5. Tembang Macapat yaiku syair utawa geguritan
tradisional Jawa sing nduweni makna tartamtu.
Tembang Macapat dilagukake serta kaiket
paugeran tartamtu.
Kaping Sawelas Panembangan yaiku ngenani
Perjalanan Kauripan Manungsa
mulai lair nganti ngadep marang kuasa
Tembang Macapat
2
7. Sinom
Kinanthi
4
Sinom = masa enom
Sinom nyaritakake
proses perkembangan
dhiri bayi nganti bocah-
bocah, wiwit saka
lungguh, merangkak,
lumaku nganti mlayu
Kinanthi nyaritakake
ngenani masa
pembentukan jatidhiri lan
meniti dalan pinuju
gegayuhan.
Kinanthi asale saka
tembung 'kanthi' utawa
'tuntun' kang ateges
menawa awake dhewe mbutuhake
tuntunan utawa dalan kang bener
ben gegayuhan awake dhewe bisa
kasembadan
8. Gambuh
Asmaradana
5
Asmara artine tresna.
Asmaradana nyaritakake
arep masa-masa crita
asmara, tresna asih, utawa
larut jroning segara asih
tresna.
Gambuh asale saka
tembung 'jumbuh' utawa
'bersatu'.
Gambuh nyaritakake soal
komitmen jero ningkahan
kanggo nyawijekake
tresna jero sa rumah
tangga.
9. Dhandanggula
Durma
6
Dhandanggula
nyaritakake proses
nggolek kauripan
kanggo nggayuh
kemapanan sosial
sarta kesejahteraan,
cukup sandhang, papan,
lan pangan.
Durma asale saka
tembung 'darma'.
Durma nyaritakake
menawa pawongan
sediane kudu nglakoni
kabecikan kaya sedhekah dudu mung
karo dhuwit/harta, bisa karo senyuman
lan elmu
10. Pangkur
Megatruh
7
Pangkur nggambarake
hawa nepsu manungsa.
Pangkur utawa 'mungkur'
nduweni teges nyingkirake
hawa nepsu lan angkara
murka, sarta nepsu negatif
kang ngrusak jiwa.
Fase iki diajarke cara kanggo menahan
angkara murka karo mlakokake prentah-
prentah agama lan ajaran kabecikan, tawakal
marang gusti Allah kang pungkasane
pawongan bisa eling lan nduweni sipat neriman
Megatruh utawa 'megat roh'
ateges terpisahe nyawa
saka jisim awake dhewe,
terlepase ruh utawa nyawa
pinuju keabadian.
Megatruh nyaritakake
ngenani pati manungsa.
11. Pocung
8
Pocung ateges 'pocong'
utawa 'jisim manungsa
kang dibungkus kain
kafan pethak'.
Pocung nyaritakake fase pasareyan jisim
manungsa lan rohe, nerusake kauripan ing
alam akhirat tanggung jawab dhuwur amal
pegawean lawase ing donya.
12. Maskumambang
Kambang
Kampul
Kenter
Sasmita lan Watake
Tembang
9
Tembang Sasmitane Watake
Maskumambang Susah, sedih,
melas asih, ngenes,
nelangsa
Mijil Mijil
Wijil
Wiyos
Medal
Sulastri
Tinarbuka, asih,
prihatin
Sinom Sinom
Taruna
Anom
Nom
Mudha
Pangrawit
Ethes, kenes, susah,
trenyuh, luruh
Kinanthi Kinanthi
Kanthi
Seneng, Tresna asih,
nuladhani, rasa menanti
Asmaradana Asmaradana
Asmara
Brangta
Kingkin
Yungyun
Tresna, sedhih, sengsem
Gambuh Gambuh
Buh
Jumbuh
Tambuh
Grapyak, sumanak,
sumedulur
Dhandanggula Dhandang
Sarkara
Hartati
Gulagrawa
Madu
Manis
Tresna
Luwes, gembira, endah,
lan ndudut ati
Pangkur
Megatruh
Pocung
Kanthil
Gandheng
Pangkur
Mungkur
Ungkur
Wuntat
Sereng lan gagah, nepsu
Megatruh
Pegat
Truh
Duduk
Wuluh
Luh
Sedhih lan kaentekan
pangarep, prihatin,
getun, keduwun
Pocung
Kluwak
wanda "Cung"
Sakpenake, sembrana,
lan kurang greget,
lumrahe kanggo
geguyonan
15. Guru Gatra
Paugeran
Tembang Macapat
Guru Gatra yaiku akehe
gatra (baris) saben sapada
(bait) tembang
Guru Wilangan
Guru Wilangan yaiku akehe
wanda (suku kata) ing saben
gatra (baris) tembang
Guru Lagu
Guru Lagu yaiku dhong-dhinge/
tibane swara ing saben
pungkasane gatra
12
18. Tembung Kawi
Tembung Kawi yaiku tembung-tembung
sing asale saka Basa Jawa Tengahan/Kuno.
Tembung Kawi biasane digunakake kanggo
omongan sabendina, mula saiki wis arang
keprungu.
15
Tuladha :
Astha = wolu
Bagaspati = srengenge
Cakrawala = langit
Ambeg = sipat
Anapi = nanging
Baka = langgeng
Basmi = kobong
Cintra = susah, cilaka
Catur = papat
Dwija = guru
Daksa = pinter
Eka =siji
Grana = irung
Jalu = lanang
Kawuri = biyen
19. Aja sira niru tindak kang tan becik,
Sanadyan wong liya,
Lamun pamuruke adi,
Miwah ing tindak prayoga.
(Pakubuwono IV, Wulang Reh)
Dasanama
Asale saka tembung ' dasa ' ateges ' sepuluh '
lan ' nama ' ateges jeneng /aran.
Dasanama yaiku jenising tembung kang
nduweni teges padha utawa meh padha
tegese.
16
Tuladha :
Yèn = yan, mênawa, bilih, upama,
upami, lamun, kalamun.
Bêcik = adi, adya, ayu, sae, tama, ajêng,
yogya, darma, arja, pênêt, santa, pelag,
suba, tulyasri, yoga.
Lan = dan, lèn, lawan, kalawan, miwah,
tanapi, apituwin.
Kowe = andika, rika, ta, kita, pakênira,
sira, pukulun, paduka, pêna, dika, pantèn.
20. Tembung Garba
Tembung Garba yaiku tembung loro
sing digandheng dadi siji kanthi
ngurangi cacahing wanda
17
Tuladha :
Amamangun karyenak tyasing sasama
• Karyenak = Kari + Enak
Dumeling kapyarsa sabawa sung warti
Kapyarsa = Kapireng + Arsa
Deha Iki aneng geni
Aneng = Ana + Ing
21. Rarasing kang sekar sarkara mrik
Den aksama dening sang sudyarsa
Ngawikan wengkuning reh
Beraweng para ratu
Ilanga kang sesengker sarik
Rongas westhining angga
Gagating tyot antuk
Wartaning kang para tama
Sinung tengran sembah trus sukaning budi
Tataning kang carita
Sandi Asma
Sandi Asma yaiku jeneng
pangarang/pangripta kang disamarake
Asmane pangripta dipedhot-pedhot
(wanda-wanda utawa aksara-aksara)
ing awalan ukara saben gatra.
18
Tuladha :
Sandi Asma :
Raden Ngabei Rongga Warsita
22. Sandi Karsa
19
Sandi Karsa yaiku tema, gagasan utawa
kekarepan kang disamarake
Gagasan dipedhot-pedhot
(wanda-wanda utawa aksara-aksara)
ing awalan ukara saben gatra.
Dimen lebdeng kawruh
Ing pakaryan mrih trengginas
Nalar mulur rinengga ambeg berbudi
Anjrah mring para siswa
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina-dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing Pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuswantara
Tuladha :
Sandi Karsa :
Dina Pendidikan
24. S M A N 1 P A S U R U A N
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip.
Aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi.
Pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.