SlideShare a Scribd company logo
1 of 8
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 1
PEMERINTAH KABUPATEN NGAWI
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SMP NEGERI 1 NGAWI
Jl. Ronggowarsito No. 1 Ngawi Telp. (0351) 749142
Website: www.smpn1ngawi.sch.id email: smpn1_ngw@yahoo.co.id
ASESMEN SUMATIF AKHIR SEMESTER (ASAS)
SEMESTER GANJIL TAHUN PELAJARAN 2023-2024
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/tanggal : Jum’at, 8 Desember 2023
Kelas : 7 (Pitu) Alokasi Waktu : 90 Menit
Pilihen wangsulan A, B, C, utawa D sing paling bener!
Semaken teks ing ngisor iki!
Seni Reyog Ponorogo
Reyog Ponorogo iku sawijine kesenian khas Jawa Timuran kang wis kawentar ora mung ing tlatah Jawa
Timur, ananging nganti saindenging tlatah Nuswantara malah nganti tekan manca negara. Miturut sejarahe, seni
reyog Ponorogo dumadi nalika Prabu Klana Sewendana saka kraton Wengker arane wewengkon Ponorogo kala
semana, nedya netepi panyuwune Dewi Sanggalangit putri ratu Kadiri kang ngadani patembaya. Dewi Sanggalangit
kersa kapundhut dadi garwa prameswari kanthi syarat calon garwane kudu bisa nekakake tontonan menarik kang
durung nate ana sadurunge. Tontonan kasebut diiringi gamelan sarta ana pangiring prajurit turangga kembar kang
cacahe 140 kanggo ngiring temantene. Kajaba saka iku uga kudu bisa nekakake kewan kang asirah loro.
Prabu Klana Sewandana ngupaya syarat aboting patembaya kasebut. Panjenengane wis kasil yasa gamelan
kanggo pangiring lan prajurit kembar kang cacah 140. Mung wae durung kasil nekakake kewan asirah loro. Ana nata
saka kraton Lodaya, Blitar aran Prabu Singobarong kang kawentar sekti mandraguna uga ngersakake Dewi
Sanggalangit kapundhut garwa. Prabu Singobarong pasuryane medeni, rikmane gimbal lan brewok memper sardula.
Mustakane tansah dipencloki manuk merak kang gaweyane notoli tuma. Prabu Singobarong kang ambeg daksiya lan
awatak angkara kasebut uga ngersakake ndherek patembaya. Sang prabu banjur ngutus patihe aran Patih Inderkala
supaya ngrebut srana sing wis disiyapake dening Prabu Klana Sewandana. Niyat ala kasebut ora kasil, awit Patih
Inderkala kasil dikalahae Prabu Klana Sewandana. Sadurunge nerusake laku tindak Kadiri, Prabu Klana Sewandana
nedya paring paukuman marang Prabu Singobarong. Wekasane dumadi prang tandhing kang rame banget, awit
kalorone padaha-padha sektine. Ing prang tandhing kasebut Prabu Klana Sewandana kasil ngasorake Prabu
Singobarong nganggo sanjata pamungkase aran Kyai Pecut Samandiman. Nalika Prabu Singobarong ketaman pecut
nuli mustakane kang tansah dipencloki manuk merak nyawiji dadi kewan kang asirah loro, yaiku sirah macan lan
merak. Pungkasaning crita, Prabu Klana Sewandana bisa netepi syarat ing patembaya kasebut lan kasil mboyong
Dewi Sanggalangit. Tindake saka Kraton Kadiri nganti tekan Wengker kairing dening Patih Pujangga Anom, para
nayaka praja, para prajurit, lan abdi kinasihe. Sabanjure tontonan kang dadi panyuwune Dewi Sanggalangit ing
patembaya kasebut kawentar diarani ’’seni reyog Ponorogo”.
Paraga ing seni reyog Ponorogo yaiku barongan/singobarong, jathilan, warok, klana sewandana, lan bujang
ganong. Barongan utawa singobarong iku sawijine praga utama saka Prabu Singobarong kang minangka wujud
manungsa asirah kewan macan lan merak. Ing pagelaran seni reyog awujud barongan utawa dhadhak merak kang
sirahe macan gembong ing ndhuwure ana manuk merak kang lagi melar. Dhadhak merak iki dhuwure 2,25 meter,
ambane 2,30 meter, lan abote 50 kg. paraga jathilan nggambarake prajurit turangga (pasukan berkuda) kang trampil
trengginas ing olah kanuragan lan kaprajuritan. Wondenene warok kang ateges warah/wewarah yaiku wong kang
sugih wewarah, wus purna saka sakabehing laku, lan wus menep ing rasa, tegese wong kang duwe ngelmu mumpuni
lair lan batin. Paraga warok, lumrahe busanane nganggo klambi lan kathok goyor werna ireng-ireng lan brewoken.
Paraga klana sewandana yaiku nggambarake Prabu Klana Sewandana kang ngagem busana kanarendran, mawa
badhong lan tansah ngasta sanjata piandele Kyai Pecut Samandiman. Paraga Bujang Ganong iku nggambarake Patih
Pujangga Anom, yaiku patih anom ing kraton Wengker kang kawentar sekti mandraguna, trampil ilmu kaprajuritan
lan olah kanuragan, ananging uga lucu solah bawane. Mulane ing pagelaran seni reyog paraga bujang ganong uga
tansah ditunggu-tunggu, awit kajaba solah bawane kang lucu, olah beksane sigrak, lincah, lan trengginas. Pagelaran
seni reyog Ponorogo asring digelar ing adicara-adicara tartamtu kayata ; adicara kajatan penganten utawa khitanan,
adicara mengeti hari besar nasional, lan nyambut tamu-tamu agung.
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 2
1. Manut wacan ing dhuwur, dhek jaman biyen tlatah Ponorogo iku uga diarani...
A. Wengker B. Majapahit C. Singasari D. Kadiri
2. Prabu Klana Sewandana ing wacan kasebut nedya netepi panyuwune putri ratu Kadiri kang ngadani patembaya. Putri
kasebut paring asma ...
A. Dewi Sanggalangit B. Dewi Sekar Arum C. Dewi Sekar Kedhaton D. Dewi Sekartaji
3. Syarat ing patembaya kang kudu ditetepi, nekakake tontonan kang mranani lan durung nate ana sadurunge, yaiku...
A. Tontonan kasebut diiringi gamelan
B. Ana pangiring prajurit turangga kembar kang cacahe 140
C. Nekakake kewan kang asirah loro
D. Wangsulan A, B, lan C bener
4. Prabu Singobarong kang kasil diasorake dening Prabu Kalana Sewandana asale saka ...
A. Kraton Singasari B. Kraton Wengker C. Kraton Kadiri D. Kraton Lodaya, Blitar
5. Prabu Singobarong ketaman sanjata pamungkase Prabu Klana Sewandana aran Kyai Pecut Samandiman, sanalika
dadi kewan kang asirah loro yaiku wujud ...
A. Singa lan macan B. Macan lan merak C. Singa lan merak D. Jaran lan macan
6. Barongan ing pagelaran seni reyog Ponorogo nggambarake...
A. Jathilan B. Prabu Singobarong C. Warok D. Bujang ganong
7. Paraga jathilan ing seni reyog Ponorogo nggambarake...
A. Prabu Klana Sewandana C. Prajurit Turangga
B. Prabu Singobarong D. Patih Pujangga Anom
8. Paraga warok ing seni reyog Ponorogo nduwene teges wong kang sugih...
A. Rajakaya B. Bandha donya C. Wewarah D. Ngelmu kanoragan
9. Paraga kang lucu solah bawane lan tansah ditunggu-tunggu ing pagelaran seni reyog Ponorogo yaiku paraga...
A. Jathilan B. Singobarong C. Bujang ganong D. Klana sewandhana
10. Pagelaran seni reyog Ponorogo asring digelar ing adicara-adicara tartamtu yaiku ...
A. Adicara khajatan penganten utawa khitanan
B. Adicara mengeti hari besar nasional
C. Nyambut tamu-tamu agung
D. Wangsulan a, b, lan c bener
11. Tembung nganggo aksara Jawa ing ngisor iki sing nganggo sandhangan swara taling yaiku ...
A. [lo[ro B. puqu C. [d[w D. wiji
12. Tembung-tembung sing wis owah saka asale, jalaran oleh wuwuhan, pangrangkep, wancahan, lan kacambor diarani,
tembung....
A. Andhahan B. Lingga C. Dwilingga D. Kriya lingga
13. Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung lingga, kajaba ...
A. Tuku B. Mangan C. Tamba D. Pangan
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 3
14. Tembung ing ngisor iki sing nganggo sandhangan panyigeg wanda (paten) layer yaiku....
A. jmu B. syu/ C. wyh D. wy=
15. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwilingga yaiku ....
A. Lelagon B. Wira-wiri C. Bocah-bocah D. Ndhepipis
16. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku ...
A. Bola bali B. Leluhur C. Omah-omah D.Lelagon Mbeguguk
17. Ing ngisor iki kalebu tuladha pangrimbage tembung andhahan kang karana kawancah, kajaba ...
A. Lunglit B. Pakdhe C. Paklik D. Nagasari
Wacanen teks isor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 18-22 !
Campursari
Campursari iku kalebu sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine minangka asil campuran saka gamelan Jawa
lan piranti musik modern. Campuran instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursari. Instrumen
campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar. Alat musik iku dianggo bebarengan
kantri trep, nganti kepenak dirungokake. 1)
Campursari ngemor pirang-pirang aspek seni sajroning lelagon kanthi komplit. Katitik saka lagu kang kerep dianggo
campursari bisa awujud : lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan liya-
liyane. 2)
Lelagon campursari lumrahe seneng, gumyak,lan nes swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing
pahargyan, kayata ing mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane. Campursari uga asring dianggo dening dhagelan, gara-
gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane. 3) Seniman
campursari sing kondhang iku akeh banget, kayata Manthous saka Gunung Kidul lan Didi Kempot saka Solo.
18. Perangan identifikasi dituduhake ing pada/ paragraf nomer....
A. 1 B. 2 C. 3 D. 1-2
19. Perangan klasifikasi dituduhake ing pada/ paragraf nomer ...
A. 1 B. 2-3 C. 2 D. 3
20. Perangan kang nuduhake jlentrehe perangan dumunung ing pada/paragraf nomer ...
A. 1 B. 2 C. 3 D. 1-2-3
21. Campursari iku kalebu tembang sing kepiye?
A. Tembang gagrag anyar C. Tembang modern kang dimodifikasi
B. Campuran saka gamelan lan musik modern D. Tembang modern
22. Piranti apa kang kerep dienggo ing campursari?
A. Piano,gitar, rebab, demung, gong, kendhang
B. Gitar, kenong, bonang, drum, suling
C. Piano, gitar, drum, trompet, kendhang
D. Kendhang, ketipung, piano, bas, drum
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 4
Wacanen teks isor iki kanggo mansuli pitakonan nomer 23-27!
Dr. Soetomo
Dr. Soetomo miyos ing Ngepeh, Nganjuk, Jawa Timur rikala tanggal 30 Juli 1888. Dr. Soetomo menika tokoh ingkang
mandhegani Budi Utomo, organisasi pergerakan ingkang kapisan wonten ing Indonesia... 1)
Ing warsa 1903, Soetomo sekolah kedhokteran ing School Tot Opleiding Van Inlandsce Artsen (STOVIA), Jakarta,
Sesarengan kaliyan rencang-rencangipun saking STOVIA, Soetomo ngedekaken paguyuban kanthi tetenger “Budi Utomo”,
ing warsa 1908. Saksampunipun lulus ing 1911, priyantun menika dados dhokter pamarentah ing sawetawis papan ing Jawa
lan Sumatra Warsa 1917, Soetomo dhaup klawan sawijining perawat Walanda. Ing warsa 1919-1923, Soetomo nglajengaken
studi kedhokteran ing Negara Walanda....20
Warsa 1924 Dr. Soetomo ngedekaken Indonesian Study Club wonten Surabya lan wonten 1935 ngedekaken
PARINDRA (Partai Indonesia Raya)...2)
Ing kasusasran Jawi, Dr. Soetomo paring tetinggalan pasuryan kalawarta basa Jawi kagem kampanye , inggih menika
Panjebar Semangat. Kalawarti menika ngantos samenika taksih wonten .... 2)
Dr. Sutomo Seda ing Surabaya tanggal 30 Mei 1938. Pemerintah Indonesia maringi gelar Pahlawan pergerakan
Nasional dhateng Dr. Soetomo ing warsa 1961. ...3)
23. Perangan kang nuduhake “nepungake identitas” dituduhake ing pada/ paragraf nomer ...
A. 1-2 B. 2 C. 3 D. 1
24. Perangan kang nuduhake “panutup” dituduhake ing pada/paragraf nomer ...
A. 1 B. 3 C. 2 D. 1-2-3
25. Kapan wiyose Dr. Soetomo iku?
A. 30 mei 1938 B. 30 Juli 1888 C. 1919-1923 D. 30 Juli 1961
26. Paguyuban apa kang dipandhegane Dr. Soetomo?
A. STOVIA B. Bung Tomo C. Budi Utomo D. Taman Siswa
27. Apa kegiyatane Dr. Soetomo ing taun 1924 ?
A. Ngedekake Partai Indonesia Raya
B. Nerusake sekolah Kedhokteran
C. Ngedegake Indonesian Study Club
D. Palakrama
Wacanen teks isor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 28-32!
Sinta Cinidra dening Rahwana
Prabu Rama, Laksamana, Sinta wis ana ing alas. Alas kang gedhe, gung liwang liwung tekade arep mburu
kidang kencana kang dadi panjaluke Dewi Sinta minangka isen-isene Tamansari. Ngerti yen Prabu Rama wis
ana ing alas, kidangkencana semu ngece kaya-kaya pengin enggal dicekel. Nanging pindha manuk dara, dioyak
ngedoh, ditinggal ngawe-awe. Saya suwe Prabu Raama anggone ngoyak, ora krasa wis tumekaning tengah alas.
Sinta katinggal karo sang Laksmana. 1)
Ngancik tekan tengahing alas, dumadakan peteng dhedhet lelimengan lan ilang lacake kidang. “Mlayua
tekan ngendi wae bakal daktututi, heh kidang”, pambengoke Si Rama. Lan sakeplasan Rama pirsa wujuding
kidang. Age-age Rama nyandhak gendewa, menthang langkap. Wastra linepas pener ngenani si kidang. Kidang
katon gumlundhung mati. Nanging eloking kahanan, bareng karo gumlundhunging kidang mau keprungu swara
dumeling, sesambat jelih-jelih memba swarane Rama. Sesambat marang adhine si Laksmana. 2)
Sinta lan Laksmana kang ana ing sapinggiring alas krungu swara kang memba swarane Rama mau. Jroning
ati, Dewi Sinta ngira yen iku swarane garwane. Mulane atine nratab lan dhawuh marang risang arinta,
Laksmana, supaya enggal sumusul Rama saperlu aweh pitulungan. Laksmana kang klebu satriya pinunjul aweh
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 5
peling marang Sinta yen satemene swara iku dudu swarane Rama. “Wis ta, Dhi. Dikepara gage aweh pitulungan
marang Kakang Prabu Rama”, dhawuhe Sinta. “Kasinggihan, Kakang Mbok”, panyaure Laksamana. 3)
Sabudhale Laksmana, ing tyas Dewi Sinta tansah memuji mring gusti, “Pinaringana wilujeng nir ing
sambikala, Kakang Prabu lan Adhiku Laksmana” 4)
Ngerti sing dipanah memba-memba swarane dheweke, Rama banjur mbalik menyang papane Dewi Sinta lan
Laksmana. Rama rumangsa yen kapusan. “Becike dakmbalik menyang papane Sinta lan Laksmana mau”,
grenenge Rama. 5)
Ing tengahing laku, Rama kepethuk karo Laksamana. Lan age-age tumuju mring papane Sinta. Saeba kagete,
Sinta wis ora ana ing papane. Sinta cinidra dening Rahwana.
............................................................(ana candhake)
28. Perangan kang nuduhake komplikasi yaiku ing pada ...
A. Kaloro B.Katelu lan kapapat C. Kang pungkasan D. Kasiji
29. Sinta nyuwun kidang kencana kanggo apa?
A. Mateni kidang C. Diparingake Laksamana
B. Golek daging kidang D. Kanggo isen-isene tamansari
30. Apa sebabe Sinta ngutus Laksmana supaya aweh pitulungan marang Rama ?
A. Sinta kasil ngemparing kidang.
B. Kidange mati kena panahe Rama.
C. Sinta krungu Rama sesambat.
D. Laksmana ngerti yen sing sambat iku sejatine dudu Rama.
31. “Mlayua tekan ngendi wae bakal daktututi, heh kidang”, pambengoke Si Rama
Ukara iku ngemu ukara sambawa. Tembug endi kang dadi titikane?
A. Tekan ngendi wae B. Mlayua C. Daktututi D. Pambengoke Rama
32. “Wis ta, Dhi. Dikepara gage aweh pitulungan marang Kakang Prabu Rama”, dhawuhe Sinta.
Tembung kang kagaris ngisore iku nuduhake titikane ukara ...?
A. Sambawa B. Sanata C. Tandang D. pitakon
Semaken teks tembang kreasi anyar iki kanggo mangsuli pitakonan no. 33-35!
...................................
(Saben wengi nyawang konang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton gunung
Pacitan sarwi jenangPanas udan aling-aling caping gunung
Nadyan wadon sarwi lanang
Inumane banyu bening)
Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang,
Biyen tak openi, ning saiki ana ngendi
1
2
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 6
Jarene wis menang keturutan sing digadhang
Biyen nate janji ning saiki apa lali
Reff. Neng gunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping gunung
Syukur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa
33. Tembang kreasi ing dhuwur nduweni irah-irahan/ judhul apa?
A. Nyidhamsari B. Ngawi Berjuang C. Caping Gunung D. Mawar biru
34. Purwakanthi kang ana ing perangan katelu tembang iku arupa purwakanthi ...
A. Basa B. Guru swara C. Guru sastra D. lumaksita
35. Tema tembang ing dhuwur ngandhakake babagan ...
A. Jaman walanda C. Kahanan maju saiki saka asil perjuangan
B. Kesehatan urip ana ing gunung D. Kahanan nalika melu wong liya
Semaken teks tembang kreasi anyar iki!
Gotri la gotri nagasari – ri
Riwu lowal-awul jenang kadul – dul
Dulanawan-awan ndelok manten – ten
Tenana mbesuk gedhe dadi apa – pa
Padheng mbako enak mbako sedheng – dheng
Dhengklok engklak engklok kaya kodhok
36. Purwakanthi kang melok ing tembang iku yaiku ...
A. Guru swara B. Guru sastra C. Lumaksita D. Guru swara lan guru sastra
Semaken teks tembang kreasi anyar iki!
Aja dipleroki
Mas, mas, mas, aja dipleroki
Mas, mas, mas, aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara
Aja ditinggal kapribaden ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbok ya sing eling, eling bab apa
Iku budaya, pancene bener kandamu
37. Pesen utawa amanat tembang ing dhuwur yaiku ...
A. Aja seneng nyawang wong liya C. Ora oleh kekancan
3
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 7
B. Aja ninggalake budayane dhewe D. Senenga mesem guyu
SENDANG BIRU
Sendang biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing.
Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter.
Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka
menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo
Sempu. Saka pesisir Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing pesisir Sendang Biru
ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.
Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune wernane biru. Tembung
sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru.
Pesisir Sendang Biru ing dinane iku dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis
sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan.
Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum,
yaiku mikrolet juruusan Gadang-Turen-Sendang Biru .
(Sumber:http://www.easjava.com kanthi owah-owahan sethithik)
38. Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang. Tembung wewengkon tegese ….
A. Bagean B. Panggonan C. Wilayah D. Dunung
39. Isine paragraph siji yaiku ….
A. Pesisir Sendang Biru C. Panggonane Pesisir Sendang Biru
B. Pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang D. Jarak Pesisir Sendang Biru saka Malang
40. Diarani Pesisir Sendang Biru jalaran ….
A. Wernane banyu segara katon biru C. Pemandhangane katon biru
B. Ana sumber sing banyune biru D. Wedhine katon biru
41. Tembung mawa aksara Jawa ing ngisor iki sing migunakake sandhangan suku yaiku...
A. rini B. [l[l C. [so[to D. duku
42. Ukara sing klebu bagean idhentifikasi yaiku ….
A. Ing Sendang Biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, lan prau sewan
B. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
C. Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing.
D. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata
43. Papan panggonan sing …. obyek wisata mesthi duwe sesawangan sing apik. Tembung sing cocok kanggo nggenepi
ukara ing dhuwur yaiku ….
A. Ndadekake B. Didadeni C. Didadekake D. Ndadeni
44. Panggonane basa ngoko alus sing bener, yaiku ….
A. Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar. C. Pak Marto ora weruh yen ana tamu.
B. Siti tumbas sekul tigang bungkus. D. Bu Prapti dhek wingi mundhut beras limang kilo.
45. “ …. Ing sajabane padepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon
lenggah sila ing pendhapa cecawis umbarampene sesembahan, mapak sumoroting sang bagaskara ing bang wetan
direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diteruske sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa
ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 8
Surya ing sanggar pamujan. Rsi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra
loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasakten sing padha. Bedane, Bambang Sumantri tinadir
pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta
bajang ….”
Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane ….
A. Orientasi B. Klimaks C. Komplikasi D. Resolusi
46. “Inggih Bapa sedaya sampun samekta, ananging kula boten saged ngajak adhi Sukrasana kula papagipun. Kula
nyuwun pangestu sapunika ugi kula bidhal.” Sumantri atur sembah pangabekti sarta nyuwun pangestu.
Paragraf ing dhuwur migunakake basa ….
A. Ngoko lugu B. Krama lugu C. Ngoko alus D. Krama alus
47. “Iya Sumantri, yen ngono karepmu budhala, pangestuku tansah njampangi lakumu,” Karo ngelus pundhake putrane,
pangandikane Resi Suwandagni krasa ana geter sanajan tan ana tumetesing waspa.
Paragraf ing dhuwur migunakake basa ….
A. Ngoko lugu B. Krama lugu C. Ngoko alus D. Krama alus
48. Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis umbarampeme sesembahan, mapag sumoroting sang
bagaskara ing bang wetan.
Tembung sang bagaskara ing ukara ndhuwur, ateges ….
A. Srengenge B. Bumi C. Lintang D. Rembulan
49. Ngendikan mangkono Dewi Citrawati sinambi mbalang liring marang Sumantri. Tembung mbalang liring ing ukara
dhuwur, kalebu jinise tembung ….
A. Garba B. Entar C. Saroja D. Dasanama
50. Bambang Sumantri nalika diwisuda sinengkake dadi patih, asmane dadi ….
A. Patih Sumantri B.Patih Sukrasana C. Patih Suwanda D. Patih Sekar Arga

More Related Content

Featured

2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by HubspotMarius Sescu
 
Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTExpeed Software
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsPixeldarts
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthThinkNow
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfmarketingartwork
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024Neil Kimberley
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)contently
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024Albert Qian
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsKurio // The Social Media Age(ncy)
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Search Engine Journal
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summarySpeakerHub
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Tessa Mero
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentLily Ray
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best PracticesVit Horky
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementMindGenius
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...RachelPearson36
 

Featured (20)

2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot
 
Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPT
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
 

SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc

  • 1. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 1 PEMERINTAH KABUPATEN NGAWI DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN SMP NEGERI 1 NGAWI Jl. Ronggowarsito No. 1 Ngawi Telp. (0351) 749142 Website: www.smpn1ngawi.sch.id email: smpn1_ngw@yahoo.co.id ASESMEN SUMATIF AKHIR SEMESTER (ASAS) SEMESTER GANJIL TAHUN PELAJARAN 2023-2024 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/tanggal : Jum’at, 8 Desember 2023 Kelas : 7 (Pitu) Alokasi Waktu : 90 Menit Pilihen wangsulan A, B, C, utawa D sing paling bener! Semaken teks ing ngisor iki! Seni Reyog Ponorogo Reyog Ponorogo iku sawijine kesenian khas Jawa Timuran kang wis kawentar ora mung ing tlatah Jawa Timur, ananging nganti saindenging tlatah Nuswantara malah nganti tekan manca negara. Miturut sejarahe, seni reyog Ponorogo dumadi nalika Prabu Klana Sewendana saka kraton Wengker arane wewengkon Ponorogo kala semana, nedya netepi panyuwune Dewi Sanggalangit putri ratu Kadiri kang ngadani patembaya. Dewi Sanggalangit kersa kapundhut dadi garwa prameswari kanthi syarat calon garwane kudu bisa nekakake tontonan menarik kang durung nate ana sadurunge. Tontonan kasebut diiringi gamelan sarta ana pangiring prajurit turangga kembar kang cacahe 140 kanggo ngiring temantene. Kajaba saka iku uga kudu bisa nekakake kewan kang asirah loro. Prabu Klana Sewandana ngupaya syarat aboting patembaya kasebut. Panjenengane wis kasil yasa gamelan kanggo pangiring lan prajurit kembar kang cacah 140. Mung wae durung kasil nekakake kewan asirah loro. Ana nata saka kraton Lodaya, Blitar aran Prabu Singobarong kang kawentar sekti mandraguna uga ngersakake Dewi Sanggalangit kapundhut garwa. Prabu Singobarong pasuryane medeni, rikmane gimbal lan brewok memper sardula. Mustakane tansah dipencloki manuk merak kang gaweyane notoli tuma. Prabu Singobarong kang ambeg daksiya lan awatak angkara kasebut uga ngersakake ndherek patembaya. Sang prabu banjur ngutus patihe aran Patih Inderkala supaya ngrebut srana sing wis disiyapake dening Prabu Klana Sewandana. Niyat ala kasebut ora kasil, awit Patih Inderkala kasil dikalahae Prabu Klana Sewandana. Sadurunge nerusake laku tindak Kadiri, Prabu Klana Sewandana nedya paring paukuman marang Prabu Singobarong. Wekasane dumadi prang tandhing kang rame banget, awit kalorone padaha-padha sektine. Ing prang tandhing kasebut Prabu Klana Sewandana kasil ngasorake Prabu Singobarong nganggo sanjata pamungkase aran Kyai Pecut Samandiman. Nalika Prabu Singobarong ketaman pecut nuli mustakane kang tansah dipencloki manuk merak nyawiji dadi kewan kang asirah loro, yaiku sirah macan lan merak. Pungkasaning crita, Prabu Klana Sewandana bisa netepi syarat ing patembaya kasebut lan kasil mboyong Dewi Sanggalangit. Tindake saka Kraton Kadiri nganti tekan Wengker kairing dening Patih Pujangga Anom, para nayaka praja, para prajurit, lan abdi kinasihe. Sabanjure tontonan kang dadi panyuwune Dewi Sanggalangit ing patembaya kasebut kawentar diarani ’’seni reyog Ponorogo”. Paraga ing seni reyog Ponorogo yaiku barongan/singobarong, jathilan, warok, klana sewandana, lan bujang ganong. Barongan utawa singobarong iku sawijine praga utama saka Prabu Singobarong kang minangka wujud manungsa asirah kewan macan lan merak. Ing pagelaran seni reyog awujud barongan utawa dhadhak merak kang sirahe macan gembong ing ndhuwure ana manuk merak kang lagi melar. Dhadhak merak iki dhuwure 2,25 meter, ambane 2,30 meter, lan abote 50 kg. paraga jathilan nggambarake prajurit turangga (pasukan berkuda) kang trampil trengginas ing olah kanuragan lan kaprajuritan. Wondenene warok kang ateges warah/wewarah yaiku wong kang sugih wewarah, wus purna saka sakabehing laku, lan wus menep ing rasa, tegese wong kang duwe ngelmu mumpuni lair lan batin. Paraga warok, lumrahe busanane nganggo klambi lan kathok goyor werna ireng-ireng lan brewoken. Paraga klana sewandana yaiku nggambarake Prabu Klana Sewandana kang ngagem busana kanarendran, mawa badhong lan tansah ngasta sanjata piandele Kyai Pecut Samandiman. Paraga Bujang Ganong iku nggambarake Patih Pujangga Anom, yaiku patih anom ing kraton Wengker kang kawentar sekti mandraguna, trampil ilmu kaprajuritan lan olah kanuragan, ananging uga lucu solah bawane. Mulane ing pagelaran seni reyog paraga bujang ganong uga tansah ditunggu-tunggu, awit kajaba solah bawane kang lucu, olah beksane sigrak, lincah, lan trengginas. Pagelaran seni reyog Ponorogo asring digelar ing adicara-adicara tartamtu kayata ; adicara kajatan penganten utawa khitanan, adicara mengeti hari besar nasional, lan nyambut tamu-tamu agung.
  • 2. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 2 1. Manut wacan ing dhuwur, dhek jaman biyen tlatah Ponorogo iku uga diarani... A. Wengker B. Majapahit C. Singasari D. Kadiri 2. Prabu Klana Sewandana ing wacan kasebut nedya netepi panyuwune putri ratu Kadiri kang ngadani patembaya. Putri kasebut paring asma ... A. Dewi Sanggalangit B. Dewi Sekar Arum C. Dewi Sekar Kedhaton D. Dewi Sekartaji 3. Syarat ing patembaya kang kudu ditetepi, nekakake tontonan kang mranani lan durung nate ana sadurunge, yaiku... A. Tontonan kasebut diiringi gamelan B. Ana pangiring prajurit turangga kembar kang cacahe 140 C. Nekakake kewan kang asirah loro D. Wangsulan A, B, lan C bener 4. Prabu Singobarong kang kasil diasorake dening Prabu Kalana Sewandana asale saka ... A. Kraton Singasari B. Kraton Wengker C. Kraton Kadiri D. Kraton Lodaya, Blitar 5. Prabu Singobarong ketaman sanjata pamungkase Prabu Klana Sewandana aran Kyai Pecut Samandiman, sanalika dadi kewan kang asirah loro yaiku wujud ... A. Singa lan macan B. Macan lan merak C. Singa lan merak D. Jaran lan macan 6. Barongan ing pagelaran seni reyog Ponorogo nggambarake... A. Jathilan B. Prabu Singobarong C. Warok D. Bujang ganong 7. Paraga jathilan ing seni reyog Ponorogo nggambarake... A. Prabu Klana Sewandana C. Prajurit Turangga B. Prabu Singobarong D. Patih Pujangga Anom 8. Paraga warok ing seni reyog Ponorogo nduwene teges wong kang sugih... A. Rajakaya B. Bandha donya C. Wewarah D. Ngelmu kanoragan 9. Paraga kang lucu solah bawane lan tansah ditunggu-tunggu ing pagelaran seni reyog Ponorogo yaiku paraga... A. Jathilan B. Singobarong C. Bujang ganong D. Klana sewandhana 10. Pagelaran seni reyog Ponorogo asring digelar ing adicara-adicara tartamtu yaiku ... A. Adicara khajatan penganten utawa khitanan B. Adicara mengeti hari besar nasional C. Nyambut tamu-tamu agung D. Wangsulan a, b, lan c bener 11. Tembung nganggo aksara Jawa ing ngisor iki sing nganggo sandhangan swara taling yaiku ... A. [lo[ro B. puqu C. [d[w D. wiji 12. Tembung-tembung sing wis owah saka asale, jalaran oleh wuwuhan, pangrangkep, wancahan, lan kacambor diarani, tembung.... A. Andhahan B. Lingga C. Dwilingga D. Kriya lingga 13. Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung lingga, kajaba ... A. Tuku B. Mangan C. Tamba D. Pangan
  • 3. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 3 14. Tembung ing ngisor iki sing nganggo sandhangan panyigeg wanda (paten) layer yaiku.... A. jmu B. syu/ C. wyh D. wy= 15. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwilingga yaiku .... A. Lelagon B. Wira-wiri C. Bocah-bocah D. Ndhepipis 16. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku ... A. Bola bali B. Leluhur C. Omah-omah D.Lelagon Mbeguguk 17. Ing ngisor iki kalebu tuladha pangrimbage tembung andhahan kang karana kawancah, kajaba ... A. Lunglit B. Pakdhe C. Paklik D. Nagasari Wacanen teks isor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 18-22 ! Campursari Campursari iku kalebu sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine minangka asil campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern. Campuran instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni campursari. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar. Alat musik iku dianggo bebarengan kantri trep, nganti kepenak dirungokake. 1) Campursari ngemor pirang-pirang aspek seni sajroning lelagon kanthi komplit. Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud : lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan liya- liyane. 2) Lelagon campursari lumrahe seneng, gumyak,lan nes swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, kayata ing mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyane. Campursari uga asring dianggo dening dhagelan, gara- gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane. 3) Seniman campursari sing kondhang iku akeh banget, kayata Manthous saka Gunung Kidul lan Didi Kempot saka Solo. 18. Perangan identifikasi dituduhake ing pada/ paragraf nomer.... A. 1 B. 2 C. 3 D. 1-2 19. Perangan klasifikasi dituduhake ing pada/ paragraf nomer ... A. 1 B. 2-3 C. 2 D. 3 20. Perangan kang nuduhake jlentrehe perangan dumunung ing pada/paragraf nomer ... A. 1 B. 2 C. 3 D. 1-2-3 21. Campursari iku kalebu tembang sing kepiye? A. Tembang gagrag anyar C. Tembang modern kang dimodifikasi B. Campuran saka gamelan lan musik modern D. Tembang modern 22. Piranti apa kang kerep dienggo ing campursari? A. Piano,gitar, rebab, demung, gong, kendhang B. Gitar, kenong, bonang, drum, suling C. Piano, gitar, drum, trompet, kendhang D. Kendhang, ketipung, piano, bas, drum
  • 4. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 4 Wacanen teks isor iki kanggo mansuli pitakonan nomer 23-27! Dr. Soetomo Dr. Soetomo miyos ing Ngepeh, Nganjuk, Jawa Timur rikala tanggal 30 Juli 1888. Dr. Soetomo menika tokoh ingkang mandhegani Budi Utomo, organisasi pergerakan ingkang kapisan wonten ing Indonesia... 1) Ing warsa 1903, Soetomo sekolah kedhokteran ing School Tot Opleiding Van Inlandsce Artsen (STOVIA), Jakarta, Sesarengan kaliyan rencang-rencangipun saking STOVIA, Soetomo ngedekaken paguyuban kanthi tetenger “Budi Utomo”, ing warsa 1908. Saksampunipun lulus ing 1911, priyantun menika dados dhokter pamarentah ing sawetawis papan ing Jawa lan Sumatra Warsa 1917, Soetomo dhaup klawan sawijining perawat Walanda. Ing warsa 1919-1923, Soetomo nglajengaken studi kedhokteran ing Negara Walanda....20 Warsa 1924 Dr. Soetomo ngedekaken Indonesian Study Club wonten Surabya lan wonten 1935 ngedekaken PARINDRA (Partai Indonesia Raya)...2) Ing kasusasran Jawi, Dr. Soetomo paring tetinggalan pasuryan kalawarta basa Jawi kagem kampanye , inggih menika Panjebar Semangat. Kalawarti menika ngantos samenika taksih wonten .... 2) Dr. Sutomo Seda ing Surabaya tanggal 30 Mei 1938. Pemerintah Indonesia maringi gelar Pahlawan pergerakan Nasional dhateng Dr. Soetomo ing warsa 1961. ...3) 23. Perangan kang nuduhake “nepungake identitas” dituduhake ing pada/ paragraf nomer ... A. 1-2 B. 2 C. 3 D. 1 24. Perangan kang nuduhake “panutup” dituduhake ing pada/paragraf nomer ... A. 1 B. 3 C. 2 D. 1-2-3 25. Kapan wiyose Dr. Soetomo iku? A. 30 mei 1938 B. 30 Juli 1888 C. 1919-1923 D. 30 Juli 1961 26. Paguyuban apa kang dipandhegane Dr. Soetomo? A. STOVIA B. Bung Tomo C. Budi Utomo D. Taman Siswa 27. Apa kegiyatane Dr. Soetomo ing taun 1924 ? A. Ngedekake Partai Indonesia Raya B. Nerusake sekolah Kedhokteran C. Ngedegake Indonesian Study Club D. Palakrama Wacanen teks isor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 28-32! Sinta Cinidra dening Rahwana Prabu Rama, Laksamana, Sinta wis ana ing alas. Alas kang gedhe, gung liwang liwung tekade arep mburu kidang kencana kang dadi panjaluke Dewi Sinta minangka isen-isene Tamansari. Ngerti yen Prabu Rama wis ana ing alas, kidangkencana semu ngece kaya-kaya pengin enggal dicekel. Nanging pindha manuk dara, dioyak ngedoh, ditinggal ngawe-awe. Saya suwe Prabu Raama anggone ngoyak, ora krasa wis tumekaning tengah alas. Sinta katinggal karo sang Laksmana. 1) Ngancik tekan tengahing alas, dumadakan peteng dhedhet lelimengan lan ilang lacake kidang. “Mlayua tekan ngendi wae bakal daktututi, heh kidang”, pambengoke Si Rama. Lan sakeplasan Rama pirsa wujuding kidang. Age-age Rama nyandhak gendewa, menthang langkap. Wastra linepas pener ngenani si kidang. Kidang katon gumlundhung mati. Nanging eloking kahanan, bareng karo gumlundhunging kidang mau keprungu swara dumeling, sesambat jelih-jelih memba swarane Rama. Sesambat marang adhine si Laksmana. 2) Sinta lan Laksmana kang ana ing sapinggiring alas krungu swara kang memba swarane Rama mau. Jroning ati, Dewi Sinta ngira yen iku swarane garwane. Mulane atine nratab lan dhawuh marang risang arinta, Laksmana, supaya enggal sumusul Rama saperlu aweh pitulungan. Laksmana kang klebu satriya pinunjul aweh
  • 5. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 5 peling marang Sinta yen satemene swara iku dudu swarane Rama. “Wis ta, Dhi. Dikepara gage aweh pitulungan marang Kakang Prabu Rama”, dhawuhe Sinta. “Kasinggihan, Kakang Mbok”, panyaure Laksamana. 3) Sabudhale Laksmana, ing tyas Dewi Sinta tansah memuji mring gusti, “Pinaringana wilujeng nir ing sambikala, Kakang Prabu lan Adhiku Laksmana” 4) Ngerti sing dipanah memba-memba swarane dheweke, Rama banjur mbalik menyang papane Dewi Sinta lan Laksmana. Rama rumangsa yen kapusan. “Becike dakmbalik menyang papane Sinta lan Laksmana mau”, grenenge Rama. 5) Ing tengahing laku, Rama kepethuk karo Laksamana. Lan age-age tumuju mring papane Sinta. Saeba kagete, Sinta wis ora ana ing papane. Sinta cinidra dening Rahwana. ............................................................(ana candhake) 28. Perangan kang nuduhake komplikasi yaiku ing pada ... A. Kaloro B.Katelu lan kapapat C. Kang pungkasan D. Kasiji 29. Sinta nyuwun kidang kencana kanggo apa? A. Mateni kidang C. Diparingake Laksamana B. Golek daging kidang D. Kanggo isen-isene tamansari 30. Apa sebabe Sinta ngutus Laksmana supaya aweh pitulungan marang Rama ? A. Sinta kasil ngemparing kidang. B. Kidange mati kena panahe Rama. C. Sinta krungu Rama sesambat. D. Laksmana ngerti yen sing sambat iku sejatine dudu Rama. 31. “Mlayua tekan ngendi wae bakal daktututi, heh kidang”, pambengoke Si Rama Ukara iku ngemu ukara sambawa. Tembug endi kang dadi titikane? A. Tekan ngendi wae B. Mlayua C. Daktututi D. Pambengoke Rama 32. “Wis ta, Dhi. Dikepara gage aweh pitulungan marang Kakang Prabu Rama”, dhawuhe Sinta. Tembung kang kagaris ngisore iku nuduhake titikane ukara ...? A. Sambawa B. Sanata C. Tandang D. pitakon Semaken teks tembang kreasi anyar iki kanggo mangsuli pitakonan no. 33-35! ................................... (Saben wengi nyawang konang Yen memajang mung karo janur kuning Kembang wae weton gunung Pacitan sarwi jenangPanas udan aling-aling caping gunung Nadyan wadon sarwi lanang Inumane banyu bening) Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang, Biyen tak openi, ning saiki ana ngendi 1 2
  • 6. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 6 Jarene wis menang keturutan sing digadhang Biyen nate janji ning saiki apa lali Reff. Neng gunung tak cadhongi sega jagung Yen mendhung tak silihi caping gunung Syukur bisa nyawang, gunung desa dadi reja Dene ora ilang nggone padha lara lapa 33. Tembang kreasi ing dhuwur nduweni irah-irahan/ judhul apa? A. Nyidhamsari B. Ngawi Berjuang C. Caping Gunung D. Mawar biru 34. Purwakanthi kang ana ing perangan katelu tembang iku arupa purwakanthi ... A. Basa B. Guru swara C. Guru sastra D. lumaksita 35. Tema tembang ing dhuwur ngandhakake babagan ... A. Jaman walanda C. Kahanan maju saiki saka asil perjuangan B. Kesehatan urip ana ing gunung D. Kahanan nalika melu wong liya Semaken teks tembang kreasi anyar iki! Gotri la gotri nagasari – ri Riwu lowal-awul jenang kadul – dul Dulanawan-awan ndelok manten – ten Tenana mbesuk gedhe dadi apa – pa Padheng mbako enak mbako sedheng – dheng Dhengklok engklak engklok kaya kodhok 36. Purwakanthi kang melok ing tembang iku yaiku ... A. Guru swara B. Guru sastra C. Lumaksita D. Guru swara lan guru sastra Semaken teks tembang kreasi anyar iki! Aja dipleroki Mas, mas, mas, aja dipleroki Mas, mas, mas, aja dipoyoki Karepku njaluk diesemi Tingkah lakumu kudu ngerti cara Aja ditinggal kapribaden ketimuran Mengko gek keri ing jaman Mbok ya sing eling, eling bab apa Iku budaya, pancene bener kandamu 37. Pesen utawa amanat tembang ing dhuwur yaiku ... A. Aja seneng nyawang wong liya C. Ora oleh kekancan 3
  • 7. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 7 B. Aja ninggalake budayane dhewe D. Senenga mesem guyu SENDANG BIRU Sendang biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter. Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka pesisir Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata. Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru. Pesisir Sendang Biru ing dinane iku dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet juruusan Gadang-Turen-Sendang Biru . (Sumber:http://www.easjava.com kanthi owah-owahan sethithik) 38. Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang. Tembung wewengkon tegese …. A. Bagean B. Panggonan C. Wilayah D. Dunung 39. Isine paragraph siji yaiku …. A. Pesisir Sendang Biru C. Panggonane Pesisir Sendang Biru B. Pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang D. Jarak Pesisir Sendang Biru saka Malang 40. Diarani Pesisir Sendang Biru jalaran …. A. Wernane banyu segara katon biru C. Pemandhangane katon biru B. Ana sumber sing banyune biru D. Wedhine katon biru 41. Tembung mawa aksara Jawa ing ngisor iki sing migunakake sandhangan suku yaiku... A. rini B. [l[l C. [so[to D. duku 42. Ukara sing klebu bagean idhentifikasi yaiku …. A. Ing Sendang Biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, lan prau sewan B. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum. C. Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. D. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata 43. Papan panggonan sing …. obyek wisata mesthi duwe sesawangan sing apik. Tembung sing cocok kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku …. A. Ndadekake B. Didadeni C. Didadekake D. Ndadeni 44. Panggonane basa ngoko alus sing bener, yaiku …. A. Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar. C. Pak Marto ora weruh yen ana tamu. B. Siti tumbas sekul tigang bungkus. D. Bu Prapti dhek wingi mundhut beras limang kilo. 45. “ …. Ing sajabane padepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis umbarampene sesembahan, mapak sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diteruske sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa
  • 8. ASAS Bahasa Jawa 7 Ganjil 2023/2024 8 Surya ing sanggar pamujan. Rsi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasakten sing padha. Bedane, Bambang Sumantri tinadir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang ….” Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane …. A. Orientasi B. Klimaks C. Komplikasi D. Resolusi 46. “Inggih Bapa sedaya sampun samekta, ananging kula boten saged ngajak adhi Sukrasana kula papagipun. Kula nyuwun pangestu sapunika ugi kula bidhal.” Sumantri atur sembah pangabekti sarta nyuwun pangestu. Paragraf ing dhuwur migunakake basa …. A. Ngoko lugu B. Krama lugu C. Ngoko alus D. Krama alus 47. “Iya Sumantri, yen ngono karepmu budhala, pangestuku tansah njampangi lakumu,” Karo ngelus pundhake putrane, pangandikane Resi Suwandagni krasa ana geter sanajan tan ana tumetesing waspa. Paragraf ing dhuwur migunakake basa …. A. Ngoko lugu B. Krama lugu C. Ngoko alus D. Krama alus 48. Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis umbarampeme sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang wetan. Tembung sang bagaskara ing ukara ndhuwur, ateges …. A. Srengenge B. Bumi C. Lintang D. Rembulan 49. Ngendikan mangkono Dewi Citrawati sinambi mbalang liring marang Sumantri. Tembung mbalang liring ing ukara dhuwur, kalebu jinise tembung …. A. Garba B. Entar C. Saroja D. Dasanama 50. Bambang Sumantri nalika diwisuda sinengkake dadi patih, asmane dadi …. A. Patih Sumantri B.Patih Sukrasana C. Patih Suwanda D. Patih Sekar Arga