SlideShare a Scribd company logo
1 of 2
Assalamu’alaikum wr. Wb.
‫ب سن اهلل ال رحون ال رح ين ال حود هلل رب ال عال و ين و ال ص الة وال س الم ع لى ا شرف االن ب ياء و ال ور س ل ين‬
‫س يدن ا هحود وع لى ال ه و صح به اجو ع ين اها ب عد‬
Hadrotal mukaromin wal muktaromin poro ngalim poro ngulama aladzinahum warosatul
ambiya ingkang tansah dipun mulyaaken dening Alloh SWT, wabil khusus dumateng
panjenenganipun alkarim romo Ky ingkang kito ajeng-ajeng maungidzoh khasanahipun soho
ingkang tansah kulo ajeng-ajeng barokah pando’a ngilmu manfa’atipun,
Poro bapak Kyai sanesipun ingkang mboten saged kulo wiji naminipun ugi ingkang tansah
kulo ta’dimi, poro sesepuh pine sepuh ingkang dahat kinabekten,
Dumateng Bapak Kepala Griya Sakit Kebumen ingkang kulo hormati, dumateng Ibu
Camat sa’perangkatipun ingkang Insya Alloh kulo taati menggah peraturan-peraturanipun,
Sumrambah dumateng poro bapak soho poro ibu hadirin wal hadirot tamu undangan
ingkang kulo hormati, mboten kesupen dumateng poro remaja pemuda pemudi harapaning
bangsa ingkang kulo tresnani soho ingkang kulo banggaaken..
Sepindah sumonggo kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah sahenggo ngantos wekdal punika
panjenengan sedoyo dalasan kula saged makempal wonten ing majelis puniko kanthi adicara
Khitanan Masal, kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa. mugi-mugi perkempalan
wonten ing wekdal meniko saged ndadosaken ‘amal silturrohim Allohuma..... amiin.
Kaping kalihipun, sholawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad
SAW inggih meniko salah setunggalipun nabi ingkang sampun berhasil mbeto umatipun awit
saking jaman jahiliyah ngantos dumugi jaman islamiyah, lan mugi-mugio kito sedoyo kelebet
umatipun ingkang bade nampi syafa’atipun mbenjang wonten yaumil qiyamah Allohuma.....
amiin.
Angka kaping tigo, kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang
sampun rawuh dateng penggenan menika.
Hadirin wal hadirot rohimakumulloh, kula kajibah pranoto adicoro kaparingake badhe
ngaturaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah.
 Adicoro ingkang ongko sepindah inggih meniko Pembukaan
 Disusul adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-quran
 Sholawat Nabi dumawah wonten ing adicoro ingkang ongko tigo
 Adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko tanggap wacana
a) Dene tanggap wacana A, inggih meniko tanggap wacana saking Ketua Panitia
b) Kangge tanggap wacana B, inggih meniko tanggap wacana saking Kepala Griya Sakit
c) Dene tanggap wacana C, inggih meniko tanggap wacana saking Bu Camat
d) Lan tanggap wacana D, inggih meniko tanggap wacana saking Sesulih anak
 Dene adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko Inti pangaosan dilajengaken doa
ingkang Insya Alloh bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Ky
 Lan adicoro ingkang pungkasan inggih meniko Penutup
Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, mekaten runtutipun adicoro ingkang bade lumampah
wonten ing wekdal meniko.
1. Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, monggo kito wiwiti adicoro ingkang ongko
sepindah kaliyan waosan umul kitab, Liridhoillahi walisyafa’ati rosulillahi Al-fatihah .............. ,
maturnuwun dumateng poro rawuh sedoyo, mugi-mugio kanti wasilah waosan umul kitab
meniko acara wonten ing wekdal meniko saged lumampah kanthi rancag engga paripurna
mboten wonten alangan sa’tunggal punopo. Allohuma..... amiin.
2. Acara saklajengipun inggih puniko tanggap wacana.
Dene tanggap wacana sepindah inggih punika saking Ketua Panitia
Penyelenggara, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Ibu
Dessiana. Dhumateng Ibu Dessiana, wekdal soho swasana kasumanggakaken.
Mekaten tanggap wacana saking Ketua Panitia Panyelenggara, ingkang sampun
dipun aturaken dening panjenenganipun Ibu Dessiana, dumateng panjenenganipun
dipun aturaken sih agunging panuwun
Tanggap wacana kaping kaleh inggih punika saking Kepala Griya
Sakit, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Reza. Dhumateng
Bp Reza, wekdal soho swasana kasumanggakaken Mekaten tanggap wacana
saking Kepala Griya Sakit, ingkang sampun dipun aturaken dening
panjenenganipun Bp Reza, dumateng panjenenganipun dipun aturaken sih
agunging panuwun
Saklajengipun, tanggap wacana kaping tigo inggih punika saking
Ibu Camat, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bu Evarizki.
Dhumateng Bu Evarizki, wekdal soho swasana kasumanggakaken Mekaten
tanggap wacana saking Ibu Camat, ingkang sampun dipun aturaken dening
panjenenganipun Bu Evarizki, dumateng panjenenganipun dipun aturaken sih
agunging panuwun
Tanggap wacana kaping sekawan inggih punika saking Sesulih
anak, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Gilang.
Dhumateng Bp Gilang, wekdal soho swasana kasumanggakaken Mekaten tanggap
wacana saking Sesulih anak, ingkang sampun dipun aturaken dening
panjenenganipun Bp Gilang, dumateng panjenenganipun dipun aturaken sih
agunging panuwun
3. Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, adicara ingkang pungkasan inggih punika
panutup.
Sak derengipun acara wonten enjang menika dipuntutup mbok bilih anggen kula
nglampahaken acara wonten enjang menika khatah kalepatan saha kekirangan kula nyuwun
agunging samudra pangkasami. Mangga acara wonten enjang menika kita tutup khanti waos
Hamdallah, kula aturaken. Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum wr wb

More Related Content

Featured

How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
ThinkNow
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Kurio // The Social Media Age(ncy)
 

Featured (20)

2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot
 
Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPT
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
 

Naskah mc basa jawa

  • 1. Assalamu’alaikum wr. Wb. ‫ب سن اهلل ال رحون ال رح ين ال حود هلل رب ال عال و ين و ال ص الة وال س الم ع لى ا شرف االن ب ياء و ال ور س ل ين‬ ‫س يدن ا هحود وع لى ال ه و صح به اجو ع ين اها ب عد‬ Hadrotal mukaromin wal muktaromin poro ngalim poro ngulama aladzinahum warosatul ambiya ingkang tansah dipun mulyaaken dening Alloh SWT, wabil khusus dumateng panjenenganipun alkarim romo Ky ingkang kito ajeng-ajeng maungidzoh khasanahipun soho ingkang tansah kulo ajeng-ajeng barokah pando’a ngilmu manfa’atipun, Poro bapak Kyai sanesipun ingkang mboten saged kulo wiji naminipun ugi ingkang tansah kulo ta’dimi, poro sesepuh pine sepuh ingkang dahat kinabekten, Dumateng Bapak Kepala Griya Sakit Kebumen ingkang kulo hormati, dumateng Ibu Camat sa’perangkatipun ingkang Insya Alloh kulo taati menggah peraturan-peraturanipun, Sumrambah dumateng poro bapak soho poro ibu hadirin wal hadirot tamu undangan ingkang kulo hormati, mboten kesupen dumateng poro remaja pemuda pemudi harapaning bangsa ingkang kulo tresnani soho ingkang kulo banggaaken.. Sepindah sumonggo kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah sahenggo ngantos wekdal punika panjenengan sedoyo dalasan kula saged makempal wonten ing majelis puniko kanthi adicara Khitanan Masal, kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa. mugi-mugi perkempalan wonten ing wekdal meniko saged ndadosaken ‘amal silturrohim Allohuma..... amiin. Kaping kalihipun, sholawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW inggih meniko salah setunggalipun nabi ingkang sampun berhasil mbeto umatipun awit saking jaman jahiliyah ngantos dumugi jaman islamiyah, lan mugi-mugio kito sedoyo kelebet umatipun ingkang bade nampi syafa’atipun mbenjang wonten yaumil qiyamah Allohuma..... amiin. Angka kaping tigo, kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh dateng penggenan menika. Hadirin wal hadirot rohimakumulloh, kula kajibah pranoto adicoro kaparingake badhe ngaturaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah.  Adicoro ingkang ongko sepindah inggih meniko Pembukaan  Disusul adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-quran  Sholawat Nabi dumawah wonten ing adicoro ingkang ongko tigo  Adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko tanggap wacana a) Dene tanggap wacana A, inggih meniko tanggap wacana saking Ketua Panitia b) Kangge tanggap wacana B, inggih meniko tanggap wacana saking Kepala Griya Sakit c) Dene tanggap wacana C, inggih meniko tanggap wacana saking Bu Camat d) Lan tanggap wacana D, inggih meniko tanggap wacana saking Sesulih anak  Dene adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko Inti pangaosan dilajengaken doa ingkang Insya Alloh bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Ky  Lan adicoro ingkang pungkasan inggih meniko Penutup Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, mekaten runtutipun adicoro ingkang bade lumampah wonten ing wekdal meniko. 1. Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, monggo kito wiwiti adicoro ingkang ongko sepindah kaliyan waosan umul kitab, Liridhoillahi walisyafa’ati rosulillahi Al-fatihah .............. , maturnuwun dumateng poro rawuh sedoyo, mugi-mugio kanti wasilah waosan umul kitab meniko acara wonten ing wekdal meniko saged lumampah kanthi rancag engga paripurna mboten wonten alangan sa’tunggal punopo. Allohuma..... amiin. 2. Acara saklajengipun inggih puniko tanggap wacana.
  • 2. Dene tanggap wacana sepindah inggih punika saking Ketua Panitia Penyelenggara, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Ibu Dessiana. Dhumateng Ibu Dessiana, wekdal soho swasana kasumanggakaken. Mekaten tanggap wacana saking Ketua Panitia Panyelenggara, ingkang sampun dipun aturaken dening panjenenganipun Ibu Dessiana, dumateng panjenenganipun dipun aturaken sih agunging panuwun Tanggap wacana kaping kaleh inggih punika saking Kepala Griya Sakit, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Reza. Dhumateng Bp Reza, wekdal soho swasana kasumanggakaken Mekaten tanggap wacana saking Kepala Griya Sakit, ingkang sampun dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Reza, dumateng panjenenganipun dipun aturaken sih agunging panuwun Saklajengipun, tanggap wacana kaping tigo inggih punika saking Ibu Camat, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bu Evarizki. Dhumateng Bu Evarizki, wekdal soho swasana kasumanggakaken Mekaten tanggap wacana saking Ibu Camat, ingkang sampun dipun aturaken dening panjenenganipun Bu Evarizki, dumateng panjenenganipun dipun aturaken sih agunging panuwun Tanggap wacana kaping sekawan inggih punika saking Sesulih anak, ingkang bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Gilang. Dhumateng Bp Gilang, wekdal soho swasana kasumanggakaken Mekaten tanggap wacana saking Sesulih anak, ingkang sampun dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Gilang, dumateng panjenenganipun dipun aturaken sih agunging panuwun 3. Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup. Sak derengipun acara wonten enjang menika dipuntutup mbok bilih anggen kula nglampahaken acara wonten enjang menika khatah kalepatan saha kekirangan kula nyuwun agunging samudra pangkasami. Mangga acara wonten enjang menika kita tutup khanti waos Hamdallah, kula aturaken. Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah. Wassalamualaikum wr wb