2. • Sandiwara kuwi sinusun saka tembung sandi lan
warah. Tembung sandi ngemu teges
“rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges
“wewarah utawa ajaran”.
• Menawa digabungake tembung sandiwara ngemu
teges wewarah kang diajarake kanti cara
sesidheman.
3. • Sandiwara lan ketoprak kasusun saka maneka
warna unsur kang kasebut struktur. Sing kalebu
struktur drama lan ketoprak antarane; plot, paraga,
dialog (pacelathon), setting/landhesan,
amanat/piweling lan petunjuk teknis.
4. • Struktur sandiwara lan ketoprak neng
panggung beda karo struktur naskah
drama. Struktur drama panggung
yaiku perangan-perangan kang
dibutuhake drama nalika dipentasake
ana ing dhuwur panggung.
5. • Sing kalebu struktur drama
panggung yaiku; sutradara,
paraga, penata panggung, penata
lampu, penata busana, penata rias
lan penata musik.
6. • Kanggo nyamektakake pamentasan sandiwara
utawa ketoprak diperlokne tim produksi lan tim
panggung. Tim produksi nduwe tanggung jawab
ing babagan perijinan, surat-menyurat, publikasi,
prabeya (pendanaan) lan liya-liyane.
7. • Tim panggung nduweni tanggung jawab nyiapake
pamentasan ing nduwur panggung. Tim panggung
lan tim produksi kudu bisa kerja bebarengan
supaya bisa ngasilake pamentasan sing becik.
8. • Sineprak yaiku wujude crita ketoprak kang direkam
(disyuting) lan sakbanjure ditontonke lewat
bioskop utawa tivi.
9. • Nggawe sineprak ora bisa sekali jadi, kudu dibolan-
baleni supaya entuk hasil kang maksimal.
10. • Proses ketoprak lan sineprak ana bedane. Ketoprak
biasane dipentaske “live” neng nduwur panggung.
Ewadene sineprak ngliwati proses syuting lan
direkam.
11. • Sing termasuk tuladhane sineprak ing antarane:
• Angling Darma
• Saur Sepuh
• Misteri Gunung Merapi
• Rara Mendut – Pranacitra
• Lan liya-liyane