SlideShare a Scribd company logo
1 of 7
Prediksi Ujian Sekolah
Tahun Pelajaran 2018/2019
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara A, B, C utawa D ing ngarep wangsulan kang paling
bener!
Bubar magrib bocah telu kakang adhi, Eko, Dwi lan Tri padha sinau bareng. Mbah kakung
wis yuswa wolung puluh taun, miyos menyang ngarepan, pinarak ing kursi teras. Pak Praba
sekaliyan wong tuwane bocah-bocah mau isih keri ing ruwang makan, saperlu ngendikan.
Ora let suwe pak Praba sekalian wis ninggal ruwang makan.
Tekan ruwang tengah mbah kakung ora katon. Ora let suwe banjur keprungu watuke simbah
saka ngarepan.
“Eko, mbah kakung aturana pinarak mlebu, neng njaba adhem”.
“Wonten pundi ta Bu?”
“Kae ana teras”.
Eko ngadeg menyat ngaturi simbah mlebu ngumah.
“Mbah dipun aturi ibu, mlebet dalem, wonten njawi mangke masuk angin”.
“Ora apa-apa kok Ek. Simbah lungguh kene bae, pengin nyawang konang kelap-kelip”.
“Wheleh mbah wiwit alit sampun pirsa konang kok.
....
1. Geneya simbah ora kersa diaturi mlebu omah?
A. Simbah lebah dhahar
B. Simbah watuk-watuk
C. Simban mriksani konang kelap-kelip
D. Simbah wiwit cilik wis mriksane konang
2. Kapan bocah-bocah putrane pak Praba padha sinau bareng?
A. bubar magrib
B. bubar maem
C. bubar asar
D. wayah bengi
Uhuk..uhuk... keprungu swarane sumbah warti watuk.
Suti enggal-enggal menyat saka lungguhe mlebu menyang kamare simbah. Cekoh malih
ta mbah? Pitakone Suti marang simbah. Suti nuli sinau maneh, nanging kang disanaoni
ora bisa mlebu amarga mikirke simbah. Bapak lan ibune ora neng ndalem lagi tindak
menyang Semarang. Awan iku Suti mulih sekolah mlaku bareng Tini. Ing tengah dalan
mulih Suti nyumurupi wong tua kang lagi lingak linguk kebingungan merga ora ngerti
dalan menyang omah. Banjur Suti lan Tini nyedhaki wong tua mau. Wusanane Suti lan
Tini padha ngeterake wong tua mau mulih menyang daleme.
......
3. Watak kang diduweni dening Suti yaiku ....
A. nduweni watek welas, seneng tetulung
B. nduweni watak welas, nanging ora seneng tetulung
C. ora gelem tulung marang wong
D. senenge marang bapak lan ibune
4. Tema crita ing dhuwur yaiku ....
A. ora peduli
B. seneng tetulung
C. welas asih
D. simbah gerah
Minurut paka herbal kembang lili kena kanggo jampi demam, sirah ngelu, lemah syaraf,
amandhel, watuk, napas sesak, swara serak, bronchitis, radhang paru, TBC lara dhadha,
lambung lang liya-liyane. Bagean kembang lili kang digunakake kanggo jampi yaiku umbi
lapis kang disebut pahap
5. Idhe pokok ana ing paragraf ndhuwur yaiku ....
A. tanduran kembang lili
B. jampi demam, sirah ngelu
C. manfaat kembang lili
D. jampi radhang paru, TBC, lara dhadha
6. Simpulaning isi paragraf yaiku ...
A. kembang lili bisa kanggo jampi maneka warna penyakit
B. jenising penyakit
C. hasil surve pakar herbal
D. bagian kembang lili kang bisa kanggo jampi
Mbok Randha duwe anak papat. Salah sawijining dina bocah papat kuwi njaluk palilah
marang ibune arep lelana. Bocah papat kuwi banjur disangoni pecahan piring. Kang
tujuane mbesuk gampang anggone nggoleki bocah mau. Mbok Randha pesen “ya muga-
muga padha slamet waras lan cepak rejekine”. Bocah papat nuli pada mangkat golek
panguripan dhewe-dhewe.
7. Tegese tembung palilah yaiku ....
A. donga
B. sangu
C. dhuwit
D. ijin / pamit
8. Bocah papat arep lelana
Sinonim tembung lelana yaiku ...
A. ngumbara
B. lunga
C. mangkat
D. mulih
9. Wardi nangis nyekeli dengkul mergane tiba
Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan yaiku ....
A. Genea Wardi nangis nyekeli dengkul?
B. Kapan Wardi nangis?
C. Ing ngendi Wardi tiba?
D. Kepiye Wardi nangis nyekeli dengkul
Strawbery, jeruk lan kates kalebu woh kang daging wohe “berwarna”. Woh utawa sayur
sing daging buahe “berwarna” ngandhut fitokimia. Zat mau ndayani banget kanggo
nglawan kangker, jantung koroner, penebalan pembuluh darah utawa penyempitan
pembuluh darah. Dhahar strawbery 100 gram wis nyukupi kebutuhan vitamin saben
dinane. Rehna rasane ana kecute, kanggo wong sing nduweni lara mag aja dhahar
strawbery lawaran nanging di jus ditambahi banyu lan gula utawa ditambah sirup.
Anggone ngunjuk sabubare dhahar.
10. Informasi kang migunane saka wacan ing dhuwur yaiku ...
A. Woh strawbery akeh gunane
B. Dhahar strawbery 100 gram wis nyukupi kebutuhan vitamin
C. Strawbery iku rasane kecut
D. Strawbery woh kang daging buahe “berwarna”
Pak Bagas : Apa kowe ngerti yen mbolos kuwi ora becik kanggo awakmu?
Banu : “Mangeri pak”.
Pak Bagas : Genea kowe ngerti, sesuk Bapak kudu teka ing sekolah amerga kowe
mbolos. Yen mbok pindhoni, kowe kudu metu saka sekolah, kepiye?
Arep mbok baleni meneh?
Banu : Mboten pak, kula nyuwun pangapunten
11. Wataking paraga kang aran Banu yaiku..
A. mblubud seneng mbolos
B. rajin sekolah
C. sregep lan rajin sinau
D. trampil nyambut gawe
.......
Wonten ing wekdal punika, kula minangka ketua panitia tujuh belasan ngajak dhumateng
sedherek sedaya anyengkuyung sedaya program tujuh belasan sampun katetepaken
minggu kapengker. Wondene program ingkang badhe kita ayahi inggih punika kerja bakti
wonten ing lingkungan RT, damel pepasren sauruting margi ing lingkungan RT kaliyan
ngawontenaken tirakatan malem pitulasan.
........
12. Bagian sesorah ing ndhuwur kalebu bagian ....
A. Atura pakurmatan
B. Atur puji syukur
C. Isi sesorah
D. Panutup
13. Ana bocah cilik trasap-tlusup ing kebon
Cangkriman iku batangane ...
A. Nanas
B. Dom
C. Wit semangka
D. Wit pring
14. Telung atus seket warsa dijajah bangsa walanda
Saedenging nuswantara, uripe kalunta-lunta tanpa wisma
Tembung wisma tegese ...
A. pangan
B. klamben
C. sandhangan
D. omah
15. Sawah lan tegalan ditanduri maneka palawija
Tembung ditanduri menawa diudhal manut wandane dadi ...
A. di-tan-dur-i
B. di-tan-du-ri
C. di-tan-dur-ri
D. di-tandu-ri
Pucuke mawa kukus lawan geni
Lamun kurda muntahake lahar panas
Sing katrejang kobar
Sing kasenggol lonyod ambrol
Gunung merapi katon gagah
Njenggerang mirisake ati
Ing perenge kebak tetuwuhan
Dadi pasrening pagunungan
Gunung merapi
Sinawang saka kadohan
Katon biru, asri banget nengsemake
16. Irah-irahan geguritan kang trep yaiku ...
A. Gunung merapi
B. Lahar panas
C. Njenggereng mirisake
D. Biru nengsemake
17. Isining geguritan ing dhuwur yaiku ....
A. Gunung merapi muntahake lahar panas
B. Gunung merapi njenggereng mirisake ati
C. Gunung merapi kebak tetuwuhan
D. Gunung merapi saka kadohan keton nengsemake
Papan endah yen dinulu
Yeku aran parangtritis
Nora keri pangandharan
Kukup baron pancen edi
Pante kartini ing Rembang
Isi wisata pesisir
18. Tembang macapat ing dhuwur, yaiku tembang ...
A. Kinanthi
B. Pangkur
C. Gambuh
D. Sinom
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong aurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kaweruhane
Adat waton puniku dipun kadalu
Miwah ingkah tata krama
Den kaestu siyang ratri
19. Tembang pangkur ing dhuwur ngemu pitutur supaya wong kuwi pada mangerteni ...
A. kabecikan
B. kasenengan
C. ala lan becik
D. susah lan seneng
20. Laku kang patut dipun tuladhani tokoh gathotkaca yaiku ...
A. krasa seneng banget bisa mbelani negarane
B. krasa seneng bisa dadi senopati agung
C. krasa bangga dadi senopati kang sekti
D. seneng ing pringgondani
A B C D
21. Tokoh wayang ana ing gambar B yaiku ..
A. Werkudara
B. Gathotkaca
C. Arjuna
D. Prabu Kresna
22. Ksatriyane tokoh wayang ing gambar D yaiku ....
A. Pringgondani
B. Alengkadiraja
C. Sawojajar
D. Madukara
23. Jeneng liyane R. Janaka yaiku ...
A. R. Arjuna, Premadi, Palguna, Mintareja
B. Premadi, Bratasena, Wisnu Murti, Badranaya
C. Palguna, Purbaya, Angkawijaya, Nayarana
D. Mintareja, Bimasena, Yudhistira, Jagalbirawa
24. Pusakane Prabu Puntadewa yaiku ....
A. Kembang wijaya kusuma
B. Kepel Barjadenta
C. Jimat kalimasada
D. Keris Pulanggeni
25. bl sk ps
Tulisan jawa mau supaya bisa muni “bali saka pasar” kudu mawa sandhangan ..
A. li, s/
B. lu, s/
C. li, si
D. li [s
26. Ibu menyang pasar tuku jarit kawung
Ukara menawa digawe mawi basa krama yaiku ...
A. Ibu menyang pasar mundhut jarit kawung
B. Ibu tindak peken mundhut sinjang kawung
C. Ibu tindak pasar mundhut sinjang kawung
D. Ibu tindak pasar mundhut jarit kawung
27. Bapak tindak kantor nitih sepedha motor
Gantenen nganggo basa ngoko!
A. Bapak menyang kantor nunggang motor
B. Bapak tindak kantor nunggang motor
C. Bapak menyang kantor nitih motor
D. Bapak tindak kantor nanggo motor
28. pitikWlikSb ...
A. kebn
B. ke[bon-
C. kben-
D. ke[bon
29. simBh fmeliDwul-
Manawa ditulis aksara latin yaiku ...
A. simbahe damel thiwul
B. simbaha gawe thiwul
C. simbah damele thiwul
D. simbah damel thiwul
30. “To, tulung njupukna sapu ana mburi
Tanda baca ana ukaran kang bener yaiku ...
A. Titik (.)
B. Koma (,)
C. Tanda seru (!)
D. Tanda pitakon (?)
31. Ayan goreng ing meja (pangan) tikus mau bengi
Tembung ing njero kurung kang bener yaiku ...
A. dipangan
B. kopangan
C. dak pangan
D. pangana
II. Isenana kanthi bener!
Papan endah yen dinulu
Yeku aran parangtritis
Nora keri pangandharan
Kukup baron pancen edi
Pante kartini ing Rembang
Isi wisata pesisir
32. Sebutaken guru lagu lan guru wilangan gatra kaping telu tembang macapat ing dhuwur!
33. Batangen cangkriman ing ngisor iki!
Bot ginawa entheng, theng ginawa abot
Gathotkaca gugur
Ing tegal Kurusetra, prajurit Pandhawa lan Kurawa wis padha adhep-adhepan.
Prajurit kang ketaton lan nemahi tiwas wis ora bisa diwilang.
Sagugure Abimanyu, ganti Gathotkaca winisuda madeg senopati agung. Senopati
agung iku pemimpin perang, menawi ing istilah siki panglima perang.
Pinangka sawijining prajurit Gathotkaca seneng banget bisa dipercaya mimpin
prajurit Pandhawa. Kanthi mengkono dheweke bisa melu mbelani bangsa lan negarane.
Mbelani para leluhur kang wis mbangun negarane. Kekuwatane prajurit Pandhawa
sangsaya tambah, nalika kabeh prajurit Pringgondani ngombyongi ratune maju perang.
.........
34. Ing ngendi kedadeyane perang Baratayudha?
35. Apa sebabe Gathotkaca krasa seneng banget bisa dadi senopati agung?
36. Tulisen mawa aksara jawa
Nuthuk kendhi nganggo pring petung
37. Ing usum rendheng tanduran katon ...
38. Gawea ukara mawa tembung “gladhen”
39. Critakna kahanan gambar ing ndhuwur nganggo bahasa kang apik!
40. Tulisen ukara nganggo aksara jawa kang bener!
“Irunge ita getihen amarga ketatap cagak”

More Related Content

Similar to Prediksi ujian sekolah

BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAPBAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAPSDN 2 ROGOJAMPI
 
USP MI BHS JAWA 2020
USP MI BHS JAWA 2020USP MI BHS JAWA 2020
USP MI BHS JAWA 2020haerymugiono1
 
Dae 9
Dae 9Dae 9
Dae 9henr1
 
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSudirmanSPd1
 

Similar to Prediksi ujian sekolah (7)

BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAPBAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
 
USP MI BHS JAWA 2020
USP MI BHS JAWA 2020USP MI BHS JAWA 2020
USP MI BHS JAWA 2020
 
Soal PTS Baja Kelas 1.docx
Soal PTS Baja Kelas 1.docxSoal PTS Baja Kelas 1.docx
Soal PTS Baja Kelas 1.docx
 
Soal ulhar b jawa
Soal ulhar b jawaSoal ulhar b jawa
Soal ulhar b jawa
 
Dae 9
Dae 9Dae 9
Dae 9
 
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.docSOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
SOAL SAS BJW KELAS 7 Ganjil 2023.doc
 
Bd9 kd2-wulangan 2 kesenian
Bd9 kd2-wulangan 2 kesenianBd9 kd2-wulangan 2 kesenian
Bd9 kd2-wulangan 2 kesenian
 

Prediksi ujian sekolah

  • 1. Prediksi Ujian Sekolah Tahun Pelajaran 2018/2019 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara A, B, C utawa D ing ngarep wangsulan kang paling bener! Bubar magrib bocah telu kakang adhi, Eko, Dwi lan Tri padha sinau bareng. Mbah kakung wis yuswa wolung puluh taun, miyos menyang ngarepan, pinarak ing kursi teras. Pak Praba sekaliyan wong tuwane bocah-bocah mau isih keri ing ruwang makan, saperlu ngendikan. Ora let suwe pak Praba sekalian wis ninggal ruwang makan. Tekan ruwang tengah mbah kakung ora katon. Ora let suwe banjur keprungu watuke simbah saka ngarepan. “Eko, mbah kakung aturana pinarak mlebu, neng njaba adhem”. “Wonten pundi ta Bu?” “Kae ana teras”. Eko ngadeg menyat ngaturi simbah mlebu ngumah. “Mbah dipun aturi ibu, mlebet dalem, wonten njawi mangke masuk angin”. “Ora apa-apa kok Ek. Simbah lungguh kene bae, pengin nyawang konang kelap-kelip”. “Wheleh mbah wiwit alit sampun pirsa konang kok. .... 1. Geneya simbah ora kersa diaturi mlebu omah? A. Simbah lebah dhahar B. Simbah watuk-watuk C. Simban mriksani konang kelap-kelip D. Simbah wiwit cilik wis mriksane konang 2. Kapan bocah-bocah putrane pak Praba padha sinau bareng? A. bubar magrib B. bubar maem C. bubar asar D. wayah bengi Uhuk..uhuk... keprungu swarane sumbah warti watuk. Suti enggal-enggal menyat saka lungguhe mlebu menyang kamare simbah. Cekoh malih ta mbah? Pitakone Suti marang simbah. Suti nuli sinau maneh, nanging kang disanaoni ora bisa mlebu amarga mikirke simbah. Bapak lan ibune ora neng ndalem lagi tindak menyang Semarang. Awan iku Suti mulih sekolah mlaku bareng Tini. Ing tengah dalan mulih Suti nyumurupi wong tua kang lagi lingak linguk kebingungan merga ora ngerti dalan menyang omah. Banjur Suti lan Tini nyedhaki wong tua mau. Wusanane Suti lan Tini padha ngeterake wong tua mau mulih menyang daleme. ...... 3. Watak kang diduweni dening Suti yaiku .... A. nduweni watek welas, seneng tetulung B. nduweni watak welas, nanging ora seneng tetulung C. ora gelem tulung marang wong D. senenge marang bapak lan ibune 4. Tema crita ing dhuwur yaiku .... A. ora peduli B. seneng tetulung C. welas asih D. simbah gerah
  • 2. Minurut paka herbal kembang lili kena kanggo jampi demam, sirah ngelu, lemah syaraf, amandhel, watuk, napas sesak, swara serak, bronchitis, radhang paru, TBC lara dhadha, lambung lang liya-liyane. Bagean kembang lili kang digunakake kanggo jampi yaiku umbi lapis kang disebut pahap 5. Idhe pokok ana ing paragraf ndhuwur yaiku .... A. tanduran kembang lili B. jampi demam, sirah ngelu C. manfaat kembang lili D. jampi radhang paru, TBC, lara dhadha 6. Simpulaning isi paragraf yaiku ... A. kembang lili bisa kanggo jampi maneka warna penyakit B. jenising penyakit C. hasil surve pakar herbal D. bagian kembang lili kang bisa kanggo jampi Mbok Randha duwe anak papat. Salah sawijining dina bocah papat kuwi njaluk palilah marang ibune arep lelana. Bocah papat kuwi banjur disangoni pecahan piring. Kang tujuane mbesuk gampang anggone nggoleki bocah mau. Mbok Randha pesen “ya muga- muga padha slamet waras lan cepak rejekine”. Bocah papat nuli pada mangkat golek panguripan dhewe-dhewe. 7. Tegese tembung palilah yaiku .... A. donga B. sangu C. dhuwit D. ijin / pamit 8. Bocah papat arep lelana Sinonim tembung lelana yaiku ... A. ngumbara B. lunga C. mangkat D. mulih 9. Wardi nangis nyekeli dengkul mergane tiba Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan yaiku .... A. Genea Wardi nangis nyekeli dengkul? B. Kapan Wardi nangis? C. Ing ngendi Wardi tiba? D. Kepiye Wardi nangis nyekeli dengkul Strawbery, jeruk lan kates kalebu woh kang daging wohe “berwarna”. Woh utawa sayur sing daging buahe “berwarna” ngandhut fitokimia. Zat mau ndayani banget kanggo nglawan kangker, jantung koroner, penebalan pembuluh darah utawa penyempitan pembuluh darah. Dhahar strawbery 100 gram wis nyukupi kebutuhan vitamin saben dinane. Rehna rasane ana kecute, kanggo wong sing nduweni lara mag aja dhahar strawbery lawaran nanging di jus ditambahi banyu lan gula utawa ditambah sirup. Anggone ngunjuk sabubare dhahar. 10. Informasi kang migunane saka wacan ing dhuwur yaiku ... A. Woh strawbery akeh gunane B. Dhahar strawbery 100 gram wis nyukupi kebutuhan vitamin C. Strawbery iku rasane kecut D. Strawbery woh kang daging buahe “berwarna”
  • 3. Pak Bagas : Apa kowe ngerti yen mbolos kuwi ora becik kanggo awakmu? Banu : “Mangeri pak”. Pak Bagas : Genea kowe ngerti, sesuk Bapak kudu teka ing sekolah amerga kowe mbolos. Yen mbok pindhoni, kowe kudu metu saka sekolah, kepiye? Arep mbok baleni meneh? Banu : Mboten pak, kula nyuwun pangapunten 11. Wataking paraga kang aran Banu yaiku.. A. mblubud seneng mbolos B. rajin sekolah C. sregep lan rajin sinau D. trampil nyambut gawe ....... Wonten ing wekdal punika, kula minangka ketua panitia tujuh belasan ngajak dhumateng sedherek sedaya anyengkuyung sedaya program tujuh belasan sampun katetepaken minggu kapengker. Wondene program ingkang badhe kita ayahi inggih punika kerja bakti wonten ing lingkungan RT, damel pepasren sauruting margi ing lingkungan RT kaliyan ngawontenaken tirakatan malem pitulasan. ........ 12. Bagian sesorah ing ndhuwur kalebu bagian .... A. Atura pakurmatan B. Atur puji syukur C. Isi sesorah D. Panutup 13. Ana bocah cilik trasap-tlusup ing kebon Cangkriman iku batangane ... A. Nanas B. Dom C. Wit semangka D. Wit pring 14. Telung atus seket warsa dijajah bangsa walanda Saedenging nuswantara, uripe kalunta-lunta tanpa wisma Tembung wisma tegese ... A. pangan B. klamben C. sandhangan D. omah 15. Sawah lan tegalan ditanduri maneka palawija Tembung ditanduri menawa diudhal manut wandane dadi ... A. di-tan-dur-i B. di-tan-du-ri C. di-tan-dur-ri D. di-tandu-ri Pucuke mawa kukus lawan geni Lamun kurda muntahake lahar panas Sing katrejang kobar Sing kasenggol lonyod ambrol Gunung merapi katon gagah Njenggerang mirisake ati Ing perenge kebak tetuwuhan Dadi pasrening pagunungan
  • 4. Gunung merapi Sinawang saka kadohan Katon biru, asri banget nengsemake 16. Irah-irahan geguritan kang trep yaiku ... A. Gunung merapi B. Lahar panas C. Njenggereng mirisake D. Biru nengsemake 17. Isining geguritan ing dhuwur yaiku .... A. Gunung merapi muntahake lahar panas B. Gunung merapi njenggereng mirisake ati C. Gunung merapi kebak tetuwuhan D. Gunung merapi saka kadohan keton nengsemake Papan endah yen dinulu Yeku aran parangtritis Nora keri pangandharan Kukup baron pancen edi Pante kartini ing Rembang Isi wisata pesisir 18. Tembang macapat ing dhuwur, yaiku tembang ... A. Kinanthi B. Pangkur C. Gambuh D. Sinom Sekar pangkur kang winarna Lelabuhan kang kanggo wong aurip Ala lan becik puniku Prayoga kaweruhane Adat waton puniku dipun kadalu Miwah ingkah tata krama Den kaestu siyang ratri 19. Tembang pangkur ing dhuwur ngemu pitutur supaya wong kuwi pada mangerteni ... A. kabecikan B. kasenengan C. ala lan becik D. susah lan seneng 20. Laku kang patut dipun tuladhani tokoh gathotkaca yaiku ... A. krasa seneng banget bisa mbelani negarane B. krasa seneng bisa dadi senopati agung C. krasa bangga dadi senopati kang sekti D. seneng ing pringgondani
  • 5. A B C D 21. Tokoh wayang ana ing gambar B yaiku .. A. Werkudara B. Gathotkaca C. Arjuna D. Prabu Kresna 22. Ksatriyane tokoh wayang ing gambar D yaiku .... A. Pringgondani B. Alengkadiraja C. Sawojajar D. Madukara 23. Jeneng liyane R. Janaka yaiku ... A. R. Arjuna, Premadi, Palguna, Mintareja B. Premadi, Bratasena, Wisnu Murti, Badranaya C. Palguna, Purbaya, Angkawijaya, Nayarana D. Mintareja, Bimasena, Yudhistira, Jagalbirawa 24. Pusakane Prabu Puntadewa yaiku .... A. Kembang wijaya kusuma B. Kepel Barjadenta C. Jimat kalimasada D. Keris Pulanggeni 25. bl sk ps Tulisan jawa mau supaya bisa muni “bali saka pasar” kudu mawa sandhangan .. A. li, s/ B. lu, s/ C. li, si D. li [s 26. Ibu menyang pasar tuku jarit kawung Ukara menawa digawe mawi basa krama yaiku ... A. Ibu menyang pasar mundhut jarit kawung B. Ibu tindak peken mundhut sinjang kawung C. Ibu tindak pasar mundhut sinjang kawung D. Ibu tindak pasar mundhut jarit kawung 27. Bapak tindak kantor nitih sepedha motor Gantenen nganggo basa ngoko! A. Bapak menyang kantor nunggang motor B. Bapak tindak kantor nunggang motor C. Bapak menyang kantor nitih motor D. Bapak tindak kantor nanggo motor 28. pitikWlikSb ... A. kebn B. ke[bon- C. kben-
  • 6. D. ke[bon 29. simBh fmeliDwul- Manawa ditulis aksara latin yaiku ... A. simbahe damel thiwul B. simbaha gawe thiwul C. simbah damele thiwul D. simbah damel thiwul 30. “To, tulung njupukna sapu ana mburi Tanda baca ana ukaran kang bener yaiku ... A. Titik (.) B. Koma (,) C. Tanda seru (!) D. Tanda pitakon (?) 31. Ayan goreng ing meja (pangan) tikus mau bengi Tembung ing njero kurung kang bener yaiku ... A. dipangan B. kopangan C. dak pangan D. pangana II. Isenana kanthi bener! Papan endah yen dinulu Yeku aran parangtritis Nora keri pangandharan Kukup baron pancen edi Pante kartini ing Rembang Isi wisata pesisir 32. Sebutaken guru lagu lan guru wilangan gatra kaping telu tembang macapat ing dhuwur! 33. Batangen cangkriman ing ngisor iki! Bot ginawa entheng, theng ginawa abot Gathotkaca gugur Ing tegal Kurusetra, prajurit Pandhawa lan Kurawa wis padha adhep-adhepan. Prajurit kang ketaton lan nemahi tiwas wis ora bisa diwilang. Sagugure Abimanyu, ganti Gathotkaca winisuda madeg senopati agung. Senopati agung iku pemimpin perang, menawi ing istilah siki panglima perang. Pinangka sawijining prajurit Gathotkaca seneng banget bisa dipercaya mimpin prajurit Pandhawa. Kanthi mengkono dheweke bisa melu mbelani bangsa lan negarane. Mbelani para leluhur kang wis mbangun negarane. Kekuwatane prajurit Pandhawa sangsaya tambah, nalika kabeh prajurit Pringgondani ngombyongi ratune maju perang. ......... 34. Ing ngendi kedadeyane perang Baratayudha? 35. Apa sebabe Gathotkaca krasa seneng banget bisa dadi senopati agung? 36. Tulisen mawa aksara jawa Nuthuk kendhi nganggo pring petung
  • 7. 37. Ing usum rendheng tanduran katon ... 38. Gawea ukara mawa tembung “gladhen” 39. Critakna kahanan gambar ing ndhuwur nganggo bahasa kang apik! 40. Tulisen ukara nganggo aksara jawa kang bener! “Irunge ita getihen amarga ketatap cagak”