6. Wondene adhedhasar isine lan jinise lelagon dolanan iku irah-
irahane ngemot lan ngrembug babagan:
(a) sato kewan,
(b) tetuwuhan/ tanduran,
(c) budi pekerti kang utama,
(d) bebrayan,
(e) seni tradhisi,
(f) pariwisata,
(g) tetanen/ petani,
(h) kendharaan/ tumpakan,
(i) lan alam saisine.
7. SUJARAHE LELAGON DOLANAN
• TAUN 1950-AN
• R.C. Hardjasoebrata kang akeh banget ngripta lelagon dolanan ing
tuladhane: “Kidang Talun”, Slendro Sanga; “Aku Duwe Pitik”, Slendro
Sanga (saiki owah judhule dadi “Pitik Tukung”); “Jago Kate”, Pelog
Barang; “Kupu Kuwi”, Pelog Nem; “Menthog Karo Jago”, Pelog Nem
(kang owah judhule dadi “Menthog-menthog”)
• Lelagon dolanan ing taun 1950-an akeh njupuk saka jenenge sato
kewan
8. Taun 1960-an
• lelagon dolanan kang tuwuh lan ngrembaka, yaiku: “Gugur Gunung”,
laras Pelog pathet Barang kang karipta dening Darmasoewita;
• Semono uga Ki Nartasabda uga yasa lan ngripta lelagon dolanan:
“Lumbung Desa” lan “Lesung Jumengglung” Slendro Sanga; “Swara
Suling” Pelog Lima (kang owah judhule dadi “Gambang Suling”); “Ayo
Praon” Pelog Lima (kang owah judhule dadi “Prau Layar”), “Ngundha
Layangan” Pelog Lima, lan liya-liyane.
9. • taun 1970-an
• Yasan lan reriptan lelagon dolanan sangsaya ngrembaka lan sumebar.
Lelagon dolanan iku nduweni iketan arupa titilaras utawa nada/
notasi uga lagu/ “melodi” kang prasaja, larik utawa gatra/ baris kang
cekak, lan isine jumbuh kanggo umure bocah
• Upamane lelagon yasan utawa reriptane Ki Nartasabda, yaiku: “Mbok
Ya Mesem” Slendro Sanga; “Aja Dipleroki” Pelog Lima; “Sapu
Tanganku” Pelog Nem; “Mari Kangen” Pelog Nem; “Sarung Jagung”
Pelog Barang, lan liya-liyane
11. CARANE DOLANAN:
Dolanan Lumbung Desa iku butuh krikil lan pang-pang garing (sing cilik wae kira-kira sepuluh senti)
carane dolanan kaya ing ngisor iki.
1. dolanan lumbung desa cacahe bocah sing dolanan manasuka
2. Sakdurunge diwiwiti bocah-bocah nyepakake krikil lan kayu ing panggonan sisih kiwa lan
tengen pinggir lapangan utawa latar.
3. Bocah-bocah banjur baris adhep-adhepan karo nembangake lelagon lumbung desa, nalika teka
cakepan “ayo dhi njupuk pari…” padha nguculi gandhengane lan njupuk krikil utawa kayu ing
sisih kiwa utawa tengen (prayogine dipantha ana sing njupuk ing sisih kiwa semono uga ana
sing njupuk ana sisih tengen) yen wis njupuk kudu didhelikake kancane ora kena ngerti
4. Sabanjure bacutake nembang “ayo yu padha maju ….” padha baris adhep-adhepan maneh.
5. Ing pungkasane lelagon “ nosoh gabah nata lumpang” tempo nembang direndhetake banjur
padha nuduhkake apa sing di jupuk lan padha golek pasangan dhewe-dhewe sarate krikil kudu
karo kayu ora kena krikil karo krikil utawa kayu karo kayu.
6. Sing ora oleh pasangan banjur kena ukuman nembang lelagon kaya ta gajah-gajah, menthok-
menthok, jaranan, kupu kuwi, kuwi apa kuwi lan sanese.