SlideShare a Scribd company logo
1 of 9
ATUR PAMBUKA 
Puji syukur kita unjukaken dumatheng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung 
ingkang sampun paring tresna lan kasihipun satemah kita saged mungkasi laporan “Sinau 
Kethoprak, Nguri-uri Kabudayan Jawi” yaiku salah sawijining syarat damel njangkepi tugas 
Basa Jawa SMA Negeri 1 Kebumen. Mboten kesupen maturnuwun dumatheng: 
1. Bapak Nurul Anwari minangka Guru Basa Jawa 
2. Bapak Dirjo ingkang sampun kersa dados narasumber 
3. Rencang-rencang ingkang sampun berpartisipasi 
4. Sedaya pihak liya ingkang sampun biyantu 
Kita nuwun pangapunten anggene damel laporan punika kurang sempurna lan taksih 
kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi. 
Mugi sedaya kesaean ingkang sampun maringi dhateng kita angsal balesan saking 
Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa. Harapan kita mugi-mugi laporan punika wonten paedahe 
kagem sedaya ingkang maca. 
Kebumen, Februari 2014 
Panyerat,
BAB I 
PAMBUKA 
A. ALESAN PANALITEN 
Indonesia iku salah sawijining nagari kang nduweni akeh suku budaya. Suku-suku 
kasebut nduweni kabudayan unik lan beda-beda. Salah sawijining suku ing 
Indonesia yaiku Suku Jawa. Wong Jawa kondhang karo tindhak-tandhuke kang alus 
lan nduweni akeh kesenian. Kesenian kasebut kaperang dadi maneka warna, kayata 
kuda lumping, wayang, tari gambyong, lan kethoprak. 
Kabupaten Kebumen minangka salah sawijining kabupaten saka 35 kabupaten 
kang ana ing provinsi Jawa Tengah, uga nduweni kesenian jawa kang taksih 
ngrembaka. Akeh seniman-seniman saka Kebumen kang wis kondhang ing provinsi 
Jawa Tengah. Seniman-seniman kasebut biasane ngadegake paguyuban kang nduweni 
tujuan ngleluri kabudayan Jawa. 
Salah sawijining paguyuban seni ing Kebumen yaiku Paguyuban Seni 
Kethoprak. Paguyuban seni iki biasane mapan ana ing kecamatan tartamtu. Kanggo 
mangerteni kesenian kethoprak ing Kebumen, panulis nganakake salah sawijining 
panaliten mawa cara wawanrembug ing Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya 
Laras. 
B. ANCAS PANALITEN 
Ancas panaliten iki yaiku nggoleki maneka warna informasi babagan kesenian 
kethoprak kang ngrembaka ing Kabupaten Kebumen supaya mudha-mudhi bisa 
ngleluri satemah ora ilang kapangan jaman. Sakliyane iku, panaliten uga nduweni 
pangarep-arep supaya mudha-mudhi bisa luwih ngurmati sejarah leluhur kang wis 
nggawe urip jaman saiki luwih kepenak.
BAB II 
ISI 
A. TOPIK WAWANREMBUG 
Topik wawanrembug yaiku “Sinau Kethoprak, Nguri-uri Kabudayan Jawi” 
B. TUJUWAN WAWANREMBUG 
Tujuwane wawanrembug iki yaiku: 
1. Mangerteni salah sawijining Paguyuban Seni Kethoprak ing Kebumen 
2. Mangerteni sejarah Kethoprak 
3. Mangerteni ubarampe kanggo pagelaran Kethoprak 
4. Mangerteni ritual sadurunge pagelaran Kethoprak 
C. NARASUMBER 
Narasumber ing wawanrembug yaiku: 
nami : Bapak Dirjo, 
alamat : Desa Patukrejo RT03/02, Krajan I, Bonorowo, Kebumen, 
papan lair : Kebumen, 
tanggal lair : 25 Agustus 1957, 
pakaryan : Pengarep Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya Laras, pamong desa, 
pedagang. 
D. WEKTU WAWANREMBUG 
Wawanrembug kaliyan Bapak Dirja dipunlaksanake: 
dinten : Minggu, 
tanggal : 19 Januari 2014, 
wektu : 16.00-17.30 WIB. 
E. PAPAN WAWANREMBUG 
Wawanrembug dilaksanake ana ing daleme Bapak Dirjo, Desa Patukrejo RT 03/02, 
Bonorowo, Kebumen. 
F. PEWAWANREMBUG 
1. Evarizki Maurien 
2. Eka Kusuma A. 
3. Handy Razie D. 
4. Miftakhul Munir 
5. NuruliaNovita Sari 
6. Reza Pradipta
G. HASIL WAWANREMBUG 
1. Paguyuban Seni Kethoprak 
Salah sawijining paguyuban seni kethoprak ing Kebumen yaiku 
Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya Laras. Paguyuban iki mapan ing 
Desa Patukrejo, Bonorowo. Pendirine yaiku Bapak Dirjo lan kanca-kancane. 
Langen Madya Laras kabentuk tanggal 30 Desember 2010 lan 
diresmikake dening Dinas Pariwisata dan Kebudayaan tanggal 14 Mei 2011. 
Anggota tetep paguyuban kasebut ana 33 wong kang umahe cedak saka daleme 
Bapak Dirjo. Mula, Bapak Dirjo njadwalake latian gendhingan saben malem 
Minggu. Bapak Dirjo ora nduwe kriteria khusus kanggo wong kang kepengin 
dadi anggota, namung didhasari pepenginan utawa sukarela. 
Awale, ing desa kana wis tau ana paguyuban kethoprak sakdurunge 
Langen Madya Laras malah Bapak Dirjo melu dadi anggotane, nanging 
paguyuban kasebut bubar ing tengah dalan. Amarga rasa cintane marang 
kabudayan jawa, Bapak Dirjo nduwe inisiatif karo ngajak kanca-kancane 
supaya ngedegake maning paguyuban anyar. Bapak Dirjo dipercaya kanca-kancane 
supaya dadi pangarep utawa ketua paguyuban. 
Lajeng, paguyuban kasebut dijenengi Langen Madya Laras kang 
nduweni arti Langen tegese kesenian, Madya yaiku tengah, lan Laras tegese 
apik utawa bener. Tujuan Pak Dirjo ngedegake Paguyuban Kethoprak Langen 
Madya Laras yaiku kanggo nguri-uri kabudayan Jawa. 
Pagelaran kethoprak tampil ana ing adicara hajatan mantenan, sunatan, 
slametan utawa tasyakuran, Agustusan, taun baruan, Sura, lan adicara liyane. 
Biasana wektu paling rame yaiku nalika panen. Crita kang dipentasake 
dijumbuhake karo adicarane utawa bisa direquest. 
Paguyuban Langen Madya Laras nduweni pangarep-arep supaya 
kethoprak bisa tetep disenengi lan ora kailangan peminat. Sakliyane iku, Bapak 
Dirjo uga nduweni pangarep-arep supaya paguyubane bisa luwih kompak lan 
mudha-mudhi bisa melu ngleluri kesenian kethoprak. 
2. Sejarah Kethoprak 
Biyen, kesenian kethoprak ora sak jangkep kaya saiki. Awale, kesenian 
iki namung digunakake kanggo hiburan rakyat kanthi peran raja, pangeran, 
prajurit, lan sapanunggale. Mula, piranti musik kang digunakake taksih prasaja 
yaiku lesung, rebana, suling, lan kendhang. Lesung kasebut ngasilake suara 
prak, prak, prak kang dipercaya asal saka tembung kethoprak. 
Sumber liyane nerangake nalika kethoprak asale saka gamelan kang 
diciptakake dening Sunan Kalijaga. Awale, gamelan kasebut digunakake 
kanggo narik kawigaten. Sansaya suwe, akeh warga kang tresna marang 
gamelan kasebut. Sawise iku, Sunan Kalijaga nduweni siasat nyisipake syariat
Islam kanthi lakon-lakon becik supaya warga bisa mlebu agama Islam kanthi 
ikhlas. 
3. Kethoprak ing Jaman Modern 
Mlakuning jaman, kethoprak sansaya ngrembaka wiwit saka lakon, 
paraga, busana, lan musik pengiringe. Biyen lakon kethoprak namung 
nyritakake lakon-lakon Islam, ananging saiki laok-lakon kasebut ngrembaka 
luwih narik kawigatenan amarga diseseli dening gojegan-gojegan lan sindiran-sindiran 
kanggo pamrentah. Saliyane iku, lakon-lakon jaman saiki uga asring 
nampilake crita-crita sejarah lan dongeng kang kondhang kang kebak ing 
pitutur-pitutur becik, kayata Rangga Lawe Gugur, Prahara Majapahit, Raden 
Said Tundung, Malin Kundang, lsp. 
Paraga-paraga kethoprak jaman biyen namung warga biasa(dudu 
pejabat kraton), ananging saiki sapa wae kang pengin, bisa dadi paraga 
kethoprak tanpa mbedakake status sosial. Kaya ing Paguyuban Langen Madya 
Laras, anggotane ora namung wong-wong cilik ananging uga ana pamong 
desane. 
Busana kethoprak jaman biyen uga taksih prasaja yaiku busana kang 
dianggo saben dina, kethoprak saiki nganggo busana kang maneka warna 
kayata busana adat Jawa. Saliyane busana kang maneka warna, paraga 
kethoprak saiki uga didukung dening make-up supaya luwih jumbuh karo 
lakon sing digawakake. 
Musik pengiringe uga saiki luwih ngrembaka, awit kang sadurunge 
namung lesung, suling, rebana, lan kendhang, saiki kethoprak wis diiringi 
dening gamelan, sindhen, lan piranti-piranti modern. Paguyuban Langen 
Madya Laras salah sawijine contone. Menawa wong kang duwe hajat 
ngersakake ana piranti-piranti modern kayata gitar, drum, keyboard, Bapak 
Dirjo uga bisa nyaguhi. 
4. Ubarampe kanggo kethoprak 
Nalika sadurunge nampilake pagelaran kethoprak, ana ubarampe-ubarampe 
kang kudu disiapake yaiku panggung, surat ijin pentas saka 
kepolisian, lan sajen. 
Panggung kethoprak digunakake kanggo pentas lan papan gamelan lan 
biasan uga kanggo papan sajen. Paguyuban kang arep pentas njaluk surat ijin 
ana ing Dinas Pariwisata dan Kebudayaan. Saminggu sadurunge pentas, surat 
ijin mau diedarake kanggo kecamatan-kecamatan kang duweni hajat, koramil, 
kepolisian, kepala desa, lan wong kang duwe hajat. 
Kanggo ngurmati para leluhur kang wis seda ing desa kang duwe hajat, 
paguyuban kang arep nampilake pentas biasane nganakake sajen. Sajen iku
asale saka tembung “saji” tegese nyuguhake barang/panganan kanggo ngajeni 
para leluhur kang wis seda. 
Sajen kang biasa disuguhake nalika arep pentas yaiku : 
 Dupa lan kembang menyan 
 Degan krambil ijo 
 Endog pitik mentah 
 Beras 
 Duwik crik 
 Udud mbako menyan papir 
 Kembang telon 
 Gedhang ambon 
 Gedhang mas 
 Gedhang raja 
 Lengo wangi 
 Panggangan ayam 
Bilih ana ing sega tumpeng/rasul yaiku : 
 Wedang kopi legi 
 Wedang kopi pait 
 Wedang teh legi 
 Wedang teh pait 
 Wedang cembawuk 
 Jenang abang 
 Jenang putih 
 Jenang ireng 
 Jenang ijo 
 Jenang baro-baro 
Menawi tegese yaiku : 
1. Kembang Menyan 
Dupa lan kembang menyan mralambangake kaaruman 
lan katentreman uga sembah sujud lan kanggo lumantaran 
donga marang Gusti Allah sarta nuduhake angin kang 
obah/mlaku. 
2. Degan krambil Ijo 
Degan krambil ijo gunane kanggo nangkal penyakit 
lan mralambangake kaleksane pepenginan lan 
mralambangake menawa urip kudu migunani marang 
sapadha-padha. 
3. Endog pitik mentah 
Endog pitik mralambangake panguripan (Tritunggal) 
yaiku Allah, Rasul, lan Umat utawa mula bukane panguripan.
4. Beras 
Gabah, beras, sega tumpeng mralambangake katuntasan lan kasampurnan. Sega tumpeng 
(tumungkala sing mempeng) artine manawa pengin slamet kudu rajin ngibadah. Dene bentuke 
pasung/kerucut mralambangake supados tambah dina tambah eling marang Gusti Allah lan 
tumpeng uga lambang saka kahanane donya. Sega mujudake gunung kang sak kiwa tengene ana 
kasil saka alam lan kewan kang urip ing lemah. 
5. Dhuwik Crik 
Dhuwik crik utawa dhuwik receh mralambangake uripe manungsa kang kudu loma marang 
sapadha-padha. 
6. Udud mbako menyan papir 
Udud mbako menyan papir yaiku artine “teges” utawa “maneges” kang duwe teges hikmat 
lan khusuk ing jerone donga marang Gusti Allah. 
7. Kembang telon 
Kembang telon tegese yaiku kembang kang wernane ana telu yaiku kembang mawar abang 
lan putih, kembang kanthil, lan kembang kenanga. 
 Kembang mawar abang lan putih mralambangake werna-wernine urip, abang 
mralambangake winih saka Ibu, menawa putih saka Bapak. 
 Kembang kanthil mralambangake wanita lan tembung kanthil duweni teges yaiku”pirsa” 
maksude supaya kita kudu ngerti kanthi maksud lan tujuan kang apik. 
 Kembang kenanga mralambangake 6 perkara kang menehi kita urip : Gusti Kang Maha 
Esa, Bapak, Ibu, maratua, guru, lan pamarentah. 
8. Gedhang ambon 
Gedhang ambon mralambangake supaya manungsa anggone urip kudu duwe keterampilan 
ambon kang tajem lan ora mungkur babagan duniawi. 
9. Gedhang mas 
Gedhang mas mralambangake supaya manungsa iku duwe pribaden kang manis lan sumeh 
marang wong liya. 
10. Gedhang raja 
Gedhang raja duweni teges supaya manungsa gadhahi iman lan kapercayan kang kandel 
kanggo nahan rintangan lan godhaan kanggo golet ilmu. 
11. Lengo wangi 
Lengo wangi mralambangake kaaruman anggone urip lan anggone nyembah Gusti Kang 
Maha Kuwaos.
12. Panggangan ayam 
Panggangan ayam mralambangake pangorbanan selawase urip, tresno lan asih marang 
sapada, lan uga nuduhake kasil saka alam. 
13. Wedang 
Wedang mralambangake banyu lan kerukukunan sarta kakaluwargan. 
14. Jenang panca warna 
Jenang panca warna mralambangake bagian saka alam donya, yaiku lemah, banyu, angin, 
geni, lan langit. 
15. Wedang kopi 
Wedang kopi mralambangake manis lan paite urip ing donya iki.
BAB III 
PANUTUP 
1. Dudutan 
Saking wawanrembug kasebut, bisa dijupuk dudutan yaiku kethoprak minangka 
salah sawijine kabudhayan Jawi menehi kathah piwulang kang adi luhur. 
Sesaji utawa sesajen ing kethoprak dudu kanggo nyembah lelembut. Ananging 
kanggo wujud pakurmatan kanggo leluhur ing sampun seda lan kanggo ngunjukake rasa 
syukur dumatheng Gusti Ingkang Maha Agung. 
Kethoprak ing mangsa samana kudu tetep dilestariake. Jalaran kethoprak salah 
sawijine kabudhayan Jawi lan kudu dijaga supaya tetep lestari.

More Related Content

Similar to Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)
11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)
11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)IrmaAfriyanti1
 
MATERI BhA jawa.pptx
MATERI BhA jawa.pptxMATERI BhA jawa.pptx
MATERI BhA jawa.pptxDanangTeguh3
 
Urut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat Jawa
Urut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat JawaUrut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat Jawa
Urut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat JawaEva Ria Safitri
 
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 209_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 209ElisaEkaanggraeni
 
pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta  pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta rndtnt
 
02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdf
02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdf02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdf
02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdfAisyahSafitri01
 
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdfTembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdfPrawitafiyaqolelah
 
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdfTembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdfPrawitafiyaqolelah
 
PP Teks Eksposisi.pptx
PP Teks Eksposisi.pptxPP Teks Eksposisi.pptx
PP Teks Eksposisi.pptxSahrulBayan
 
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfXI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfTiara86231
 
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 0713FerdianRizky
 
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02AdeliaPrasetyoPutr
 
Materi Tembang Macapat.pdf
Materi Tembang Macapat.pdfMateri Tembang Macapat.pdf
Materi Tembang Macapat.pdfaliyaara
 
Ppt m4 kb 2 LELAGON DOLANAN
Ppt m4 kb 2 LELAGON DOLANANPpt m4 kb 2 LELAGON DOLANAN
Ppt m4 kb 2 LELAGON DOLANANSPADAIndonesia
 
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSudirmanSPd1
 

Similar to Laporan Wawanrembug Budaya Jawa (20)

11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)
11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)
11. Irma Afriyanti - XI MIPA 5 (Tembang Macapat)
 
MATERI BhA jawa.pptx
MATERI BhA jawa.pptxMATERI BhA jawa.pptx
MATERI BhA jawa.pptx
 
Urut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat Jawa
Urut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat JawaUrut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat Jawa
Urut-urutane (Tata Cara) Penganten Adat Jawa
 
Bd8 kd2-wulangan 2 budaya
Bd8 kd2-wulangan 2  budayaBd8 kd2-wulangan 2  budaya
Bd8 kd2-wulangan 2 budaya
 
Tembang Macapat.pdf
Tembang Macapat.pdfTembang Macapat.pdf
Tembang Macapat.pdf
 
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 209_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
 
pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta  pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta
 
02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdf
02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdf02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdf
02.Aisyah Safitri XIMIPA 1.pdf
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdfTembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
 
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdfTembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
Tembang_Macapat_(22-PrawitaFQ-XIMipa5).pdf
 
PP Teks Eksposisi.pptx
PP Teks Eksposisi.pptxPP Teks Eksposisi.pptx
PP Teks Eksposisi.pptx
 
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfXI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdf
 
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
 
TEMBANG MACAPAT.pdf
TEMBANG MACAPAT.pdfTEMBANG MACAPAT.pdf
TEMBANG MACAPAT.pdf
 
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
02_Adelia Prasetyo Putri_XI MIPA 2.pdf
 
Materi Tembang Macapat.pdf
Materi Tembang Macapat.pdfMateri Tembang Macapat.pdf
Materi Tembang Macapat.pdf
 
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari HariBab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
Bab 4 Basa Jawa : Kehidupan Sehari Hari
 
Ppt m4 kb 2 LELAGON DOLANAN
Ppt m4 kb 2 LELAGON DOLANANPpt m4 kb 2 LELAGON DOLANAN
Ppt m4 kb 2 LELAGON DOLANAN
 
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
 

Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

  • 1. ATUR PAMBUKA Puji syukur kita unjukaken dumatheng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring tresna lan kasihipun satemah kita saged mungkasi laporan “Sinau Kethoprak, Nguri-uri Kabudayan Jawi” yaiku salah sawijining syarat damel njangkepi tugas Basa Jawa SMA Negeri 1 Kebumen. Mboten kesupen maturnuwun dumatheng: 1. Bapak Nurul Anwari minangka Guru Basa Jawa 2. Bapak Dirjo ingkang sampun kersa dados narasumber 3. Rencang-rencang ingkang sampun berpartisipasi 4. Sedaya pihak liya ingkang sampun biyantu Kita nuwun pangapunten anggene damel laporan punika kurang sempurna lan taksih kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi. Mugi sedaya kesaean ingkang sampun maringi dhateng kita angsal balesan saking Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa. Harapan kita mugi-mugi laporan punika wonten paedahe kagem sedaya ingkang maca. Kebumen, Februari 2014 Panyerat,
  • 2. BAB I PAMBUKA A. ALESAN PANALITEN Indonesia iku salah sawijining nagari kang nduweni akeh suku budaya. Suku-suku kasebut nduweni kabudayan unik lan beda-beda. Salah sawijining suku ing Indonesia yaiku Suku Jawa. Wong Jawa kondhang karo tindhak-tandhuke kang alus lan nduweni akeh kesenian. Kesenian kasebut kaperang dadi maneka warna, kayata kuda lumping, wayang, tari gambyong, lan kethoprak. Kabupaten Kebumen minangka salah sawijining kabupaten saka 35 kabupaten kang ana ing provinsi Jawa Tengah, uga nduweni kesenian jawa kang taksih ngrembaka. Akeh seniman-seniman saka Kebumen kang wis kondhang ing provinsi Jawa Tengah. Seniman-seniman kasebut biasane ngadegake paguyuban kang nduweni tujuan ngleluri kabudayan Jawa. Salah sawijining paguyuban seni ing Kebumen yaiku Paguyuban Seni Kethoprak. Paguyuban seni iki biasane mapan ana ing kecamatan tartamtu. Kanggo mangerteni kesenian kethoprak ing Kebumen, panulis nganakake salah sawijining panaliten mawa cara wawanrembug ing Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya Laras. B. ANCAS PANALITEN Ancas panaliten iki yaiku nggoleki maneka warna informasi babagan kesenian kethoprak kang ngrembaka ing Kabupaten Kebumen supaya mudha-mudhi bisa ngleluri satemah ora ilang kapangan jaman. Sakliyane iku, panaliten uga nduweni pangarep-arep supaya mudha-mudhi bisa luwih ngurmati sejarah leluhur kang wis nggawe urip jaman saiki luwih kepenak.
  • 3. BAB II ISI A. TOPIK WAWANREMBUG Topik wawanrembug yaiku “Sinau Kethoprak, Nguri-uri Kabudayan Jawi” B. TUJUWAN WAWANREMBUG Tujuwane wawanrembug iki yaiku: 1. Mangerteni salah sawijining Paguyuban Seni Kethoprak ing Kebumen 2. Mangerteni sejarah Kethoprak 3. Mangerteni ubarampe kanggo pagelaran Kethoprak 4. Mangerteni ritual sadurunge pagelaran Kethoprak C. NARASUMBER Narasumber ing wawanrembug yaiku: nami : Bapak Dirjo, alamat : Desa Patukrejo RT03/02, Krajan I, Bonorowo, Kebumen, papan lair : Kebumen, tanggal lair : 25 Agustus 1957, pakaryan : Pengarep Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya Laras, pamong desa, pedagang. D. WEKTU WAWANREMBUG Wawanrembug kaliyan Bapak Dirja dipunlaksanake: dinten : Minggu, tanggal : 19 Januari 2014, wektu : 16.00-17.30 WIB. E. PAPAN WAWANREMBUG Wawanrembug dilaksanake ana ing daleme Bapak Dirjo, Desa Patukrejo RT 03/02, Bonorowo, Kebumen. F. PEWAWANREMBUG 1. Evarizki Maurien 2. Eka Kusuma A. 3. Handy Razie D. 4. Miftakhul Munir 5. NuruliaNovita Sari 6. Reza Pradipta
  • 4. G. HASIL WAWANREMBUG 1. Paguyuban Seni Kethoprak Salah sawijining paguyuban seni kethoprak ing Kebumen yaiku Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya Laras. Paguyuban iki mapan ing Desa Patukrejo, Bonorowo. Pendirine yaiku Bapak Dirjo lan kanca-kancane. Langen Madya Laras kabentuk tanggal 30 Desember 2010 lan diresmikake dening Dinas Pariwisata dan Kebudayaan tanggal 14 Mei 2011. Anggota tetep paguyuban kasebut ana 33 wong kang umahe cedak saka daleme Bapak Dirjo. Mula, Bapak Dirjo njadwalake latian gendhingan saben malem Minggu. Bapak Dirjo ora nduwe kriteria khusus kanggo wong kang kepengin dadi anggota, namung didhasari pepenginan utawa sukarela. Awale, ing desa kana wis tau ana paguyuban kethoprak sakdurunge Langen Madya Laras malah Bapak Dirjo melu dadi anggotane, nanging paguyuban kasebut bubar ing tengah dalan. Amarga rasa cintane marang kabudayan jawa, Bapak Dirjo nduwe inisiatif karo ngajak kanca-kancane supaya ngedegake maning paguyuban anyar. Bapak Dirjo dipercaya kanca-kancane supaya dadi pangarep utawa ketua paguyuban. Lajeng, paguyuban kasebut dijenengi Langen Madya Laras kang nduweni arti Langen tegese kesenian, Madya yaiku tengah, lan Laras tegese apik utawa bener. Tujuan Pak Dirjo ngedegake Paguyuban Kethoprak Langen Madya Laras yaiku kanggo nguri-uri kabudayan Jawa. Pagelaran kethoprak tampil ana ing adicara hajatan mantenan, sunatan, slametan utawa tasyakuran, Agustusan, taun baruan, Sura, lan adicara liyane. Biasana wektu paling rame yaiku nalika panen. Crita kang dipentasake dijumbuhake karo adicarane utawa bisa direquest. Paguyuban Langen Madya Laras nduweni pangarep-arep supaya kethoprak bisa tetep disenengi lan ora kailangan peminat. Sakliyane iku, Bapak Dirjo uga nduweni pangarep-arep supaya paguyubane bisa luwih kompak lan mudha-mudhi bisa melu ngleluri kesenian kethoprak. 2. Sejarah Kethoprak Biyen, kesenian kethoprak ora sak jangkep kaya saiki. Awale, kesenian iki namung digunakake kanggo hiburan rakyat kanthi peran raja, pangeran, prajurit, lan sapanunggale. Mula, piranti musik kang digunakake taksih prasaja yaiku lesung, rebana, suling, lan kendhang. Lesung kasebut ngasilake suara prak, prak, prak kang dipercaya asal saka tembung kethoprak. Sumber liyane nerangake nalika kethoprak asale saka gamelan kang diciptakake dening Sunan Kalijaga. Awale, gamelan kasebut digunakake kanggo narik kawigaten. Sansaya suwe, akeh warga kang tresna marang gamelan kasebut. Sawise iku, Sunan Kalijaga nduweni siasat nyisipake syariat
  • 5. Islam kanthi lakon-lakon becik supaya warga bisa mlebu agama Islam kanthi ikhlas. 3. Kethoprak ing Jaman Modern Mlakuning jaman, kethoprak sansaya ngrembaka wiwit saka lakon, paraga, busana, lan musik pengiringe. Biyen lakon kethoprak namung nyritakake lakon-lakon Islam, ananging saiki laok-lakon kasebut ngrembaka luwih narik kawigatenan amarga diseseli dening gojegan-gojegan lan sindiran-sindiran kanggo pamrentah. Saliyane iku, lakon-lakon jaman saiki uga asring nampilake crita-crita sejarah lan dongeng kang kondhang kang kebak ing pitutur-pitutur becik, kayata Rangga Lawe Gugur, Prahara Majapahit, Raden Said Tundung, Malin Kundang, lsp. Paraga-paraga kethoprak jaman biyen namung warga biasa(dudu pejabat kraton), ananging saiki sapa wae kang pengin, bisa dadi paraga kethoprak tanpa mbedakake status sosial. Kaya ing Paguyuban Langen Madya Laras, anggotane ora namung wong-wong cilik ananging uga ana pamong desane. Busana kethoprak jaman biyen uga taksih prasaja yaiku busana kang dianggo saben dina, kethoprak saiki nganggo busana kang maneka warna kayata busana adat Jawa. Saliyane busana kang maneka warna, paraga kethoprak saiki uga didukung dening make-up supaya luwih jumbuh karo lakon sing digawakake. Musik pengiringe uga saiki luwih ngrembaka, awit kang sadurunge namung lesung, suling, rebana, lan kendhang, saiki kethoprak wis diiringi dening gamelan, sindhen, lan piranti-piranti modern. Paguyuban Langen Madya Laras salah sawijine contone. Menawa wong kang duwe hajat ngersakake ana piranti-piranti modern kayata gitar, drum, keyboard, Bapak Dirjo uga bisa nyaguhi. 4. Ubarampe kanggo kethoprak Nalika sadurunge nampilake pagelaran kethoprak, ana ubarampe-ubarampe kang kudu disiapake yaiku panggung, surat ijin pentas saka kepolisian, lan sajen. Panggung kethoprak digunakake kanggo pentas lan papan gamelan lan biasan uga kanggo papan sajen. Paguyuban kang arep pentas njaluk surat ijin ana ing Dinas Pariwisata dan Kebudayaan. Saminggu sadurunge pentas, surat ijin mau diedarake kanggo kecamatan-kecamatan kang duweni hajat, koramil, kepolisian, kepala desa, lan wong kang duwe hajat. Kanggo ngurmati para leluhur kang wis seda ing desa kang duwe hajat, paguyuban kang arep nampilake pentas biasane nganakake sajen. Sajen iku
  • 6. asale saka tembung “saji” tegese nyuguhake barang/panganan kanggo ngajeni para leluhur kang wis seda. Sajen kang biasa disuguhake nalika arep pentas yaiku :  Dupa lan kembang menyan  Degan krambil ijo  Endog pitik mentah  Beras  Duwik crik  Udud mbako menyan papir  Kembang telon  Gedhang ambon  Gedhang mas  Gedhang raja  Lengo wangi  Panggangan ayam Bilih ana ing sega tumpeng/rasul yaiku :  Wedang kopi legi  Wedang kopi pait  Wedang teh legi  Wedang teh pait  Wedang cembawuk  Jenang abang  Jenang putih  Jenang ireng  Jenang ijo  Jenang baro-baro Menawi tegese yaiku : 1. Kembang Menyan Dupa lan kembang menyan mralambangake kaaruman lan katentreman uga sembah sujud lan kanggo lumantaran donga marang Gusti Allah sarta nuduhake angin kang obah/mlaku. 2. Degan krambil Ijo Degan krambil ijo gunane kanggo nangkal penyakit lan mralambangake kaleksane pepenginan lan mralambangake menawa urip kudu migunani marang sapadha-padha. 3. Endog pitik mentah Endog pitik mralambangake panguripan (Tritunggal) yaiku Allah, Rasul, lan Umat utawa mula bukane panguripan.
  • 7. 4. Beras Gabah, beras, sega tumpeng mralambangake katuntasan lan kasampurnan. Sega tumpeng (tumungkala sing mempeng) artine manawa pengin slamet kudu rajin ngibadah. Dene bentuke pasung/kerucut mralambangake supados tambah dina tambah eling marang Gusti Allah lan tumpeng uga lambang saka kahanane donya. Sega mujudake gunung kang sak kiwa tengene ana kasil saka alam lan kewan kang urip ing lemah. 5. Dhuwik Crik Dhuwik crik utawa dhuwik receh mralambangake uripe manungsa kang kudu loma marang sapadha-padha. 6. Udud mbako menyan papir Udud mbako menyan papir yaiku artine “teges” utawa “maneges” kang duwe teges hikmat lan khusuk ing jerone donga marang Gusti Allah. 7. Kembang telon Kembang telon tegese yaiku kembang kang wernane ana telu yaiku kembang mawar abang lan putih, kembang kanthil, lan kembang kenanga.  Kembang mawar abang lan putih mralambangake werna-wernine urip, abang mralambangake winih saka Ibu, menawa putih saka Bapak.  Kembang kanthil mralambangake wanita lan tembung kanthil duweni teges yaiku”pirsa” maksude supaya kita kudu ngerti kanthi maksud lan tujuan kang apik.  Kembang kenanga mralambangake 6 perkara kang menehi kita urip : Gusti Kang Maha Esa, Bapak, Ibu, maratua, guru, lan pamarentah. 8. Gedhang ambon Gedhang ambon mralambangake supaya manungsa anggone urip kudu duwe keterampilan ambon kang tajem lan ora mungkur babagan duniawi. 9. Gedhang mas Gedhang mas mralambangake supaya manungsa iku duwe pribaden kang manis lan sumeh marang wong liya. 10. Gedhang raja Gedhang raja duweni teges supaya manungsa gadhahi iman lan kapercayan kang kandel kanggo nahan rintangan lan godhaan kanggo golet ilmu. 11. Lengo wangi Lengo wangi mralambangake kaaruman anggone urip lan anggone nyembah Gusti Kang Maha Kuwaos.
  • 8. 12. Panggangan ayam Panggangan ayam mralambangake pangorbanan selawase urip, tresno lan asih marang sapada, lan uga nuduhake kasil saka alam. 13. Wedang Wedang mralambangake banyu lan kerukukunan sarta kakaluwargan. 14. Jenang panca warna Jenang panca warna mralambangake bagian saka alam donya, yaiku lemah, banyu, angin, geni, lan langit. 15. Wedang kopi Wedang kopi mralambangake manis lan paite urip ing donya iki.
  • 9. BAB III PANUTUP 1. Dudutan Saking wawanrembug kasebut, bisa dijupuk dudutan yaiku kethoprak minangka salah sawijine kabudhayan Jawi menehi kathah piwulang kang adi luhur. Sesaji utawa sesajen ing kethoprak dudu kanggo nyembah lelembut. Ananging kanggo wujud pakurmatan kanggo leluhur ing sampun seda lan kanggo ngunjukake rasa syukur dumatheng Gusti Ingkang Maha Agung. Kethoprak ing mangsa samana kudu tetep dilestariake. Jalaran kethoprak salah sawijine kabudhayan Jawi lan kudu dijaga supaya tetep lestari.