang raja, apel, lan ampo disebar ing satengahe Umbul Tirta Mulya
sing wis dikebaki wong-wong kang padha pengin ngalap berkah. Panut
uping atur Bu Dewi ngelingake unine Pujangga Ranggawarsita, “Yen or
a ngedan ora keduman, becik ketitik ala ketara. Sak begja-begjane kan
g lali isih begja kang eling lan waspada.”
(Kapethik saking: Panyebar Semangat No.50, 13 Des 2014)
a. Ampo : dhuwit sedhekah
b. Dipandhegani : dipimpin
c. Kamurkan : kaserakahan
d. Kawula : rakyat
e. Keduman : kebagian
f. Mligi : khusus
g. Ngudi : golek
h. Ngalap berkah : golek berkah
Negesi tembung angel kang tinemu ing wacan
Wasita adi yaiku tetembungan kang mentes isi piwulang becik.
Contone:
- Sak begja-begjane kang lali isih begja kang eling lan waspada
- Yen ora ngedan ora keduman
- Becik ketitik ala ketara
Wasita adi
Wong naggapi iku isine werna 2 yaiku, sarujuk lan ora sarujuk, sen
eng lan ora seneng, mathuk lan ora mathuk.
Yen padha karo karepmu mesthi sarujuk, dene yen beda karo kare
pmu mesthi ora sarujuk.
Contone: wacan “Ngendheg Kamurkan, Ngudi Kamakmuran”
- Sarujuk: nguri-uri budhaya leluhur, gawe senenge kawula
- Ora sarujuk: ngentek-ngentekake ragat, dhuwit luwih becik dice
lengi
Nanggapi isine wacan
Sekaten
Sekaten inggih menika upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya kaping
5 wulan Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang sepisanan inggih menika mboyong 2 gamelan pusa
ka saking kraton dhateng Masjid Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau nggadhahi asma piyambak-piyambak. I
ngkang sepisan inggih menika gamelan Kyai Guntur Madu, ingkang dipunpanggenaken wonten sisih kidul Masj
id Agung Solo. Dene ingkang satunggalipun, inggih menika gamelan Kyai Guntur Sari ingkang dipunpanggenak
en wonten sisih ler. Gamelan menika dipuntabuh gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu. Para abdi
dalem ingkang putri sami ndhahar kinang ingkang dipun wadhahi conthong. Jajanan khas Sekaten inggih meni
ka cabuk rambak, wedang rondhe, ndhog asin, lan sekul liwet.
Sasampunipun pengetan Sekaten kaleksanan pitung dinten, ing surya kaping 12 Mulud dipun wontenaken a
dicara Grebeg Mulud. Wonten mrika wonten upacara slametan lan arak-arakan gunungan saking kraton dumug
i Masjid Agung. Gunungan menika karonce dening kacang-kacangan, woh-wohan, sayuran, lan sanes-sanesip
un. Nalikanipun gunungan sampun dumugi Masjid Agung, gunungan menika dados rebutan sedaya masyaraka
t ingkang mirsani adicara menika. Pangajabipun mugi angsal berkah lan rejeki ingkang lancar. Adicara Sekaten
an menika dipun pungkasi mangsulaken gamelan pusaka dhateng Kraton.
Tugas
1. Tegesana tembung ing sebelah! (pengetan, nggadhai, slametan, gunungan, mangsulaken)
2. Wenehana tanggapan wacan ing dhuwur! (sarujuk lan ora sarujuk)
3. Tulisen wasita adi wacan ing dhuwur!

More Related Content

What's hot

pengolahan air dengan lumpur aktif
pengolahan air dengan lumpur aktifpengolahan air dengan lumpur aktif
pengolahan air dengan lumpur aktif
1106499
 
Kriteria umum unit instalasi pengolahan air
Kriteria umum unit instalasi pengolahan airKriteria umum unit instalasi pengolahan air
Kriteria umum unit instalasi pengolahan air
Dianita Octavia
 
PENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).ppt
PENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).pptPENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).ppt
PENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).ppt
Novriadi10
 

What's hot (20)

pengolahan air dengan lumpur aktif
pengolahan air dengan lumpur aktifpengolahan air dengan lumpur aktif
pengolahan air dengan lumpur aktif
 
Sistem Pengolahan Air Limbah secara Kimia
Sistem Pengolahan Air Limbah secara KimiaSistem Pengolahan Air Limbah secara Kimia
Sistem Pengolahan Air Limbah secara Kimia
 
Kriteria umum unit instalasi pengolahan air
Kriteria umum unit instalasi pengolahan airKriteria umum unit instalasi pengolahan air
Kriteria umum unit instalasi pengolahan air
 
Opsi Teknologi Air Limbah Domestik Sistem Setempat (On-Site)
Opsi Teknologi Air Limbah Domestik Sistem Setempat (On-Site)Opsi Teknologi Air Limbah Domestik Sistem Setempat (On-Site)
Opsi Teknologi Air Limbah Domestik Sistem Setempat (On-Site)
 
Pengelolaan limbah onsite
Pengelolaan limbah onsitePengelolaan limbah onsite
Pengelolaan limbah onsite
 
Pembangunan Sistem Pengolahan Air Limbah Terpusat (Skala Komunal, > 50 KK)
Pembangunan Sistem Pengolahan Air Limbah Terpusat (Skala Komunal, > 50 KK)Pembangunan Sistem Pengolahan Air Limbah Terpusat (Skala Komunal, > 50 KK)
Pembangunan Sistem Pengolahan Air Limbah Terpusat (Skala Komunal, > 50 KK)
 
Sistem Pengelolaan Air Limbah Sistem Setempat - Upflow Anaerobic Filter - Per...
Sistem Pengelolaan Air Limbah Sistem Setempat - Upflow Anaerobic Filter - Per...Sistem Pengelolaan Air Limbah Sistem Setempat - Upflow Anaerobic Filter - Per...
Sistem Pengelolaan Air Limbah Sistem Setempat - Upflow Anaerobic Filter - Per...
 
Perencanaan Teknis Sistem Pengolahan Air Limbah (IPAL) Secara Fisik
Perencanaan Teknis Sistem Pengolahan Air Limbah (IPAL) Secara FisikPerencanaan Teknis Sistem Pengolahan Air Limbah (IPAL) Secara Fisik
Perencanaan Teknis Sistem Pengolahan Air Limbah (IPAL) Secara Fisik
 
PKP
PKPPKP
PKP
 
Karakteristik air limbah domestik
Karakteristik air limbah domestikKarakteristik air limbah domestik
Karakteristik air limbah domestik
 
Jenis jenis Instalasi Pengolahan Air Limbah Domestik (IPAL)
Jenis jenis Instalasi Pengolahan Air Limbah Domestik (IPAL)Jenis jenis Instalasi Pengolahan Air Limbah Domestik (IPAL)
Jenis jenis Instalasi Pengolahan Air Limbah Domestik (IPAL)
 
TUGAS BIOTEKKNOLOGI EKSTRAKSI DNA BUAH NAGA.pptx
TUGAS BIOTEKKNOLOGI  EKSTRAKSI DNA BUAH NAGA.pptxTUGAS BIOTEKKNOLOGI  EKSTRAKSI DNA BUAH NAGA.pptx
TUGAS BIOTEKKNOLOGI EKSTRAKSI DNA BUAH NAGA.pptx
 
Lagu daerah di Indonesia
Lagu daerah di IndonesiaLagu daerah di Indonesia
Lagu daerah di Indonesia
 
PENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).ppt
PENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).pptPENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).ppt
PENGOLAHAN LIMBAH CAIR (4).ppt
 
Opsi Teknologi Pengelolaan Air Limbah Sistem Terpusat - Penampungan dan Penga...
Opsi Teknologi Pengelolaan Air Limbah Sistem Terpusat - Penampungan dan Penga...Opsi Teknologi Pengelolaan Air Limbah Sistem Terpusat - Penampungan dan Penga...
Opsi Teknologi Pengelolaan Air Limbah Sistem Terpusat - Penampungan dan Penga...
 
Bangunan Pengolah Air Limbah secara Aerobik
Bangunan Pengolah Air Limbah secara AerobikBangunan Pengolah Air Limbah secara Aerobik
Bangunan Pengolah Air Limbah secara Aerobik
 
Pengolahan sampah
Pengolahan sampahPengolahan sampah
Pengolahan sampah
 
Makalah tlus pemilihan lokasi tpa klp 2
Makalah tlus pemilihan lokasi tpa klp 2Makalah tlus pemilihan lokasi tpa klp 2
Makalah tlus pemilihan lokasi tpa klp 2
 
Persyaratan Teknis Pemilahan dan Pewadahan Sampah
Persyaratan Teknis Pemilahan dan Pewadahan SampahPersyaratan Teknis Pemilahan dan Pewadahan Sampah
Persyaratan Teknis Pemilahan dan Pewadahan Sampah
 
PENCEMARAN TANAH
PENCEMARAN TANAH PENCEMARAN TANAH
PENCEMARAN TANAH
 

B Jawa Prastawa Budaya.pptx

  • 2. Prastawa Budaya yaiku: kedadeyan sing uwis dadi buda ya bangsa ing masyarakat utawa asiling budaya. Saben panggonan duwe upacara adat dhewe-dhewe. U pacara adat kanthi tujuwan nyuwun keslametan lan kara harjan. Upacara dilakoni kanthi piranti lan wektu kang wi s ditemtokake sing padha nglakoni. Contone: Grebeg Besar, Sekaten, Nyekar, Tedak Sinten, Upacara ruwatan, sedhekah laut, lan sak panunggalane. PRASTAWA BUDAYA
  • 3. Ngendheg Kamurkan, Ngudi Kamakmuran Ngelingi kahanan bangsa lan negara sing tambah mawut, awit tumindake para manungsa sing saya suwe tambah murka sing ndad ekake kasangsarane kawula. Mula Ratu Ayu Mega Arum Dewi Sri S aparwi, salah sijine spiritualis lan pemangku adat padhepokan Kyai Langsur Sukoharjo, Jawa Tengah banjur nggelar ruwatan Agung Tut up Sura, kanthi karep mligi amrih para pejabat sing duwe sipat jahat enggal eling lan ngendheg tumindak murka, satemah gelem ngudi k amakmuran rakyat. Prosesi ruwatan Agung Tutup Sura digelar ing Umbul Tirta Mul ya sing manggon ing Desa Kemasan, Kecamatan Sawit, Boyolali, J awa Tengah, dina Jum’at Wage 21 Nopember 2014 bengi. Umbul iki biyen ditemokake lan dibangun dening Pakubuwana X, Raja Suraka rta (1879-1939). Upacara dipandhegani Ratu Ayu Mega Arum Dewi Sri Saparwi. Contoh Wacan Prastawa Budaya
  • 4. Upacara diwiwiti kanthi ngeburake dara sajodho, minangka lamba ng nyampurnakake roh gentayangan sing tansah gawe rusake panguri pan iki. Upacara iki uga ngajak wong sukerta cacahe wong 29. Wong S ukerta yaiku wong sing tansah apes uripe. Wong iku diwajibake nggaw a sesaji arupa who naga, gedhang raja, apel diwadahi tampah, tengah e diwenehi lilin lan dhuwit salilane. Lilin banjur disumet Bu Dewi, pratandha oleh pepadhange urip. P rosesi dibacutake kirap tulak balak, saka wong sukerta mau karo ngga wa sega wungkus dilawuhi bakmi, pralambang pangane wong cilik. Kirab mlaku saka Kantor Kecamatan Sawit tumuju Umbul Tirta M ulya adohe 70 meteran. Sadawane laku Bu Dewi nyebar udhik-udhik a rupa kacang ijo, kacang tholo, jagung, dhele, pari lan dhuwit. Wong sin g nonton sak kiwa tengene rayahan udhik-udhik mau pralambang kaw ula iku pancen mbutuhake kawigatene para punggawa negara. Tumek a sapinggire umbul, para penari njoged Bedhaya Dewi Mega Awan, pr alambang Gusti Maha Wikan paring berkah.
  • 5. Acara diterusake ritual 29 sukerta kanthi disiram banyu suci saka genthong kang isine banyu degan. Bebarengan kuwi sesaji woh naga, gedhang raja, apel, lan ampo disebar ing satengahe Umbul Tirta Mulya sing wis dikebaki wong-wong kang padha pengin ngalap berkah. Panut uping atur Bu Dewi ngelingake unine Pujangga Ranggawarsita, “Yen or a ngedan ora keduman, becik ketitik ala ketara. Sak begja-begjane kan g lali isih begja kang eling lan waspada.” (Kapethik saking: Panyebar Semangat No.50, 13 Des 2014)
  • 6. a. Ampo : dhuwit sedhekah b. Dipandhegani : dipimpin c. Kamurkan : kaserakahan d. Kawula : rakyat e. Keduman : kebagian f. Mligi : khusus g. Ngudi : golek h. Ngalap berkah : golek berkah Negesi tembung angel kang tinemu ing wacan
  • 7. Wasita adi yaiku tetembungan kang mentes isi piwulang becik. Contone: - Sak begja-begjane kang lali isih begja kang eling lan waspada - Yen ora ngedan ora keduman - Becik ketitik ala ketara Wasita adi
  • 8. Wong naggapi iku isine werna 2 yaiku, sarujuk lan ora sarujuk, sen eng lan ora seneng, mathuk lan ora mathuk. Yen padha karo karepmu mesthi sarujuk, dene yen beda karo kare pmu mesthi ora sarujuk. Contone: wacan “Ngendheg Kamurkan, Ngudi Kamakmuran” - Sarujuk: nguri-uri budhaya leluhur, gawe senenge kawula - Ora sarujuk: ngentek-ngentekake ragat, dhuwit luwih becik dice lengi Nanggapi isine wacan
  • 9. Sekaten Sekaten inggih menika upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya kaping 5 wulan Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang sepisanan inggih menika mboyong 2 gamelan pusa ka saking kraton dhateng Masjid Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau nggadhahi asma piyambak-piyambak. I ngkang sepisan inggih menika gamelan Kyai Guntur Madu, ingkang dipunpanggenaken wonten sisih kidul Masj id Agung Solo. Dene ingkang satunggalipun, inggih menika gamelan Kyai Guntur Sari ingkang dipunpanggenak en wonten sisih ler. Gamelan menika dipuntabuh gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu. Para abdi dalem ingkang putri sami ndhahar kinang ingkang dipun wadhahi conthong. Jajanan khas Sekaten inggih meni ka cabuk rambak, wedang rondhe, ndhog asin, lan sekul liwet. Sasampunipun pengetan Sekaten kaleksanan pitung dinten, ing surya kaping 12 Mulud dipun wontenaken a dicara Grebeg Mulud. Wonten mrika wonten upacara slametan lan arak-arakan gunungan saking kraton dumug i Masjid Agung. Gunungan menika karonce dening kacang-kacangan, woh-wohan, sayuran, lan sanes-sanesip un. Nalikanipun gunungan sampun dumugi Masjid Agung, gunungan menika dados rebutan sedaya masyaraka t ingkang mirsani adicara menika. Pangajabipun mugi angsal berkah lan rejeki ingkang lancar. Adicara Sekaten an menika dipun pungkasi mangsulaken gamelan pusaka dhateng Kraton. Tugas 1. Tegesana tembung ing sebelah! (pengetan, nggadhai, slametan, gunungan, mangsulaken) 2. Wenehana tanggapan wacan ing dhuwur! (sarujuk lan ora sarujuk) 3. Tulisen wasita adi wacan ing dhuwur!