SlideShare a Scribd company logo
Ing jaman biyen, wonten satunggal kerajaan ingkang kasebut kerajaan
Ngastinapura. Raja punika nggadahi sifat serakah lan sa’geleme dewe.
Ananging raja kagungan putra ingkang bagus ati lan rupane. Baguse raono
tandingane. Salah sawijining dino hulubalang kerajaan nariki pajak dateng
para rakyate. Arepo kepeksa kabeh bisa bayar, kajaba Kunti. Rakyat miskin
ingkang sampun boten anggadahi bapa biyung, amargi sampun seda. Kunti iku
yo ra maido ayune, mlinir kaya eseme wulan yen lagi terang wulan. Amargi
boten saget bayar pajak kunti digowo menyang kerajaan didadosaken
pembantu.
Wonten ing kamar, Raja Aiswara lan Raden Airlangga lagi padha rerembugan.
Raja : “Putraku, kapan kowe golekke ramamu iki mantu?”
Raden : “nyuwun ngapunten Rama, kula dereng nemokaken ingkang mathuk
kalian atikula.”
Raja : “Ramamu iki wes tua ngger, kepengenku, kowe ngganti aku kui wes
duwe bojo
Raden : “Sendika dawuh Rama”
Raja : “ananging, aku kepengen sik padha-padha saka kerajaan”
Banjur ngunu kui Kunti teko gawa baki isi Poci.
Kunti : “Mangga Raden, mangga gusti. Nuwun sewu.”
Raja : “yayaya, gek balio kono. Putraku, pikirno opo sik tak omongke
marang kowe mau.”(lungo)
Raden Airlangga wis ra gatekake menapa titahipun rama. Raden sampun
kepencut kalian bocah ayu lan mlinir mau, kunti. Sak jroning ati, Raden
pengen ngerti sapa ta bocah wadon kae mau. Banjur Raden nekani adikke
wonten ing taman kerajaan
Raden : “duh adikku ingkang ayu dewe”!
Inten : “wonten menapa ta kangmas?”
Raden : “reneo dik, aku meh takok marang sliramu”
Inten : “bab menapa kang?”
Raden : “kowe ngerti ora bocah wadon ingkang dadi babu anyar kerajaan
kae, sek ayu tur mlinir.”
Inten : “o. . .Kunti maksutipun kakang?lha nggeh dereng dangu kok
kangmas. Jalaranipun Kunti menika boten saget bayar pajak bar menika Kunti
sampun boten gadah Bapa biyung.”
Raden : “o . . .dadi bocah kae jenenge Kunti”.
Rino wengi Raden Airlangga ora bisa turu amargi kepikiran Kunti.bocah
wado ingkang saget gawe kasmaran si Raden.
(raden nyanyi)
“yen ing tawang ana lintang cah ayu
Rungokno tangising ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
Tresnaku sundul wiyati”
…………………………………………………………………………………………………
…
Esuk-esuk, Raden goleki Kunti, lan ketemu Kunti.
Raden : “He, cah ayu, dik Kunti.!”
Kunti : (ninguk isin-isin)”dalem Raden, wonten menapa?”
Raden : “ora nimas, sliramu ki sapa ta?sajake kok aku ra tau ngerti.”
Kunti : “nuwun sewu gusti pangeran, kula menika naming babu anyar wonten
ing mriki, boten pantes rerembugan kaliyan panjenengan.”
Raden : “ora nimas, aku sajake kepikiran sliramu terus, kelingan sliramu,
nimas aku tresno marang sliramu.”
Kunti : “ampun gusti, kula menika naming babu.ampun gusti kula nuwun
sewu badhe wonten wingking.”
Raden : (nyekel tangane Kunti) “dik Kunti, sliramu iku tresno ora karo
aku?jawaben Nimas.”
Kunti : (meneng. Banjur manggut-manggut campur isin)
Raden : “nek ngunu ayo melu aku nemoni Rama.”
Kunti : “ampun Gusti Kula ajrih sanget.”
Raden : “wes ta, masalah kui tanggunganku.”
Raden Airlangga ngajak Kunti nemoni Raja supaya bisa nglamarke Kunti.
Raden : “nuwun sewu rama”(sungkem karo kunti)
Raja : “ana apa iki, kok ana babu barang.?”
Raden : “nuwun sewu rama, menika bakal mantunipun panjenengan.”
Raja : (kaget campur nesu)”opo?!ora sudi aku!!!lancang tenan kowe. Sopo
bocah wadon iki?babu lhe!!!!”
Raden : “ananging rama, kula sampun tresno.”
Raja : “menenga kowe!!!!ora gumun aku!!!kowe wes wani marang ramamu
iki,yowes kowe bakal tak jodokke karo dewi Wedari, putri kerajaan
Kartapura. Kanggo kowe babu!!!balio kono!!kowe ki sopo?bali!!!!
Kunti : “nuwun sewu gusti”(nangis banjur lunga).
Raden : “nimas, nimas!”
Raja : “meneng!!sesok kowe tak kirim menyang kartapura.”
…………………………………………………………………………………………………
Wengi-wengi Kunti nangis. Ujug-ujug ana wong ndodog jendelane. Kunti
bukak.
Raden : “iki kangmas nimas, cup yo. . . .ojo nangis, kangmas janji disekseni
wengi lan rembulan aku bakal tresno karo kowe.aku sesok dikirim menyang
kartapura, kowe sehat-sehat enek kene yo.
Kunti : “inggih mas.”
…………………………………………………………………………………………………
Esuke raden dikirim menyang kartapura dipetukake dewi Wedari. Ayune
jan yo ra kalah. Nanging sifate ala.
Wedari :”mugi-mugi jenengan betah, raden pangeran.”
Raden :”aku ora bakal betah yen ninggalake dik nimas Kunti.”
Wedari :”sinten tam as menika.?”
Raden :”bocah wadon ingkang tak tresnani.”
Wedari :”alah sek kabare pembantu menika ta?raden menika sampun
dijodokaken kaliyan kula. Kula menika cocog. Boten babu kaya sinten wau.”
Raden :”nuwun sewu nimas, aku tresnane gor karo Kunti, ngertio nimas.”
Wedari :”boten saget!raden kaliyan kula.”(lunga)
Raden :”hmm(gelengke sirah).aku kangen sliramu dik Kunti.”
…………………………………………………………………………………………………
Ana kamare Kunti, dewi Inten ingkang sampun ngerti melu ngeneng-nengi
Kunti.
Kunti :”Rara ayu, menapa jenengan boten risih?”
Inten :”ngomong apa ta weki Kun,?aku kudu jaga kowe, kui pesene kangmas,
tenang wae Kunti tak ewangi.”
Kunti :”matur nuwun Rara ayu. Kula nulis layang kagem kangmas pangeran,
ananging kepripun supados serat menika tekan?”
Ujug-ujug ana angin, lan metu uwong setengah manuk wong wadon 2 mau.
“hahaha. . .hahaha. . .ana apa cah ayu, ora pantes kowe ki nangis.”
Kunti :”njenengan sinten?”
Sri :”aku? . . hahaha. . . .iki Sri Kendil. Dewi ingkang njaga jagad lan isine,
aku iku sakjane dewi asmara.aku wes ngerti babaganmu nduk, ngenes aku
ngerti kowe kaya mangkene iki. Kenapa?apa ingkang bisa ta ewangi?”
Inten :”menika dewi sri, kunti nulis layang kangen kagem kang airlangga,
menapa panjenengan saget ngeteraken?”
Sri :”haha. . . haha. . .gampang iki!tenang wae cah ayu, takdirmu karo
pangeran, yowes, aku tak ngeterke layang iki.”
………………………………………………………………………………………………..
Ing nagara Kartapura, sri kendil goleki papane raden Pangeran. Sa’wise
ketemu, dirui pangeran, nanging dewi wedari ngerti lan melu ngrungokne sri
kendil lan pangeran.
Sri :”he. . . .raden! aku gawa kabar saka Kunti.”
Raden :”jenengan sinten?”
Sri :”aku, Sri Kendil.ingkang jaga donya lan sa’isine, aku jane dewi
asmara,lagi ngapa kowe pangeran?”
Raden :(sungkem)”nuwun sewu, lha kabar menapa ta Gusti?”
Sri :”iki layang saka Kunti, wacanen, tugasku kui dina iki”
Raden:”kula saget tumut jenengan boten gusti?”
Sri : “maaf pangeran, urung wektune, aku lunga”.
(raden nyanyi layang kangen)
Ujug-ujug pintune raden dibuka dewi wedari.
Wedari :”napa menika kangmas?”(ngrebut surate)
Raden :”lancing kowe dik!”
Wedari :”kangmas, napa menika kang?sampeyan taksih hubungan ta kaliyan
babu menika!awas mas kula badhe matur rama Aiswara.”(lunga campur nesu).
“iki kesempatanku lunga, arep tak boyong dik kuntiku, niatku wes gede, ora
gumun gunung ing ngarepku”batine pangeran.
…………………………………………………………………………………………………
…
Dewi wedari ngerti niate raden makane, sa’derenge menyang
ngastinapura wedari ngakon prajurite. Sri kendil metu ngewangi pangeran
perang.
Sri :”lunga kabeh koe(kekuatan pol), mangga raden kula derekaken.”
Raden :”maturnuwun dewi”.
Sri kendil lan raden mabur menyang nagara ngastinapura.
…………………………………………………………………………………………………
Wonten ing Ngastinapura, knit diolok-olok kaliyan raja,lan wedari. Dewi
inten mung bisa nangis ngerti kunti.
Raja :”he babu, duwemu ki opo?ngelmumu ki opo?”
Inten :”sampun rama, sampun.”
Raja :”rungokno iki babu, aku ora bakal ngrestoni koe nresnani putraku,ora
pantes!”
Wedari :”owalah, menika ta rama ingkang seneng grudani kangmas?diusir
kemawon rama.”
Inten :”rama . . . “
Raja :”inten, mlebu!!!!kowe tenang wae nduk wedari aku ra bakal nyia-nyiani
kowe.para prajurit, guwangen babu iki!!!!”
Kunti :”ampun gusti, ampun. . . .”
Ujug-ujug raden teka.
Raden :”rama!!nuwun sewu, yen kula nglawan rama, nanging rama sampun
kalewatan.”
Wedari :”lha kangmas kok belani Kunti ta?lho rama, kangmas sampun
kepelet.”
Raden :”meneng kowe wedari!”
Raja :”kurang ajar kowe!awakmu wani karo rama,njalukmu apa(jorokke
raden).
Kunti :”kangmas!!!”
Raden :”dik, aku ra bakal blenjani janjiku.”
Raja :”ngomong apa kowe, rene!!!!”
Raden :”nuwun sewu Rama, jenengan sampun klentu.”
Raja nesu, banjur ngetokne kuda-kuda . ing pas ngunu kui, angin gedhe
sumilir, gludug nyamber-nyamber, sri kendil metu.
Raja :”demit saka ngendi kowe!!”
Sri :”aku, Sri kendil, ingkang nyekel jagad raya lan sa’isine, aku uga bisa
disebut dewi asmara, penebas angkara murka. He kowe raja bakil, uwesno
lehmu serik karo Kunti, kurang kepiye ta bocah iki?
Raja :”sapa kowe ngatur-ngatur aku?rungokno iki, marang sapa wae sing
wani-wani nglawan aku, kudu mati!!!!”
Sri :”he. . .wong kang bakil, aku ora wedi, , , ,hahahaha!”
Wedari :”rama, lha inggih menika demit ingkang nemoni kangmas, alias pelete
Kunti!!”
Sri :”kurang ajar kowe he wong wadon iblis wujud uwong!tak kutuk kowe
dadi watu (ngetokne tenaga dalam)kui ganjaranmu.”
Raden :”dewi sri . . .
Sri :”tenang kemawon gusti, menika urusanku.
Kunti :”kangmas”.
Raja :”wani-wanine kowe he demit tur buta!!!!!awas kowe(nyerang sri kendil,
nanging ra mempan)
Sri :”he raja bakil, kowe ra bakalan isa mateni aku yen atimu ra resik, tak
jupuke roh halus jahat ingkang nempel awakmu(ngetokne tenaga dalam
nglawan raja, kenek raja, banjur langsung semaput)
Sri :”ora usah kuatir, ramamu mung semaput, wes tak jupuk demite sek
eneg awake!”
Raden :”maturnuwun dewi.”
Sri :”inggih.kunti, cup, meneng wae, kowe lan pangeran bakal bahagia,
aku melu bungah yen kowe yo bungah”
Raja sadar……..
Raja : “eneg apa tadi mau?(meneng wae)dewi sri kula nyuwun pa daftar
ngapunten “(sungkem)
Sri :ngapurao marang bocah 2 kui, aku rep bablas sek,sa’durun ge bablas
aku meh bebaske wedari (tenaga njero)
Wedari :”maturnuwun dewi, kula nggeh nyuwun pamit, kunti, kangmas, rama,
dewi sri. . .kula badhe wonten kartapura.”
Sri :”urip sek tenterem yo. . .aku lunga.
Raden :”rama, menika calon mantunipun rama.
Raja :” ya . . .ya. . . .ya aku njaluk ngapura yo . . .
Wedari :”inggih rama”
Kunti :”kangmas maturnuwun, gusti, lan rara ayu wedari
Raden :”aku ra mblenjani janji ta dik”
Jaka Tarub
BABAK 1
Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudun saka kahyangan
arep adus ing bumi.
Nawang Sekar : “Ayo para dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang : “Wah...ayo. nanging dolan ing ngendi?”
Nawang Sari : “Aku duwe ide, ayo adus ing sumber”
Nawang Wulan, Lintang, Sekar : “(nggawa slendhange) Ayo....”
Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.
Nawang Seka : “Wah...seger tenan banyune.”
Nawang Sari : “Iya, bening banget”
Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan
ngintip para Nawang.
Jaka Tarub : “(intip-intip) Wah...sapa kuwi? Ayu tenan rupane.”
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah sawijining slendhang para Nawang.
Supaya bisa kenalan marang salah sijine.
Jaka Tarub : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wes.”
Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhang
dewe-dewe.
Nawang Sari : “Ayo padha mentas, langit wis arep peteng”
Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk menyang kene maneh”
Nawang Wulan : “(bingung tolah-toleh) Lho... ngendi slendhangku?”
Nawang Lintang: “Iku mau kowe seleh ngendi?”
g Wulan : “(nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh”
g Sari : “Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhangmu Nawang Wulan?”
g Lintang : “Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.”
g Sekar : “Piye iki, langit wis arep peteng.”
g Sari : “Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup”
g Lintang : “Yen ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu kita bakal
nyusul kowe”
g Wulan : “Inggih, Mbakyu.”
g Sari : “Ya wes ati-ati, Nawang Wulan.”
Para Nawang mulih menyang kahyangan. Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang
Wulan.
Nawang Wulan : “(susah ) Ana ngendi slendhangku ya?”
Jaka Tarub : “Geneya kowe kok sedhih banget?”
Nawang Wulan : “Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti?”
Tarub : “Aku ora ngerti. Aku Jaka tarub, omahku ana ing desa kulon. Sapa jenengmu?”
g Wulan : “Aku Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhangku”
Tarub : “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki
slendhangmu kuwi”
g Wulan : “Wah...matur suwun Jaka Tarub”
BABAK 2
Seminggu Nawang Wulan ana ing omahe Jaka Tarub lan dheweke isih ora
nemokake slendhang iku. Sanalika, Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan.
Dheweke nglamar lan rabi karo Nawang Wulan.
Jaka Tarub : “Dinda, Akang budal menyang alas sek ya!”
Nawang Wulan : “Iya, Kang. Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak”
Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora sengaja
Nawang Wulan nemokake slendhange ing njero wadah beras. Dheweke kaget lan
nangis.
Nawang Wulan : “(nangis) Apa iki ana hubungane karo Kang Jaka?”
Wayah surup Jaka Tarub mulih saka alas lan ndeleng Nawang Wulan lagi
nangis.
Jaka Tarub : “Ana apa, Dinda?”
ng Wulan : “(nduduhake slendhange) Apa iki ana hubungane karo Kakang?”
Tarub : “Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga Kakang
tresna karo Dinda!”
ng Wulan : “Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora bisa ing kene terus”
BABAK 3
Para Nawang ing kahyangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan
wis ketemu. Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang Wulan.
g Lintang : “Dulur, batinku ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan”
g Sari : “Ayo dulur, mudun menyang bumi nyusul Nawang Wulan”
g Sekar : “Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan.”
4
Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kahyangan.
Nawang Sari : “Nawang Wulan, ayo kowe bali.”
Nawang Lintang : “Kowe aja percaya marang manungsa kuwi”
Nawang Sekar : “Ayo dulurku”
Nawang Wulan : “Inggih mbakyu”
Jaka Tarub : “(nangis) Dinda, kowe aja bali”
Naskah Drama dalam Bahasa Jawa Bertema "Persahabatan dan Percintaan"
Babak 1
Isuk iku, Kinar lan Thalita lagi lungguh ing njeroning kelas. Dereng wonten
murid sing teko sakliyane wong loro kuwi.
Thalita : “Nar, pelajaran dino iki ono pr nggak ?”
Maudy : “Sek, tak delok e disek.” (Langsung njupuk buku ing tas.e) “Kayak e se ora
ono.”
Naura melbu ing njroning kelas.
Naura : “Assalamualaikum.” (Salam Naura ing ngarepe lawang kelas)
Thalita lan Kinar : “Waalaikumssalam.”
Naura : “Kalian lapo rek ?”
Thalita : “Enggak, gak lapo-lapo kok.”
Naura langsung lungguh ing ngarepe bangkune Thalita lan Kinar.
Thalita : “Ra, dino iki ora ono PR utowo ulangan kan ?”
Naura : “Sek sek,” (Ambek mikir-mikir) “Ono ! dino iki ulangan IPA !”
Naura langsung ngetokake buku catetan IPA sing ono ing njero tas e lan
langsung sibuk moco catetane. Rodok suwe, Naufal melbu ing njroning kelas.
Naura : (Ngguyu-ngguyu dewe ndelok Naufal melbu)
Thalita : “Fal, engkok awakmu konsultasi tugas BI a ?”
Naufal : (lungguh ing panggonane) “Iyo, opo o i ?”
Thalita : “Nggak, nggak po po kok. Mek takon tok.”
Maudy : “Fal, sing wingi iku temenan a ?” (Pitakon Maudy kaleh ngekek i kode
marang Naufal)
Naufal : “Nggak usah ndek anggep serius masalah wingi iku, aku mek guyon tok
kok.”
Lalu, Erick melbu ing kelas, lan langsung lungguh ing panggonane.
Erick : “Maudy, ono sesuatu sing kate tak kekno nang awakmu.”
Thalita : “Kate ngekek i opo awakmu ?”
Erick : “Aku nggak bicara sama kamu, pingin eroh ae. Maudy ae biasa.”
Maudy : “Emang kate ngekek i opo se ?”
Erick : “Engkok ae.”
Ing tengah-tengah pelajaran, Erick maringaken buku pelajarane marang
Maudy.
Thalita : “Opo iku Dy ?” (Ngintip bukune Erick)
Maudy : “Coklat maneh ??” (Maudy ngomong alon)
Thalita : “Maneh ? arek iku pingin awakmu gendut paling, kok ngekek i coklat terus
hehe.”
Maudy : “Iyo paling, hehe.”
Babak 2
Pas wektune wangsul sekolah, Thalita, Maudy, lan Diaz lungguhan ing
tangga lan ngerjakake tugas BI.
Thalita : “Dy, awake dewe sido dolen nandi ?”
Maudy : “Nggak Ngerti, aku melok Adam ae. Nyacak Takok o Adam.”
Thalita : “Oke.” (Langsung ngalih nang panggonane Adam)
Diaz : “Emange awakmu kate nandi se rek ?”
Maudy : “Kate dolen. Ayo melok a yaz ?”
Diaz : “Enggak wes, males i aku.”
Maudy : “Yowes lek ngono.”
Diaz : “Dy, aku mulih dikek yo. Tugas e garek mek titik.” (Langsung ngalih) “Dah
Maudy.”
Maudy : (Melambai nang Diaz)
Babak 3
Naura, tiba-tiba mlayu ngampiri Maudy.
Naura : “Dy, delok en talah. Kaet maeng erick narik-narik tasku terus.” (Wajah
cemberut)
Maudy : “Erick !!” (Mendeliki Erick)
Thalita mlayu nang Maudy lan Naura.
Naura : “Ono opo Tha ?”
Thalita : “Uwes, ayo budal. Jare adam awake dewe nonton nang matos.”
Maudy : “Yowes, ayo budal.”
Ing njeroning angkot perjalanan nang matos. Thalita mbisiki Maudy.
Thalita : “He, tak kandani. Awakmu engkok ojo terlalu cedek-cedek karo Erick.”
Maudy : “iyo, aku yo gak kepingin terlalu cedek karo areke.”
Ing njeroning bioskop, Erick lan Maudy terus cekel-cekelan tangan. Thalita
dadi pegel, tibakno Maudy ora ngrungokake opo sing diomongno maeng.
Thalita : “Dy, yokpo lek ojo gandengan tangan terus?”
Maudy : “Uwes tak cobak ngeculno tha, tapi tetep ae areke gak gelem ngeculno.”
Thalita : “Yo nggawe alasan njupuk ngombe tah yokpo ngono cek iso ngeculno.”
Akhire Maudy ngeculake tangane Erick.
Erick : “Lho, opo.o kok diculno ?”
Maudy : “Gak popo o kok.”
Erick : “Yoweslah gak popo lek ancen awakmu kepingine ngono.”
Film wes entek, bocah-bocah kumaeng podo mulih.
Babak 4
Isuk.e, kayak biasane. Murid-murid pada pelajaran. Ing sela-selane
pelajaran, guru mbagikake hasil try out. Sawise ndeleng hasil try out, Maudy kaget
amarga nilaine Erick mudun. Maudypun mboten ngreken Erick.
Erick : “Maudy....”
Maudy : “Hmmm...”
Erick : “awakmu opo.o ? diceluki kok gak ngreken ngunu.”
Maudy : “Gak popo, biasa ae.”
Amarga bingung ambek sikape Maudy. Erick nakokake masalah kuwi
marang Naura.
Erick : “Naura, aku oleh takon a ?”
Naura : “Iyo, takon opo ?”
Erick : “Koro-kiro Maudy iku opo.o yo ? akhir-akhir iki sikape aneh nang aku. ”
Naura : “Mungkin gara-gara awakmu nglakokno hal sing nggarai areke mangkel
utowo opo ngono, aku kan nggak begitu eroh.”
Erick : “Koyok.e se sak elengku aku nggak nglakokno hal sing nggarai areke
mangkel.”
Naura : “Yo cobak takono nang konco cedek.e.”
Erick : “Iyo tak cobak.e”
Sawise kejadian maeng, Erick takon nang Diaz.
Erick : “Diaz, Maudy opo o se, koyok e lagi ndue masalah”
Diaz : “Guduke lagi ndue masalah, lek menurutku se koyok e Maudy mangkel nang
awakmu gara-gara nilai Try Out mu mudun.”
Erick : “O iyo, bisa jadi.”
Babak 5
Amarga sikap Maudy sing cuek, akhir-akhir iki Erick sering cerita ambek
Naura. Ndelok kecedekane arek loro iku, Naufal ngrasakake hal sing aneh. Akhire
Naufal nakokake hal iku nang Naura.
Naufal : “Naura, awakmu ono hubungan opo karo Erick ?”
Naura : “Gak ono hubungan opo-opo, aku ambek Erick iku mek koncoan tok.”
Naufal : “Yowes, kali iki aku percoyo nang awakmu”
Amarga ngerasa tetep ragu, akhir-akhir iki Naufal sering cerita tentang Naura
Nang Maudy. Naufal lan Erick saling cerita masalah pasangane dewe-dewe.
Babak 6
Sawise saling curhat, Maudy lan Naufal sepakat gwe ngakhiri pasangane
dewe-dewe. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi konco gak oleh musuhan.
Ing suatu dino, Maudy ketemu kaleh Erick lan nyritakake maksude.
Maudy : “Erick, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan ?”
Erick : “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.”
Maudy : “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki”
Erick : “Opo.o ?”
Maudy : “Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah militer
ndek Magelang. Lagian, gara-gara kita pacaran nilai kita juga turun kan terutama
nilai tro out mu. Dadi luwih apik kita gak pacaran dikek cek gak ngganggu pelajaran.”
Erick : “Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti. Mungkin iki ancen
sing terbaik.”
Babak 7
Sawise lulus tekan SMP, ke 6 sahabat iki ngumpul gawe pertemuan terakhir
ambek maudy. Amarga Maudy bakal nglanjutake sekolah ing Magelang.
Thalita : “Awakmu ndek kono sing sehat yo, ojok lali karo aku.”
Kabeh : “Iyo, awakmu yo ojo lali karo awake dewe.”
Maudy : “Siap, aku gak bakalan lali karo awakmu kabeh rek”
Akhire, mereka sadar yen belajar lan bersahabat iku luwih penting ketimbang
ngurusi masalah percintaan. Lan mulai saiki ing SMA Ke 6 sahabat iku bakal
konsentrasi penuh marang pelajaran lan ora mikirake urusan cinta. Amarga gara-
gara cinta bisa ngajurake masa depan.
Eman Kilangan Sandal
Esuk-esuk srengenge wis mlethek lan njebul saka turone Eman, si bocah mbeling
urung gelem tangi. Yo wis ngunu isine Eman sabendino.
Mbok Tar : Le, tangi le ! wis padhang jingglang kok kowe sek mlungker ae.
Lela : Percuma mbok. Ora bakal dirungokake karo Cak Man.
Mbok Tar : Gugahen kono. Guyangen banyu pisan lek gak gelem tangi
Lela : Siap mbok.
Tapi….
Mbok Tar : Lapo maneh??
Lela : Ngkok kasure teles kabeh, paling yo cak man gak ngurusi.
Wes tenang ae, aku duwe cara dewe.
Lela : (bengok-bengok nang kupinge Eman) ‘KOBONGAN-KOBONGAN..
Tulung… tulung… tulung..
Eman : (gragapan) opo… opo.. kobongan??? (kaya kabeh diinteri)
Mbok Tar : Ssssttttttt…….. iki yo lapo se?
Eman : Lho mbok ana kobongan, gak ngungsi ta? (jek bingung
Mbok Tar : Kowe iki ngelindurta?
Lela : Hahaha… haha… iyo ak. Tak bijuki sampean. Salahe dewegak
tangi-tangi.
Eman : Ooo… arek cilik kurang ajar kowe iku.
Lela : Babah se, anggite sampean iku gak cilik ta?
Mbok Tar : Halaah.. podo cilike ae lok-lokan barang. Wes ndang nimbo kono Man,
Eman : Sek talah mak, bener jare sampean. Podo cilike lha iku irunge… hahaha
Mbok Tar : Lhe… lhe… tak untal kowe lak enak (Eman mlayu)
Bu RT : Assalamualaikum. Ono opo iki mbok?
Mbok Tar : Waalaikumsalam. Iki lho Bu RT, Eman terus. Wes biasane nggawe kisruh.
Bu RT : Oalah. Yahmno yahmene kok Eman terus. Kowe gak isinn ta Man? Dadi lakon bandmo?
Eman : Lha lapo isin. Wong aku klambnan og.
Lela : Halah… ngomong ae sapean gak duwe isin. Yo seh?
Eman : Kowe iku mesti melok-melok !! meneng ngunu lho.
Mbok Tar : Wes mboh Man. Dikandani kok gak kenek. Ngelu aku mikirno kowe.
Eman : Yo wes gak usah dipikir ! ngunu ae repot.
(bengok-bengok nang ngarep omahe Lela)
zah : La.. ela.. e e e.. under my umbrella. Terno aku nang Jagalan. Cepet La !
Lela : Bengak-bengok nang omahe wong. Gak duwe omah ta?
Opo? Imah mlaku dewe?
Bu RT : Aduh Nak, ojo bengak-bengok ae. Wes ndang terno Izah kae lho..
Lela :Enggeh Bu, Izah pancen rada saliwang.
Mbok aku mlaku-mlaku dhisek (saliman)
Mbok Tar : Iyo Nak terno sampek omahe ae yo. Ndang mbalio.
Lela : Lealha Mbok, gak mlaku-mlaku laan aku. (nyelonong ngalih).
Eman : Heh, gak pamitan karo mas mu ta Ndhug?
zah : Lel, ndang cepet, koncoku selak garing o.
Mbok Tar : Zah mreneo! Bengak-bengok ae, llapo nang Jagalan? Ngguwak Eman ta?
Eman : Iling Mbok anak dhewe diguwak, angel lho nggawene.
zah : Omongan mu Joh.
Iku lho Mbok konco ku jek tas muleh teko Gua Hiro. Arepe nang omah ku lha dalah kesasar.
Bu RT : Yo ndang budhal, sak no konco mu ngkok nangis. Gak eneg balon kotak ndek kene.
(Lela lan Izah nang jagalan)
Eman : Bu RT karo Mbok iki kok gak nggenah bluas e, anake dewe dikacangno ngene.
Bu RT : Hush ! jek apik kowe diingoni mbokmu. Kuwalat kapok lho yo
Eman : Sopo sampean ? nguwalatno aku
Mbok Tar : Ati-ati Man, suwe-suwe kowe ngkuk kuciwa lak sampek nggawe aku mangkel
Eman : Lho mbok, dungane kok elek ngunu se?
Mbok Tar : Bah !
Bu RT : Sabar mbok, ngene ae
Sampean jaken Eman ngaji saben sore sing karo Bu Haji iku oo.
Mbok Tar : Oh iyo yo, Wes Man, ngkuk sore kowe kudu melu akku. Lak gak, awas yo
Eman : Hhhaaa….. ?? moh aku. Campur ibu-ibu
Nang jagalan, Izah ngomong dewe.
zah : Oalah Lela, ngeterno sampe omah ku tok, yo dadi gawe. Iki pisan endi Menik ??
Menik : Assalamualaikum Izah. Iki lho aku, Menik. Sak jam aku muter-muter ora ketemu-ketemu.
zah : Karo aku ?
Menik : Ora, karo sandalku iki lho. Sisihan seh.
( Bu Haji moro)
Bu Haji : Assalamu’alaikum. Iki sopo ngu ca’-nguncal sandal sasisih? Kowe ngerti ta Nduk?
zah + Menik : Wa’alaikumsalam Bu Haji.
Menik : ( Nyaut sandal) La iki sandalku. Matur nuwun Bu Haji, Alhamdulillah yah rotone ten
Panjenengan, Aman sehat wal afiat sandal kula.
Bu Haji : Waduh.. waduh, waduh, endel tenan bocah iki! Sopomu Zah?
zah : Koncoku Bu, naminipun Menik.
Menik : Hehehe.. Menik Menik Bu Haji.
Bu Haji : Iyo gak opo-opo Nik. Omahmu endi Nduk sampe kesasar nang Jagalan?
Menik : Wah.. omah, sandal iki wae aku ditukoake karo Wong Tuwaku kok Bu. Jelasipun, kula mboten
saget tuku omah.
zah : Omahe wong tuwamu endi?
Menik : Sepurane Zah, lali gak tak gowo. Tasku ues abot. Nggawa omah, lak gak mlaku-mlaku aku.
GAK KUAT - - (ekspresi datar)
Bu Haji : Arek iki gak waras ta Zah? (bisik-bisik)
zah : Gak ngerti aku Buk, ues suwi gak ketemu.
Menik : Hallo... Wulan Ramadhan kok ngerasani, jare kancaku nang SPADA : ‘GAK ILOOK’.
Bu Haji : Nang kini aku Bu Hajine. Sopo Nduk iku jenenge?
zah : Jawab sing jujur lo..
Menik : Oke. Moro.o nang SPADA JOE, ngoleko kelas IX Hem, ono arek jenenge Dhona, lha iku
jejerane.. Golekono Hpne.. La iku !!
zah : HP..!!
Menik : Lanjut, nyalano Hpne bukaen inboxe, SMSe ono nang kunu.
Bu Haji : SMSe arek iku maeng Nik?
Menik : Mboten Bu Haji, SMSe pacare sing nang Hpne.
zah + Bu Haji : GUBRAK.. GLODAK !!
Menik : Ojo ngunu, sing apik toh karo adek Menik :D
Bu Haji : Ues-ues Nduk, mandek ndagele. Poso-poso mengko mokel lo..
zah : Bu Haji.. sabar, orang sabar cepet dapet pacar. (Blak-blakan)
Bu Haji : (mencep) Gak usah dibahas. Nik, gelem melu pengajian karo Izah?
Menik : Insyallah Bu Haji, mumpung isih Ramadhan.
zah + Bu Haji : Ramadhan yo nang kelase, lungguh karo Fendy.
Menik : (ngguyu) Lapo ..? Cemburu ta?
Bu Haji : Lalapo? (melet nang Faiz Ramadhan) Iki isien formulire?
zah : (moco Formulir)
zah : Nami?
Menik : Raden Putri Menik Menok Mawon Seneng Masak Nang Pawon.
zah : Sekolah?
Menik : SMP Luar Negeri Ploso
zah : Alamat?
Menik : Numpak bus Puspa Indah jurusan Malang, Madiun, Dempok. Ana kreta kelinci numpak.o,
mudun keras. Numpak len nganti terminal. Oper len ijo jurusan endi ae. Terus ae... mudun
pengairan pioso. Mlaku terus ono umbul-umbul wama kuning.
Bu Haji : Omahmu ndukk..
Menik : Ketua RTku Bu. Terus ae, sampek perempatan Pos Doreng. Ono omah tingkat 2 dicat putih,
latar ombo,taman ono. La... iki aku gak mbijuk.
zah : Sugih men kowe Nik.
Menik : La iku,tonggo ngarep omahku sing sugih.
Bu Haji : Ealah ndukk.... ndukk. Jawaban ogak gak iso digubris. Yo wes ndi, tk gawe mulih.
zah : Niki buk.
Menik : Waalaikumsalam Bu Haji
Bu Haji : Aku durung salam ndukk. Assa...
zah+menik : Wa’a...
Nang Pos Kamping
Tarmin : Woi bro. lapo mecucu koyok ngunu ? tambah elek kon
Eman : Ngunu ta? Koncone dewe jare elek. Aku wes eroh. Gak usah diomong-mongno. Yo podo
eroh. Ngunu-ngunu aku yo anake mbokku.
Tarmin : Berarti mbokmu la’an sing elek.
Eman : Lho ya. Duduk aku lo y seng ngomong. (rodok bengok)
Tarmin : Ono opo she?
Eman : Aku dipekso karo pilihane mboku.
Tarmin : Opo? Sing temen Man (kaget)
Eman : Iyo Min. aku yo rodo wei karo mbokku.
Tarmin : Opo kowe wis siap? Ilengo kowe jek cilik
Ayu ta?
Eman : Apane, ibu-ibu kok ayu. Yo wes koyok mbokku ngunu.
Tarmin : Astaghfirullahaladzim. Edan iku Man. Edan tenan !
Eman : He.. kowe lapo? Edan-edan barang.
Tarmin : Lha iyo, awakmu jare kudu nuruti pilihane mbokmu
Eman : Sakjane, iku yo sarane Bu RT.
Tarmin : Lho?? Astaghfirullahaladzim Man. Saknone kowe
Eman : Sek ta? Lapo kowe nyabut nyebut ae?
Tarmin : Kapan iku dilaksanakno?
Eman : Ngkuk sore.
Tarmin : Opo? Wes nggolek penghulu ta?
Eman : He? Lha lapo athek penghulu, anggite aku kate kawin aa?
zah&imah : (moro-moro teko) opo kawin?
zah : Eman kate kawin, karo mbok-mbok?
zah&imah : Hhahaha
Eman : Ojo ngawyr ta kowe? Sopo sing kate kawin?
Tarmin : Lha iku maeng.
Eman : Maksutku, aku dikon mbokku melu pengajian Ibu-ibu. Karepen ben aku tobat. Ngunu lho.
Kabeh : Owalah…
zah : Lha ngkok kowe lak dadi dasteran Man.
mah&izah : (ngguyu)
Eman : He.. ojo kurang ajar karo aku
Tarmin : Iyo. Ngejak geger ta?
zah : Hem… (ngece) anggite aku wedi ?
mah : Kecil kowe iku. (ngece)
(kabeh kate gelut)
Bu Haji : Astaghfirullahaladzim. !!
Ancen bener jare Rhoma Irama. “Darah muda darahnya para remajaa
Kabeh : Jeng jeng jeng
Bu Haji : Yang selalu merasa gagah, tak pernah mau mengalah a.. aa..
Kabeh : DARAH MUDA
Bu Haji : Ono opo maneh? Bendino kok geger ae.
Eman : iku lho Bu Haji, Izah kar Imah ngelok-ngelokne aku
Yo gak trimo se?
zah : Halah.. biasane kowe yo ngelokno aku ngunu
mah : yo
zah : Tapi sing tak omong lak bener se?
mah : Yo
zah : Salahe dewe mbeling
mah : Yo
Kabeh : Ya yo ya yo ae
Bu Haji : Wes buyar. Mending nglakoni hal-hal sing positif. Ora kok gelut ae
Sorene nang masjid.
Bu Haji : (kabeh podo kumpul) Assalamualaikum…(banter) ya ahli kubur( irih)
amaah : Waalaikumsalam wr.wb
Bu Haji : Jamaah...
amaah : Dalem.
Bu Haji : Nggeh pun.
Saiki ayo di bahas masalah nkale arek nom-noman.
Mau isuk, ana bocah papat arep geger. Yo opo iku?
Mbok Tar : Eman ta Bu Haji ?
Ancene kowe iku senengane geger tok Man, Jian !
Eman : Aku maneh
Kabeh : Lha sopo mane lak gak kowe ?
Menik : Assalamualaikum. Sepurane Bu Haji kulo telat.
Bu Haji : Waalaikumsalam. oh yo gpp ndug.
Ibu-ibu iki ono anggota anyar jenenge ‘Menik’
Menik : (ngguyu) Monggo.
Eman : lho Min, asli menik-menik.
Tarmin : iyo. Ayu e.
zah : hemm… (mencep) ayu aku kok.
mah : iyo, arek cilik ngunu ae jare ayu.
Tarmn : iri seh kowe ?
zah : he ? gak yo. Wong jelas-jelas ayu aku. Kancaku paling gak nggenah kok iku.
Lela : sssttt… rame ae yo. Wes ta ayu aku kok.
zah : Halah.. podo ae.
Lela : Babah. Ayu aku kok. Gak ero aku wes kaya Putri Kate Midleton a ??
mah : He ? Putri Kodok paling
Lela : Onoke Pangeran Kodok duduk Putri Kodok.
Eman : Lak rame ae.
Menik : (lungguh sanding Eman karo mesem) wes suwe toh Mas melok iki ?
Eman : Oow… yo yo lah. Aku iki kayak-kayak o dijuluki Pak Ustadz.
Menik : Oohh… ngunu toh.
Lela : Preeettt... Pak, nyusahke iyo.
Menik : Lucu sampean. Jeneng sampean sopo Mas ?
Eman : Kenalno. Emando Bieber Van Persie.
Lela : Heleh.. eman bibir kayak kursi ta ?
Menik : Hahaha… Mas Eman karo adheke kok lucu banget toh.
Eman : Mbak Menik engko mulehe karo aku yo ?
Tarmin : lha aku Man ?
Lela : Sampean ambek Mbak Ijah, Mbak Imah ae lho. Hahaha…
Tarmin : (ngece) He.. mosok aku mlaku ambek topeng monyet ??
zah & Imah : (mencep)
zah : Sepurane yo. Mosok aku bareng karo walang sangit ??
zah & Imah : wleek…
Bu Haji : ehm.. ehm.. wes mari kenalane ?
Kabeh : Saaammmpuuunnn.
Bu Haji : Dadi, ibu-ibu sampean kabeh kudu nuntun anake dhewe-dhewe ben ora kecanthol gawean-
gawean sing elek. Kayak gasakan, mabuk-mabukan, lsp. Di didik supaya dadi wong juju. Ogak
kok mari korupsi, terus nang Mbali ndelok tenis. Ono yo an sing jare berobat nang Singapur
tapi gak moleh.
Tarmin : lha yo. Astaghfirullah.
Mbok Tar : Koyok kowe iku Min.
Tarmin : Anak sampean yo yo ae.
Bu Haji : Gak moleh-moleh. Opo ta pesawate ban e kempes. Dadi di kumpo sek. Ndilalah kumpo e
keri.
Mbok Tar : Wah, nuntun la’an ?
Bu Haji : Dadi mari ngene opo sing elek ditinggal sing apik ayo di gowo muleh.
Menik : Nggeh Bu Haji. Tapi aku ana urusan liyane iki. Dadi aku pamit sek.
Assalamualaikum.
Wektu mulih saka masjid.
Bu Haji : Wes yo rek aku tak mulih sek.
mah : Nggeh Bu Haji.
Bu Haji : Assalamualaikumsalam wr.wb
mah : Waalaikumsalam wr wb
Bu Haji : Kok durung mulih mah,
mah : Kulo ngrantosi Izah, Bu Haji.
Bu Haji : Lo kate nang ndi?
mah : Kulo bade blonjo bu,, hehehe..
Bu Haji : Blonjo opo mah, aku gak mok kei.
mah : Heheh... klambi riyoyo Bu Haji.
Bu Haji : Poso jek intuk 6 kok wes tuku klambi riyoyo.
mah : Mangkeh lak ngrentosi kate riyoyo rego kabeh mundak Bu Haji.
Bu Haji : Iyo wes aku tak mulih sek, wes salam se aku mau.
mah : Sampun Bu Haji.
Moro-moro.
Bu Haji : Lo sandalku kok ilang.
mah : Wonten napa bu? (marani Bu Haji)
Bu Haji : Sandalku ilang Mah.
mah : Lo kok saget Bu Haji. Bu Haji mbonten supe ta? ngagem sandal kok sisihan.
Bu haji : Aku iki yo jek enom Mah. Mosok wes lalian.
mah : Paling nggeh Eman Bu sing njupuk.
Bu Haji : Hheehhh... gak oleh su’udzon, poso-poso lo !
mah : Lha terus sinten lak mboten Eman.
Bu Haji : Be’e kowe sing njupuk, kowe sing ndurung mulih dewe ngunu.
mah : Lo kok aku Bu, lha jarene mboten angsal su’udzon.
Bu Haji : Yowes aku tak mulih sek
mah : Kondur nggem opo?
Bu Haji : Yo terpaksa nyeker aku
mah : Owalah bu, bu kok yo mesa’aken temenan sampean iku.
Bu Haji : Hhuuuusssttt.. meneng o. (isin)
mah : Hahahah...
Dina keloro, gantian saldale Eman sing ilang nang masjid. (mulih saka masjid)
Eman : Lhuala sandalku ilang. Sandal anyar iku.
zah : Halah sewu telu ae lho.
Eman : Nyeker dech !
Menene muleh ngaji, sandhale Eman ilang maneh.
Eman : Wes mboh !! Sandhalku ilang terus.
Mbok Tar : Ancene edan. Kelangan kok sampek bolak-balek.
Tarmin : Kowe gak salah ndeleh ta ?
Lela : Iyo. Sampean lak pikun sakdurunge wayahe se ??
zah : (ngenyek) kuwalat se ?
mah : Bu RT, yok opo iki ?
Bu RT : Iki kudu di basmi cepet-cepet.
Bu Haji : Ngene ae, engkok mari magrib ayo di inceng sopo sing njupukan.
Mari magrib..
Menik mlayu-mlayu dipergoki Eman.
Eman : lho, Nik lapo kowe mlayu-mlayu ?
Menik : Ee.. Cak Eman. Gak popo. Olahraga Cak. (gragapan)
Eman : Sek-sek, aku kok koyok gak petuk kowe wingi.
Menik : Ee..aa.. aku.. aku wingi..
Tarmin : Man, sandalku ilang Man.
zah : Dadak aku yo yo. Ilang sisih.
Bu Haji : Ues di dengkek a maling e ?
Bu RT : Iyo. Wes ta ?
mah : Maeng sing mlayu rene. Kowe petuk a Man ?
Eman : Gak i. Aku mek petuk Menik,
Tarmin : Edan. Maling saiki nyolonge gak sandal sak pasang.
zah : Iyoh. Nyolong ae sisihan.
Bu Haji : Kok maling. Rai ne wong ae saiki yo sisihan.
Bu RT : Lha kok ?
Bu Haji : Lha yo se ? sisih lanang sisih wedok.
Kabeh : Hahahahahaha……
Lela : (menggos-menggos) lha iku maling e.
Eman : Ndi ?
Lela : Menik iku lho ?
Menik : Lho ? apa buktine ??
Eman : Opo sing mbok gowo ?
zah : (ngrebut) lha iki sandalku.
Mbok Tar : Lhealah ndug.. ayu-ayu kok nyolongan.
Bu Haji : Ya Allah. Menik.. lapo kowe njupuki sandale wong-wong ?
Menik : Lha jare Bu Haji tinggalen sing elek-elek jupuken sing apik-apik. Yo sandal e sing apik tak
jupuk. Terus sandalku sing elek tak tinggal.
Kabeh : Ealahhh… GLODHAK !!!
Meniiiiiiiikkkkk…….. :P

More Related Content

What's hot

Naskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orangNaskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orang
Operator Warnet Vast Raha
 
Naskah drama 4 orang pemborosan
Naskah drama 4 orang pemborosanNaskah drama 4 orang pemborosan
Naskah drama 4 orang pemborosan
Septian Muna Barakati
 
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Agoeng R Aiueo
 
Laporan karya tulis
Laporan karya tulisLaporan karya tulis
Laporan karya tulis
farihnr
 
LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016
LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016
LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016
Yeni Rahayu
 
Jaka tarub
Jaka tarubJaka tarub
Jaka tarub
ripto atmaja
 
Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"
Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"
Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"
nurul limsun
 
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
ripto atmaja
 
Asmaul huna text dan arti
Asmaul huna text dan artiAsmaul huna text dan arti
Asmaul huna text dan arti
Deny Asgar
 
cerita ku- Liburan ke gunung gede pangrango
cerita ku- Liburan ke gunung gede pangrangocerita ku- Liburan ke gunung gede pangrango
cerita ku- Liburan ke gunung gede pangrango
Jawa Timur
 
Analisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsik
Analisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsikAnalisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsik
Analisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsik
ttanitaaprilia
 
Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950
Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950
Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950Mochammad Ridwan
 
Contoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourContoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourDede Adi Nugraha
 
Naskah drama sederhana cinderella
Naskah drama sederhana cinderellaNaskah drama sederhana cinderella
Naskah drama sederhana cinderella
Harfitrah
 
Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)
Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)
Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)
dausinstitute
 
Contoh Laporan Study TOur II
Contoh Laporan Study TOur IIContoh Laporan Study TOur II
Contoh Laporan Study TOur IIlingga prasetyo
 
Makalah Lengkap Globalisasi
Makalah Lengkap GlobalisasiMakalah Lengkap Globalisasi
Makalah Lengkap GlobalisasiCici Cweety
 

What's hot (20)

Naskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orangNaskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orang
 
Naskah drama 4 orang pemborosan
Naskah drama 4 orang pemborosanNaskah drama 4 orang pemborosan
Naskah drama 4 orang pemborosan
 
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
 
Laporan karya tulis
Laporan karya tulisLaporan karya tulis
Laporan karya tulis
 
LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016
LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016
LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA KE BALI TAHUN 2016
 
Jaka tarub
Jaka tarubJaka tarub
Jaka tarub
 
Naskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orangNaskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orang
 
Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"
Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"
Naskah Drama Basa Jawa "Rawe-rawe rantas,malang-malang putung"
 
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
 
Asmaul huna text dan arti
Asmaul huna text dan artiAsmaul huna text dan arti
Asmaul huna text dan arti
 
cerita ku- Liburan ke gunung gede pangrango
cerita ku- Liburan ke gunung gede pangrangocerita ku- Liburan ke gunung gede pangrango
cerita ku- Liburan ke gunung gede pangrango
 
Analisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsik
Analisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsikAnalisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsik
Analisis drama berdasarkan unsur intrinsik dan ekstrinsik
 
Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950
Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950
Keadaan ekonomi indonesia pada masa 1945 1950
 
Contoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourContoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study Tour
 
Naskah drama munafik
Naskah drama munafikNaskah drama munafik
Naskah drama munafik
 
Naskah drama sederhana cinderella
Naskah drama sederhana cinderellaNaskah drama sederhana cinderella
Naskah drama sederhana cinderella
 
Pembukaan UUD 1945
Pembukaan UUD 1945Pembukaan UUD 1945
Pembukaan UUD 1945
 
Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)
Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)
Cerpen anak+sejuta+lumpur (1)
 
Contoh Laporan Study TOur II
Contoh Laporan Study TOur IIContoh Laporan Study TOur II
Contoh Laporan Study TOur II
 
Makalah Lengkap Globalisasi
Makalah Lengkap GlobalisasiMakalah Lengkap Globalisasi
Makalah Lengkap Globalisasi
 

Viewers also liked

Drama bahasa jawa
Drama bahasa jawa Drama bahasa jawa
Drama bahasa jawa Farid Rohman
 
Drama Bahasa Jawa
Drama Bahasa JawaDrama Bahasa Jawa
Drama Bahasa Jawa
Kiki Budi Setiawan
 
Materi Bahasa Indonesia Kelas 3
Materi Bahasa Indonesia Kelas 3Materi Bahasa Indonesia Kelas 3
Materi Bahasa Indonesia Kelas 3Firda_123
 
Tokoh & Cara menentukan Tema
Tokoh & Cara menentukan TemaTokoh & Cara menentukan Tema
Tokoh & Cara menentukan Tema
Julia Iffah S
 
Dialog antara ibu dan anak
Dialog  antara  ibu dan anakDialog  antara  ibu dan anak
Dialog antara ibu dan anakevi_maniez
 
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN Tugas drama seni...
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN  Tugas drama seni...SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN  Tugas drama seni...
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN Tugas drama seni...
DIANTO IRAWAN
 
1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu
1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu
1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu
astozone
 
Drama basa jawa
Drama basa jawaDrama basa jawa
Drama basa jawa
Waidatin Azizah
 
Naskah drama jepang - Pembunuhan di restoran
Naskah drama jepang - Pembunuhan di restoranNaskah drama jepang - Pembunuhan di restoran
Naskah drama jepang - Pembunuhan di restoranAniez NarutoOva
 
Contoh Naskah Drama 20 Pemain
Contoh Naskah Drama 20 PemainContoh Naskah Drama 20 Pemain
Contoh Naskah Drama 20 PemainVicall Andryantho
 
CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)
CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)
CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)
ARISKA COMPNET
 
Naskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIII
Naskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIIINaskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIII
Naskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIII
Ghani AL
 
Dialog darama
Dialog daramaDialog darama
Dialog darama
Manchester United
 
Drama malin kundang 5 orang
Drama malin kundang 5 orangDrama malin kundang 5 orang
Drama malin kundang 5 orangYadhi Muqsith
 
Kelas ix smp bahasa indonesia_asep yudha
Kelas ix smp bahasa indonesia_asep yudhaKelas ix smp bahasa indonesia_asep yudha
Kelas ix smp bahasa indonesia_asep yudhaNurdin Al-Azies
 
Contoh naskah drama lengkap
Contoh naskah drama lengkapContoh naskah drama lengkap
Contoh naskah drama lengkap
Lika Amalia
 
Naskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabatNaskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabatFadhli Syar
 

Viewers also liked (20)

Drama bahasa jawa
Drama bahasa jawa Drama bahasa jawa
Drama bahasa jawa
 
Drama Bahasa Jawa
Drama Bahasa JawaDrama Bahasa Jawa
Drama Bahasa Jawa
 
Materi Bahasa Indonesia Kelas 3
Materi Bahasa Indonesia Kelas 3Materi Bahasa Indonesia Kelas 3
Materi Bahasa Indonesia Kelas 3
 
130342644 lingkungan-yang-bersih
130342644 lingkungan-yang-bersih130342644 lingkungan-yang-bersih
130342644 lingkungan-yang-bersih
 
Tokoh & Cara menentukan Tema
Tokoh & Cara menentukan TemaTokoh & Cara menentukan Tema
Tokoh & Cara menentukan Tema
 
Dialog antara ibu dan anak
Dialog  antara  ibu dan anakDialog  antara  ibu dan anak
Dialog antara ibu dan anak
 
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN Tugas drama seni...
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN  Tugas drama seni...SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN  Tugas drama seni...
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN Tugas drama seni...
 
1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu
1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu
1977 029 Jukran Gladian Pimpinan Regu
 
Drama basa jawa
Drama basa jawaDrama basa jawa
Drama basa jawa
 
Naskah drama jepang - Pembunuhan di restoran
Naskah drama jepang - Pembunuhan di restoranNaskah drama jepang - Pembunuhan di restoran
Naskah drama jepang - Pembunuhan di restoran
 
Contoh Naskah Drama 20 Pemain
Contoh Naskah Drama 20 PemainContoh Naskah Drama 20 Pemain
Contoh Naskah Drama 20 Pemain
 
CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)
CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)
CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)
 
Naskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIII
Naskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIIINaskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIII
Naskah Drama Bahasa Indonesia Kelas VIII
 
Dialog darama
Dialog daramaDialog darama
Dialog darama
 
Drama malin kundang 5 orang
Drama malin kundang 5 orangDrama malin kundang 5 orang
Drama malin kundang 5 orang
 
Kelas ix smp bahasa indonesia_asep yudha
Kelas ix smp bahasa indonesia_asep yudhaKelas ix smp bahasa indonesia_asep yudha
Kelas ix smp bahasa indonesia_asep yudha
 
Contoh teks wawancara dengan guru
Contoh teks wawancara dengan guruContoh teks wawancara dengan guru
Contoh teks wawancara dengan guru
 
Contoh naskah drama lengkap
Contoh naskah drama lengkapContoh naskah drama lengkap
Contoh naskah drama lengkap
 
Naskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabatNaskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabat
 
Drama 6 orang
Drama 6 orangDrama 6 orang
Drama 6 orang
 

Similar to Ketoprak

Dialog wayang
Dialog wayangDialog wayang
Dialog wayang
naufalnathan11
 
Dara ayu
Dara ayuDara ayu
Dara ayu
Yesi Karimah
 
Bu Kek Siansu Jilid 9
Bu Kek Siansu Jilid 9Bu Kek Siansu Jilid 9
Bu Kek Siansu Jilid 9
Wibowo Kusuma
 
Contoh teks drama bahasa inggris
Contoh teks drama bahasa inggrisContoh teks drama bahasa inggris
Contoh teks drama bahasa inggrisSuciramadhana
 
Percakapan
PercakapanPercakapan
Percakapan
Tias Asmara
 
Tugas drama bahasa indonesia (2)
Tugas drama bahasa indonesia (2)Tugas drama bahasa indonesia (2)
Tugas drama bahasa indonesia (2)
Septian Muna Barakati
 
NASKAH CINDERALAS.docx
NASKAH CINDERALAS.docxNASKAH CINDERALAS.docx
NASKAH CINDERALAS.docx
TengkuFajri
 
Asal mula bunga teratai
Asal mula bunga terataiAsal mula bunga teratai
Asal mula bunga teratai
Gandis Indah
 
Wayang - Semar kuning
Wayang - Semar kuningWayang - Semar kuning
Wayang - Semar kuning
Pranowo Budi Sulistyo
 
16. si tangan sakti
16. si tangan sakti16. si tangan sakti
16. si tangan saktiDody Irawan
 
Sejarah
SejarahSejarah
Sejarah
Krisna Dayu L
 
Naskah dramaaaa
Naskah dramaaaaNaskah dramaaaa
Naskah dramaaaa
hanifa alwazna
 
Cerita rakyat Asal usul kota banyuwangi
Cerita rakyat Asal usul kota banyuwangiCerita rakyat Asal usul kota banyuwangi
Cerita rakyat Asal usul kota banyuwangiDek Libra
 
Naskah drama cinderela
Naskah drama cinderelaNaskah drama cinderela
Naskah drama cinderelaagung hanafi
 
Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...
Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...
Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...
Rifki Ristiovan
 

Similar to Ketoprak (19)

Dialog wayang
Dialog wayangDialog wayang
Dialog wayang
 
Dara ayu
Dara ayuDara ayu
Dara ayu
 
Bu Kek Siansu Jilid 9
Bu Kek Siansu Jilid 9Bu Kek Siansu Jilid 9
Bu Kek Siansu Jilid 9
 
Contoh teks drama bahasa inggris
Contoh teks drama bahasa inggrisContoh teks drama bahasa inggris
Contoh teks drama bahasa inggris
 
Percakapan
PercakapanPercakapan
Percakapan
 
Tugas drama bahasa indonesia (2)
Tugas drama bahasa indonesia (2)Tugas drama bahasa indonesia (2)
Tugas drama bahasa indonesia (2)
 
Drama7orang
Drama7orangDrama7orang
Drama7orang
 
NASKAH CINDERALAS.docx
NASKAH CINDERALAS.docxNASKAH CINDERALAS.docx
NASKAH CINDERALAS.docx
 
Asal mula bunga teratai
Asal mula bunga terataiAsal mula bunga teratai
Asal mula bunga teratai
 
Wayang - Semar kuning
Wayang - Semar kuningWayang - Semar kuning
Wayang - Semar kuning
 
Suara 3 hati
Suara 3 hatiSuara 3 hati
Suara 3 hati
 
16. si tangan sakti
16. si tangan sakti16. si tangan sakti
16. si tangan sakti
 
Sejarah
SejarahSejarah
Sejarah
 
Naskah dramaaaa
Naskah dramaaaaNaskah dramaaaa
Naskah dramaaaa
 
Putri kaca mayang versi intinfive htg
Putri kaca mayang versi intinfive htgPutri kaca mayang versi intinfive htg
Putri kaca mayang versi intinfive htg
 
Naskah drama
Naskah dramaNaskah drama
Naskah drama
 
Cerita rakyat Asal usul kota banyuwangi
Cerita rakyat Asal usul kota banyuwangiCerita rakyat Asal usul kota banyuwangi
Cerita rakyat Asal usul kota banyuwangi
 
Naskah drama cinderela
Naskah drama cinderelaNaskah drama cinderela
Naskah drama cinderela
 
Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...
Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...
Karya Ilmiah (Bahaya Penggunaan Earphone Bagi Remaja) (Bahasa Indonesia Kelas...
 

Ketoprak

  • 1. Ing jaman biyen, wonten satunggal kerajaan ingkang kasebut kerajaan Ngastinapura. Raja punika nggadahi sifat serakah lan sa’geleme dewe. Ananging raja kagungan putra ingkang bagus ati lan rupane. Baguse raono tandingane. Salah sawijining dino hulubalang kerajaan nariki pajak dateng para rakyate. Arepo kepeksa kabeh bisa bayar, kajaba Kunti. Rakyat miskin ingkang sampun boten anggadahi bapa biyung, amargi sampun seda. Kunti iku yo ra maido ayune, mlinir kaya eseme wulan yen lagi terang wulan. Amargi boten saget bayar pajak kunti digowo menyang kerajaan didadosaken pembantu. Wonten ing kamar, Raja Aiswara lan Raden Airlangga lagi padha rerembugan. Raja : “Putraku, kapan kowe golekke ramamu iki mantu?” Raden : “nyuwun ngapunten Rama, kula dereng nemokaken ingkang mathuk kalian atikula.” Raja : “Ramamu iki wes tua ngger, kepengenku, kowe ngganti aku kui wes duwe bojo Raden : “Sendika dawuh Rama” Raja : “ananging, aku kepengen sik padha-padha saka kerajaan” Banjur ngunu kui Kunti teko gawa baki isi Poci. Kunti : “Mangga Raden, mangga gusti. Nuwun sewu.” Raja : “yayaya, gek balio kono. Putraku, pikirno opo sik tak omongke marang kowe mau.”(lungo) Raden Airlangga wis ra gatekake menapa titahipun rama. Raden sampun kepencut kalian bocah ayu lan mlinir mau, kunti. Sak jroning ati, Raden pengen ngerti sapa ta bocah wadon kae mau. Banjur Raden nekani adikke wonten ing taman kerajaan Raden : “duh adikku ingkang ayu dewe”! Inten : “wonten menapa ta kangmas?” Raden : “reneo dik, aku meh takok marang sliramu” Inten : “bab menapa kang?” Raden : “kowe ngerti ora bocah wadon ingkang dadi babu anyar kerajaan kae, sek ayu tur mlinir.” Inten : “o. . .Kunti maksutipun kakang?lha nggeh dereng dangu kok kangmas. Jalaranipun Kunti menika boten saget bayar pajak bar menika Kunti sampun boten gadah Bapa biyung.” Raden : “o . . .dadi bocah kae jenenge Kunti”. Rino wengi Raden Airlangga ora bisa turu amargi kepikiran Kunti.bocah wado ingkang saget gawe kasmaran si Raden. (raden nyanyi) “yen ing tawang ana lintang cah ayu Rungokno tangising ati Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
  • 2. Tresnaku sundul wiyati” ………………………………………………………………………………………………… … Esuk-esuk, Raden goleki Kunti, lan ketemu Kunti. Raden : “He, cah ayu, dik Kunti.!” Kunti : (ninguk isin-isin)”dalem Raden, wonten menapa?” Raden : “ora nimas, sliramu ki sapa ta?sajake kok aku ra tau ngerti.” Kunti : “nuwun sewu gusti pangeran, kula menika naming babu anyar wonten ing mriki, boten pantes rerembugan kaliyan panjenengan.” Raden : “ora nimas, aku sajake kepikiran sliramu terus, kelingan sliramu, nimas aku tresno marang sliramu.” Kunti : “ampun gusti, kula menika naming babu.ampun gusti kula nuwun sewu badhe wonten wingking.” Raden : (nyekel tangane Kunti) “dik Kunti, sliramu iku tresno ora karo aku?jawaben Nimas.” Kunti : (meneng. Banjur manggut-manggut campur isin) Raden : “nek ngunu ayo melu aku nemoni Rama.” Kunti : “ampun Gusti Kula ajrih sanget.” Raden : “wes ta, masalah kui tanggunganku.” Raden Airlangga ngajak Kunti nemoni Raja supaya bisa nglamarke Kunti. Raden : “nuwun sewu rama”(sungkem karo kunti) Raja : “ana apa iki, kok ana babu barang.?” Raden : “nuwun sewu rama, menika bakal mantunipun panjenengan.” Raja : (kaget campur nesu)”opo?!ora sudi aku!!!lancang tenan kowe. Sopo bocah wadon iki?babu lhe!!!!” Raden : “ananging rama, kula sampun tresno.” Raja : “menenga kowe!!!!ora gumun aku!!!kowe wes wani marang ramamu iki,yowes kowe bakal tak jodokke karo dewi Wedari, putri kerajaan Kartapura. Kanggo kowe babu!!!balio kono!!kowe ki sopo?bali!!!! Kunti : “nuwun sewu gusti”(nangis banjur lunga). Raden : “nimas, nimas!” Raja : “meneng!!sesok kowe tak kirim menyang kartapura.” ………………………………………………………………………………………………… Wengi-wengi Kunti nangis. Ujug-ujug ana wong ndodog jendelane. Kunti bukak. Raden : “iki kangmas nimas, cup yo. . . .ojo nangis, kangmas janji disekseni wengi lan rembulan aku bakal tresno karo kowe.aku sesok dikirim menyang kartapura, kowe sehat-sehat enek kene yo. Kunti : “inggih mas.” …………………………………………………………………………………………………
  • 3. Esuke raden dikirim menyang kartapura dipetukake dewi Wedari. Ayune jan yo ra kalah. Nanging sifate ala. Wedari :”mugi-mugi jenengan betah, raden pangeran.” Raden :”aku ora bakal betah yen ninggalake dik nimas Kunti.” Wedari :”sinten tam as menika.?” Raden :”bocah wadon ingkang tak tresnani.” Wedari :”alah sek kabare pembantu menika ta?raden menika sampun dijodokaken kaliyan kula. Kula menika cocog. Boten babu kaya sinten wau.” Raden :”nuwun sewu nimas, aku tresnane gor karo Kunti, ngertio nimas.” Wedari :”boten saget!raden kaliyan kula.”(lunga) Raden :”hmm(gelengke sirah).aku kangen sliramu dik Kunti.” ………………………………………………………………………………………………… Ana kamare Kunti, dewi Inten ingkang sampun ngerti melu ngeneng-nengi Kunti. Kunti :”Rara ayu, menapa jenengan boten risih?” Inten :”ngomong apa ta weki Kun,?aku kudu jaga kowe, kui pesene kangmas, tenang wae Kunti tak ewangi.” Kunti :”matur nuwun Rara ayu. Kula nulis layang kagem kangmas pangeran, ananging kepripun supados serat menika tekan?” Ujug-ujug ana angin, lan metu uwong setengah manuk wong wadon 2 mau. “hahaha. . .hahaha. . .ana apa cah ayu, ora pantes kowe ki nangis.” Kunti :”njenengan sinten?” Sri :”aku? . . hahaha. . . .iki Sri Kendil. Dewi ingkang njaga jagad lan isine, aku iku sakjane dewi asmara.aku wes ngerti babaganmu nduk, ngenes aku ngerti kowe kaya mangkene iki. Kenapa?apa ingkang bisa ta ewangi?” Inten :”menika dewi sri, kunti nulis layang kangen kagem kang airlangga, menapa panjenengan saget ngeteraken?” Sri :”haha. . . haha. . .gampang iki!tenang wae cah ayu, takdirmu karo pangeran, yowes, aku tak ngeterke layang iki.” ……………………………………………………………………………………………….. Ing nagara Kartapura, sri kendil goleki papane raden Pangeran. Sa’wise ketemu, dirui pangeran, nanging dewi wedari ngerti lan melu ngrungokne sri kendil lan pangeran. Sri :”he. . . .raden! aku gawa kabar saka Kunti.” Raden :”jenengan sinten?” Sri :”aku, Sri Kendil.ingkang jaga donya lan sa’isine, aku jane dewi asmara,lagi ngapa kowe pangeran?” Raden :(sungkem)”nuwun sewu, lha kabar menapa ta Gusti?” Sri :”iki layang saka Kunti, wacanen, tugasku kui dina iki” Raden:”kula saget tumut jenengan boten gusti?” Sri : “maaf pangeran, urung wektune, aku lunga”.
  • 4. (raden nyanyi layang kangen) Ujug-ujug pintune raden dibuka dewi wedari. Wedari :”napa menika kangmas?”(ngrebut surate) Raden :”lancing kowe dik!” Wedari :”kangmas, napa menika kang?sampeyan taksih hubungan ta kaliyan babu menika!awas mas kula badhe matur rama Aiswara.”(lunga campur nesu). “iki kesempatanku lunga, arep tak boyong dik kuntiku, niatku wes gede, ora gumun gunung ing ngarepku”batine pangeran. ………………………………………………………………………………………………… … Dewi wedari ngerti niate raden makane, sa’derenge menyang ngastinapura wedari ngakon prajurite. Sri kendil metu ngewangi pangeran perang. Sri :”lunga kabeh koe(kekuatan pol), mangga raden kula derekaken.” Raden :”maturnuwun dewi”. Sri kendil lan raden mabur menyang nagara ngastinapura. ………………………………………………………………………………………………… Wonten ing Ngastinapura, knit diolok-olok kaliyan raja,lan wedari. Dewi inten mung bisa nangis ngerti kunti. Raja :”he babu, duwemu ki opo?ngelmumu ki opo?” Inten :”sampun rama, sampun.” Raja :”rungokno iki babu, aku ora bakal ngrestoni koe nresnani putraku,ora pantes!” Wedari :”owalah, menika ta rama ingkang seneng grudani kangmas?diusir kemawon rama.” Inten :”rama . . . “ Raja :”inten, mlebu!!!!kowe tenang wae nduk wedari aku ra bakal nyia-nyiani kowe.para prajurit, guwangen babu iki!!!!” Kunti :”ampun gusti, ampun. . . .” Ujug-ujug raden teka. Raden :”rama!!nuwun sewu, yen kula nglawan rama, nanging rama sampun kalewatan.” Wedari :”lha kangmas kok belani Kunti ta?lho rama, kangmas sampun kepelet.” Raden :”meneng kowe wedari!” Raja :”kurang ajar kowe!awakmu wani karo rama,njalukmu apa(jorokke raden). Kunti :”kangmas!!!” Raden :”dik, aku ra bakal blenjani janjiku.” Raja :”ngomong apa kowe, rene!!!!” Raden :”nuwun sewu Rama, jenengan sampun klentu.”
  • 5. Raja nesu, banjur ngetokne kuda-kuda . ing pas ngunu kui, angin gedhe sumilir, gludug nyamber-nyamber, sri kendil metu. Raja :”demit saka ngendi kowe!!” Sri :”aku, Sri kendil, ingkang nyekel jagad raya lan sa’isine, aku uga bisa disebut dewi asmara, penebas angkara murka. He kowe raja bakil, uwesno lehmu serik karo Kunti, kurang kepiye ta bocah iki? Raja :”sapa kowe ngatur-ngatur aku?rungokno iki, marang sapa wae sing wani-wani nglawan aku, kudu mati!!!!” Sri :”he. . .wong kang bakil, aku ora wedi, , , ,hahahaha!” Wedari :”rama, lha inggih menika demit ingkang nemoni kangmas, alias pelete Kunti!!” Sri :”kurang ajar kowe he wong wadon iblis wujud uwong!tak kutuk kowe dadi watu (ngetokne tenaga dalam)kui ganjaranmu.” Raden :”dewi sri . . . Sri :”tenang kemawon gusti, menika urusanku. Kunti :”kangmas”. Raja :”wani-wanine kowe he demit tur buta!!!!!awas kowe(nyerang sri kendil, nanging ra mempan) Sri :”he raja bakil, kowe ra bakalan isa mateni aku yen atimu ra resik, tak jupuke roh halus jahat ingkang nempel awakmu(ngetokne tenaga dalam nglawan raja, kenek raja, banjur langsung semaput) Sri :”ora usah kuatir, ramamu mung semaput, wes tak jupuk demite sek eneg awake!” Raden :”maturnuwun dewi.” Sri :”inggih.kunti, cup, meneng wae, kowe lan pangeran bakal bahagia, aku melu bungah yen kowe yo bungah” Raja sadar…….. Raja : “eneg apa tadi mau?(meneng wae)dewi sri kula nyuwun pa daftar ngapunten “(sungkem) Sri :ngapurao marang bocah 2 kui, aku rep bablas sek,sa’durun ge bablas aku meh bebaske wedari (tenaga njero) Wedari :”maturnuwun dewi, kula nggeh nyuwun pamit, kunti, kangmas, rama, dewi sri. . .kula badhe wonten kartapura.” Sri :”urip sek tenterem yo. . .aku lunga. Raden :”rama, menika calon mantunipun rama. Raja :” ya . . .ya. . . .ya aku njaluk ngapura yo . . . Wedari :”inggih rama” Kunti :”kangmas maturnuwun, gusti, lan rara ayu wedari Raden :”aku ra mblenjani janji ta dik”
  • 6. Jaka Tarub BABAK 1 Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudun saka kahyangan arep adus ing bumi. Nawang Sekar : “Ayo para dulur, dolan menyang bumi.” Nawang Lintang : “Wah...ayo. nanging dolan ing ngendi?” Nawang Sari : “Aku duwe ide, ayo adus ing sumber” Nawang Wulan, Lintang, Sekar : “(nggawa slendhange) Ayo....” Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe. Nawang Seka : “Wah...seger tenan banyune.” Nawang Sari : “Iya, bening banget” Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ngintip para Nawang. Jaka Tarub : “(intip-intip) Wah...sapa kuwi? Ayu tenan rupane.” Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah sawijining slendhang para Nawang. Supaya bisa kenalan marang salah sijine. Jaka Tarub : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wes.” Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhang dewe-dewe. Nawang Sari : “Ayo padha mentas, langit wis arep peteng” Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk menyang kene maneh” Nawang Wulan : “(bingung tolah-toleh) Lho... ngendi slendhangku?” Nawang Lintang: “Iku mau kowe seleh ngendi?” g Wulan : “(nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh” g Sari : “Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhangmu Nawang Wulan?” g Lintang : “Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.” g Sekar : “Piye iki, langit wis arep peteng.” g Sari : “Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup” g Lintang : “Yen ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu kita bakal nyusul kowe” g Wulan : “Inggih, Mbakyu.” g Sari : “Ya wes ati-ati, Nawang Wulan.” Para Nawang mulih menyang kahyangan. Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang Wulan. Nawang Wulan : “(susah ) Ana ngendi slendhangku ya?” Jaka Tarub : “Geneya kowe kok sedhih banget?” Nawang Wulan : “Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti?”
  • 7. Tarub : “Aku ora ngerti. Aku Jaka tarub, omahku ana ing desa kulon. Sapa jenengmu?” g Wulan : “Aku Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhangku” Tarub : “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki slendhangmu kuwi” g Wulan : “Wah...matur suwun Jaka Tarub” BABAK 2 Seminggu Nawang Wulan ana ing omahe Jaka Tarub lan dheweke isih ora nemokake slendhang iku. Sanalika, Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke nglamar lan rabi karo Nawang Wulan. Jaka Tarub : “Dinda, Akang budal menyang alas sek ya!” Nawang Wulan : “Iya, Kang. Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak” Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang Wulan nemokake slendhange ing njero wadah beras. Dheweke kaget lan nangis. Nawang Wulan : “(nangis) Apa iki ana hubungane karo Kang Jaka?” Wayah surup Jaka Tarub mulih saka alas lan ndeleng Nawang Wulan lagi nangis. Jaka Tarub : “Ana apa, Dinda?” ng Wulan : “(nduduhake slendhange) Apa iki ana hubungane karo Kakang?” Tarub : “Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga Kakang tresna karo Dinda!” ng Wulan : “Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora bisa ing kene terus” BABAK 3 Para Nawang ing kahyangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan wis ketemu. Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang Wulan. g Lintang : “Dulur, batinku ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan” g Sari : “Ayo dulur, mudun menyang bumi nyusul Nawang Wulan” g Sekar : “Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan.” 4 Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kahyangan. Nawang Sari : “Nawang Wulan, ayo kowe bali.” Nawang Lintang : “Kowe aja percaya marang manungsa kuwi” Nawang Sekar : “Ayo dulurku” Nawang Wulan : “Inggih mbakyu” Jaka Tarub : “(nangis) Dinda, kowe aja bali”
  • 8. Naskah Drama dalam Bahasa Jawa Bertema "Persahabatan dan Percintaan" Babak 1 Isuk iku, Kinar lan Thalita lagi lungguh ing njeroning kelas. Dereng wonten murid sing teko sakliyane wong loro kuwi. Thalita : “Nar, pelajaran dino iki ono pr nggak ?” Maudy : “Sek, tak delok e disek.” (Langsung njupuk buku ing tas.e) “Kayak e se ora ono.” Naura melbu ing njroning kelas. Naura : “Assalamualaikum.” (Salam Naura ing ngarepe lawang kelas) Thalita lan Kinar : “Waalaikumssalam.” Naura : “Kalian lapo rek ?” Thalita : “Enggak, gak lapo-lapo kok.” Naura langsung lungguh ing ngarepe bangkune Thalita lan Kinar. Thalita : “Ra, dino iki ora ono PR utowo ulangan kan ?” Naura : “Sek sek,” (Ambek mikir-mikir) “Ono ! dino iki ulangan IPA !” Naura langsung ngetokake buku catetan IPA sing ono ing njero tas e lan langsung sibuk moco catetane. Rodok suwe, Naufal melbu ing njroning kelas. Naura : (Ngguyu-ngguyu dewe ndelok Naufal melbu) Thalita : “Fal, engkok awakmu konsultasi tugas BI a ?” Naufal : (lungguh ing panggonane) “Iyo, opo o i ?” Thalita : “Nggak, nggak po po kok. Mek takon tok.” Maudy : “Fal, sing wingi iku temenan a ?” (Pitakon Maudy kaleh ngekek i kode marang Naufal) Naufal : “Nggak usah ndek anggep serius masalah wingi iku, aku mek guyon tok kok.” Lalu, Erick melbu ing kelas, lan langsung lungguh ing panggonane. Erick : “Maudy, ono sesuatu sing kate tak kekno nang awakmu.” Thalita : “Kate ngekek i opo awakmu ?” Erick : “Aku nggak bicara sama kamu, pingin eroh ae. Maudy ae biasa.” Maudy : “Emang kate ngekek i opo se ?” Erick : “Engkok ae.” Ing tengah-tengah pelajaran, Erick maringaken buku pelajarane marang Maudy. Thalita : “Opo iku Dy ?” (Ngintip bukune Erick) Maudy : “Coklat maneh ??” (Maudy ngomong alon) Thalita : “Maneh ? arek iku pingin awakmu gendut paling, kok ngekek i coklat terus hehe.” Maudy : “Iyo paling, hehe.” Babak 2 Pas wektune wangsul sekolah, Thalita, Maudy, lan Diaz lungguhan ing tangga lan ngerjakake tugas BI. Thalita : “Dy, awake dewe sido dolen nandi ?” Maudy : “Nggak Ngerti, aku melok Adam ae. Nyacak Takok o Adam.” Thalita : “Oke.” (Langsung ngalih nang panggonane Adam) Diaz : “Emange awakmu kate nandi se rek ?” Maudy : “Kate dolen. Ayo melok a yaz ?” Diaz : “Enggak wes, males i aku.” Maudy : “Yowes lek ngono.”
  • 9. Diaz : “Dy, aku mulih dikek yo. Tugas e garek mek titik.” (Langsung ngalih) “Dah Maudy.” Maudy : (Melambai nang Diaz) Babak 3 Naura, tiba-tiba mlayu ngampiri Maudy. Naura : “Dy, delok en talah. Kaet maeng erick narik-narik tasku terus.” (Wajah cemberut) Maudy : “Erick !!” (Mendeliki Erick) Thalita mlayu nang Maudy lan Naura. Naura : “Ono opo Tha ?” Thalita : “Uwes, ayo budal. Jare adam awake dewe nonton nang matos.” Maudy : “Yowes, ayo budal.” Ing njeroning angkot perjalanan nang matos. Thalita mbisiki Maudy. Thalita : “He, tak kandani. Awakmu engkok ojo terlalu cedek-cedek karo Erick.” Maudy : “iyo, aku yo gak kepingin terlalu cedek karo areke.” Ing njeroning bioskop, Erick lan Maudy terus cekel-cekelan tangan. Thalita dadi pegel, tibakno Maudy ora ngrungokake opo sing diomongno maeng. Thalita : “Dy, yokpo lek ojo gandengan tangan terus?” Maudy : “Uwes tak cobak ngeculno tha, tapi tetep ae areke gak gelem ngeculno.” Thalita : “Yo nggawe alasan njupuk ngombe tah yokpo ngono cek iso ngeculno.” Akhire Maudy ngeculake tangane Erick. Erick : “Lho, opo.o kok diculno ?” Maudy : “Gak popo o kok.” Erick : “Yoweslah gak popo lek ancen awakmu kepingine ngono.” Film wes entek, bocah-bocah kumaeng podo mulih. Babak 4 Isuk.e, kayak biasane. Murid-murid pada pelajaran. Ing sela-selane pelajaran, guru mbagikake hasil try out. Sawise ndeleng hasil try out, Maudy kaget amarga nilaine Erick mudun. Maudypun mboten ngreken Erick. Erick : “Maudy....” Maudy : “Hmmm...” Erick : “awakmu opo.o ? diceluki kok gak ngreken ngunu.” Maudy : “Gak popo, biasa ae.” Amarga bingung ambek sikape Maudy. Erick nakokake masalah kuwi marang Naura. Erick : “Naura, aku oleh takon a ?” Naura : “Iyo, takon opo ?” Erick : “Koro-kiro Maudy iku opo.o yo ? akhir-akhir iki sikape aneh nang aku. ” Naura : “Mungkin gara-gara awakmu nglakokno hal sing nggarai areke mangkel utowo opo ngono, aku kan nggak begitu eroh.” Erick : “Koyok.e se sak elengku aku nggak nglakokno hal sing nggarai areke mangkel.” Naura : “Yo cobak takono nang konco cedek.e.” Erick : “Iyo tak cobak.e” Sawise kejadian maeng, Erick takon nang Diaz. Erick : “Diaz, Maudy opo o se, koyok e lagi ndue masalah” Diaz : “Guduke lagi ndue masalah, lek menurutku se koyok e Maudy mangkel nang awakmu gara-gara nilai Try Out mu mudun.” Erick : “O iyo, bisa jadi.” Babak 5
  • 10. Amarga sikap Maudy sing cuek, akhir-akhir iki Erick sering cerita ambek Naura. Ndelok kecedekane arek loro iku, Naufal ngrasakake hal sing aneh. Akhire Naufal nakokake hal iku nang Naura. Naufal : “Naura, awakmu ono hubungan opo karo Erick ?” Naura : “Gak ono hubungan opo-opo, aku ambek Erick iku mek koncoan tok.” Naufal : “Yowes, kali iki aku percoyo nang awakmu” Amarga ngerasa tetep ragu, akhir-akhir iki Naufal sering cerita tentang Naura Nang Maudy. Naufal lan Erick saling cerita masalah pasangane dewe-dewe. Babak 6 Sawise saling curhat, Maudy lan Naufal sepakat gwe ngakhiri pasangane dewe-dewe. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi konco gak oleh musuhan. Ing suatu dino, Maudy ketemu kaleh Erick lan nyritakake maksude. Maudy : “Erick, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan ?” Erick : “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.” Maudy : “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki” Erick : “Opo.o ?” Maudy : “Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah militer ndek Magelang. Lagian, gara-gara kita pacaran nilai kita juga turun kan terutama nilai tro out mu. Dadi luwih apik kita gak pacaran dikek cek gak ngganggu pelajaran.” Erick : “Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti. Mungkin iki ancen sing terbaik.” Babak 7 Sawise lulus tekan SMP, ke 6 sahabat iki ngumpul gawe pertemuan terakhir ambek maudy. Amarga Maudy bakal nglanjutake sekolah ing Magelang. Thalita : “Awakmu ndek kono sing sehat yo, ojok lali karo aku.” Kabeh : “Iyo, awakmu yo ojo lali karo awake dewe.” Maudy : “Siap, aku gak bakalan lali karo awakmu kabeh rek” Akhire, mereka sadar yen belajar lan bersahabat iku luwih penting ketimbang ngurusi masalah percintaan. Lan mulai saiki ing SMA Ke 6 sahabat iku bakal konsentrasi penuh marang pelajaran lan ora mikirake urusan cinta. Amarga gara- gara cinta bisa ngajurake masa depan.
  • 11. Eman Kilangan Sandal Esuk-esuk srengenge wis mlethek lan njebul saka turone Eman, si bocah mbeling urung gelem tangi. Yo wis ngunu isine Eman sabendino. Mbok Tar : Le, tangi le ! wis padhang jingglang kok kowe sek mlungker ae. Lela : Percuma mbok. Ora bakal dirungokake karo Cak Man. Mbok Tar : Gugahen kono. Guyangen banyu pisan lek gak gelem tangi Lela : Siap mbok. Tapi…. Mbok Tar : Lapo maneh?? Lela : Ngkok kasure teles kabeh, paling yo cak man gak ngurusi. Wes tenang ae, aku duwe cara dewe. Lela : (bengok-bengok nang kupinge Eman) ‘KOBONGAN-KOBONGAN.. Tulung… tulung… tulung.. Eman : (gragapan) opo… opo.. kobongan??? (kaya kabeh diinteri) Mbok Tar : Ssssttttttt…….. iki yo lapo se? Eman : Lho mbok ana kobongan, gak ngungsi ta? (jek bingung Mbok Tar : Kowe iki ngelindurta? Lela : Hahaha… haha… iyo ak. Tak bijuki sampean. Salahe dewegak tangi-tangi. Eman : Ooo… arek cilik kurang ajar kowe iku. Lela : Babah se, anggite sampean iku gak cilik ta? Mbok Tar : Halaah.. podo cilike ae lok-lokan barang. Wes ndang nimbo kono Man, Eman : Sek talah mak, bener jare sampean. Podo cilike lha iku irunge… hahaha Mbok Tar : Lhe… lhe… tak untal kowe lak enak (Eman mlayu) Bu RT : Assalamualaikum. Ono opo iki mbok? Mbok Tar : Waalaikumsalam. Iki lho Bu RT, Eman terus. Wes biasane nggawe kisruh. Bu RT : Oalah. Yahmno yahmene kok Eman terus. Kowe gak isinn ta Man? Dadi lakon bandmo? Eman : Lha lapo isin. Wong aku klambnan og. Lela : Halah… ngomong ae sapean gak duwe isin. Yo seh? Eman : Kowe iku mesti melok-melok !! meneng ngunu lho. Mbok Tar : Wes mboh Man. Dikandani kok gak kenek. Ngelu aku mikirno kowe. Eman : Yo wes gak usah dipikir ! ngunu ae repot. (bengok-bengok nang ngarep omahe Lela) zah : La.. ela.. e e e.. under my umbrella. Terno aku nang Jagalan. Cepet La ! Lela : Bengak-bengok nang omahe wong. Gak duwe omah ta? Opo? Imah mlaku dewe? Bu RT : Aduh Nak, ojo bengak-bengok ae. Wes ndang terno Izah kae lho.. Lela :Enggeh Bu, Izah pancen rada saliwang. Mbok aku mlaku-mlaku dhisek (saliman) Mbok Tar : Iyo Nak terno sampek omahe ae yo. Ndang mbalio. Lela : Lealha Mbok, gak mlaku-mlaku laan aku. (nyelonong ngalih). Eman : Heh, gak pamitan karo mas mu ta Ndhug? zah : Lel, ndang cepet, koncoku selak garing o. Mbok Tar : Zah mreneo! Bengak-bengok ae, llapo nang Jagalan? Ngguwak Eman ta? Eman : Iling Mbok anak dhewe diguwak, angel lho nggawene. zah : Omongan mu Joh. Iku lho Mbok konco ku jek tas muleh teko Gua Hiro. Arepe nang omah ku lha dalah kesasar. Bu RT : Yo ndang budhal, sak no konco mu ngkok nangis. Gak eneg balon kotak ndek kene. (Lela lan Izah nang jagalan) Eman : Bu RT karo Mbok iki kok gak nggenah bluas e, anake dewe dikacangno ngene.
  • 12. Bu RT : Hush ! jek apik kowe diingoni mbokmu. Kuwalat kapok lho yo Eman : Sopo sampean ? nguwalatno aku Mbok Tar : Ati-ati Man, suwe-suwe kowe ngkuk kuciwa lak sampek nggawe aku mangkel Eman : Lho mbok, dungane kok elek ngunu se? Mbok Tar : Bah ! Bu RT : Sabar mbok, ngene ae Sampean jaken Eman ngaji saben sore sing karo Bu Haji iku oo. Mbok Tar : Oh iyo yo, Wes Man, ngkuk sore kowe kudu melu akku. Lak gak, awas yo Eman : Hhhaaa….. ?? moh aku. Campur ibu-ibu Nang jagalan, Izah ngomong dewe. zah : Oalah Lela, ngeterno sampe omah ku tok, yo dadi gawe. Iki pisan endi Menik ?? Menik : Assalamualaikum Izah. Iki lho aku, Menik. Sak jam aku muter-muter ora ketemu-ketemu. zah : Karo aku ? Menik : Ora, karo sandalku iki lho. Sisihan seh. ( Bu Haji moro) Bu Haji : Assalamu’alaikum. Iki sopo ngu ca’-nguncal sandal sasisih? Kowe ngerti ta Nduk? zah + Menik : Wa’alaikumsalam Bu Haji. Menik : ( Nyaut sandal) La iki sandalku. Matur nuwun Bu Haji, Alhamdulillah yah rotone ten Panjenengan, Aman sehat wal afiat sandal kula. Bu Haji : Waduh.. waduh, waduh, endel tenan bocah iki! Sopomu Zah? zah : Koncoku Bu, naminipun Menik. Menik : Hehehe.. Menik Menik Bu Haji. Bu Haji : Iyo gak opo-opo Nik. Omahmu endi Nduk sampe kesasar nang Jagalan? Menik : Wah.. omah, sandal iki wae aku ditukoake karo Wong Tuwaku kok Bu. Jelasipun, kula mboten saget tuku omah. zah : Omahe wong tuwamu endi? Menik : Sepurane Zah, lali gak tak gowo. Tasku ues abot. Nggawa omah, lak gak mlaku-mlaku aku. GAK KUAT - - (ekspresi datar) Bu Haji : Arek iki gak waras ta Zah? (bisik-bisik) zah : Gak ngerti aku Buk, ues suwi gak ketemu. Menik : Hallo... Wulan Ramadhan kok ngerasani, jare kancaku nang SPADA : ‘GAK ILOOK’. Bu Haji : Nang kini aku Bu Hajine. Sopo Nduk iku jenenge? zah : Jawab sing jujur lo.. Menik : Oke. Moro.o nang SPADA JOE, ngoleko kelas IX Hem, ono arek jenenge Dhona, lha iku jejerane.. Golekono Hpne.. La iku !! zah : HP..!! Menik : Lanjut, nyalano Hpne bukaen inboxe, SMSe ono nang kunu. Bu Haji : SMSe arek iku maeng Nik? Menik : Mboten Bu Haji, SMSe pacare sing nang Hpne. zah + Bu Haji : GUBRAK.. GLODAK !! Menik : Ojo ngunu, sing apik toh karo adek Menik :D Bu Haji : Ues-ues Nduk, mandek ndagele. Poso-poso mengko mokel lo.. zah : Bu Haji.. sabar, orang sabar cepet dapet pacar. (Blak-blakan) Bu Haji : (mencep) Gak usah dibahas. Nik, gelem melu pengajian karo Izah? Menik : Insyallah Bu Haji, mumpung isih Ramadhan. zah + Bu Haji : Ramadhan yo nang kelase, lungguh karo Fendy. Menik : (ngguyu) Lapo ..? Cemburu ta? Bu Haji : Lalapo? (melet nang Faiz Ramadhan) Iki isien formulire? zah : (moco Formulir) zah : Nami?
  • 13. Menik : Raden Putri Menik Menok Mawon Seneng Masak Nang Pawon. zah : Sekolah? Menik : SMP Luar Negeri Ploso zah : Alamat? Menik : Numpak bus Puspa Indah jurusan Malang, Madiun, Dempok. Ana kreta kelinci numpak.o, mudun keras. Numpak len nganti terminal. Oper len ijo jurusan endi ae. Terus ae... mudun pengairan pioso. Mlaku terus ono umbul-umbul wama kuning. Bu Haji : Omahmu ndukk.. Menik : Ketua RTku Bu. Terus ae, sampek perempatan Pos Doreng. Ono omah tingkat 2 dicat putih, latar ombo,taman ono. La... iki aku gak mbijuk. zah : Sugih men kowe Nik. Menik : La iku,tonggo ngarep omahku sing sugih. Bu Haji : Ealah ndukk.... ndukk. Jawaban ogak gak iso digubris. Yo wes ndi, tk gawe mulih. zah : Niki buk. Menik : Waalaikumsalam Bu Haji Bu Haji : Aku durung salam ndukk. Assa... zah+menik : Wa’a... Nang Pos Kamping Tarmin : Woi bro. lapo mecucu koyok ngunu ? tambah elek kon Eman : Ngunu ta? Koncone dewe jare elek. Aku wes eroh. Gak usah diomong-mongno. Yo podo eroh. Ngunu-ngunu aku yo anake mbokku. Tarmin : Berarti mbokmu la’an sing elek. Eman : Lho ya. Duduk aku lo y seng ngomong. (rodok bengok) Tarmin : Ono opo she? Eman : Aku dipekso karo pilihane mboku. Tarmin : Opo? Sing temen Man (kaget) Eman : Iyo Min. aku yo rodo wei karo mbokku. Tarmin : Opo kowe wis siap? Ilengo kowe jek cilik Ayu ta? Eman : Apane, ibu-ibu kok ayu. Yo wes koyok mbokku ngunu. Tarmin : Astaghfirullahaladzim. Edan iku Man. Edan tenan ! Eman : He.. kowe lapo? Edan-edan barang. Tarmin : Lha iyo, awakmu jare kudu nuruti pilihane mbokmu Eman : Sakjane, iku yo sarane Bu RT. Tarmin : Lho?? Astaghfirullahaladzim Man. Saknone kowe Eman : Sek ta? Lapo kowe nyabut nyebut ae? Tarmin : Kapan iku dilaksanakno? Eman : Ngkuk sore. Tarmin : Opo? Wes nggolek penghulu ta? Eman : He? Lha lapo athek penghulu, anggite aku kate kawin aa? zah&imah : (moro-moro teko) opo kawin? zah : Eman kate kawin, karo mbok-mbok? zah&imah : Hhahaha Eman : Ojo ngawyr ta kowe? Sopo sing kate kawin? Tarmin : Lha iku maeng. Eman : Maksutku, aku dikon mbokku melu pengajian Ibu-ibu. Karepen ben aku tobat. Ngunu lho. Kabeh : Owalah… zah : Lha ngkok kowe lak dadi dasteran Man. mah&izah : (ngguyu) Eman : He.. ojo kurang ajar karo aku
  • 14. Tarmin : Iyo. Ngejak geger ta? zah : Hem… (ngece) anggite aku wedi ? mah : Kecil kowe iku. (ngece) (kabeh kate gelut) Bu Haji : Astaghfirullahaladzim. !! Ancen bener jare Rhoma Irama. “Darah muda darahnya para remajaa Kabeh : Jeng jeng jeng Bu Haji : Yang selalu merasa gagah, tak pernah mau mengalah a.. aa.. Kabeh : DARAH MUDA Bu Haji : Ono opo maneh? Bendino kok geger ae. Eman : iku lho Bu Haji, Izah kar Imah ngelok-ngelokne aku Yo gak trimo se? zah : Halah.. biasane kowe yo ngelokno aku ngunu mah : yo zah : Tapi sing tak omong lak bener se? mah : Yo zah : Salahe dewe mbeling mah : Yo Kabeh : Ya yo ya yo ae Bu Haji : Wes buyar. Mending nglakoni hal-hal sing positif. Ora kok gelut ae Sorene nang masjid. Bu Haji : (kabeh podo kumpul) Assalamualaikum…(banter) ya ahli kubur( irih) amaah : Waalaikumsalam wr.wb Bu Haji : Jamaah... amaah : Dalem. Bu Haji : Nggeh pun. Saiki ayo di bahas masalah nkale arek nom-noman. Mau isuk, ana bocah papat arep geger. Yo opo iku? Mbok Tar : Eman ta Bu Haji ? Ancene kowe iku senengane geger tok Man, Jian ! Eman : Aku maneh Kabeh : Lha sopo mane lak gak kowe ? Menik : Assalamualaikum. Sepurane Bu Haji kulo telat. Bu Haji : Waalaikumsalam. oh yo gpp ndug. Ibu-ibu iki ono anggota anyar jenenge ‘Menik’ Menik : (ngguyu) Monggo. Eman : lho Min, asli menik-menik. Tarmin : iyo. Ayu e. zah : hemm… (mencep) ayu aku kok. mah : iyo, arek cilik ngunu ae jare ayu. Tarmn : iri seh kowe ? zah : he ? gak yo. Wong jelas-jelas ayu aku. Kancaku paling gak nggenah kok iku. Lela : sssttt… rame ae yo. Wes ta ayu aku kok. zah : Halah.. podo ae. Lela : Babah. Ayu aku kok. Gak ero aku wes kaya Putri Kate Midleton a ?? mah : He ? Putri Kodok paling Lela : Onoke Pangeran Kodok duduk Putri Kodok. Eman : Lak rame ae. Menik : (lungguh sanding Eman karo mesem) wes suwe toh Mas melok iki ? Eman : Oow… yo yo lah. Aku iki kayak-kayak o dijuluki Pak Ustadz.
  • 15. Menik : Oohh… ngunu toh. Lela : Preeettt... Pak, nyusahke iyo. Menik : Lucu sampean. Jeneng sampean sopo Mas ? Eman : Kenalno. Emando Bieber Van Persie. Lela : Heleh.. eman bibir kayak kursi ta ? Menik : Hahaha… Mas Eman karo adheke kok lucu banget toh. Eman : Mbak Menik engko mulehe karo aku yo ? Tarmin : lha aku Man ? Lela : Sampean ambek Mbak Ijah, Mbak Imah ae lho. Hahaha… Tarmin : (ngece) He.. mosok aku mlaku ambek topeng monyet ?? zah & Imah : (mencep) zah : Sepurane yo. Mosok aku bareng karo walang sangit ?? zah & Imah : wleek… Bu Haji : ehm.. ehm.. wes mari kenalane ? Kabeh : Saaammmpuuunnn. Bu Haji : Dadi, ibu-ibu sampean kabeh kudu nuntun anake dhewe-dhewe ben ora kecanthol gawean- gawean sing elek. Kayak gasakan, mabuk-mabukan, lsp. Di didik supaya dadi wong juju. Ogak kok mari korupsi, terus nang Mbali ndelok tenis. Ono yo an sing jare berobat nang Singapur tapi gak moleh. Tarmin : lha yo. Astaghfirullah. Mbok Tar : Koyok kowe iku Min. Tarmin : Anak sampean yo yo ae. Bu Haji : Gak moleh-moleh. Opo ta pesawate ban e kempes. Dadi di kumpo sek. Ndilalah kumpo e keri. Mbok Tar : Wah, nuntun la’an ? Bu Haji : Dadi mari ngene opo sing elek ditinggal sing apik ayo di gowo muleh. Menik : Nggeh Bu Haji. Tapi aku ana urusan liyane iki. Dadi aku pamit sek. Assalamualaikum. Wektu mulih saka masjid. Bu Haji : Wes yo rek aku tak mulih sek. mah : Nggeh Bu Haji. Bu Haji : Assalamualaikumsalam wr.wb mah : Waalaikumsalam wr wb Bu Haji : Kok durung mulih mah, mah : Kulo ngrantosi Izah, Bu Haji. Bu Haji : Lo kate nang ndi? mah : Kulo bade blonjo bu,, hehehe.. Bu Haji : Blonjo opo mah, aku gak mok kei. mah : Heheh... klambi riyoyo Bu Haji. Bu Haji : Poso jek intuk 6 kok wes tuku klambi riyoyo. mah : Mangkeh lak ngrentosi kate riyoyo rego kabeh mundak Bu Haji. Bu Haji : Iyo wes aku tak mulih sek, wes salam se aku mau. mah : Sampun Bu Haji. Moro-moro. Bu Haji : Lo sandalku kok ilang. mah : Wonten napa bu? (marani Bu Haji) Bu Haji : Sandalku ilang Mah. mah : Lo kok saget Bu Haji. Bu Haji mbonten supe ta? ngagem sandal kok sisihan. Bu haji : Aku iki yo jek enom Mah. Mosok wes lalian. mah : Paling nggeh Eman Bu sing njupuk.
  • 16. Bu Haji : Hheehhh... gak oleh su’udzon, poso-poso lo ! mah : Lha terus sinten lak mboten Eman. Bu Haji : Be’e kowe sing njupuk, kowe sing ndurung mulih dewe ngunu. mah : Lo kok aku Bu, lha jarene mboten angsal su’udzon. Bu Haji : Yowes aku tak mulih sek mah : Kondur nggem opo? Bu Haji : Yo terpaksa nyeker aku mah : Owalah bu, bu kok yo mesa’aken temenan sampean iku. Bu Haji : Hhuuuusssttt.. meneng o. (isin) mah : Hahahah... Dina keloro, gantian saldale Eman sing ilang nang masjid. (mulih saka masjid) Eman : Lhuala sandalku ilang. Sandal anyar iku. zah : Halah sewu telu ae lho. Eman : Nyeker dech ! Menene muleh ngaji, sandhale Eman ilang maneh. Eman : Wes mboh !! Sandhalku ilang terus. Mbok Tar : Ancene edan. Kelangan kok sampek bolak-balek. Tarmin : Kowe gak salah ndeleh ta ? Lela : Iyo. Sampean lak pikun sakdurunge wayahe se ?? zah : (ngenyek) kuwalat se ? mah : Bu RT, yok opo iki ? Bu RT : Iki kudu di basmi cepet-cepet. Bu Haji : Ngene ae, engkok mari magrib ayo di inceng sopo sing njupukan. Mari magrib.. Menik mlayu-mlayu dipergoki Eman. Eman : lho, Nik lapo kowe mlayu-mlayu ? Menik : Ee.. Cak Eman. Gak popo. Olahraga Cak. (gragapan) Eman : Sek-sek, aku kok koyok gak petuk kowe wingi. Menik : Ee..aa.. aku.. aku wingi.. Tarmin : Man, sandalku ilang Man. zah : Dadak aku yo yo. Ilang sisih. Bu Haji : Ues di dengkek a maling e ? Bu RT : Iyo. Wes ta ? mah : Maeng sing mlayu rene. Kowe petuk a Man ? Eman : Gak i. Aku mek petuk Menik, Tarmin : Edan. Maling saiki nyolonge gak sandal sak pasang. zah : Iyoh. Nyolong ae sisihan. Bu Haji : Kok maling. Rai ne wong ae saiki yo sisihan. Bu RT : Lha kok ? Bu Haji : Lha yo se ? sisih lanang sisih wedok. Kabeh : Hahahahahaha…… Lela : (menggos-menggos) lha iku maling e. Eman : Ndi ? Lela : Menik iku lho ? Menik : Lho ? apa buktine ?? Eman : Opo sing mbok gowo ? zah : (ngrebut) lha iki sandalku. Mbok Tar : Lhealah ndug.. ayu-ayu kok nyolongan. Bu Haji : Ya Allah. Menik.. lapo kowe njupuki sandale wong-wong ?
  • 17. Menik : Lha jare Bu Haji tinggalen sing elek-elek jupuken sing apik-apik. Yo sandal e sing apik tak jupuk. Terus sandalku sing elek tak tinggal. Kabeh : Ealahhh… GLODHAK !!! Meniiiiiiiikkkkk…….. :P