4. Pambuka
Ing
sadina-dina kita asring nemoni
pawarta utawa warta. Warta yaiku kabar
kang dikandhakake kanggo dingerteni
wong liya utawa wong akeh. Warta bisa
kasiyarake ing medhia elektronik utawa
kapacak ing medhia cithak. Warta iku
penting ing urip bebrayan amarga anane
warta bisa dadi informasi lan pepeling
marang manungsa ing endi wae.
5. A. Ngrungokake Warta
Warta ing Kamus Basa Jawa (2001) tegese kabar.
Warta yaiku informasi utawa kabar anyar utawa kabar
ngenani bab lan sawijining kadadean kang lagi wae
ana. Warta dikabarake liwat wujud medhia cithak,
siyaran utawa medhia elektronik, internet, lan saka
gunemane wong siji marang liyane. Wong kang golek
wartalan nulis warta kasebut wartawan.
Televisi umume nduwe acara warta amarga iku penting
tumrap masarakat. Anane siyaran warta bisa gawe
masarakat ngerti kadadean-kadadean ing ngendi-endi.
Saliyane iku, uga bisa kanggo pangeling supaya
waspada, contone warta ngenani akehe maling lan
wong culikaing jaman saiki.
6.
Perangane warta iku bisa karangkum dadi 5W + 1H,
yaiku kaya mengkene :
What
: Kadadean apa sing diwartakake utawa
dikabarake
Who
: Sapa sing terlibat ing kadadean iku
When
: Kapan kadadean ing warta iku
Where
: Ing ngendi kadadeane
Why
: Genea bisa kadadean kaya mangkono
How
: Kepriye kadadeane
7. B. Ngandhakake Informasi utawa Kabar
Informasi yaiku kabar utawa apa kang kudu dikandhakake
marang wong liya. Informasi utawa kabar iku bisa
disiyarake liwat televise, radhio, utawa internet. Jaman
saiki golek informasi utawa kabar wis ora kangelan. Saben
setasiun televise utawa gelombang radhio nduweni acara
warta. Acara iku nyiyarake informasi utawa kabar saka
ngendi wae. Radhio, televise, lan internet iku kalebu
medhia elektronik.
Anggone ngandhakake sawijining informasi iku kudu
temenan. Isineinformasi kudu bener lan nyata kaya asline.
Saliyane iku, kudu cetha lan nganggo basa sing apik lan
bener. Aja gawe bingung sing ngrungokake.
8. C. Nulis Warta
Miturut ancase lan isine, jinis wacan iku kabedakake dadi wacan
eksposisi, deskripsi, argumentasi, persuasi, lan narasi.
Eksposisi yaiku wacan kang ancas lan isine nerangake utawa
njlentrehake babagan tartamtu.
Deskripsi yaiku wacan kang ancas lan isine nggambarake sawijining
bab utawa perkara.
Argumentasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu kanthi
alesan sing cetha.
Persuasi yaiku wacan kang ancas lan isine menehi panemu lan mbujuk
supaya wong-wong padha nindakake apa kang dadi karepe penulis.
Narasi yaiku wacan kang ancas lan isine nyritakake sawijining
kadadean utawa crita lan ana unsur-unsur critane , kayata : tema,
alur, latar, paraga sarta watake, lan amanat utawa pesen moral.
9. Saliyane
iku, paragraf kabedakake dadi
paragraf induktif, paragraf deduktif, lan
paragraf campuran deduktif-induktif.
Paragraf induktif, gagasan bakune ana
ing bagean njero utawa buri paragraf.
Dene paragraf deduktif, gagasan bakune
ana ing ngarep. Paragraf campuran,
gagasan bakune ana ing ngarep lan buri.
11. Pambuka
Kasustraan iku ana kang awujud gancaran,
geguritan, tembang, utawa dhialog
(pacelathon). Kang awujud gancaran,
contone novel lan crita cerkak. Crita
cerkak umume kapacak ana ing ariwarti
utawa kalawarti. Ana uga kang diterbitake
ing buku antalogi. Crita cerkak iku
ngandhut piwulangkanggo uriping
manungsa amarga crita cerkak iku isine
akeh-akehe ngenani uriping manungsa
kaya padatan.
12. A. Ngrungokake Crita Cerkak
Crita cerkak yaiku crita kang dawane ora luwih saka
10.000 tembung. Dadi, crita cerkak iku crita kang
cekak wae lan isine fokus ing sawijining paraga sarta
sawijining kadadean kang dialami paragane iku.
Unsur crita cerkak bisa kabedakake dadi unsur
intrinsik (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur
ing njaba). Ing piwulangan iki kang diterangake unsur
intrinsike wae.
Unsur intrinsik, yaiku tema, alur, latar, paraga lan
watake, amanat utawa pesen, sudut pandang, sarta
basane.
13.
Tema yaiku idhe baku utawa gagasan baku saka crita.
Alur yaiku urutane kadadean ing crita.
Latar yaiku babagan papan, wektu, lan swasana ing crita.
Paraga yaiku wong kang dicritakake. Paraga ing crita
nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan
liyane.
Amanat yaiku piwulang luhur kang diandhut ing crita.
Sudut pandang yaiku posisine pangripta ing crita utawa
carane pangripta nyritakakeisine crita. Pangripta bisa dadi
tokoh ing crita kuwi, uga bisa dadi pengamat wae ing
njaba crita.
Basa yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake ing
crita iku.
14. B. Ngrembug utawa Ndhiskusikake Isi
Cerkak
Cerkak
nduweni nilai-nilai luhur kanggo
manungsa ing urip bebrayan. Nilai-nilai
luhur iku bisa ditemokake menawa maca
utawa nyemak cerkak iku kanthi premati.
Lakune crita kasemak temen-temen supaya
bisa ngerteni isine cerkak.
15. C. Maca Cerkak kanthi Sero
Macakake cerkak kanggo wong liya iku beda karo
maca kanggo dhewe. Menawa macakake kanggo wong
liya, para siswa kudu nggatekake supaya wong kang
diwacakake bisa ngerteni isine cerkak. Mula,
macakake cerkak kudu nggatekake babagan ing ngisor
iki.
Swarane sing sero lan landhung.
Pocapane utawa lesane cetha lan bener.
Lagu ukarane pener.
Ekspresi lan gerak-gerike trep karo anggone maca.
16. D. Nulis Wacan Narasi Wujud Sinopsis Cerkak
Wacan
narasi iku wacan kang isine crita
kang ngandhut unsur tema, alur, latar,
paraga sarta watake, amanat, sudut
pandang, lan gaya basa. Mula, cerkak iku
kalebu wacan narasi.
Dene,
sinopsis yaiku ringkesan crita. Kang
disebut ing synopsis bagean-bagean baku
saka crita.
18. Pambuka
Prastawa
ing alam donya iku mawernawerna. Prastawa iku bisa dingerteni
saka pawarta. Pawarta uga ana ing
crita cekak. Prastawa bisa sipate
nyenengake utawa gawe sedhih. Saka
prastawa uga bisa kapethik piwulang
kanggo uriping manungsa.
19. A. Ndhiskusikake Isi Cerkak
Saben
crita nduweni unsur intrinsik. Unsur
intrinsik yaiku unsur-unsur ana ing crita
kang duwe pengaruh marang crita iku.
Upamane tema, penokohan, alur, lan
sapiturute.
20. Materi Pengayaan
A. Parikan
Parikan yaiku unen-unen rong gatra. Wanda pungkasan pedhotaning gatra kang
kapisan pocapane padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapindho.
Gatra kang kapisan minangka purwaka, dene karepe ing gatra kang kapindho.
Tuladha:
Manuk emprit, nucuk pari
Dadi murid, sing taberi
B. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen awujud cangkriman dikantheni batangane/jawabane
pisan, sanajan batangan mau among wae. Sing baku batangane, dudu
cangkrimane.
Tuladha:
Aja njenang gula lho, nduk!
Jenang gula = glali, dadi lali
21. LATIHAN SOAL
1. Informasi utawa kabar anyar utawa kabar ngenani bab lan sawijining kadadean kang lagi
wae ana iku diarani ....
a. Informasi
d. Warta
b. Puisi
e. Pengumuman
c. Geguritan
2. Anggone ngandhakake sawijining informasi iku kudu temenan. Ing ngisor iki kang kalebu
isi informasi, kejaba ....
a. Bener lan nyata kaya asline
b. Cetha
c. Nganggo basa sing apik
d. Ora gawe bingung
e. Direka-reka supaya apik nanging ora kaya asline
3. Nuwun para pamiarsa wonten ing pundi papan panjenengan midhangetaken atur giyaran
punika, kepareng sumela atur awit badhe kula waosaken setunggaling pewarta lelayu.
Perangane pewarta ing dhuwur yaiku ....
a. Isine warta
c. Penutup warta
b. Wasana basa
d. Surasane warta
e. Pembuka warta
22. 4.
Putih memplak. Yen kuning ....
a. Thuntheng
b. Bendhe
5.
c. Ndhrandhang
d. Kecu
Tembung iki kang kalebu tembung sanepa kejaba ....
a. Abang dluwang
c. Atos debog
b. Abang mbranang
6.
d. Dhuwur kencur
e. Legi brutawali
Crita kang dawane ora luwih saka 10.000 tembung iku diarani ....
a. Crita cerkak
c. Crita biasa
b. Crita sambung
7.
e. Temu giring
e. Crita novel
d. Crita legenda
Macakake cerkak kudu nggatekake babagan ing ngisor iki, kejaba ....
a. Swarane sing sero lan landhung
b. Pocapane utawa lesane cetha lan bener
c. Lagu ukarane pener
d. Ekspresi lan gerak gerike trep
e. Macane banter
23. 8. Wacan kang isine crita kang ngandhut unsur tema, alur, latar, paraga sarta watake,
amanat, sudut pandang yaiku ....
a. Persuasi
b. Argumentasi
9.
c. Deskripsi
e. Eksposisi
d. Narasi
Tembung kerata basa ing ngisor iki kejaba ....
a. Bap apa-apa pepak
d. Kaku njepiping
b. Embat-embating tutur
e. Abang mbranang
c. Digugu lan ditiru
10. Tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude yaiku ....
a. Cangkriman
c. Titenan
b. Kerata basa
e. Rura basa
d. Sanepa
11. Jemek-jemek, gulane jawa
Aja ngenyek, padha kanca
Ukara kasebut diarani ....
a. Parikan
c. Warta
b. Cangkriman
d. Cerkak
e. Cerbung
24. 12. Manuk semprit, nucuk pari
Dadi murid, ....
Lanjutane parikan ing dhuwur kang trep yaiku ....
a. Sing mbebani
c. Sing taberi
b. Sing becik
e. Sing apik
d. Sing rajin
13. Wangsalan sing baku yaiku ....
a. Cangkrimane
c. Wandane
b. Batangane
e. Tetembunge
d. Gatrane
14. Aja njenang gula lho, Ndhuk !
Ukara kasebut diarani ....
a. Sanepa
c. Rura basa
b. Cangkriman
e. Wangsalan
d. Parikan
15. Mbok enggal tangi, srengengene wis katon padhang ....
a. Memplak
c. Kecu
b. Mbranang
d. Njingglang
e. Ndrandhang
25. 16. Kuru semangka. Yen ditulis Jawa dadi ....
a. kurusem=k
b. kru[sm=k
c. kurusmzk
d. kurusmu
e. kurusim=k
17. pitikWlikSb ....
a. ke[bon
c. ke[bo
b. ke[b
d. [k[bon
18. Tembung kerata basa bapak tegese bap apa-apa ....
a. ppk
b. pepa
c. pepk
d. pepk
e. [ppk
e. [kb
26. 19. jmu aiku rs[n
....
a. pait
b. pat
c. piat
d. pail
e. pal
20. je[rotpkMeri. Yen ditulis latin dadi ....
a. Jero tapak meri
b. Jero tapak muri
c. Jero tepak meri
d. Jero thapak meri
e. Jero tumplek meri