2. Pangertosan
Sesorah inggih menika pirembagan
wonteng sangejengipun tiyang kathah kanthi
ngandharaken satunggaling gagasan,
pamrayogi, panemu, lsp.
Peprincening medhar pangandikan:
1. Mratelakaken informasi
2. Hiburan
3. Hamemilut marang para pamireng
3. Perangan Sesorah
• Salam pambuka,
mbagekaken
ingkang rawuh,
ngucapaken
sukur marang
Gusti
Pambuka
• Andharan
wigati sesorah
Surasa/isi
• Ngaturake
dudutan,
ngaturaken
kalepatan,
salam panutup
Wasana/Panutu
p
4. Patrap nalika sesorah
1. Sikep nalika sesorah (ngadeg jejeg lan anteng)
2. Owah-owahan praen/ekspresi wajah (sumeh,
boten gugup)
3. Owah-owahan sarira/gerak badan
(ngapurancang)
4. Basa kang digunakake komunikatif, alus, cekak,
aos
5. Swara cukup, cetha, ngarah-arah.
6. Nggatekake tema kang jumbuh karo swasana
7. Nggatekake wayah/wektu
8. Empan papan
9. Nggatekake pamireng
5. Pamilihing Pamedhar Sesorah
Lantip ngelmunipun lan yuswa, jembar
kawruhipun, wibawa, sarta wasis micara
ngracik lelewaning basa. Piandele:
1. Tatag (ora ndhredheg)
2. Teteg (ora kemrungsung, tajem)
3. Tanggap (ngerti kang dikarepake
pamireng)
4. Tanggon (nyenengake lan maremake)
5. Titis (njumbuhake apa kang diaturake)
6. Teknik Sesorah
1. Cara apalan
2.Cara naskah utawa teks
3.Cara dadakan utawa
impromtu
4.Cara nggawa cathethan
cilik (Ekstemporan)
7. Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu
undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula
hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula
tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang
Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan
rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi
pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit
saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula
sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
8. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan
kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah
ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan,
kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi
biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit
kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit
saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan
malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha
barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan
atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula
nyuwun pengapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.