SlideShare a Scribd company logo
1 of 23
Download to read offline
GEGURITAN
“ANGGITANKU”
KARYA:
AMIN HARTITIK
NIP. 19721101 200701 2 006
SMP NEGERI 1 KARANGANYAR
TAHUN 2017
DAFTAR ISI
1. AKU AREP SINAU ……………………………………………………………… 1
2. YOGJA MENCUTAKE ATI ……………………………………………………. 2
3. SUWUNG ………………………………………………………………………….. 3
4. KASETYAN ………………………………………………………………………... 4
5. CRITA ESUK ……………………………………………………………………… 5
6. CRITA LAWAS …………………………………………………………………… 6
7. OBONG-OBONG KERTAS LAWAS ………………………………………… 7
8. SERTIFIKASI ……………………………………………………………………… 8
9. KATRESNAN SEJATI ……………………………………………………………. 9
10. PITUTURE WONG TUWA ……………………………………………………. 10
11. ANGIN APA KUWI ………………………………………………………………. 11
12. GURUKU ……………………………………………………………………………. 12
13. NGALAM DONYA ………………………………………………………………… 13
14. TAUN 2015 ………………………………………………………………………… 14
15. PANCEN …………………………………………………………………………….. 15
16. AJA NGAPUSI ……………………………………………………………………… 16
17. TETESING EMBUN ……………………………………………………………….. 17
18. ANA ING PANTAI KLAYAR …………………………………………………….. 18
19. KOWE YA JAWA …………………………………………………………………… 19
20. LINGSIR WENGI .…………………………………………………………………. 20
BIODATA PENULIS ……………………………………………………………………………… 21
AKU AREP SINAU
dening: Amin Hartitik
Aku arep sinau luwih anteng,
katimbang luwih akeh omong…
Aku arep sinau sabar,
Katimbang ngumbar kanepson…
Aku arep sinau ngalah,
saka sifat gumunggung…
Aku arep sinau mesem,
saka rasa sedhih…
…..Urip kanggo sinau…..
Sinau iklash sanajan ora rila…
Sinau sregep, sanajan abot…
Sinau tepa salira, sanajan ora padha …
Sinau tresna, sanajan kelara-lara
Sinau tentrem, sanajan kuwi goreh…
Sinau percaya, sanajan kuwi pacoban…
….aku kudu sinau….
Amarga ora sateruse urip kuwi kepenak….
YOGJA MENCUTAKE ATI
dening: Amin Hartitik
Yogja mencutake….
Kaya mangkono pangucapmu marang aku
Ing plataran pawiyatan luhur Karangmalang…
Ya…pancen mencutake tenan,
Mangkono sing banget takrasakake.
Yogja kang mencutake…
Pancen kuwat pepenginanku bali ing kutha kuwi.
Padha karo kangenmu marang Yogja
Yogja pancen mencutake…
Nalika wulan ndadari ing plataran panggung balet Ramayana…
Penari kang luwes lan obahing badan nengsemake.
Yogja mencutake…
Ing Tugu, ing Malioboro lan ing saben pojokan-pojokan kutha,
Karo mangan mie ayam lan angete wedang rondhe…
Yogja mencutake ing kampus-kampus….
Yogja mencutake ing masjid-masjid….
Yogja…
Kowe…
Aku…
Tresna…
SUWUNG
dening: Amin Hartitik
tawang ngglanthang
ati ngathang-athang
----- saumpama bisa mesem sithik wae langit ambyor udan lintang----
nek uluk salam keslametan wae wis ra digape,
apa maneh arep crita ngudharasa?
dudu slirane sakbenere, nanging wong liya sing ora nate
tak kenal, sanajan blegere pawujudanmu kang bagus,
aku dadi kaya cecak kang kepingin ngunthal setlika,
tangeh lamun....................................
sanajan slirane cedhak, amung sak lumpatan paribasane,
ananging katon adoh tan bisa kinira
wis cukup semene,
anggonku nggoleki cuwilan crita sing nate kosuwek,
: sak nyatane kabeh amung lamis, ora tumus saka punjere ati
mugi Gusti Allah, bisaa maringi dalan padhang,
lan ngapura kabeh kaluputanmu....
KASETYAN
dening: Amin Hartitik
sliramu apa lali
nalika tangan iki ngrukep
ngekepi cuilan atimu sing kadhung
mbok buwang ing pinggire kedung
tak jumputi, trus tak simpen
nganti seprene...
ngarep-ngarep sliramu
teka nakokake, syukur-syukur njaluk bali
kaya sing kawuri,
mangertiya,
aku isih setya tuhu
njaga lan ngemani atimu...
sliramu apa lali
nalika tangan iki ngrukep
ngekepi cuilan atimu sing kadhung
mbok buwang ing pinggire kedung
tak jumputi, trus tak simpen
nganti seprene...
ngarep-ngarep sliramu
teka nakokake, syukur-syukur njaluk bali
kaya sing kawuri,
___________ pecut wis diseblakake,
barang kebacut diapakne___________
mangertiya,
aku isih setya tuhu…
CRITA ESUK
dening:Amin Hartitik
esuk-esuk ana sing ngomongne
kangen, cinta-cintaan, sepi,
ana sing ngomongne mati,
neng tipi, beritane padha wae,
mung korupsi, napi kabur,
pejabat kesandhung kasus,
narkoba,
wis pokoke macem-macemlah...
lha sing marahi sepet,
neng ati judheg,
berasku entek,
pedaringan kosong mlompong,
brambang bawang gari siji,
uyahe blas,
apamaneh lombok, trasi...
endhog dadi barang aji,
daging pitik apa sapi dadi ngimpi...
bocah cilik wis ra seneng ngaji,
sedina-dina neng ngarep tipi,
upin-ipin dadi idola,
spongebob dadi kanca setya,
wis, ora sah nggagas apa-apa ,
wis ben sing seneng korupsi,
wis ben sing kecekel pulisi,
wis ben sing lagi kangen-kangenan,
wis ben sing lagi cinta-cintaan,
uripku dudu uripmu,
sik taknyambut gawe dhisik,
oleh sithik sing penting mberkahi,
ora mlebu bui,
tanpa korupsi…
CRITA LAWAS
dening: Amin Hartitik
kesrimpret kesandhung
niba tangi jangkahku
mecaki lurung kang dawa
nyenyet, tanpa rowang...
nggawa obore ati
sing meh mati, liyap-liyep kagodha angin sore,
ing poncotaning lurung,
durung mesti yen sliramu mapagi aku
nggegemi astaku,
lumaku bareng tekan tikungan marga,
guyon cekikikan, njiwit ati kasmaran,
nanging ora,
kuwi wis meh saumure anakmu wedok,
mestine sliramu ya wis lali,
prasetya luntur kagerus mangsa,
dudu salahmu, saumpama sliramu lali,
crita lawas,
aku sliramu lan sore
mecaki lurung dawa,
sak dalan-dalan amung seneng,
gegojekan, ngguyu cekikikan,
dhuh….!
dening: Amin Hartitik
Obong-obong kertas lawas,
isine kebak pangarep
lan crita asmara kepungkur
wis ora isa dibusak,
nulismu ngganggo mangsi cina,
ora bisa luntur, ora bisa ilang,
garit-garit alus swarane,
tharik-tharik aksarane,
mumbungi ati sing nate kasmaran,
kayaa tan ana liyane....
obong-obong kertas lawas,
nggigit nyuwak ati kang nate tatu,
ati enomku
biyen,
nalika aku lan kowe,
isih wani isin, ngempet rasa ing telenging ati,
tan wani ngomong,
amung nulisi kertas iki,
sesambungan, ganti ginanti,
aksaramu mentes, cetha yen kowe ya tresna,
aksaraku mandhes, nancep neng njero rasamu
biyen,
sadawane dalan,
tanganku tanganmu ora nate pisahan !
obong-obong kertas lawas,
yen iki pancen wis titi wancine,
: aku, kowe duwe panguripan dhewe
_____obong-obong kertas lawas,
isine layangmu, critamu, gambarmu, tresnamu_____
SERTIFIKASI
dening: Amin Hartitik
Sertifikasi, sertifikasi….
Saben uwong wis padha krungu
Apa maneh ana ing kalangan guru
Nanging…
Kanthi sertifikasi mau
Apa bocah-bocah banjur mituhu
Ora wani marang Guru
Mugiya kanthi sertifikasi iki…
Para siswa tambah bekti
Sinau ana sekolahan kang mligi
Mantep, karep sajroning ati….
Kanthi sertifikasi …
Para guru ana kang ndhaftar haji
Uga akeh kang tuku Mersi
Nanging kang utama
Kanthi sertifikasi …
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang Ibu Pertiwi
Lan marang kang gawe urip pati…
KATRESNAN SEJATI
dening: Amin Hartitik
Godhong-godhong garing
Kumleyang katiyup angin
Kentir kagawa ilining banyu kali kang bening
Agawe gumregah rasa tresnaku iki yen eling
Eling marang salam kangenmu…
Wengi iki udan nganyari bumi
Thathit nyamber pertiwi kang loh jinawi
Lintang-lintang terang padha mati
Wis ora ana para jalma slira-sliri
Wengi iki sepi, sepi, lan saya sepi
Atiku tansaya dhuhkita ing sepine wengi iki
Ra krasa luh tumetes ing pipi
Kelingan marang janji-janji kang diucap lathi
Janji-janji Arjuna kang suci
Rinakit ukara-ukara tresna kang edi
Ing serat-serat tresna sejati…
PITUTURE WONG TUWA
dening: Amin Hartitik
Pasar iki isih urip kaya wingi
Nanging wis ora kaya mbiyen maneh
Dipangan wektu kang tansah lumaku
Kumandhange ilang musna
Oncat melu jaman…
Banyu bengawan iki anteng iline
Nanging wis koncatan kedhung
Jerone bisa dijajagi dening rasa
Wis ora wening sinawang…
Garising Gusti kabeh wis mesthi
Garising kodrat jalma tan bisa oncat
Nggatekake pituture wong tuwa…
Yen nandur ngundhuh…
Utang bakal mbalekake…
Melik nggendhong lali…
Bakale ngundhuh wohing pakarti….
ANGIN APA KUWI
dening: Amin Hartitik
Kaya kesokan banyu panas
Mlocot atiku…
Mencolot kabeh-kabeh kasenenganku
Sakala ambyar ing dhuwur langit
Ilang sajroning pepedhut
Udhar talining rasa
Nggawa raga dikempit dhemit
Dhuh Gusti….
Angin apa kuwi kok kebat
Nyebabake awak mati sagenggeming urip
Kabeh-kabeh kudu waspada
Ati-ati….
Aja melu nduweni
Aja ngrasuki
Merga ati kang suci mau
Mungsuhe lathi iblis
Kang landhep kaya pedhang lan welat tipis…
GURUKU
dening: Amin Hartitik
Biyen…
Jare digugu lan ditiru
Ana sing lugu lan kuru
Sapa gelem amung mituhu….
Biyen…
Sakabehing ujarmu dadi idu geni
Guyumu njalari leganing ati
Nanging gajimu ora ngregani
Iklash lan pasrah marang Gusti
Saiki…
Sertifikasi iku sing dadi premati
Aku ora selak iku pancen mupangati
Bisa gawe mukti lan munggah kaji
Kanggo sangu sowan marang Gusti
Nanging…
Sapa bisa nagih sakabehing janji
Aku dhewe uga ora ngerti…
NGALAM DONYA
dening: Amin Hartitik
Wong ala padha ngegla
Wong becik padha siningkir
Kuwi kasunyatane
Pejabat ala ilang gapite
Iku bebasane
Merga kesusu muluk barang kang melik
Dhuh Gusti…
Manungsa wis padha ngenut karep udele dhewe
Becik ketitik ala ketara ora percaya
Rawe-rawe rantas malang-malang putung iku sesantine
Sing gedhe …. ngadigang ngadigung gadiguna
Sing cilik …. mung pasrah narima
Jane iki donya apa neraka
Kok padha panase, padha isine
Ora ana bedane…
Sejatine aruming asma bakal teka
Yen mlaku nganggo teken kanthi tekun
Saguh ngutamakake kang utama
Lan bisa manunggaling jiwa raga
Ya mangunggaling rasa…
TAUN 2015
dening: Amin Hartitik
Esuk sawise wengi kang cinipta
Ana kang kudu kopateni
Wewayangan saka wong kang kopundhi-pundhi
Ngreridhu ati…
Dadi tali kang nyrimpeti laku
Dadi racun kang memateni pikir
Anggonmu bengak-bengok ngempet larane ati
Prasasat sundhul langit, tekan pucuking jagad
Ananging ora ana kang maelu
Esuk sawise wengi kang cinipta
Srengenge bakal sumunar
Giligna tekadmu, banterna playumu
Senadyan abot aja pisan-pisan noleh menyang mburi
Ya ing kene pandadarane urip
Nggoleki apa kang kudu disauri
Marang dhiri pribadi
Sakwise wingi dina-dina kang lumaku
Kang banget kokgethingi…
PANCEN
Dening: Amin Hartitik
Aku iki pancen wong ora duwe,
nanging aku dudu kere…
Aku iki pancen wong ala rupane,
nanging aku dudu wong duraka…
Aku iki pancen wong cilik,
Nanging aku dudu wong lurik…
Aku iki pancen bodho,
Nanging aku dudu wong kodo…
Aku iki pancen wong kasar…
Nanging aku dudu wong nyasar….
Gusti Allah wis pirsa…
Kabeh kang gumelar ing jagad raya
Ora mung kang kasat mata dalasan ing atining manungsa
Ing cipta, rasa, lan karsa priyangga
Ing kene…
Ing kana…
Ing ngendi-endi…
Mula kuwi den ati-ati
Yen wus tekan titi wanci
Kabeh bakal diadili
Gusti Allah Maha Suci
Bakal miyak sakabehing wewadi….
AJA SENENG NGAPUSI…
dening: Amin Hartitik
Kahanan samangko ora ngilangake wektu semana
Banyu mili ora bakal bali
Panjalukku ora mesthi kedadeyan
Nelangsa ati iki
Sanadyan ndonya mangerteni
Ananging ati ora bisa ngapusi
Aja ngapusi!
Mreneya neng cedhakku
Cekelen ati iki, tansah tangis kang mili-mili
Ananging…
Aku mangerteni tangis iki ora ana ajine
Mreneya, dakrungokake kekarepanmu
Aku tansaya tresna sliramu
Sanadyan lara kanggone atiku…
Aja ora isa ngapusi!
Nutupi tresnaku iki …
TETESING EMBUN
dening: Amin Hartitik
Tetesing embun
Ndadekake ati ngalamun
Marakake getun
Kalamun-lamun
Nalika aku menyang stasiun
Wayah esuk umun-umun
Taksawang ing stasiun
Penumpang kang padha mudhun
Nanging sawise padha mudhun
Sliramu ora mudhun
Aku ya gumun
Kamangka sliramu
Wis lunga mataun-taun
Banjur aku mung getun
Kaya dene ngenteni tetesing embun…
ANA ING PANTAI KLAYAR
dening: Amin Hartitik
Ana ing Pantai Klayar Pacitan
Atiku nyawang awang-awang
Nembus lintang ing angkasa
Piye bisane nyunari
Sa-isine bumi
Atiku … amung mamang
Ana ing Pantai Klayar pacitan
Aku amung bisa nyenyuwun
Mugiya jembare segara
Bisa nguripi kabeh warga
Ana ing Pangtai Klayar Pacitan
Mugiya aku bisa ngapura
Kaya dene jembare segara
Gusti Allah mugi pirsa…
APA KOWE YA JAWA
dening: Amin Hartitik
Aku tansaya dilalekake
Ya amarga kemajuane jaman
Jamane saya lumaku
Aku saya ditinggal…
Aku iki ya basamu
Aku iki ya budayamu
Tega-tegane aku kok pendhem
Mendheme ora semeter rong meter
Nganti bocah cilik wae ora ngerti sira…
Apa maneh tutuk lan rikma
Ngakune aku iki duwekmu
Apa ngenteni aku dipupu Negara manca?
He wong Jawa…
Piwelingku
Bisaa rumangsa yen aku iki duwekmu
Aja mung bisa rumangsa nduweni…
LINGSIR WENGI
Dening: Amin Hartitik
Angger wengi wis teka
Sepi jalma neng ngarep netra
Kelingan sing ora-ora
Antarane bayangan lan kasunyatan
Ora bisa dipisahake
Mulane akeh wong kang padha seje
Karo sing dibayangake lan dikarepake
Angger wis kaya ngene
Malik grembyang jagade
Akeh wong kang nguwisi uripe
Kanthi dalan kang ora diparengake
Mulane sapa wae kang ora bisa turu
Yen wis lingsir wengi
Padhaa gregah sholat wengi
Ngilangake rubeting ati….
BIODATA PENULIS
Nama : Amin Hartitik, S.Pd.
NIP : 19721101 200701 2 006
Nama Sekolah : SMP Negeri 1 Karanganyar
Jabatan/Gol : Penata / III c
Guru : Mulok Bahasa Jawa
Rumah : Tegalasri Rt 03 Rw VI
Bejen Karanganyar
No Hp : 081 329 395 625
21

More Related Content

What's hot

Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningAgoeng R Aiueo
 
Kepemimpinan PPT (Materi PMR)
Kepemimpinan PPT (Materi PMR)Kepemimpinan PPT (Materi PMR)
Kepemimpinan PPT (Materi PMR)Andhika Pratama
 
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa JawaContoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa Jawaelhajary
 
252354655 makalah-persamaan-reaksi
252354655 makalah-persamaan-reaksi252354655 makalah-persamaan-reaksi
252354655 makalah-persamaan-reaksiWarnet Raha
 
Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari
Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari
Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari Andre Data
 
Kontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan Perubahannya
Kontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan PerubahannyaKontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan Perubahannya
Kontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan PerubahannyaKhalid Mustafa
 
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"Àlvenda Ryan
 
Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)
Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)
Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)Indah Widi
 
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDAKUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDASyifa Sahaliya
 
Dongeng timun emas dan lu si
Dongeng timun emas dan lu siDongeng timun emas dan lu si
Dongeng timun emas dan lu siArsyadi Arsyadi
 

What's hot (20)

Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
 
Makalah suhu dan kalor
Makalah suhu dan kalorMakalah suhu dan kalor
Makalah suhu dan kalor
 
Kepemimpinan PPT (Materi PMR)
Kepemimpinan PPT (Materi PMR)Kepemimpinan PPT (Materi PMR)
Kepemimpinan PPT (Materi PMR)
 
Jadwal kegiatan sehari
Jadwal kegiatan sehariJadwal kegiatan sehari
Jadwal kegiatan sehari
 
Laporan Praktikum Kimia
Laporan Praktikum KimiaLaporan Praktikum Kimia
Laporan Praktikum Kimia
 
Naskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orangNaskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orang
 
Cerpen
CerpenCerpen
Cerpen
 
Kliping cerpen
Kliping cerpenKliping cerpen
Kliping cerpen
 
Upacara panggih pengantin jawa
Upacara panggih pengantin jawaUpacara panggih pengantin jawa
Upacara panggih pengantin jawa
 
Dahsyatnya Kasih Ibu
Dahsyatnya Kasih IbuDahsyatnya Kasih Ibu
Dahsyatnya Kasih Ibu
 
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa JawaContoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
 
252354655 makalah-persamaan-reaksi
252354655 makalah-persamaan-reaksi252354655 makalah-persamaan-reaksi
252354655 makalah-persamaan-reaksi
 
Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari
Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari
Proposal lab-bahasa-ma-plus-al-aqsha-tonjongsari
 
Kontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan Perubahannya
Kontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan PerubahannyaKontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan Perubahannya
Kontrak berdasarkan perpres 54 tahun 2010 dan Perubahannya
 
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
Cerpen Bahasa Jawa "Lutung kasarung"
 
Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)
Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)
Presentasi Hasil Penelitian (Karya Tulis IlmiaH)
 
Naskah drama musikal anak sma
Naskah drama musikal anak smaNaskah drama musikal anak sma
Naskah drama musikal anak sma
 
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDAKUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
KUMPULAN CONTOH SISINDIRAN BAHASA SUNDA
 
Dongeng timun emas dan lu si
Dongeng timun emas dan lu siDongeng timun emas dan lu si
Dongeng timun emas dan lu si
 
Bumn
BumnBumn
Bumn
 

More from SMP Negeri 1 Karanganyar

More from SMP Negeri 1 Karanganyar (20)

Web_daftarulangppdb21
Web_daftarulangppdb21Web_daftarulangppdb21
Web_daftarulangppdb21
 
pengumumankeluusan21
pengumumankeluusan21pengumumankeluusan21
pengumumankeluusan21
 
pengambilandokumenlulus_21
pengambilandokumenlulus_21pengambilandokumenlulus_21
pengambilandokumenlulus_21
 
Petunjuk Teknis PPDB 2021
Petunjuk Teknis PPDB 2021Petunjuk Teknis PPDB 2021
Petunjuk Teknis PPDB 2021
 
Pengumuman Hari Libur IED 21
Pengumuman Hari Libur IED 21Pengumuman Hari Libur IED 21
Pengumuman Hari Libur IED 21
 
Sosialisasi Ujian Sekolah SMP N 1 Kra
Sosialisasi Ujian Sekolah SMP N 1 KraSosialisasi Ujian Sekolah SMP N 1 Kra
Sosialisasi Ujian Sekolah SMP N 1 Kra
 
Pengumuman ptm rev
Pengumuman ptm revPengumuman ptm rev
Pengumuman ptm rev
 
Pengumuman PTM
Pengumuman PTMPengumuman PTM
Pengumuman PTM
 
Pengumuman surat pernyataaan orang tua
Pengumuman surat pernyataaan orang tuaPengumuman surat pernyataaan orang tua
Pengumuman surat pernyataaan orang tua
 
Seni Patung
Seni PatungSeni Patung
Seni Patung
 
Seni Rupa : Pameran
Seni Rupa : PameranSeni Rupa : Pameran
Seni Rupa : Pameran
 
Seni Grafis
Seni GrafisSeni Grafis
Seni Grafis
 
Seni lukis bab 1
Seni lukis bab 1 Seni lukis bab 1
Seni lukis bab 1
 
Bahasa Indonesia - Teks Fantasi
Bahasa Indonesia - Teks FantasiBahasa Indonesia - Teks Fantasi
Bahasa Indonesia - Teks Fantasi
 
Matematika - Bentuk Aljabar
Matematika - Bentuk Aljabar Matematika - Bentuk Aljabar
Matematika - Bentuk Aljabar
 
Pembelajaran inovatif ppkn klas 7 (1)
Pembelajaran inovatif ppkn klas 7 (1)Pembelajaran inovatif ppkn klas 7 (1)
Pembelajaran inovatif ppkn klas 7 (1)
 
Pembelajaran inovatif ppkn kelas 7 (2)
Pembelajaran inovatif ppkn kelas 7 (2)Pembelajaran inovatif ppkn kelas 7 (2)
Pembelajaran inovatif ppkn kelas 7 (2)
 
Bank Soal LCC Bahasa Jawa
Bank Soal LCC Bahasa JawaBank Soal LCC Bahasa Jawa
Bank Soal LCC Bahasa Jawa
 
Bank soal pts, pat bhs jawa kelas 8
Bank soal pts, pat bhs jawa kelas 8Bank soal pts, pat bhs jawa kelas 8
Bank soal pts, pat bhs jawa kelas 8
 
Matematika_Relasi dan Fungsi
Matematika_Relasi dan FungsiMatematika_Relasi dan Fungsi
Matematika_Relasi dan Fungsi
 

Kumpulan geguritan bhs jawa

  • 1. GEGURITAN “ANGGITANKU” KARYA: AMIN HARTITIK NIP. 19721101 200701 2 006 SMP NEGERI 1 KARANGANYAR TAHUN 2017
  • 2. DAFTAR ISI 1. AKU AREP SINAU ……………………………………………………………… 1 2. YOGJA MENCUTAKE ATI ……………………………………………………. 2 3. SUWUNG ………………………………………………………………………….. 3 4. KASETYAN ………………………………………………………………………... 4 5. CRITA ESUK ……………………………………………………………………… 5 6. CRITA LAWAS …………………………………………………………………… 6 7. OBONG-OBONG KERTAS LAWAS ………………………………………… 7 8. SERTIFIKASI ……………………………………………………………………… 8 9. KATRESNAN SEJATI ……………………………………………………………. 9 10. PITUTURE WONG TUWA ……………………………………………………. 10 11. ANGIN APA KUWI ………………………………………………………………. 11 12. GURUKU ……………………………………………………………………………. 12 13. NGALAM DONYA ………………………………………………………………… 13 14. TAUN 2015 ………………………………………………………………………… 14 15. PANCEN …………………………………………………………………………….. 15 16. AJA NGAPUSI ……………………………………………………………………… 16 17. TETESING EMBUN ……………………………………………………………….. 17 18. ANA ING PANTAI KLAYAR …………………………………………………….. 18 19. KOWE YA JAWA …………………………………………………………………… 19 20. LINGSIR WENGI .…………………………………………………………………. 20 BIODATA PENULIS ……………………………………………………………………………… 21
  • 3. AKU AREP SINAU dening: Amin Hartitik Aku arep sinau luwih anteng, katimbang luwih akeh omong… Aku arep sinau sabar, Katimbang ngumbar kanepson… Aku arep sinau ngalah, saka sifat gumunggung… Aku arep sinau mesem, saka rasa sedhih… …..Urip kanggo sinau….. Sinau iklash sanajan ora rila… Sinau sregep, sanajan abot… Sinau tepa salira, sanajan ora padha … Sinau tresna, sanajan kelara-lara Sinau tentrem, sanajan kuwi goreh… Sinau percaya, sanajan kuwi pacoban… ….aku kudu sinau…. Amarga ora sateruse urip kuwi kepenak….
  • 4. YOGJA MENCUTAKE ATI dening: Amin Hartitik Yogja mencutake…. Kaya mangkono pangucapmu marang aku Ing plataran pawiyatan luhur Karangmalang… Ya…pancen mencutake tenan, Mangkono sing banget takrasakake. Yogja kang mencutake… Pancen kuwat pepenginanku bali ing kutha kuwi. Padha karo kangenmu marang Yogja Yogja pancen mencutake… Nalika wulan ndadari ing plataran panggung balet Ramayana… Penari kang luwes lan obahing badan nengsemake. Yogja mencutake… Ing Tugu, ing Malioboro lan ing saben pojokan-pojokan kutha, Karo mangan mie ayam lan angete wedang rondhe… Yogja mencutake ing kampus-kampus…. Yogja mencutake ing masjid-masjid…. Yogja… Kowe… Aku… Tresna…
  • 5. SUWUNG dening: Amin Hartitik tawang ngglanthang ati ngathang-athang ----- saumpama bisa mesem sithik wae langit ambyor udan lintang---- nek uluk salam keslametan wae wis ra digape, apa maneh arep crita ngudharasa? dudu slirane sakbenere, nanging wong liya sing ora nate tak kenal, sanajan blegere pawujudanmu kang bagus, aku dadi kaya cecak kang kepingin ngunthal setlika, tangeh lamun.................................... sanajan slirane cedhak, amung sak lumpatan paribasane, ananging katon adoh tan bisa kinira wis cukup semene, anggonku nggoleki cuwilan crita sing nate kosuwek, : sak nyatane kabeh amung lamis, ora tumus saka punjere ati mugi Gusti Allah, bisaa maringi dalan padhang, lan ngapura kabeh kaluputanmu....
  • 6. KASETYAN dening: Amin Hartitik sliramu apa lali nalika tangan iki ngrukep ngekepi cuilan atimu sing kadhung mbok buwang ing pinggire kedung tak jumputi, trus tak simpen nganti seprene... ngarep-ngarep sliramu teka nakokake, syukur-syukur njaluk bali kaya sing kawuri, mangertiya, aku isih setya tuhu njaga lan ngemani atimu... sliramu apa lali nalika tangan iki ngrukep ngekepi cuilan atimu sing kadhung mbok buwang ing pinggire kedung tak jumputi, trus tak simpen nganti seprene... ngarep-ngarep sliramu teka nakokake, syukur-syukur njaluk bali kaya sing kawuri, ___________ pecut wis diseblakake, barang kebacut diapakne___________ mangertiya, aku isih setya tuhu…
  • 7. CRITA ESUK dening:Amin Hartitik esuk-esuk ana sing ngomongne kangen, cinta-cintaan, sepi, ana sing ngomongne mati, neng tipi, beritane padha wae, mung korupsi, napi kabur, pejabat kesandhung kasus, narkoba, wis pokoke macem-macemlah... lha sing marahi sepet, neng ati judheg, berasku entek, pedaringan kosong mlompong, brambang bawang gari siji, uyahe blas, apamaneh lombok, trasi... endhog dadi barang aji, daging pitik apa sapi dadi ngimpi... bocah cilik wis ra seneng ngaji, sedina-dina neng ngarep tipi, upin-ipin dadi idola, spongebob dadi kanca setya, wis, ora sah nggagas apa-apa , wis ben sing seneng korupsi, wis ben sing kecekel pulisi, wis ben sing lagi kangen-kangenan, wis ben sing lagi cinta-cintaan, uripku dudu uripmu, sik taknyambut gawe dhisik, oleh sithik sing penting mberkahi, ora mlebu bui, tanpa korupsi…
  • 8. CRITA LAWAS dening: Amin Hartitik kesrimpret kesandhung niba tangi jangkahku mecaki lurung kang dawa nyenyet, tanpa rowang... nggawa obore ati sing meh mati, liyap-liyep kagodha angin sore, ing poncotaning lurung, durung mesti yen sliramu mapagi aku nggegemi astaku, lumaku bareng tekan tikungan marga, guyon cekikikan, njiwit ati kasmaran, nanging ora, kuwi wis meh saumure anakmu wedok, mestine sliramu ya wis lali, prasetya luntur kagerus mangsa, dudu salahmu, saumpama sliramu lali, crita lawas, aku sliramu lan sore mecaki lurung dawa, sak dalan-dalan amung seneng, gegojekan, ngguyu cekikikan, dhuh….!
  • 9. dening: Amin Hartitik Obong-obong kertas lawas, isine kebak pangarep lan crita asmara kepungkur wis ora isa dibusak, nulismu ngganggo mangsi cina, ora bisa luntur, ora bisa ilang, garit-garit alus swarane, tharik-tharik aksarane, mumbungi ati sing nate kasmaran, kayaa tan ana liyane.... obong-obong kertas lawas, nggigit nyuwak ati kang nate tatu, ati enomku biyen, nalika aku lan kowe, isih wani isin, ngempet rasa ing telenging ati, tan wani ngomong, amung nulisi kertas iki, sesambungan, ganti ginanti, aksaramu mentes, cetha yen kowe ya tresna, aksaraku mandhes, nancep neng njero rasamu biyen, sadawane dalan, tanganku tanganmu ora nate pisahan ! obong-obong kertas lawas, yen iki pancen wis titi wancine, : aku, kowe duwe panguripan dhewe _____obong-obong kertas lawas, isine layangmu, critamu, gambarmu, tresnamu_____
  • 10. SERTIFIKASI dening: Amin Hartitik Sertifikasi, sertifikasi…. Saben uwong wis padha krungu Apa maneh ana ing kalangan guru Nanging… Kanthi sertifikasi mau Apa bocah-bocah banjur mituhu Ora wani marang Guru Mugiya kanthi sertifikasi iki… Para siswa tambah bekti Sinau ana sekolahan kang mligi Mantep, karep sajroning ati…. Kanthi sertifikasi … Para guru ana kang ndhaftar haji Uga akeh kang tuku Mersi Nanging kang utama Kanthi sertifikasi … Para siswa tambah prestasi Lan bekti marang Ibu Pertiwi Lan marang kang gawe urip pati…
  • 11. KATRESNAN SEJATI dening: Amin Hartitik Godhong-godhong garing Kumleyang katiyup angin Kentir kagawa ilining banyu kali kang bening Agawe gumregah rasa tresnaku iki yen eling Eling marang salam kangenmu… Wengi iki udan nganyari bumi Thathit nyamber pertiwi kang loh jinawi Lintang-lintang terang padha mati Wis ora ana para jalma slira-sliri Wengi iki sepi, sepi, lan saya sepi Atiku tansaya dhuhkita ing sepine wengi iki Ra krasa luh tumetes ing pipi Kelingan marang janji-janji kang diucap lathi Janji-janji Arjuna kang suci Rinakit ukara-ukara tresna kang edi Ing serat-serat tresna sejati…
  • 12. PITUTURE WONG TUWA dening: Amin Hartitik Pasar iki isih urip kaya wingi Nanging wis ora kaya mbiyen maneh Dipangan wektu kang tansah lumaku Kumandhange ilang musna Oncat melu jaman… Banyu bengawan iki anteng iline Nanging wis koncatan kedhung Jerone bisa dijajagi dening rasa Wis ora wening sinawang… Garising Gusti kabeh wis mesthi Garising kodrat jalma tan bisa oncat Nggatekake pituture wong tuwa… Yen nandur ngundhuh… Utang bakal mbalekake… Melik nggendhong lali… Bakale ngundhuh wohing pakarti….
  • 13. ANGIN APA KUWI dening: Amin Hartitik Kaya kesokan banyu panas Mlocot atiku… Mencolot kabeh-kabeh kasenenganku Sakala ambyar ing dhuwur langit Ilang sajroning pepedhut Udhar talining rasa Nggawa raga dikempit dhemit Dhuh Gusti…. Angin apa kuwi kok kebat Nyebabake awak mati sagenggeming urip Kabeh-kabeh kudu waspada Ati-ati…. Aja melu nduweni Aja ngrasuki Merga ati kang suci mau Mungsuhe lathi iblis Kang landhep kaya pedhang lan welat tipis…
  • 14. GURUKU dening: Amin Hartitik Biyen… Jare digugu lan ditiru Ana sing lugu lan kuru Sapa gelem amung mituhu…. Biyen… Sakabehing ujarmu dadi idu geni Guyumu njalari leganing ati Nanging gajimu ora ngregani Iklash lan pasrah marang Gusti Saiki… Sertifikasi iku sing dadi premati Aku ora selak iku pancen mupangati Bisa gawe mukti lan munggah kaji Kanggo sangu sowan marang Gusti Nanging… Sapa bisa nagih sakabehing janji Aku dhewe uga ora ngerti…
  • 15. NGALAM DONYA dening: Amin Hartitik Wong ala padha ngegla Wong becik padha siningkir Kuwi kasunyatane Pejabat ala ilang gapite Iku bebasane Merga kesusu muluk barang kang melik Dhuh Gusti… Manungsa wis padha ngenut karep udele dhewe Becik ketitik ala ketara ora percaya Rawe-rawe rantas malang-malang putung iku sesantine Sing gedhe …. ngadigang ngadigung gadiguna Sing cilik …. mung pasrah narima Jane iki donya apa neraka Kok padha panase, padha isine Ora ana bedane… Sejatine aruming asma bakal teka Yen mlaku nganggo teken kanthi tekun Saguh ngutamakake kang utama Lan bisa manunggaling jiwa raga Ya mangunggaling rasa…
  • 16. TAUN 2015 dening: Amin Hartitik Esuk sawise wengi kang cinipta Ana kang kudu kopateni Wewayangan saka wong kang kopundhi-pundhi Ngreridhu ati… Dadi tali kang nyrimpeti laku Dadi racun kang memateni pikir Anggonmu bengak-bengok ngempet larane ati Prasasat sundhul langit, tekan pucuking jagad Ananging ora ana kang maelu Esuk sawise wengi kang cinipta Srengenge bakal sumunar Giligna tekadmu, banterna playumu Senadyan abot aja pisan-pisan noleh menyang mburi Ya ing kene pandadarane urip Nggoleki apa kang kudu disauri Marang dhiri pribadi Sakwise wingi dina-dina kang lumaku Kang banget kokgethingi…
  • 17. PANCEN Dening: Amin Hartitik Aku iki pancen wong ora duwe, nanging aku dudu kere… Aku iki pancen wong ala rupane, nanging aku dudu wong duraka… Aku iki pancen wong cilik, Nanging aku dudu wong lurik… Aku iki pancen bodho, Nanging aku dudu wong kodo… Aku iki pancen wong kasar… Nanging aku dudu wong nyasar…. Gusti Allah wis pirsa… Kabeh kang gumelar ing jagad raya Ora mung kang kasat mata dalasan ing atining manungsa Ing cipta, rasa, lan karsa priyangga Ing kene… Ing kana… Ing ngendi-endi… Mula kuwi den ati-ati Yen wus tekan titi wanci Kabeh bakal diadili Gusti Allah Maha Suci Bakal miyak sakabehing wewadi….
  • 18. AJA SENENG NGAPUSI… dening: Amin Hartitik Kahanan samangko ora ngilangake wektu semana Banyu mili ora bakal bali Panjalukku ora mesthi kedadeyan Nelangsa ati iki Sanadyan ndonya mangerteni Ananging ati ora bisa ngapusi Aja ngapusi! Mreneya neng cedhakku Cekelen ati iki, tansah tangis kang mili-mili Ananging… Aku mangerteni tangis iki ora ana ajine Mreneya, dakrungokake kekarepanmu Aku tansaya tresna sliramu Sanadyan lara kanggone atiku… Aja ora isa ngapusi! Nutupi tresnaku iki …
  • 19. TETESING EMBUN dening: Amin Hartitik Tetesing embun Ndadekake ati ngalamun Marakake getun Kalamun-lamun Nalika aku menyang stasiun Wayah esuk umun-umun Taksawang ing stasiun Penumpang kang padha mudhun Nanging sawise padha mudhun Sliramu ora mudhun Aku ya gumun Kamangka sliramu Wis lunga mataun-taun Banjur aku mung getun Kaya dene ngenteni tetesing embun…
  • 20. ANA ING PANTAI KLAYAR dening: Amin Hartitik Ana ing Pantai Klayar Pacitan Atiku nyawang awang-awang Nembus lintang ing angkasa Piye bisane nyunari Sa-isine bumi Atiku … amung mamang Ana ing Pantai Klayar pacitan Aku amung bisa nyenyuwun Mugiya jembare segara Bisa nguripi kabeh warga Ana ing Pangtai Klayar Pacitan Mugiya aku bisa ngapura Kaya dene jembare segara Gusti Allah mugi pirsa…
  • 21. APA KOWE YA JAWA dening: Amin Hartitik Aku tansaya dilalekake Ya amarga kemajuane jaman Jamane saya lumaku Aku saya ditinggal… Aku iki ya basamu Aku iki ya budayamu Tega-tegane aku kok pendhem Mendheme ora semeter rong meter Nganti bocah cilik wae ora ngerti sira… Apa maneh tutuk lan rikma Ngakune aku iki duwekmu Apa ngenteni aku dipupu Negara manca? He wong Jawa… Piwelingku Bisaa rumangsa yen aku iki duwekmu Aja mung bisa rumangsa nduweni…
  • 22. LINGSIR WENGI Dening: Amin Hartitik Angger wengi wis teka Sepi jalma neng ngarep netra Kelingan sing ora-ora Antarane bayangan lan kasunyatan Ora bisa dipisahake Mulane akeh wong kang padha seje Karo sing dibayangake lan dikarepake Angger wis kaya ngene Malik grembyang jagade Akeh wong kang nguwisi uripe Kanthi dalan kang ora diparengake Mulane sapa wae kang ora bisa turu Yen wis lingsir wengi Padhaa gregah sholat wengi Ngilangake rubeting ati….
  • 23. BIODATA PENULIS Nama : Amin Hartitik, S.Pd. NIP : 19721101 200701 2 006 Nama Sekolah : SMP Negeri 1 Karanganyar Jabatan/Gol : Penata / III c Guru : Mulok Bahasa Jawa Rumah : Tegalasri Rt 03 Rw VI Bejen Karanganyar No Hp : 081 329 395 625 21